Anda di halaman 1dari 6

Tugas Bahasa Jawa

Tembung Macapat

Nama Kelompok :
1. Anis Fitria ( 05 )
2. Bayu Aditya ( 07 )
3. Henry Pramudya M ( 15 )
4. Noer Adhela K.P.A ( 26 )
5. Qurrotu Aini Putri ( 29 )
Tembang Macapat
Tembang Macapat diarani uga Tembang Cilik. Cacahe Tembang Macapat iku ana 11
warna yaiku : Pucung, Maskumambang, Gambuh, Kinanthi, Asmaradana,
Megatruh, Mijil, Durma, Pangkur, Sinom, lan Dhandhanggula. Saben Tembang
Macapat kaiket wewaton/paugeran : Guru gatra ( cacahing gatra saben sapada ),
Guru wilangan ( cacahing wanda saben sagatra ), lan Guru lagu ( dhong-dhinge
swara saben pungkasan gatra )
PAUGERA TEMBANG MACAPAT
Tembang macapat kadhapuk kanthi paugeran Guru gatra, Guru Wilangan lan Guru
lagu.
1. Guru Gatra : Cacahing gatra/Larik ing saben pada
2. Guru Wilangan : Cacahing wanda ing saben sagatra
3. Guru Lagu : Tibaning swara ing pungkasaning gatra
Guru gatra, Guru wilangan lan Guru lagune tembang
macapat
1. Mijil : Kedadeyan saka 6 gatra : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
2. Kinanthi : Kedadeyan saka 6 gatra : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3. Sinom : Kedadeyan saka 9 gatra : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
4. Asmaradana : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
5. Dhandhanggula : Kedadeyan saka 10 gatra : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12e, 7a
6. Gambuh : Kedadeyan saka 4 gatra : 7u, 10u, 12i, 8o
7. Maskumambang : Kedadeyan saka 4 gatra : 12i, 6a, 8i, 8a
8. Durma : Kedadeyan saka 7 gatra : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a
9. Pangkur : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
10. Megatruh : Kedadeyan saka 5 gatra : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11. Pocung : Kedadeyan saka 4 gatra : 12u, 6a, 8i, 12a
Watak Tembang Macapat
• Maskumambang : Nelangsa, prihatin
• Mijil: Trenyuh
• Sinom : Gembira, grapyak, seneng
• Kinanthi : Mesra, asrih
• Asmaradana : Sengsem, sedih, prihatin
• Gambuh : Lugas
• Dhandhanggula : Manis, luwes, ngresepake
• Durma : Nepsu, murka, muntap
• Pangkur : Sereng, greget, tegas
• Megatruh : Nglara, sysah, sedih, keranta ranta
• Pocung : Gecul, sembrana

Anda mungkin juga menyukai