I. PITUDUH PIWULANG
1. Supaya mudheng bab Macapat lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik macaa babagan
tembang Jawa, mligine tembang Macapat.
2. Kanggo nambah wawasan, diprayogakake supaya maca buku referensi liyane.
3. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
4. Tugas ditumpuk jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disetujoni bebarengan.
5. Diskusekna lan konsultasekna karo guru menawa nemoni reribet /kangelan.
TEMBANG MACAPAT
Manut serat Mardawalagu, anggitanipun R.Ng. Ranggawarsita, macapat punika wujudipun saking
tembung maca pat lagu, ingkang tegesipun maos. tembang ingkang kaping pat. Sanesipun maca pat
lagu, taksih wonten malih maca sa lagu, maca ro lagu lan maca tri lagu. Jlentrehipun makaten
a. Maca sa lagu, punika kalebet tembang ingkang kina (Jaman Kediri I), kasebat tembang Kawi
b. Maca ro lagu, punika ugi kalebet kina (Jaman Kediri II) kasebat tembang gedhe (Sekar Ageng)
c. Maca tri lagu, punika ugi kalebet kina nanging sampun sakwetawis radi enggal (Jaman
Majapait) kasebat tembang tengahan (Sekar Tengahan).
d. Maca pat lagu, punika kalebet enggal (Demak-Mataram), ugi kasebat tembang cilik (Sekar Alit).
Rikala Jaman Demak, saksurutipun karaton Hindu-Wilwatikta (Majapahit), tanah Jawa wiwit salin
agama Islam, para Wali ingkang gungungipun wonten 8 lan ratu Demak lajeng ngawontenaken
parepatan ingkang dipunwastani Walisanga, ancasipun inggih punika minangka sarana ngislamaken
tanah Jawa, para wali lajeng sumebar ngislamaken tanah Jawa, anggenipun ngislamaken mawi
sarana dakwah ngginakaken budaya Jawa, salah satunggalipun tembang macapat. Mila
saklajengipun tembang macapat ingkang estunipun sampun wonten rikala jaman Hindu-Wilwatikta
kareka lan kagelar kanthi urutan ingkang ngemu suraosing ngelmu, gegambaran lampahing
manungsa wiwit ing jaman roh ngantos surud ing kasidan jati, wangsul wonten ngarsaning Gusti.
Wondene urutaning tembang mengku teges bilih gesang manungsa punika wonten urutan
lampahipun.
Urutaning tembang Macapat lan Piwulangipun
1. Maskumambang
Nggambaraken sangkan paran dumadining manungsa, rikala taksih wonten ing alam ruh,
saklajengipun katanem salebeting guwa garbaning ibu. Ing alam ruh, bakal bayi katanting lan
tinakenan dening Gusti Makaten “Ingsun iki Gusti Pangeranira”. Lajeng ruh sami wangsulan
“Inggih leres Panjenegan Gusti Pangeran Kula”.
2. Mijil
Nggambaraken kawontenan nalika mijiling bayi saking guwa garbaning ibu. Gegambaran
mijiling manungsa punika mangke kajumbuhaken kaliyan piwucal ing aksara Jawa.
3. Sinom
Nggambaraken kawontenan manusia wiwit alit ngantos dumugi diwasanipun. Bab punika ugi
kajlentrehaken langkung kathah ing piwucal ingkang wonten salebeting aksara Jawa.
4. Kinanthi
Nggambaraken olah kridhaning manungsa ingkang madosi sejatining gesang kinanthen sangu
agunan
ngelmu dunya lan agama. Bab punika ugi kajlentrehaken langkung kathah ing piwucal ingkang
wonten salebeting aksara Jawa.
5. Asmaradana
Nggambaraken kawontenan manungsa rikala wiwit ketaman asmara. Bab punika kajumbuhaken
kaliyan suraosing kalam QS. Ar Rum 21 3 (Lan Ingsun ciptakake ing antarane sira kabeh tresna
lan rasa asih, saktemene sajrone ana tandha-tandha kuasaningsun tumrap wong sing padha
mikir).
6. Gambuh
Nggambaraken kawontenan manungsa bab punika kajumbuhaken ingkang sampun sami
mangun balegriya, gesang bebrayan minangka kaluwarga enggal kedah jumbuh. kaliyan
suraosing kalam QS. Al Baqarah 187 4 (Bojo-bojonira (wadon) kuwi minangka klambi
tumrapira, lan sira minangka klambi tumrap dheweke).
7. Dhandhanggula
Nggambaraken manungsa ingkang sampun temata gesangipun.
8. Durma
Nggambaraken kawontenan manungsa ingkang sampun mapan lan sageda asung derma
dumateng sesamining gesang. Bab punika kajumbuhaken kaliyan suraosing Hadist Riwayat
Muslim, No.2699 ; Sing sapa wonge gelem ngentheng-entheng sengsarane sedulure nalika ing
ngalam donya, mula Gusti (Allah) bakale ngentheng-entheng dheweke besuk nalikane ing
akherat.
9. Pangkur
Nggambaraken kawontenan manungsa ingkang sampun sepuh kedah saged mungkur saking
sedaya kanikmatan dunya. Reresik lair tuwin batin kanthi nyaketaken wonten ngarsa Dalem
Gusti (Allah).
10. Megatruh
Nggambaraken wangsulipun janji, manungsa nemahi pejah wangsul dateng ingkang kagungan.
Bab punika kajumbuhaken kaliyan suraosing kalam QS. Ali ‘Imran 185 5 (saben manungsa
bakale ketekan pati)
11. Pocung
Nggambaraken menawi nyawa sampun oncat saking badan, mila manungsa lajeng kapocong.
Pathokaning Sekar
Tembang macapat utawi ugi winastan sekar alit punika kaiket pathokan ingkang sinebat, guru gatra,
guru wilangan lan guru lagu;
a. Guru gatra : cacahing gatra (suku kata) saben sakpada (satu bait).
b. Guru wilangan : cacahing wanda (suku kata) saben sakgatra (satu baris/larik).
c. Guru lagu : tibaning swara saben pungkasaning gatra (baris/larik).
Gatra
Jeneng
No Paugeran
Tembang
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10
Guru wilangan 12 6 8 12
1 Pocung 4
Guru lagu u a i a
Guru wilangan 12 7 10 12
2 Maskumambang 4
Guru lagu i a i a
Guru wilangan 7 10 12 8 8
3 Gambuh 5
Guru lagu u u i u o
Guru wilangan 12 8 8 8 8
4 Megatruh 5
Guru lagu u i u i o
Guru wilangan 8 8 8 8 8 8
5 Kinanthi 6
Guru lagu a i u i a i
Guru wilangan 10 6 10 10 6 6
6 Mijil 6
Guru lagu i o e i i u
Guru wilangan 8 8 8 8 7 8 8
7 Asmaradana 7
Guru lagu a i e a a u a
Guru wilangan 8 11 8 7 12 8 8
8 Pangkur 7
Guru lagu a i u a u a i
Guru wilangan 12 8 6 7 8 5 7
9 Durma 7
Guru lagu a i a a i a i
Guru wilangan 9 8 8 8 8 7 8 7 12
10 Sinom 9
Guru lagu a i a i i u a i a
Guru wilangan 10 10 8 7 9 7 6 8 12 7
11 Dhandhanggula 10
Guru lagu i a e u i a u a i a
Kados ingkang sampun dipun mangertosi bilih sasmita tembang punika minangka sarana tetenger
pupuh tembang salebeting serat-serat Jawa, wondene wujuding sasmita saged mapan ing:
Purwaning pupuh utawi mapan ing pada sepisan pupuh tembang, sasmita punika paring sasmita
utawi tetenger bilih pada-pada tembang kasebut kalebet pupuh tembang kados ingkang
dipunkajengaken, tuladha sasmita tembang ing purwaning pupuh.
Pupuh I tembang Sinom pada 1 Babad Wanasowan
Purnaning pupuh utawi mapan ing pada pungkasan pupuh tembang, sasmita punika paring
tetenger bilih pada saklajengipun sampun salin tembang kados ingkang dipunsasmitakaken.
Tuladha sasmita tembang ing pungkasaning pupuh. Pupuh I tembang Sinom pada 8 lan Pupuh
II tembang Kinanthi pada 1 Babad Wanasowan ;
Rena galihnya jeng pangran,
arsa tedhak Selamanik,
kinanthi sakwadyabala,
pinacak baris sinandi,
lampahnya ngati ati,
tan pedhot rina lan dalu,
ki tumenggung tan pirsa,
katungka lampahnya sandi,
gantya kinanthi kang nedya lumaksana. (babad Wanasowan, I 8)
Kinanthen rina lan dalu,
wadyabala kang lumaris,
bala ageng Tegalreja,
arsa tedhak Bendasari,
ngupaya sakehing bala
rinekseng Asmarasupi. (Babad Wanasowan, II – 1)
Pada 8 pupuh tembang punika taksih Sinom nanging badhe salin pupuh kinanthi mila wonten
tetembunganipun Kinanthi , lan pupuh saklajengipun sampun wujud tembang Kinanthi kados
sasmita ingkang wonten pada sepisanipun Kinanthen .
A. Wangsulana kanthi menehi tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d pratelan kang bener!
1. Tembang macapat sing nduweni watak merak ati, sedhih, karana asmara yaiku ...
a. Mijil c. Maskumambang
b. Asmaradana d. Durma
2. Ing ngisor iki kang ora kalebu paugerane yen nggawe tembang macapat yaiku .....
a. guru lagu c. guru tembang
b. guru gatra d. guru wilangan
3. Cacahing wanda saben sagatra diarani ....
a. guru gatra c. dhong dhing
b. guru wilangan d. guru lagu
Setitekna tembang ing ngisor iki!
Jinejer ning wedhatama / Mrih tan kemba kembanganing pambudi / Mangka nadyan tuwa
pikun / Yen tan mikani rasa / Yekti sepa asepa lir sepah samun / Samangsana pakumpulan /
Gonyak ganyuk ngelingsemi//
4. Tembang macapat ing dhuwur kuwi tuladhane tembang ...
a. pangkur c. sinom
b. asmaradana d. maskumambang
5. Guru lagu lan guru wilangane tembang macapat ing dhuwur yaiku ...
a. 8a, 11i, 8a, 7a, 12a, 8a, 8i c. 7a, 12i, 7a, 7a, 12a, 8a, 8i
b. 7a, 11i, 8a, 8a, 11a, 8a, 8i d. 8a, 11i, 9a, 8a, 11a, 8a, 7i
6.
a. .
b. .
c. .
d. .
7. .
a. .
b. .
c. .
d. .
8.
a. .
b. .
c. .
d. .
9.
a. .
b. .
c. .
d. .
10.
a. .
b. .
c. .
d. .
11.
a. .
b. .
c. .
d. .
12.
a. .
b. .
c. .
d. .
13.
a. .
b. .
c. .
d. .
14.
a. .
b. .
c. .
d. .
15.
a. .
b. .
c. .
d. .
16.
a. .
b. .
c. .
d. .
17.
a. .
b. .
c. .
d. .
18.
a. .
b. .
c. .
d. .
19.
a. .
b. .
c. .
d. .
20.
a. .
b. .
c. .
d. .
21.
a. .
b. .
c. .
d. .
22.
a. .
b. .
c. .
d. .
23.
a. .
b. .
c. .
d. .
24.
a. .
b. .
c. .
d. .
25.
a. .
b. .
c. .
d. .
26.
a. .
b. .
c. .
d. .
27.
a. .
b. .
c. .
d. .
28.
a. .
b. .
c. .
d. .
29.
a. .
b. .
c. .
d. .
30.
a. .
b. .
c. .
d. .
31.
a. .
b. .
c. .
d. .
32.
a. .
b. .
c. .
d. .
33.
a. .
b. .
c. .
d. .
34.
a. .
b. .
c. .
d. .
35.
a. .
b. .
c. .
d. .