Anda di halaman 1dari 15

TEMA-TEMA KAGEM NINGKATAKEN KETRAMPILAN BEBASAN

LARE SD KELAS ANDHAP


MAKALAH
Kasusun Kagem Tugas Mata Kuliah Pembelajaran Bahasa Jawa

Dosen Pengampu : Drs. Sukardi, S.Pd., M.Pd

Dening Kelompok 1:
1. Sofia Nafiatu Sholikha(1401418200)
2. Eka Putri Nugraheni (1401419019)
3. Arif Fahmi Ritonga (1401419021)
4. Nur Fitriana Dewi (1401419031)

Rombel A
PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR
FAKULTAS ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2020
ATUR SAPALA

Ingkang sepindah panyerat ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT


kagem sedaya nikmat lan rahmatipun saengga panyerat saged ngrampungaken
makalah punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken
makalah punika.
Wonten makalah punika panyerat nyariosaken babagan “Tema-tema
Kagem Ningkataken Ketrampilan Berbahasa ing SD Kelas Andhap”
Mugi-mugi seratan punika saged manfaat. Seratan menika saestu tasih
kathah kekirangan, saking menika panyerat nyuwun pangapunten.

Semarang, 8 Maret 2020

Panyerat

2
DAFTAR ISI
JUDUL ……………………………………………………………………… …1
ATUR SAPALA………………………………………………………….…….2
DAFTAR ISI…………………………………………………………………....3
BAB I PAMBUKA
A. Wigatosing Rembag……………………………………………………4
B. Memotaning Prekawis…………………………………………………5
C. Ancasing Panaliten……………………………………………………..6
BAB II WAOSING PIREMBAGAN
A. Perkenalan Diri……………………………………………………… ..7
B. Kesenengan……………………………………………………………..8
C. Kegiatan………………………………………………………………..10
D. Keluarga………………………………………………………………..11
E. Pengalamanku………………………………………………………… 11
F. Kesehatan lan Kaendahan…………………………………………….13
G. Sato Iwen lan Karang Kitri…………………………………………...13
BAB III PANUTUP
A. Dudutan…………………………………………………………………15
B. Saran…………………………………………………………………….15
DAFTAR KAPUSTAKAAN………………………………………………......16

3
BAB I
PAMBUKA

A. Wigatosing Rembag
Kegiatan pamucalan diarahake kangge ningkataken keterampilan
bebahasan kanthi terpadu, fungsional, kaliyan kontekstual. Artosipun, saben
materi ingkang dipunsukake salajeng dikaitaken kaliyan usaha paningkatan
keterampilan basan (menyimak, maos, kaliyan nyerat) kaliyan pangertosan
basa (kosakata kaliyan struktur). Kajawi punika, supados pamucalan punika
nggadahi sifat fungsional kaliyan kontekstual mila materi ingkang
dipunsukakaken arupa bahan pamucalan.
Ing salebeting jaman globalisasi kemajenganipun teknologi informasi
ingkang sansaya ngrembaka. Kathahipun budaya manca ingkang lumebet
dhateng negari Indonesia anjalari bilih sedaya peranganing gesang bebrayan
ngalami owah gingsir, kalebet unggah ungguh, subasita, watak, saha gayanipun
para manungsa. Pangaribawa budaya teknologi informasi (kadosta televisi,
radhio, internet, lan sapanunggilipun) celak sanget kaliyan para putra (generasi
mudha); tundhanipun kapribaden budaya timur (budaya Jawi) ketingal
sangsaya luntur, kapribaden budaya manca kados-kados tuwuh ngrembaka.
Pramila ing wekdal menika kathah kedadosan ingkang cengkah lan boten
jumbuh kaliyan budayanipun piyambak, ingkang adamel tintrimipun tiyang
sepuh. Kedadosan-kedadosan ingkang nalisir saking tumindak kautamen,
kadosta pasrawungan ingkang bebas tanpa wates, tumindak sedheng, padudon
antawisipun para siswa/mahasiswa, lan sanes-sanesipun asring ngrenggani
pawartos-pawartos wonten ing televisi.
Tiyang sepuh rumaos kuwalahan saha kawratan menawi badhe
anggulawenthah kapribaden ingkang pinuji, budi luhur utawi pakarti ingkang
utami dhumateng para putra wiwit wonten ing kulawarga, pawiyatan (sekolah),
punapadene wonten ing bebrayan agung (masyarakat). Zaman saniki sampun
kathah lare-lare alit ingkang boten saged maos basa jawa langkung-langkung
aksara jawa. Napa malih saniki zaman globalisasi, sedaya bab serba canggih,
ngantos-ngantos basa daerah sampun mulai luntur ing ngageme basa saben

4
dinane. Malah-malah wonten ibu ingkang asli pribumi jawi, kok nglatih larene
ngagem basa Indonesia. Mbok menawi saking anggepanipun tiyang, basa jawi
niku mpun boten gaul. Umpami kita sedaya saged kasebut tiyang jawa, malah
boten saged nguri-nguri basa lan budaya jawa, basa ibu tiyang jawi kita
piyambak.
Kegiatan pamucalan diarahake kangge ningkataken keterampilan
bebahasan kanthi terpadu, fungsional, kaliyan kontekstual. Artosipun, saben
materi ingkang dipunsukake salajeng dikaitaken kaliyan usaha paningkatan
keterampilan basan (menyimak, maos, kaliyan nyerat) kaliyan pangertosan
basa (kosakata kaliyan struktur). Kajawi punika, supados pamucalan punika
nggadahi sifat fungsional kaliyan kontekstual mila materi ingkang
dipunsukakaken arupa bahan pamucalan.
Kados pengalaman, pendidikan, keterampilan, komunikasi, kepahlawanan,
lan kegiatan sakpiturute kang sabendinan keremenan. Dipunaturaken materi,
teori dipunsukakaken supados siswa saged nyampeaken piyambakipun lebet
basa ingkang tepat kaliyan leres, nggadhahi wawasan ingkang wiyar. Ing
makalah iki kita bakal bahas ngenani bebahasan kang trep ngangge unggah-
ungguh basa Jawi lare SD kelas 1-3.

B. Memotaning Prekawis
1. Ketrampilan bebahasan punapa ingkang saged dipunkembangaken ing
babagan “Perkenalan Dhiri”?
2. Ketrampilan bebahasan punapa ingkang saged dipunkembangaken ing
babagan “Kesenengan”?
3. Ketrampilan bebahasan punapa ingkang saged dipunkembangaken ing
babagan “Kegiatan”?
4. Ketrampilan bebahasan punapa ingkang saged dipunkembangaken ing
babagan “Keluarga”?
5. Ketrampilan bebahasan punapa ingkang saged dipunkembangaken ing
babagan “Pengalaman”?
6. Ketrampilan bebahasan punapa ingkang saged dipunkembangaken ing
babagan “Kesehatan lan Kaendahan”?

5
7. Ketrampilan bebahasan punapa ingkang saged dipunkembangaken ing
babagan “Sato Iwen lan Karang Kitri”?

C. Ancasing Panaliten
1. Lare SD kelas andhap saged ngidentifikasi lan nyocokaken sworo ingkang
dipunmirengaken kaliyan gambar-gambar wonten buku kanthi basa lesan
lan tulis.
2. Lare SD kelas andhap saged ngidentifikasi huruf lepas lan tembung damel
nyerat kalimat sederhana kanthi basa tulis.
3. Lare SD kelas andhap saged paham babagan tetembung kang angel ingkang
dicawisaken wonten teks wacan lan saged njlentrehake maksud teks wacan
kasebat.
4. Lare SD kelas andhap saged mbedakaken ukara perintah lan ukara penjaluk
saking ciri-cirinipun saha saged njlentrehake isi wacan ingkang
dipuncawisaken kanthi basa tulis utawa lesan.
5. Lare SD kelas andhap saged ngidentifikasi ekspresi maturnuwun lan
ekspresi njaluk ngapura kanthi basa tulis utawa lesan.
6. Lare SD kelas andhap saged nyebataken tokoh wonten teks carios lan
njlentrehake isi carios kanthi basa tulis utawi lesan.
7. Lare SD kelas andhap saged njelasaken tetembungan kang angel wonten
tembang dolanan lan nyaritakake isi tembang dolanan kanthi basa tulis
utawi lesan.

6
BAB II

WAOSING PIREMBAGAN
Ing buku ”Tantri Basa Kelas 1”, “Tantri Basa Kelas 2”, “Tantri Basa
Kelas 3”, kamot babagan-babagan ingkang saged dipun gunakaken kangge
ningkatake ketrampilan bebahasan yaiku kegiatan perkenalan dhiri, kesenengan,
kegiatan, keluarga, pengalaman, kesehatan lan kaendahan, sato iwen lan karang
kitri. Jlentrehan saking babagan-babagan punika yaiku:

A. Perkenalan Dhiri

Pasinaon iki ngrembug bab kenalan karo kanca, bab perangane awak,
uga gunane perangane awak. Bocah-bocah bakal sinau kanthi bimbingane Ibu
utawa Bapak Guru. Gambar-gambar sing cumepak bisa mbantu bocah-bocah
supaya luwih gampang olehe sinau. Saben bocah bisa maragakake carane
kenalan, maragakake perangane awake dhewe-dhewe, lan nerangake gunane
perangan awak. Kanthi mangkono ateges wis klakon anane pembelajaran

7
kontekstual. Ibu utawa Bapak Guru bakal paring arahan kepriye carane supaya
bocah-bocah dadi luwih gampang olehe mangerteni pasinaon iki.
Pasinaon iki bisa ngembangake ketrampilan basa kayata mirengake,
nyerat, maos, lan micara. Ketrampilan mirengake bisa dikembangake saka
pasinaon iki kanthi waosan pacelathon ingkang diwaoske bapak/ibu guru. Lare
SD kelas andhap dipundhawuhi mirengake, lajeng sakbanjuripun didhawuhi
praktek wonten ngajeng kelas kaliyan kanca sakmejo. Nalika lare-lare maju
damel praktek kenalan, lare sanes dipundhawuhi nyerat punapa kemawon
ingkang dipunucap kanca wonten ngajeng. Bab niki saged ngembangaken
ketrampilan nyerat lare SD kelas andhap. Wonten ing pasinaon punika, lare-
lare dipundhawuhi maos bagan anggota awak ingkang dipuncawisaken wonten
buku. Saklajengipun, lare-lare dipundhawuhi mangsuli pitakenan ingkang
wonten ing gladhen 1. Kegiatan punika awujud pengembangan salah sijining
ketrampilan basa, inggih punika ketrampilan maos.

B. Kesenengan

8
Pasinaon iki bakal ngrembug carane nulis tembung saka aksara kang
wis cumepak. Yen wis prigel bakal diterusake sinau carane nulis ukara saka
tembung-tembung kang wis karakit mau. Lare-lare bakal sinau kanthi
bimbingane Ibu utawa Bapak Guru. Gambar-gambar sing cumepak bisa
mbiyantu lare-lare supados luwih gampang olehe sinau. Ibu utawa Bapak Guru
bakal paring arahan kepriye carane supados lare-lare gampil mangerteni
pasinaon iki.
Ing pasinaon iki, guru maos wacan kang cumepak. Saklajengipun, lare-
lare pada nirokake anggone guru maos wacan mau. Kegiatan iki ngembangake
ketrampilan basa, ketrampilan kang dikembangke yaiku maos, mirengake,
nyerat, lan micara. Mirengake lan mbaleni ucapane bapak ibu guru nalika
maosake waosan kalebet salah satunggaling pengembangan ketrampilan
mirengake lan micara. Nanging, wonten ing pasinaon punika luwih fokus ing
pengembangan ketrampilan nyerat. Bocah-bocah dipundhawuhi nyerat ukara
pitakenan saka waosan ingkang sampun dimirengake. Anggenipun nyerat
ukara, bocah-bocah kedah paham aksara-aksara lan tembung-tembung, sak
sampunipun mangertos babagan aksara lan tembung lare-lare dipundhawuhi
ndamel ukara saking aksara lan tembung-tembung kasebat.
C. Kegiatan

9
Pasinaon iki ngrembug bab perangane awak, panca ndriya, wujud lan
sipate barang, lan prastawa alam. Lare-lare bakal sinau kanthi bimbingane Ibu
utawa Bapak Guru. Supados lare-lare luwih gampang anggenipun sinau, mila
bakal dikantheni gambar-gambar. Ibu utawa Bapak Guru saged paring arahan
kedah pripun carane supados lare-lare luwih gampang anggenipun mangertosi
pasinaon punika.
Wonten ing pasinaon punika, ketrampilan ingkang dipunkembangaken
inggih punika maos lan nyerat. Wonten bab Kegiatan, dipuncawisaken waosan
lan gambar-gambar kegiatan. Lare-lare dipundhawuhi maos teks rumiyin
banjur sak lajengipun dipundhawuhi mangsuli pitakenan sesuai isi waosan.
Kegiatan punika kalebet praktik pengembangan ketrampilan maos. Lare
ingkang gadhah ketrampilan maos ingkang sae mesti saged mangsuli pitakenan
kanthi leres. Ketrampilan nyerat ugi dipunkembangaken liwat kegiatan nyerat
isi waosan. Lare ingkang gadhah ketrampilan nyerat kang sae bakal saged
ngrangkai tembung-tembung dados ukara kang sae. Ukara punika nerangake isi
waosan kan cumepak.
D. Keluarga

10
Pasinaon iki bakal ngrembug bab ukara pakon lan ukara panyuwun.
Kaangkah sarampunge piwulangan lare-lare saged damel ukara pakon lan
ukara panyuwun kanthi migunakake unggah-ungguh ingkang bener. Ibu utawa
Bapak Guru saged paring bimbingan supados lare-lare saged luwih gampil
anggenipun sinau. Gambar-gambar ingkang sampun cumepak kaangkah saged
damel lare-lare gampil anggenipun sinau.
Wonten pasinaon punika, ketrampilan basa ingkang dipunkembangaken
yaiku ketrampilan maos lan nyerat. Lare-lare dipunbimbing nggoleki ukara-
ukara kan kalebet ukara perintah lan ukara panjaluk. Ketrampilan kang di asah
ana ing kegiatan iki yaiku ketrampilan maos. Saklajengipun, lare-lare
dipundhawuhi nyerat ulang informasi ingkang dipun angsal saking maos
waosan sing cumepak. Kegiatan punika kalebet praktik pengembangan
keterampilan nyerat.
E. Pengalamanku

11
Lare SD kelas andhap meniko, sanadyan taseh remen dolanan, ananging
tetep saget ngertos panggonan. Lare sd kelas andhap kedah dipunmangertosi
pelajaran babagan pertanian. Supados lare menika paham lan saged nerapaken
wonten ing saben dintenipun. Khususipun lare ingkang tiyang sepahipun
nyambet damel dados petani. Ing ngandahap menika wonten wacan babagan
pertanian supados lare saged ngertos punapa ingkang kedah dipunlakoni. Tema
utawa babagan pertanian menika, punapa saget ningkataken keterampilan
micara lare SD? Wangsulanipun inggih punika saget. Ing babagan punika lare
saget ningkataken keterampilan micara kaliyan maos wacan utawa carios
ingkang sampun dipunsedhiaaken dening guru utawi ingkang sampun wonten
ing buku. Lare saget maos carios menika wonten ing ngajeng kelas utawi
dipunbagi kelompok supados saged maosaken carios wonten kanca
sekelompokipun. Tuladha wacan utawa cariosipun inggih punika wonten ing
ngandhap niki.
F. Kesehatan lan Kaendahan

Wonten ing babagan ekonomi meniko, lare SD kelas andhap kedah


ngertos ugi babagan perekonomian. Ekonomi meniko wonten katah jenisipun.

12
Salah satunggaling jenise inggih punika babagan kewirausahaan. Kados wacan
ing ngandhap punika babagan usaha bukak bengkel. Wacan kados punika
cocok kagem lare SD kelas andhap ingkang pemikiranipun sampun luweh
andhap tinimbang lare SD kelas mandhap. Wacan kados menika saget dados
motivasi damel lare-lare supados sadar kaliyan andadosaken lare berpemikiran
diwasa.
G. Sato Iwen lan Karang Kitri

Tema utawa babagan palang merah menika bentenipun sekedhik


kaliyan babagan kesehatan. Ingkang intinipun inggih punika sami-sami
njlentrehaken babagan kepripun caranipun anggene njaga kesehatan kaliyan
obat-obatan. Lare sd kelas andhap cocok kaliyan tema menika amargi, kelas
andhap menika sampun benten kaliyan kelas ngandhap ingkang dereng saged
berpikir kritis. Supados njaga kesehatan, kedah ugi ngunjuk utawa dhahar
kibsunsi ingkang sehat lan ugi ngunjuk vitamin utawa obat. Ing ngandhap
menika, lare dipun maos carios Jampi Wos Kencur kang akeh nduweni
kegunaan utawa fungsi danel kesehatan.

13
BAB III
PANUTUP

A. DUDUTAN
Supados ningkataken keterampilan micara wonten kelas ngandhap,
wonten tema-tema ingkang trep dipun ajaraken denng lare SD meniko.
Kadosto tema-tema kegiatan perkenalan dhiri, kesenengan, kegiatan,
keluarga, pengalaman, kesehatan lan kaendahan, sato iwen lan karang kitri.

B. SARAN
Ketrampilan micara menika penting sanget kagem ngembangake
ketrampilan lare-lare sanese. Pramila guru kedhah ngupayaaken supados
ketrampilan micara lare-lare SD kelas ngandhap saged sae kanthi
piwulangan ingkang nyenengake.
Kangge dosen, menawi wonten kalepatan ing makalah punika kita
nyuwun panuntunipun supados makalah punika saged bermanfaat kangge
sanesipun.

14
DAFTAR KAPUSTAKAAN

Kadijo. 2004. Mustika Basa Jawa Anyar SD Kelas 4. Semarang: PT Remaja


Rosdakarya.
Kadijo. 2004. Mustika Basa Jawa Anyar SD Kelas 6. Semarang: PT Remaja
Rosdakarya.
Murniati, endah,dkk. 2003. Wasis Basa Jawa. Malang: CV Duta Graha Pustaka.
Sudharto,dkk. 2004. Ajar Basa 5. Semarang: CV Aneka Ilmu.

15

Anda mungkin juga menyukai