Anda di halaman 1dari 13

MAPEL BAHASA JAWA

KELAS XII SEMESTER 5


TP 2020/2020

Pengampu : Ana Kristiati Marheni,, S.Pd


NIP : 19691222 199103 2 004

I.Pituduh Urutan piwucalan Basa Jawi XII sem 5 pepanggihan sepisan


:
1. Bikak dokumen Purwaka .
2. Bikak video tembang Kinanthi wonten ing link youtube
menika: https://youtu.be/0NZAAJ7ZRFs
3. Bikak Materi( 0.BAHASA JAWA XII )
4. Garap Tugas pun kempalaken ing E SCHOOL)
5. Ampun kesupen absen rumiyin nggih!
Maturnuwun

PURWAKANING PIWULANGAN

Assalamualikum wr.wb
Wilujeng siyang para siswa kelas XII MIPA saha XII IPS.
Wilujeng pepanggihan kaliyan bu guru mapel Basa Jawi ing kelas XII MIPA saha XII
IPS.
Saderengipun pasinaon kawiwitan badhe kula purwakani kanthi pitepangan.
Guru Basa Jawi Kelas XII MIPA dalah XII IPS : Bu Ana Kristiati Marheni, S.Pd.

Purwaka Piwulangan Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 1
Nama : Ana Kristiati Marheni, S.Pd
Tempat/Tgl Lahir : Boyolali, 22 desember 1969
Alamat : Mulyorejo kemiri Mojosongo Boyolali
Status : Menikah ( satu suami 3 anak)
Kode Mapel : P2

POKOK-POKOK PIWULANGAN

Perhatikan alur berpikir pada peta konsep berikut ini :

PETA KONSEP

Tahap Pemahaman Serat Wedhatama Pupuh


Kinanthi Pada 1 - 18

Pembelajaran I Pembelajaran II Pembelajaran Pembelajaran


III IV
Serat Serat
Wedhatama Wedhatama Serat Menyajikan
Pupuh Pocung Pupuh Pocung Wedhatama Teks Serat
Pada 1 - 6 Pada 7 - 12 Pupuh Pocung Wedhatama
Purwaka Piwulangan Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 2
1. Struktur Teks Serat Wedhatama pupuh Kinanthi
2. Arti Kosa Kata sukar dalam pupuh Kinanthi
3. Parafrase/gancaran pupuh Kinanthi
4. Pokok-pokok isi teks pupuh Kinanthi
5. Piwulang luhur/amanat ing pupuh Kinanthi
6. Nanggapi isine teks pupuh Kinanthi
7. Nulis cakepan /syair tembang Kinanthi tema Covid
19
8. Nembangake tembang Kinanthi

Kegiatan Pembelajaran I
Tujuan Pembelajaran :
Melalui proses pembelajaran jarak jauh dan dengan mempelajari Handout ini
siswa dapat :
1. Menganalisis Struktur Teks Serat Wedhatama pupuh Kinanthi pada 1 - 6
2. Mengartikan kosa kata sukar dalam Teks pupuh Kinanthi pada/bait 1 - 6
3. Menjelaskan pokok-pokok isi teks tembang Kinanthi pada 1 – 6
4. Menulis parafrase Teks pupuh Kinanthi pada 1 - 6
5. Menemukan amanat/ piwulang luhur dalam Teks pupuh Kinanthi pada 1 -
6

Materi Pembelajaran

1. Struktur Teks Serat Wedhatama


2. Struktur tembang macapat Kinanthi
3. Teks tembang Kinanthi pada 1 – 6 lan tegese tembung mirunggan
4. Gancaran lan Pokok-pokok isi teks tembang Kinanthi pada 1 – 6
5. Piwulang luhur / amanat ana ing teks tembang Kinanthi pada 1 – 6

Purwaka Piwulangan Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 3
.
A. Struktur Serat Wedhatama

Serat Wedhatama iku salah sawijining serat anggitane Kanjeng Gusti


Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV. Tembung Wedhatama iku saka Basa
Sansekerta yaiku wedha tegese ajaran, piwulang lan tama tegese utama, becik,
luhur. Dadi Wedhatama iku tegese piwulang kang utama utawa piwulang luhur/
piwulang becik. Serat Wedhatama iku isine babagan laku spiritual ngandhut
ajaran-ajaran kabecikan lan budi pakarti luhur. Nganti tekan seprene isine serat
Wedhatama isih jumbuh karo lakuning jaman lan bisa ditrapake ing bebrayan.
Serat Wedhatama iku wujude rerangkening pupuh tembang macapat kang
dumadi saka 5 pupuh tembang macapat. Pupuh iku kumpulane pada ( bait ).
Wondene tembang-tembange yaiku:
1. Pupuh Pangkur dumadi saka 14 pada ( pada 1 – 14)
2. Pupuh Sinom dumadi saka 18 pada ( pada 15 – 32)
3. Pupuh Pocung dumadi saka 15 pada ( pada 33 – 47 )
4. Pupuh Gambuh dumadi saka 35 pada ( pada 48 – 82 )
5. Pupuh Kinanthi dumadi saka 18 pada ( pada 83 – 100 )

B. Struktur Tembang Kinanthi


 Tembang macapat iku nduweni paugeran kang gumathok awujud guru gatra,
guru wilangan, lan guru lagu.
1. Guru gatra : Cacahing gatra
utawa larikan saben sapada
2. Guru wilangan : Cacahing wanda
utawa suku kata saben sagatra
3. Guru lagu : Tibaning swara saben
pungkasaning sagatra

 Teks tembang Kinanthi lan titi larase saka Serat Wedhatama¨pada kapisan:
Nembang macapat iku supaya kepenak dirungokake prayogane bisa
ngepasake karo titilarase, singgetan, pedhotan, gregel, cengkok lan watake
tembang. Kang ora kalah penting uga kudu mangerti isine tembang.

Purwaka Piwulangan Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 4
Kinanthi
2 3 5 6 6 6 6 6
Mang- ka kan– ti - ning tu – mu- wuh

6 5 5 5 6 6 3 53
Sa - la - mi mung- a - was e- ling

2 3 1 5 5 5 5 35
e- ling lu - ki - ta- ning a- lam

2 2 2 2 1 2 6 5
Da - di wir - ya ning du - ma - di
1 2 2 2 2 2 2 2
Su - pa - di nir ing sang sa - ya
1 2 2 6 1 2 1 2
Ye - ku pa - ngrek – sa - ning u- rip

KINANTHI
Mangka kanthining tumuwuh === 8u
Salami mung awas eling === 8i
Eling lukitning alam === 8a
Dadi wiryaning dumadi === 8i
Supadi nir ing sangsaya === 8a
Yeku pangreksaning urip === 8i

Paugerane tembang Kinanthi saben sapada iku:


1. Guru gatrane :6
2. Guru wilangane : 8, 8, 8, 8,8,8
3. Guru lagune : u, i, a, i, a, i

Purwaka Piwulangan Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 5
C. SERAT WEDHATAMA PUPUH KINANTHI

01
Mangka kantining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, wedi

weryaning dumadi, supadi nir ing sangsaya, yeku pangreksaning urip.

02

Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-

panduking pambudi, bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami.

03

Pangasahe sepi samun, aywa esah ing salami, samangsa wis kawistara, lalandhepe

mingis-mingis, pasah wukir reksa muka, kekes srabedaning budi.

04

Dene awas tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning tunggal, kang

atunggil rina wengi, kang mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam sakalir.

05

Aywa sembrana ing kalbu, wawasen wuwus sireki, ing kono yekti karasa, dudu

ucape pribadi, marma den sembadeng sedya, wewesen praptaning uwis.

06

Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan,

sinuda saka satitik, pamotahing nafsu hawa, jinalantih mamrih titih.

07

Aywa mamatuh malutuh, tanpa tuwas tanpa kasil, kasalibuk ing srabeda, marma

dipun ngati-ati, urip keh rencananira, sambekala den kaliling.

08

Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati, lamun kurang ing pangarah,

sayekti karendet ing ri, apese kasandhung padhas, babak bundhas anemahi.

Purwaka Piwulangan Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 6
09

Lumrah bae yen kadyeku, atetamba yen wis bucik, duwea kawruh sabodag, yen ta

nartani ing kapti, dadi kawruhe kinarya, ngupaya kasil lan melik.

10

Meloke yen arsa muluk, muluk ujare lir wali, wola-wali nora nyata, anggepe pandhita

luwih, kaluwihane tan ana, kabeh tandha-tandha sepi.

11

Kawruhe mung ana wuwus, wuwuse gumaib baib, kasliring titik tan kena, mancereng

alise gatik, apa pandhita antige, kang mangkono iku kaki.

12

Mangka ta kang aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan

panasten nora jail, tan njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih ening.

13

Kunanging budi luhung, bangkit ajur ajer kaki, yen mangkono bakal cikal, thukul

wijining utami, nadyan bener kawruhira, yen ana kang nyulayani.

14

Tur kang nyulayani iku, wus wruh yen kawruhe nempil, nanging laire angalah,

katingala angemori, mung ngenaki tyasing liyan, aywa esak aywa serik.

15

Yeku ilapating wahyu, yen yuwana ing salami, marga wimbuh ing nugraha, saking

heb kang Maha Suci, cinancang pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki.

16

Mangkono ingkang tinamtu,tampa nugrahaning Widhi, marma ta kulup den bisa,

mbusuki ujaring janmi, pakoleh lair batinnya, iyeku budi premati.

17

Purwaka Piwulangan Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 7
Pantes tinulad tinurut, laladane mrih utami, utama kembanging mulya, kamulyaning

jiwa dhiri, ora yen ta ngeplekana, lir leluhur nguni-uni.

18

Ananging ta kudu-kudu, sakadarira pribadi, aywa tinggal tutuladan, lamun tan

mangkono kaki, yekti tuna ing tumitah, poma kaestokna kaki.

D.Teks Tembang Kinanthi lan Tegese Tembung- Tembung Mirunggan ( Kosa


Kata Sukar)
Pada Teks Tembange Tegese tembung-tembung
mirunggan
1. Mangka kanthining tumuwuh  Mangka = kamangka
Salami mung awas eling  kanthining = panuntune
Eling lukitning alam  tumuwuh = urip
Dadi wiryaning dumadi  salami = selawase

Supadi nir ing sangsaya  mung = namung

Yeku pangreksaning urip  awas = waspada


 eling = eling
 lukita = pratandha
 wirya = kamulyan
 dumadi = urip
 supadi = supaya
 nir = tanpa
 sangsaya = kasangsaran
 pangreksa = njaga

2. Marma den taberi kulup, angulah 


lantiping ati, rina wengi den anedya,
pandak-panduking pambudi, bengkas
kahardaning driya, supadya dadya
utami.
3.
Pangasahe sepi samun, aywa esah ing

salami, samangsa wis kawistara,

Purwaka Piwulangan Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 8
lalandhepe mingis-mingis, pasah wukir

reksa muka, kekes srabedaning budi.


4.
Dene awas tegesipun, weruh

warananing urip, miwah wisesaning

tunggal, kang atunggil rina wengi, kang

mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam

sakalir.
5.
Aywa sembrana ing kalbu, wawasen

wuwus sireki, ing kono yekti karasa,

dudu ucape pribadi, marma den

sembadeng sedya, wewesen praptaning

uwis.
6
Sirnakna semanging kalbu, den

waspada ing pangeksi, yeku dalaning

kasidan, sinuda saka satitik,

pamotahing nafsu hawa, jinalantih

mamrih titih.

C. Pokok-pokok isine teks tembang Kinanthi pada 1 – 6


Pada Teks Tembange Pokok - Pokok Isine

1.  Kamangka panuntune
Mangka kantining tumuwuh, salami mung
urip,selawase mung waspada lan
awas eling, eling lukitaning alam, wedi eling,eling marang pratandhaning

weryaning dumadi, supadi nir ing alam,dadi kamulyaning urip,supaya


bisa adoh saka kasangsaran,yaiku
sangsaya, yeku pangreksaning urip.
cara kanggo njaga urip

2. Marma den taberi kulup, angulah


lantiping ati, rina wengi den anedya,
pandak-panduking pambudi, bengkas
Purwaka Piwulangan Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 9
kahardaning driya, supadya dadya
utami.
3.
Pangasahe sepi samun, aywa esah ing

salami, samangsa wis kawistara,

lalandhepe mingis-mingis, pasah wukir

reksa muka, kekes srabedaning budi.

4.
Dene awas tegesipun, weruh

warananing urip, miwah wisesaning

tunggal, kang atunggil rina wengi, kang

mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam

sakalir.

5.
Aywa sembrana ing kalbu, wawasen

wuwus sireki, ing kono yekti karasa,

dudu ucape pribadi, marma den

sembadeng sedya, wewesen praptaning

uwis.
6 
Sirnakna semanging kalbu, den

waspada ing pangeksi, yeku dalaning

kasidan, sinuda saka satitik,

pamotahing nafsu hawa, jinalantih

mamrih titih.

D. Piwulang Luhur Sajroning Teks Tembang Kinanthi Pada/ Bait 1 – 6

Pada Teks Tembange Piwulang Luhur/ Amanat

1.  Sanguning wong urip kudu eling


Mangka kantining tumuwuh, salami mung
lan waspada supaya bisa ucul
awas eling, eling lukitaning alam, wedi

Purwaka Piwulangan Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 10
saka kasangsaran
weryaning dumadi, supadi nir ing sangsaya,

yeku pangreksaning urip.


2. Marma den taberi kulup, angulah lantiping 
ati, rina wengi den anedya, pandak-
panduking pambudi, bengkas kahardaning
driya, supadya dadya utami.
3. 
Pangasahe sepi samun, aywa esah ing

salami, samangsa wis kawistara,

lalandhepe mingis-mingis, pasah wukir

reksa muka, kekes srabedaning budi.


4. 
Dene awas tegesipun, weruh warananing

urip, miwah wisesaning tunggal, kang

atunggil rina wengi, kang mukitan ing

sakarsa, gumelar ngalam sakalir.


5. 
Aywa sembrana ing kalbu, wawasen

wuwus sireki, ing kono yekti karasa, dudu

ucape pribadi, marma den sembadeng

sedya, wewesen praptaning uwis.


6 
Sirnakna semanging kalbu, den waspada

ing pangeksi, yeku dalaning kasidan,

sinuda saka satitik, pamotahing nafsu

hawa, jinalantih mamrih titih.

Tugas Mandiri 1.1

Purwaka Piwulangan Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 11
PENJAJAGAN PEMAHAMAN ( TUGAS siswA)

 Sawise maca lan njingglengi materi teks Serat Wedhatama Pupuh


Kinanthi pada 1 -6 kasebut coba ayo padha diukur sepira pangerten
kang cumenthel ing pikiran kita.


Garapen gladhen iki !
1. Tegesna saben tembung serat wedhatama pupuh kinanthi pada 2,3,4
kanggo siswa absen ganjil lan 4,5,6 kanggo absen genep!
2.Tulisen pokok-pokok isine serat wedhatama pupuh kinanthi pada 2,3,4
kanggo siswa absen ganjil lan 4,5,6 kanggo absen genep!
3. Tulisen piwulang luhur utawa amanate Teks Serat Wedhatama Pupuh
Kinanthi: Pada 2 ,3,4 kanggo no absen ganjil lan Pada 4,5,6
kanggo
Absen genap

Purwaka Piwulangan Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 12
Purwaka Piwulangan Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 13

Anda mungkin juga menyukai