Anda di halaman 1dari 12

Nama : Annisa Rizki Wulandari

NIM : 2601419049

Mata Kuliah : Pengembangan Bahan Ajar

KOMPETENSI INTI (KI) :


a. Pengetahuan
Memahami dan menerapkan pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural)
berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya
terkait dengan fenomena dan kejadian nyata.
b. Ketrampilan
Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan,
mengurai,merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis,
membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari
di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori.

KOMPETENSI DASAR (KD) :


3.4 Menelaah dialog/percakapan
4.4 Menulis teks dialog sederhana

INDIKATOR :

.4.1 Memahami pengertian dan unsur-unsur teks dialog.


.4.2 Memahami kebahasaan dalam teks dialog.
.4.3 Memahami cara penulisan teks dialog lan unggah-ungguh nalika pacelathon.

.4.1 Mendiskusikan unsur-unsur dalam teks dialog.


.4.2 Menanggapi secara lisan isi teks dialog yang dibaca.
.4.3 Menulis teks dialog sederhana.

ALOKASI WAKTU

2 JP X 4 Pertemuan
MATERI REGULER
PERTEMUAN PERTAMA :

Alokasi waktu : 2 JP X 45 Menit

Indikator :

.4.1 Memahami pengertian dan unsur-unsur teks dialog.


.4.1 Mendiskusikan unsur-unsur dalam teks dialog.

Tujuan Pembelajaran :

Setelah melalui proses pembelajaran dengan model discovery learning peserta didik mampu
memahami pengertian, uns dalam teks dialog dengan tepat. Serta memiliki sikap kerja sama,
percaya diri, dan selalu bersyukur pada Tuhan Yang Maha Esa

A. Memahami Pacelathon Basa Jawa


Pacelathon minangka sawijining wujud guneman kang asring dilakoni dening saben
wong, kaya dene pacelatahon karo wong tuwane, tangga teparo, kanca-kancane, lan
sapiturute. Pacelathon yaiku omong-omongan antarane wong loro utawa luwih kang
ngrembug sawijining bab lan nganggo unggah-ungguh sing trep.
Unsur-unsur kang ana ing teks drama kaya ing ngisor iki, yaiku :
1. Irah-irahan, minangka judhul kang diangkat ana ing teks pacelathon.
2. Tema, minangka pokok pikiran kang dirembug ana ing sawijining teks pacelathon.
Tuladhane yaiku tema sosial, pendidikan, politik, ekonomi, lsp.
3. Setting, minangka papan kedadeyan, wektu kedadeyan, lan swasana kang dumadi
nalika pacelathon.
4. Paraga, yaiku wong kang nindakake pacelathon, anatarane kaya ing ngisor iki :
a. Bocah cilik karo bocah cilik
b. Bocah cilik karo sing wis diwasa
c. Bocah cilik karo sing wong tuwa
d. Wong diwasa karo wong diwasa
e. Wong tuwa karo wong diwasa
f. Wong tuwa karo wong tuwa
g. Anak karo wong tuwa, lan sapanunggalane.
5. Penokohan, minangka watak saben paraga kang ana ing pacelathon. Tuladha
penokohan yaiku : gemi, setiti, loma, sumeh, ambeg, lsp.
6. Amanat, minangka pesan moral utawa pitutur luhur kang bisa kajupuk saka pacelathon
Gladhi : Ngrembug Babagan Teks Dialog
1. Sawise mangerteni apa kuwi teks pacelathon lan unsur-unsur sajroning teks pacelathon,
dhiskusekna bareng kanca samejamu unsur-unsur lan isi saka teks pacelathon ngisor iki!
2. Aturna marang gurumu asil saka dhiskusi!

Dhateng Ngayogyakarta

Adi lan Bambang minangka kanca karib, kanca sasekolahan biyen ana SMA ing Yogyakarta.
Bocah loro mau lagi ana dalan arep menyang Yogyakarta, menyang kampung halamane Adi.
Bambang wis suwe ora nang Yogyakarta. Bocah loro mau lunga numpak sepur Argo
Dwipangga.

Adi : “Mbang, wis pirang taun kowe ora menyang Yogyakarta?”


Bambang : “Nek ora salah sawise bapakku seda aku durung dolan mrana maneh. Dadi,
ya kira-kira wis meh limamng taun.”
Adi : “Wah, wis suwe, ya?”
Bambang : “Mulane, saiki duwe wektu rada sela, tak perlokake mlaku-mlaku mrana.”
Adi : “Kangen karo Pardi sing oamhe cedhak alun-alun kae, ya?”
Bambang : “Piye kabare bocah kae? Mbiyen aku sengit banget lho karo dheweke. Piye
olehku ora arep sengit, wong dheweke ora tau kesel mbeda aku.”
Adi : “Aku krungu kabar saiki dheweke dadi juragan sapi neng Wonosari.”
Bambang : “Di, sepur Arga Dwipangga iki apik tenan, ya! Ora gumun nek larang.”
Adi : “Aku ya lagi sepisan iki numpak Arga Dwipangga, sepur super cepat.
Lunga adoh kaya ngene ora krasa kesel.”
Bambang : “Awake dhewe mau mangkat jam 08.45 esuk. Mengko sore jam 3 wis
tekan Stasiun Tugu. Wis ora sranta aku, selak kepengen weruh Malioboro.”
Adi : “Kelingan sapa maneh, Mbang?”
Bambang : “Kowe ki kok mbeda terus. Aku kepigin blanja lan mangan lesehan nang
kana. Isih kaya mbiyen, ta?
Adi : “Saiki Malioboro saya rame. Akeh hotel lan toko anyar. Malah saiki wis
ana Malioboro Mal.”
Bambang : “Apa iya? Wah…swasana sing tak rasakake mbiyen kae apa isih padha?”
Adi : Ya mengko dirasakake dhewe!”

(Kapethik saking buku Wiwara kaca 127-128)

MATERI REGULER
PERTEMUAN KEDUA :

Alokasi waktu : 2 JP X 45 Menit


Indikator :

.4.2 Memahami kebahasaan dalam teks dialog.


.4.2 Menanggapi secara lisan isi teks dialog yang dibaca.

Tujuan Pembelajaran :

Setelah melalui proses pembelajaran dengan model discovery learning peserta didik mampu
memahami kebahasaan dalam teks dialog dan mampu menaggapi secara lisan ini teks dialog
yang dibaca dengan tepat. Serta memiliki sikap mandiri, percaya diri, dan selalu bersyukur
pada Tuhan Yang Maha Esa

B. Basa nalika Pacelathon


Basa kang digunakake nalika pacelathon kudu jumbuh marang paraga kang diajak
guneman. Upamane kaya ing ngisor iki :
a. Bocah cilik – bocah cilik (ngoko lugu)
b. Diwasa – diwasa (ngoko lugu)
c. Diwasa – sepuh (krama alus)
d. Sepuh – sepuh (krama alus)
e. Wong tuwa – bocah (ngoko lugu)
f. Bocah – diwasa (ngoko alus), lan sapanunggalane.
C. Carane Mangerteni Isi Pacelathon
a. Nyathet bab wigati saka pacelathon

Supaya bisa ngerti lan paham, sarta bisa nyimpulake isi pacelathon, sing kudu
kolakokake yaiku kaya mangkene iki :

1) Maca pacelathon kanthi permati


2) Ngerti sapa sing lagi nglakokake pacelathon
3) Ngerti maksud tembung-tembung sing angel/anyar kang diiucapake paraga
4) Ngerti pokok-pokok sing lagi diomongake.

D. Basa Kang Digunakake Nalika Pacelathon


1. Ngoko
a. Ngoko lugu
Basa ngoko lugu yaiku basa kang kedadeyane saka tembung-tembung ngoko
kabeh tanpa kacampur tembung krama apadene krama inggil. Ngoko lugu
digunakake marang : kanca kang wis rumaket, wong tuwa marang bocah, lsp.
Tuladha : Jaman saiki uripe wong cilik malah saya mendelik
b. Ngoko alus
Basa ngoko alus yaiku basa kang ukarane kacampur antarane tembung ngoko
lan krama. Ngoko lugu digunakake marang kanca padha kanca kang wis akrab
nanging luwih ngajeni, ibu marang bapak, adhi marang kangmas/mbakyu, wong
tuwa marang wong enom. Tuladha : Bapak sesuk diaturi tindak menyang sekolah,
saperlu mundhut rapotku.
2. Krama
a. Krama lugu
Basa krama lugu yaiku basa kang kedadeyan saka tembung krama. Krama lugu
digunakake marang wong kang durung akrab utawa durung kulina bisa uga wong
tuwa utawa wong enom. Tuladha : Pak Bayu ngertos panggenane perang jaman
Walanda.
b. Krama alus
Basa krama alus yaiku basa kang kedadeyan saka basa krama lugu lan krama
inggil. Krama alus digunakake marang wong kang diajeni. Tuladha : Bapak
ngersakaken mirsani film Bung Karno lan Bung Hatta ing bioskop.

MATERI REGULER
PERTEMUAN KETIGA :

Alokasi waktu : 2 JP X 45 Menit

Indikator :

.4.3 Memahami cara penulisan teks dialog lan unggah-ungguh nalika pacelathon.
.4.3 Menulis teks dialog sederhana.

Tujuan Pembelajaran :

Setelah melalui proses pembelajaran dengan model discovery learning peserta didik mampu
memahami cara menulis teks dialog dan mampu menulis teks dialog sederhana dengan tepat.
Serta memiliki sikap mandiri, percaya diri, dan selalu bersyukur pada Tuhan Yang Maha Esa
E. Cara Nulis Teks Pacelathon
a. Nulis jenenge paraga
b. Salebare jeneng paraga diwenehi tandha titik loro ( : )
c. Nulis wujude guneman
d. Guneman ditulis ing njero tandha kutip (“…”)
e. Katrangan panggonan, wektu, lan swasana ditulis ing njero tandha kurung ( )
F. Unggah-Ungguh Nalika Pacelathon
Unggah-ungguh utawa patrap kang kudu digatekaken nalika nindakake pacelathon yaiku :
a. Guneman gunakake aturan, tegese ora waton guneman ananging guneman mau kudu
nganggo aturan.
b. Ngadege, lungguhe, lan obahing awak uga nganggo waton (aturan).
c. Swara nalika guneman, banter lan lirihe uga nganggo waton.
d. Polatan (ekspresi wajah) nalika guneman uga kudu jumbuh karo topik guneman
e. Intonasi (lagune) uga nganggo aturan, ora angger bengak-bengok.

*Materi reguler ini diberikan sebagai bekal bagi para siswa dalam mencapai Kompetensi
Dasar dalam Teks Dialog sebelum diadakannya penilaian.

MATERI REMEDIAL
1. Peserta didik diberikan materi yang lebih detail terkait contoh pacelathon, cara
memahami isi pacelathon, dan bagaimana cara menyusun pacelathon untuk
memudahkan dalam memahami.
2. Peserta didik diberikan teks pacelathon dan diminta untuk menganalisis pokok-
pokok isi dalam pacelathon.

Tuladha pacelathon lan mangerteni isining pacelathon :

Wayah sore, Ira lagi nyirami kembang mawar kang ditandur ing pot ngarep omahe.
Saka kadohan, Ratna mlaku dhewekan karo nyangking rantang kanthi laku ora kaya
biyasane. Ira weruh Ratna banjur nyelukke sampi ngawe-awe.

Ira : “Na...Ratna, rene mampir!” (tangane ngawe-awe Ratna)

Ratna : “Ehh..Ira..iya..” (noleh lan mesem, mlaku nyedhaki Ira)

Ira : “Saka ngendi ta? sore-sore kok mlaku dhewekan?”

Ratna : “Iki Ra, aku lebar ndherekake ibu dhateng dalemipun Pakdhe Yatno.
Pakdheku lagi gerah, Ra”
Ira : “Oalah Pakdhe Yatno, pantes wis pirang-pirang dina aku ora tau weruh,
wong saben esuk yen arep tindak pasar mesthi liwat ngarep omah kene.
Gerah apa ta?”
Ratna : “Durung ngerti, Ra. Mengko lebar mahrib lagi arep menyang dhokter.”

Ira : “Sik diraoske Pakdhe Yatno apa, Na?”

Ratna : “(praupane sedhih) gerah padharanipun, ora kersa dhahar, badhanipun


lemes lan panas nganti ora bisa sare.”
Ira : “Kok sik diraoske pakdhe padha karo biyen nalika aku tipes ya, Na.”

Ratna : “Apa iya, Ra? apa pakdheku tipes ya? Amarga, panjenengane uga gadhah
maag, biyasane nek wis ngonjuk obat maag ra suwe banjur dhangan.
Nanging iki kok ora padha biyasane.”
Ira : “Wis coba ngonjuk waluh jipang? Jarene bisa kanggo ngedhunke panase
lan ngurangi mumete.”
Ratna : “Lha waluhe diapakke kuwi?”

Ira : “Waluhe diparut, diwenehi banyu segelas banjur disaring, diunjuk esuk lan
sore.”
Ratna : “Coba sesuk aku tak matur Budhe Yati, supaya njajal diparutke waluh
jipang. Matur nuwun ya Ra. Ya wis aku tak pamit dhisik ya Ra.
Ira : Iya Na. muga-muga pakdhe enggal dangan ya Na.
Pacelathon ing nduwur diparagakake dening wong diwasa lan wong diwasa,
yaiku antarane Ira lan Ratna. Ing sawijining wayah sore (katrangan wektu), Ira lagi
nyirami kembang mawar ana ing ngarep omahe (katrangan panggonan) lan weruh
Ratna mlaku dhewekan. Ira nyelukake Ratna kang ora biyasane sore-sore mlaku
dhewekan, nyangking rantang, lan praupane ora sumringah (kahanan kang
nyedhehake). Ratna kang dicelukake lan diawe-awe dening Ira banjur mara nyedhaki
lan cerita yen dheweke sore-sore mlaku dhewekan amarga lebar ndherekake ibune nang
daleme Pakdhe Yatno kang lagi gerah. Ratna nyaritakake kang diraoske Pakdhe Yatno
nalika gerah. Ira kang krungu caritane saka Ratna banjur menehi panyaruwe supaya
Pakdhe Yatno diparutake waluh jipang kanggo ngedhunake panase lan ngurangi
mumete. Ratna banjur pamit bali marang Ira lan ngucapake matur nuwun amarga wis
menehi saran supaya Pakdhe Yatno cepet sehat.

Tata carane nulis pacelathon :

1. Nulis jenenge paraga


2. Salebare jeneng paraga diwenehi tandha titik loro ( : )
3. Nulis wujude guneman
4. Guneman ditulis ing njero tandha kutip (“…”)
5. Katrangan panggonan, wektu, lan swasana ditulis ing njero tandha kurung ( )
Tuladha pacelathon antarane wong diwasa lan wong sepuh migunakake krama inggil

Anton : “ (Ing cakruk sinambi udud) Saking pundi Mbah Warno?


Panas ngenthang-enthnag kados ngeten kok mlampah
sandhalipun malah dipuncangking. ”
Mbah Warno : “ Waiki Dhik Anton, lebar saka pasar. Lagi mudhun saka
becak kok sandhale malah pedhot. ”

Tuladha pacelathon antarane bocah cilik lan bocah cilik migunakake krama lugu :

Pak Pri : “ Sugeng enjing Bu Wati. Jenengan badhe tindak pundi kok
kadose radi kesesa? ”
Bu Wati : “ (Rada kaget) Ehh, boten kok Pak, niki namung mlampah-
mlampah mawon. Teng griya terus radi boten kepenak.
Mlampah-mlampah ningali sabin, lepen..rak nggih
nyenengake. ”
Tuladha pacelathon antarane bocah cilik lan bocah cilik migunakake ngoko alus :

Fadli : “ Arin, Mas Toni ndak nang ngomah? ”

Arin : “ Iya Mas Fadli, kae isih tilem mas. Sik tak gugahane ”

Aldo : “ (kahanan rame ing lapangan) Eko, ayo melu bal-balan kene.
Kurang siji meneh ”
Eko : “ (rada mlayu) wah kebeneran nek ngono, aku tak melu. ”

Tuladha pacelathon antarane bocah cilik lan bocah cilik migunakake ngoko lugu :

*Materi remedial dipersiapkan bagi siswa yang setelah menjalani penilaian terhadap KD
Teks Dialog masih belum menyampai kompetensi yang diharapkan. Pada materi
remedial ini berisi tentang contoh teks dialog dan analisis terhadap teks dialog untuk
menemukan pokok-pokok isi yang ada dalam teks dialog. Selain itu, pada materi
remedial ini juga berisi bagaimana langkah menulis teks dialog beserta contoh petikan
dialog dengan menggunakan tingkat tutur atau unggah-ungguh bahasa yang berbeda-
beda. Tujuannya yaitu untuk memudahkan peserta didik dalam memahami materi.

SOAL REMIDI

Waca lan gatekake teks pecelathon ing ngisor iki banjur analisisa unsur-unsur lan isi
saka teks pacelathon ngisor iki!

Bada

Dewi Setyowati lan adhine, Budi Santosa lagi anak ing pawon. Dewi lagi masak lan Budi lagi
ngenteni giliran arep adus. Bocah loro mau ngomongake acara ing dina Riyaya.

Dewi Setyowati : “Bud, wis yahmene ki kowe durung adus?”


Budi Santosa : “Durung, wong isih diagem siram Bapak ngono kok. Bocah-bocah
kok wis padha cemruwet lan gemrudug. Saiki jam pira ta, Mbak?”
Dewi Setyowati : “Jam setengah pitu.”
Budi Santosa : “Mbak, Mbak Dewi wis duwe klambi anyar?”
Dewi Setyowati : “Huh, kaya cah cilik wae, Bada ndadak nganggo klambi anyar. O iya,
Bud, mengko sida sowan Pak Susilo apa ora?”
Budi Santosa : “Ya sida ta, Mbak, ning budhale mengko rada awan-awanan wae ya.”
Dewi Setyowati : “Lha iya ngono, saora-orane bubar sungkeman.”
Budi Santosa : “Sungkemane rak ngenteni rawuhe Mbak Ratih, ta?”
Dewi Setyowati : “Yen rawuhe Mbak Ratih kawanen ya ditinggal wae.”
Budi Santosa : “Adate, sungkeman neng kulawargane Mas Untung ki dianakake
luwih esuk tinimbang ing kulawargane dhewe kene.”
Dewi Setyowati : “Jarene Mbak Ratih wingi ya ngono. Sawise sungkeman, Mbak Ratih
karo Mas Untung arep bablas mrene.”
Budi Santosa : “Mbak Dewi lagi masak apa, ta?”
Dewi Setyowati : “Genah lagi nggoreng emping ngono kok.”
Budi Santosa : “Sing sijine kuwi lho?”
Dewi Setyowati : “Opor bebek. Galo kae, Bapak wis rampung sirame, kana gek adus.”
Budi Santosa : “Inggih, Ndara Putriiii.”

MATERI PENGAYAAN
1. Peserta didik diberikan materi lanjutan yang masih berkaitan dengan KD Teks
Dialog untuk menambah pengetahuan.
2. Peserta didik diberikan latihan soal yang berkaitan dengan KD Teks Dialog.

Coba wacanen wacan ing ngisor iki kanggo nambah pemahamanmu!

Unggah-ungguhe micara marang wong tuwa


Nalika guneman karo wong tuwa kudu urmat. Ukara iki wis lumrah diucapake dening
wong tuwa. Mula pancen bener yen karo wong tuwa iku kudu urmat. Kudu ngerti unggah-
ungguh. Dene sing klebu wong tuwa yaiku bapak ibu, bapak ibu guru, bapa lan ibu maratuwa
(yen wis nikah), kakang lan mbakyu, sedulur tuwa merga saka urut-urutan utawa silsilah, lan
wong sing umure pancen luwih tuwa. Jaman saiki pancen akeh banget nom-noman sing ora
paham karo unggah-ungguh. Banjur carane ngetrepake unggah-ungguh micara marang wong
tuwa yaiku kaya ing ngisor iki :

1. Aja jangkar marang wong tuwa


2. Ngajeni marang wong tuwa
3. Miturut marang wong tuwa
4. Aja sembrana marang wong tuwa
5. Aja wani marang wong tuwa
6. Yen bisa matur nganggo basa krama inggil
7. Dongakake keslametane wong tuwa
8. Aja duweni panjaluk sing ora nalar lan liya-liyane

Ana ing bebrayan diperlokake nindakake pacelathon karo wong liya supaya bisa oleh
informasi utawa bebrayan bisa mlaku kanthi becik. Sajroning nindakake pacelathon kudu
nggatekake unggah-ungguh. Unggah-ungguh kanggo wong kang luwih tuwa beda karo
unggah-ungguh kanggo kanca kang saumuran. Karo wong luwih tuwa nggunakake basa krama,
dene karo kanca sapadha-padha utawa luwih enom nggunakake basa ngoko.

Basa Jawa iku duweni tingkatan tutur utawa undha-usuk basa utawa unggah-ungguh
basa. Wong Jawa nalika guneman utawa pacelathon prayogane kudu bisa nggunakake tata
krama lan subasita. Pacelathon marang wong liya iku ana tata krama utawa unggah-ungguhe
basa. Unggah-ungguh yaiku sopan-santun, tata susila, tata pranataning basa miturut lungguhing
tata krama utawa nggunakake basa.

Tata krama iku ora mung kalaku ing solah bawa nanging uga ing pacelathon mau. Tata
krama kang ngrembug bab pacelathon iku kang aran undha-usuk utawa unggah-ungguh basa.
Unggah-ungguh basa mau kang nuduhake pribadi masyarakat Jawa. Babagan unggah-ungguh
basa dibutuhake ing jaman modheren iki wigatine para siswa supaya mangerti lan bisa maca
pacelathon kanthi trep marang kancane uga marang wong kang luwih tuwa. Unggah-ungguh
basa Jawa kabagi dadi loro yaiku ngoko lan krama. Manawa ngoko kabagi dadi loro yaiku
ngoko lugu lan ngoko alus, menawa krama uga kabagi dadi loro yaiku krama lugu lan krama
alus. Ing ngisor iki bakal dijlentrehake bab basa krama lan basa ngoko.
*Materi Pengayaan ini diperuntukkan bagi peserta didik yang setelah melakukan
penilaian harian mampu mencapai kompetensi yang diharapkan. Sehingga materi
pengayaaan ini bertujuan sebagai penguatan terhadap materi yang telah dikuasai di KD
Teks Dialog.

SOAL PENGAYAAN

1. Sawise maca materi pengayaan, kanggo ngukur sepira pemahaman para siswa ngenani
materi teks pacelathon, coba gaweya teks pacelathon kanthi gatekake unggah-ungguh basa
kang trep!
2. Teks pacelathon ditulis ana ing salembar kertas, wenehana jeneng lan kelas, banjur aturna
marang gurumu!

Sumber :

Buku Format Bahan Ajar Pendamping Bahasa Jawa Kelas VII Semester 2

https://youtu.be/77r7EonQF_M

https://www.ruangguru.com/blog/pengertian-dan-unsur-unsur-teks-drama

Anda mungkin juga menyukai