Anda di halaman 1dari 12

Tembang Macapat

Asale saka tembung :


1. Ma + cepat : pamacane rikat, ora alon, lagune ora kakean cengkok
2. Maca papat – papat : saben dilagokake nganggo wirama papat –
papat, saben sawirama isine peang wanda
3. Maca + pat : waosan serat kaping papat
4. Maca mat : maca kanthi ngematake / ngrasakake supaya endah
lagunipun
5. Maca pat : saka tembung panca lan arpat (lima sandangan)
“a, i, u, e, o”
Fungsi

1.Ngandhut / ngandhung babagan


pendidikan budi pekerti
2.Ngandhut sejarah utawa kisah
jaman dhisik
3.Ngandhut informasi - informasi
• Istilah - istilah :
1. Pupuh : dumadi saka pirang – pirang pada kang nunggal sakcerita
lan sakjenis tembang macapat
2. Pada (bait) : cacahe tembang macapat saben sak lagu, saka wiwitan
gatra nganti pungkasan gatra
3. Gatra : larik / baris kang ana ing saben jenis tembang macapat
4. Wanda : suku kata kang ana ing saben gatra
• Istilah paugeran
1. Guru gatra : cacahing wanda saben sapada
2. Guru wilangan : cacahing wanda saben sagatra
3. Guru lagu :tibaning swara ing saben pungkasan gatra
4. Watak : karakter kang ana ing njero macapat
Paugerane

•Maskumambang : 4 larik (12i, 6a, 8i, 8a)


•Pocung : 4 larik (12u, 6a, 8i, 12a)
•Gambuh : 5 larik (7u, 10u, 12i, 8u, 8o)
•Megatruh : 5 larik ( 12u, 8i, 8u, 8i, 8o)
•Mijil : 6 larik (10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u)
•Kinanthi : 6 larik (8u, 8i, 8a, 8i, 8a,8i)
•Durma : 7 larik (12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i)
•Pangkur : 7 larik (8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i)
•Asmaradana : 7 larik (8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a)
•Sinom : 9 larik (8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a)
•Dhandanggula : 10 larik
(10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a)
Sasmita tembang :
tembung kas sing diduweni saben tembang

•Mijil : mijil, metu, miyos, medal, sulastri, raras


•Maskumambang : kembang, timbul, kentir
•Sinom : mudha, enom, taruna, weni
•Durma : undur, mundur, dur, galak
•Asmarandana : asmara, kasamaran, dana, sedih,
kingkin
•Kinanthi : kanthi, gendheng, kanthet
•Dhandanggula : manis, madu, sarkara, gula
•Gambuh : embuh, gambuh, jumbuh,
tambuh
•Pamgkur : wuri, pungkur, umgkur, wuntat
•Megatruh : pegat, duduk, truh
•Pucung : pocung, cung, uncung, kluwak
Wataking tembang

•Mijil : sedih, prihatin, gandrung


•Maskumambang : nelangsa, prihatin
•Sinom : grapyak, ramah sumanah
•Durma : sereng, marah
•Asmarandana : sedih merga asmara,
prihatin sengsem
•Kinanthi : seneng, tresna, asih
•Dhandanggula : luwes, nyenengkake,
ngresepake
•Gambuh : wani, sumadulur, sumanak
•Pangkur : sereng lan nantang
•Megathruh : trenyuh, memelas
•Pucung : nduweni watak kendho, sembrana
parikeno
Filosofi
1. Mijil : lahire manungsa ing alam donya
2. Maskumambang : bayi kang wus lair, durung
duwe dosa kaya “emas kang lagikumambang
ing banyu”kang katon nyenengake
3. Sinom : bayi kang wus lair mau tumuwuh /
berkembang dadi dewasa kang kaprah disebut
“nom – noman”
4. Asmaradhana : bocah nom – noman iku mau wis
wiwit tuwuh asmarane karo lawan jenise,
asmaradana uga disebut “api asmara”
5. Gambuh / Gathuking ati : bareng wis padha
tresnane, ati loro wis padha jumbuh, serasi lan arep
mbacutake lakuning urip bebarengan
6. Kinanthi : kanthi / dikanthi ngadep wong tuwa
seperlu matur yen wis padha tresnane
7. Dhandhanggula : dhandhang iku ngajak, gula iku
lambang manis, ngajak urip bebarengan / nikahan,
kang dijab / dikarepake yaiku urip kebak manis
8. Durma : urip ing bebrayan kebang ing panantang urip
kang kudu dilakoni wong loro, paribasan abot
enthenging urip kudu dilakoni
9. Pangkur : mungkur / ngungkurake hal sing sifate
duniawi, yen dadi wong tuwa wis rampung nindakake
tri darma utama, sebanjure tata – tata mati sowan
Gusti
10. Megatruh : saka tembung pegat lan ruh, yen wis titi
wancine manungsa ora bisa suwala / menghindar
11. Pocung / pocong : dikafani, yen wus mati bakal
dipocong nganggo mori putih, barang darbeke ana
alam donya ditinggal kabeh ora digawa

Anda mungkin juga menyukai