Anda di halaman 1dari 2

Judul : TRESNA TOH PATI

Karya : ANY ASMARA


Penerbit : USAHA “KAWAN” CV
Tanggal terbit  : 15 Djuni 1962
Tebal : 38 halaman

Piyayi kuna kuwi jen arep ndojokake anake nganggo dipetong disik. Neptune dina pasaran botjah lanang
lan wadon dietung, digunggung, bandjur dipara-para jen tinemu ala ora sida digatukake. Saiki djamane
wis madju, petungan kuwi ora mesti benere. Sing arep nglakoni kuwi botjahe, jen anadudu wong
tuwane, mula jen ana tindak sing peksan kaja mengkono, kuwi klebu tindak kleru.

Achmad, pengarang muda, sugih tjrita, sugih kasusastran kang edi, peni, luwes, nganti bisa gawe
sengseming para maose kabeh, nanging dheweke miskin katresnan nganti nemahing pati merga
dajaning kawin peksan. Dheweke gandrung katresnan kalijan R. Adjeng Uminarsih, dene Uminarsih uga
mengkono, ananging wong tuwane ora setuju amarga petunganing dina pasaran ora tjojok. 

Pungkasing Uminarsih didjodohake kalijan wong lanang kersaning rama. Ati sedih kang dirasaake
Achmad ora bisa dilipur kanggo apa bae, dheweke nyoba lungo plesir menyang Semarang, ton-tonen
tjitrane Uminarsih tetep ora bisa ilang. Nganti sawidjining wengi Achmad tekan sangarepe omah kang
lagi duwe gawe, embuh omahe sapa ora weruh. Bandjur mandeg saperlu arep ngrungoake krontjong.
Bareng weruh penganten sarimbit metu, dheweke kaget, ora njana jebul Uminarsih, awake ora kuwat
bandjur tiba semaput. 
Dheweke digotong menjang jero omah, bareng wes sadar Achmad krasa isin lan kepengen menyat
mulih. Bareng metu saka kamar, ing djobo wis ana Uminarsih, bandjur Uminarsih menehi lajang kang
tekan ngomah bandjur dak watja karo Achmad, surasane Uminarsih dadi penganten kuwi ora merga
blendjani djanji karo Achmad dhisik jen arep urip bebarengan, ananging amarga kersaning rama kang
ndjodokake kalijan Dokter Trenggono. Katimbang urip saben dina mung tansah ginoda ing rasa tresna
bae, aluwung mati. “Mas, pandjenengan dak enteni ana ing ngareping lawang kasuwargan.”, panutuping
lajang Uminarsih. Uminarsih bali ing pangajunaning Pangeran djalaran ngombe ratjun.

Let telung dina saka kedadejan kuwi Achmad krungu kabar Uminarsih wes bali menjang ngarsaning
Pangeran. Saja krasa remuking ati Achmad, dheweke mlebu rumah sakit nganti pirang-pirang wulan ora
bisa mari, malah kang ana saja ora guna. Awit tiba mangsane Achmad wes ngrasa bener ora kuwat,
dheweke pesen kaliyan Any jen sakpungkure dheweke, kon gubah sakabehing lelakone dheweke,
dadekne tjrita saperlu kanggo katja benggala tumraping masarakat kang iseh kelu ing panganggep kuna,
bisaha didandani, kudu melu enuting djaman, dadi ora kaja lelakone dheweke. Any anamung mangsuli
“Insya Allah”.

Let sepasar Achmad sida bali menjang pangajunaning Pangeran. Innalillahi wa’inna ilaihi rodjingun.

Kaluwihan novel : tjritane njata


                                      nrenjuhake

Kekirangan novel     : anamung poto kopian


                                      basane tasih basa djaman bijen
                                      tulisane kang ora pati tjedtho

Piweling                     : ora sisah njodokake anak nganggo etungan-etungan ora mesti bener
                                      tresna kang sedjati iku nganti oncating pati
                                      kudu bisa nglaksanaake karepe rama sanadjan ora tjotjok karo karepe
                                      ora apik mati kanthi bunuh diri

                                      ora blendjani njanji karo wong sing daktresnani

Anda mungkin juga menyukai