Anda di halaman 1dari 11

MAKALAH

PAMILIHAN TEMA-TEMA KANGGE NINGKATAKEN KEPRIGELAN


BASA LAN SASTRA JAWI KANTHI TERPADU KANGGE KELAS
NGANDAP LAN KELAS NGINGGIL

Kasusun kagem tugas Mata Kuliah Pembelajaran Bahasa Jawa


Dosen Pengampu :
Drs. Sukardi, M.Pd

Dipun damel kaliyan :


1. Eva Sherina Zumrotun Faizah 1401418005
2. Aisya Puspa Anggita 1401418025
3. Akhmad Toriqul Ikhsani 1401418119
Rombel J

PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR


FAKULTAS ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2020
ATUR SAPALA

Ingkang sepindah, kula kaliyan sedherek tiyang ngaturaken puji syukur dhumateng Allah
SWT kagem sedaya nikmat lan rahmatipun saengga kulo sedherek saged ngrampungaken makalah
punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken makalah punika.
Wonten makalah punika kulo kula nyariosaken babagan Pamilihan Tema-Tema Kangge
Ningkataken Keprigelan Basa Lan Sastra Jawi Kanthi Terpadu Kangge Kelas Ngandap Lan Kelas
Nginggil
Mugi-mugi tulisan punika saged kagem renungan kula kaliyan panjenengan sedaya. Bener
punika saking Allah SWT, ananging menawi lepat punika saking kula, nyuwun pangapunten.
Matur nuwun,

Semarang, 15 Maret 2021

Panyerat
BAB I
PURWAKA

A. PANCADAN PRAKAWIS
Kemajengan jaman ingkang sansaya ngrembaka njalari sedaya peranganing
ngagesang saged owah gingsir, kalebet unggah-ungguh basa putra dhatengtiyang sepuh.
Tiyang sepuh rumaos kuwalahan anggenipun nggulawentah kapribaden ingkang pinuji
sarta anggenipun ndhawuhi pendhidhikan budi pakarti dhumateng para generasi ingkang
tansaya mlorot. Guru ugi kedah ngegulang budi pakartinipun generasi mudhaingsekolah.
Pramila, satunggaling cara kangge ndandosaken budi pakarti kasebat lumantar
pendhidhikan wonten ing Sekolah Dasar (SD), mliginipun lumantar piwulang basa Jawa.
Wonten salebetipun piwulang basa Jawi, para siswa diparingi piwulang unggah-
ungguh, subasita saha watak ingkang luhung ingkang sampun kabekten saged maringi daya
pangaribawa sarta ningkataken moral para siswa.Wonten ing makalah punika, badhe
dipunrembag babagan pamilihan tema ingkang trep kangge ningkataken keprigelan micara
basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap lan kelas nginggil.
B. MOMOTANING PRAKAWIS
1. Punapa kemawon caraingkangsagedngindhakaken katrampilan gineman basa Jawi
terpadu kangge kelas ngandap lan kelas nginggil ?
2. Punapa kemawon tema-tema ingkang saged ningkataken katrampilan gineman basa
Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap?
3. Punapa kemawon tema-tema ingkang saged ningkataken keatrampilan gineman basa
Jawi ingkang terpadu kangge kelas nginggil?
C. ANCAS
1. Mangertosi cara ingkang saged kangge ngindhakake katrampilan gineman basa Jawi
ingkang terpadu kangge kelas ngandap lan kelas nginggil
2. Njlentrehaken tema - tema ingkang saged ningkataken katrampilan gineman basa Jawi
ingkang terpadu kangge kelas ngandap
3. Njlentrehaken tema - tema ingkang saged ningkataken katrampilan ginemanbasa Jawi
ingkang terpadu kangge kelas ngandap
BAB II
SURASA

A. Cara ingkang saged kangge ngindhakake katrampilan gineman basa Jawi ingkang
terpadu kangge kelas ngandap lan kelas nginggil
1. Kangge kelas ngandap (1, 2, 3)
a. Siswa saged njlentrehaken cara damel lan meragakaken dolanan
b. Nglakokaken pacelathon lumantar telepon
c. Nyariosaken identitas pribadi wonten ngajeng kelas
2. Kangge kelas nginggil (4, 5, 6)
a. Mentasaken sandiwara cekak ingkang trep kangge siswa SD
b. Nyariosaken pengalaman pribadi ingkang nyengsemake ngangge basanipun
piyambak
c. Gladhen miginakaken basa krama alus antawisipun guru lan siswa
Sak liyane iku, wonten cara liya yaiku model belajar main peran ingkang
dirasakaken saged nambah katrampilan gineman kagem siswa. Niki amarga main peran
ing sekolah dhasar tujuane yaiku supaya siswa bisa peran kanthi intonasi, pocapan, lan
ekspresi ingkang cocog. Ing tujuan iki ana pangembangan katrampilan gineman lan
pangembangan bebasan, yaiku kanthi latihan dialog ngagem pocapan lan intonasi ingkang
becik minangka upaya kagem latihan lan praktik migunakaken basa minangka sarana
komunikasi ing lingkungan. (Supriyadi, 2006: 123).
Umume, model belajar main peran cukup efektif kagem nambah kaprigelan
gineman basa Jawa siswa SD Negeri Sorobayan. Niki saged ditingal saking paningkatan
asil pretest, siklus posttest I, lan siklus posttest II. Paningkatan ingkang cukup pinunjul
katon ing aspek level pidhato Basa Jawa, lancar lan pocapan. Adhedasar dhata ingkang
kapikolehi saged disimpulaken yen lumantar model belajar main peran ing riset iki saged
nambah katrampilan gineman siswa SD Negeri Sorobayan, Sanden, Bantul.

B. Tema-tema ingkang saged ngindhakake katrampilan gineman basa Jawi ingkang


terpadu kangge kelas ngandap (kelas 1, 2, 3)
Katrampilan gineman menika kemampuan ngudharaken pikiran utawi ide
lumantar lambang-lambang swanten. Tema-tema ingkang saged ningkataken katrampilan
gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap inggihpunika :
1. Njlentrehaken cara damel lan meragakaken dolanan Dolanan inggih menika salah
satunggaling kegiatan utami kangge pertumbuhan lan perkembangan sosial, fisik,
emosi, spiritual lan intelektual siswa SD. Lumantar dolanan, para siswa saged
mangertosi kahanan sekitaripun, interaksi ugi imajinasi ingkang becik. Amargi siswa
SD remen dolanan, polah, nyanyi, nari ingkang ditindakaken piyambakpiyambak utawi
kelompok,siswa SD boten bakal rumaos kepeksa, nanging para siswa bakal pikantuk
kasenengan, imajinasi, kreativitas lan motivasi kangge sosialisasi dumateng tiyang
sanesipun. Dados, lumantar dolanan punika, saged nggladhen katrampilan gineman
siswa.
2. Nglakokaken pacelathon lumantar telepon Kemajengan jaman sapunika sampun
ngrembaka, telepon dados salah satunggaling media ingkang asring diginakaken ing
padintenan kaliyan bebrayan, mliginipun para siswa ing jaman sapunika. Telepon
saged dados cara ingkang efektif kangge ngembangaken katrampilan gineman para
siswa. Lumantar pachelaton ing telepon, siswa saged nglatih kemampuan
gineman/micara. Siswa saged ginemankaliyan kancanipun babagan piwulang wonten
sekolah, dolanan lan sapanunggalanipun.
3. Nepangaken identitasipun siswa ngangggebasa Jawi sederhana Lumantar perkenalan
siswa wonten ngajeng kelas, siswa bakal kegladhen mentalipun kangge gineman
wonten ngajengipun liyan. Perkenalanipun ngangge basa Jawi sederhana ingkang
dipunginakaken siswa ing bebrayan. Siswa bakal kalatih kendel lan fasih gineman basa
Jawi.
4. Keterampilan Maca ingkang Saged Dipunkembangaken ing Kelas Andhap
a. Kelas 1,
➢ Tema “Aku”
Materi : Kenalan karo kanca
Pasinaon iki ngrembug bab kenalan karo kanca, bab perangane awak, uga
gunane perangane awak. Bocah-bocah bakal sinau kanthi bimbingane Ibu
utawa Bapak Guru. Gambar-gambar sing cumepak bisa mbantu bocah-bocah
supaya luwih gampang olehe sinau. Saben bocah bisa maragakake carane
kenalan, maragakake perangane awake dhewe-dhewe, lan nerangake gunane
perangan awak. Kanthi mangkono ateges wis klakon anane pembelajaran
kontekstual. Ibu utawa Bapak Guru bakal paring arahan kepriye carane supaya
bocah-bocah dadi luwih gampang olehe mangerteni pasinaon iki.
➢ Tema “Pengalamanku”
Materi : Pengalaman liburan
Ing wulangan “Pengalamanku” ngrembug babagan pengalaman liburan.
Biasanipun pengalamipun yaiku: plesiran ing pesisir, tindak wonten daleme
simbah. Ing wulangan niki, siswa saged nyariosake pengalaman liburan
ingkang nate dipunalami dening siswa ing ngarep kelas.
➢ TEMA “Lingkungan Resik, Sehat, Lan Asri”
Materi : Kerja Bakti Ing Sekolahan
Lingkungan ingkang resik anggadhahi kabecikan lan miguna ing badan lan
sanesipun. Kagem njogo lingkungan tetep resik saged dibiyasake tumeka resik
– resik ing ligkungan rumah yakuwi sregep nyapu lan mbuwang sampah ing
tempate, saking kabiyasan niku saged diterapake ing ingkungan ekolah lan
lingkungan masyarakat. Ing wulangan niki bapak utawi ibu guru mbimbing
siswa kagem maos wacan carios, saklajengipun siswa saged nyariosake wacan
carios ingkang sampun diwaos wonten ing ngajeng kelas.
b. Kelas 2
➢ TEMA “Urip Rukun”
Materi : Urip rukun ing kaluwarga
Urip rukun ing kaluarga dilakoni dening anggota keluarga. Tiyang sepuh
tresno dumateng anak. Anak-anak ngurmati tiyang sepuh. Urip rukun ing
kaluarga kayata urmati tiyang sepuh kalih, maem sareng-sareng, sinau
sarengsareng, lan resik-resik omah sakaluarga.
➢ TEMA “Tugasku Saben Dina”
Materi : Tugas ing omah
Siswa gadhah kewajiban ingkang dilaksanakaken ing saben dinane ing
lingkungan sekolah, kaluwarga, lan ing masyarakat. Ing wulangan niki, siswa
diajak ngunjukake ing kanca-kancane bab kewajiban ingkang saged
dilaksanakaken ing saben dinane tuladhane, mbiantu Ibu, sinau, lan
sakpanunggalanipun. Siswa nyritakaken sekabehane kewajiban lan
mbiyasakaken anggadhahi kagiatan kang mugana.
➢ TEMA “Aku lan Sekolahanku”
Materi : Lingkungan Sekolah
Ing lingkungan sekolah guru tresno kaliayan murid, lan murid ngurmati
dumateng guru. Urip rukun ing lingkungan sekolah kayata guru mbimbing
murid sinau, murid ngatekke nalika guru nerangaken materi pelajaran,
muridmurid urip rukun sareng-sareng, mbantu konco ingkang kesusahan, lan
sinau sareng-sareng ing sekolahan.
c. Kelas 3
➢ Tema “Welas Asih Marang Kewan lan Tetuwuhan”
Materi : Kewan Ing Sekitar
Kewan kang wonten ing sekitar kita dipun rumati kayata ngenei pangan
kewan, ngrisiki kandang kewan 2 minggu pisan,lan ngedusi kewan supados
mboten wonten kuman.
➢ Tema “ Pakulinan Becik”
Materi :
Pakulinan becik saged dilakoni ing sekolah, ngomah, masyarakat lan
sakpiturute. Ing sekolah kayata sinau kang bener, nyapu lan ngresiki kelas,
nurut kaliayn peraturan sekolah. Ing ngomah kayata nyapu, asah-asah, mbantu
Ibu masak, sinau garap PR, pamit sakderenge mangkat sekolah. Ing masyarakay
kayata ngurmati dumateng tiyang ingkang sepuh, nderek kerja bakti.
➢ Tema : “Pengalaman Kang Nyenengake”
Materi :
Kita sedaya gadhai pengalaman piyambak-piyembak ingkang nyenengake
nalika tasih alit utawa pengalaman ingkang mboten saged dilaleaken.
Pengalaman kang nyenengake inggih punika pengalaman kang nuwuhake
kesan lan nalika kelingan saged nguyu lan nyenengake.
C. Tema-tema ingkang saged ngindhakake katrampilan gineman basa Jawi ingkang
terpadu kangge kelas nginggil (kelas 4, 5, 6)
Salah satunggalipun kompetensi ingkang perlu dikembangke inggih menika
ketrampilan gineman. Mbok bilih siswa saget terampil ginaman basa Jawi, siswa kasebut
saget nggadahi budi pekerti lan sopan santun ingkang sae. Amergi basa Jawi kagungan
tingkatan-tingkatan basa utawi undha usuk basa (Haryana haryjawiyana & TH. Supriya,
2001).
Sumarlam (2011: 45) ngendika wontene tingkat tutur basa Jawi ndadosake siswa
kesesahan gineman ngagem basa Jawa ingkang bener. Nopo maleh kelas inggil ingkang
bocahe sampun gedhe njur kathah ingkang mboten saget gineman ngagem basa Jawi, Guru
perlu ngewontenaken tema-tema pembelajaran ingkang saged ningkataken ketrampilan
ginaman basa Jawi ingkang terpadu supados bocah-bocah wonten kelas inggil saget nguri-
nguri basa jawi dan saget gineman lancar ngagem basa jawi, inggih menika :
1. Nyariosaken isi cerita ngangge basanipun siswa piambak
Siswa mirengake salah satunggaling cerita ingkang dipuncariosaken guru. Lajeng
siswa dipunutus nyariosaken cerita punika ngangge bahasanipun siswa piyambak
wonten ngajeng kelas.
2. Mentasaken sandiwara cekak utawi babagan sandiwara ingkang trep kangge siswa
Pamilihan tema kangge naskah sandiwara siswa SD mendet tema ingkang sederhana
lan cekak aos sesambetan kaliyanpagiyatan padintenanipun para siswa. Siswa
dipunutus ngapalaken pacelathon naskah punika lajeng dipunperagakaken wonten
ngajeng kelas. Dados, siswa saged nglatih gineman basa Jawi amargi salebetipun
naskah punika wonten pacelathon sederhana. Ugi nglatih ekspresinipun siswa kanthi
mangertosi watakipun paraga ingkang dipunperagakaken.
Penelitian ingkang dipun teilti dening Dwi Santoso tahun 2016, ngendika yen Model
pembelajaran mentasaken sandiwara saget ningkatake ketrampilan gineman basa jawi
siswa kelas V SD Negeri Sorobayan.
Amargi wonten mentasaken sandiwara siswa saget magertosi lan praktik gineman basa
jawi langsung nggunakaken unggah-ungguh basa ingkang tepat.
3. Gladhen miginakaken basa krama alus antawisipun guru kaliyan siswa
Salebetipun piwulangan mliginipun pelajaran basa Jawi, guru maringi tuladha
dumateng siswa kepripun caranipun miginakaken basa krama ingkang trep. Guru
maringi kawruh basa sederhana ingkang asring dipunginakaken ing padintenan.
Dados, siswa saged nerapaken tuladha wau kangge gineman ndumateng liyan.
BAB III
PANUTUP
A. Dudutan
Mata pelajaran basa Jawi nggadahi tujuan kagem ningkataken kemampuan intelektual,
emosial, lan sosial kagem siswa. Mula basa jawi dados muatan lokal wajib wonten sedaya
jenjang pendidikan dasar wonten DIY & Jawa Tengah. Basa Jawi wonten kabisan bebasa,
nyemak, nyerat, lan ginaman.
Katrampilan gineman menika kemampuan ngudharaken pikiran utawi ide lumantar
lambang-lambang swanten. Tema-tema ingkang saged ningkataken katrampilan gineman basa
Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap antawisipun njlentrehaken cara damel lan
meragakaken dolanan, nglakokaken pacelathon lumantar telepon lan nepangaken
identitasipun siswa ngangge basa Jawi sederhana. Geneya tema-tema ingkang saged
ningkataken katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas nginggil
antawisipun nyariosaken isi cerita ngangge basanipun siswa piyambak, mentasaken sandiwara
cekak utawi babagan sandiwara ingkang trep kanggemm siswa, gladhen miginakaken basa
krama alus antawis guru kaliyan siswa. Dados, lumantar tema-tema punika katrampilan
gineman siswa saged tuwuh.

B. Saran
Tiyang sepuh lan guru supados nggladhen katrampilan gineman/micara siswa ingkang
dipunwiwiti ngangge basa Jawi sederhana ingkang asring dipunginakaken ingpagiyatan
padintenan. Siswa dipungladhen kanthi telaten, lan saged ngembangaken kegiatan
pembelajaran basa jawi ingkang interaktif supados siswa seneng kalian basa jawi.
Daftar Pustaka
Haryana Harjawiyana & Th. Supriya. (2001). Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta:
Kanisius.
Kadaryono, dkk. 2006. Remen Basa Jawa Kanggo Sekolah Dasar Kelas III. Semarang:
Erlangga.
Kadijo. 2005. Musthika Basa Jawa Anyar Kelas II. Semarang: PT.Remaja Rosdakarya.
Trimo, dkk. 2006. Remen Basa Jawa Kanggo Sekolah Dasar Kelas VI. Semarang: Erlangga.
Muhamad Rohmadi & Lili Hartono. (2011). “Paugeraning Ngoko Alus lan Krama Alus”. Kajian
Bahasa Sastra dan Budaya Jawa: Teori dan Pembelajarannya. Surakarta: Pelangi Press.

Anda mungkin juga menyukai