Anda di halaman 1dari 10

BAHAN AJAR WAYANG

kelas X semester genap


SMA/SMK/MA/MAK

Dening : M. Abdullah Faqih, S.Pd

BAHAN AJAR WAYANG Genap


A. Pangertene Wayang
Wayang iku sawijining tontonan kang wis sumrambah ana ing Nuswantara
(Indonesia). Rikala taun 2004 wayang ditetepake minangka warisan dunia dening
UNESCO, kanthi mangkono wayang bisa dipirsani dening manungsa sajagad lan
dipatenake minangka kesenian darbeke Indonesia. Sajroning pagelaran wayang
sedalu natas iku ngandhut tontonan, tuntunan, lan tatanan kang mujudake
wewayangan uriping manungsa ing alam donya. Ing jagading pewayangan tinemu
sakehing kagunan kang endah lan edi. Endah, amarga manawa kadulu (dilihat)
bisa agawe reseping ati. Edi, amarga bisa kanggo sarana ngalusake budi pekerti.

B. Jinis-jinise Wayang
- Wayang Purwa: nyritakake lakon-lakon wayang saka kitab Ramayana lan
Mahabharata.
- Wayang Madya: nyritakake lakon wayang saka Parikesit nganti Jayabaya.
- Wayang Gedhog: nyritakake lakon wayang saka crita Panji.
- Wayang Klithik (Wayang krucil): nyritakake lakon jaman kraton Pajajaran nganti
Majapait, Prabu Brawijaya pungkasan, kang kondhang lakon Damarwulan-
Menakjingga.
- Wayang Menak: nyritakake lakon crita saka tanah Arab, kayadene: Menak
Sarehas, Menak Dhemis, Menak Ambyah, lsp.
- Wayang Suluh: nyritakake werna-werna lakon kanggo menehi sesuluh agama
(biasane kaum Nasrani).
- Wayang Kancil: nyritakake crita kewan, yaiku dongeng kancil.
- Wayang Golek: nyritakake lakon wayang kang ana ing kitab Mahabharata,
adate ana ing tataran Sundha Jawa Kulon.
- Wayang Wong: nyritakake lakon wayang kang kajupuk saka kitab Ramayana
lan Mahabharata, kang diparagakake dening wong.
- Wayang Beber: crita wayang kang kajupuk saka crita Panji kang awujud
gambar-gambar ing kain mori kang kabeber banjur dicritakake.
- Wayang Potehi: wayang kang wujude golekan (boneka) kang dicritakake
ngenani Dewa-dewa mitologi bangsa Cina.

Setiteknakanthi premati gambar 1-6 ing ngisor iki banjur cocogna karo
pilihan kang wis sumadya!

Gambar 1 ( ) Gambar 2 ( )

BAHAN AJAR WAYANG Genap


Gambar 3 ( ) Gambar 4 ( )

Gambar 5 ( ) Gambar 6 ( )

Pilihan:
(A) wayang purwa (D) wayang menak (G) wayang potehi
(B) wayang kancil (E) wayang madya (H) wayang klithik
(C) wayang wong (F) wayang golek (I) wayang beber

C. Babone Crita Wayang


Crita wayang purwa iku asale saka negara India (Bharat), kang wiwit kuna-makuna
wis diremeni dening wong Jawa. Ora mokal crita-crita kasebut mau banjur dibesut
dening para pujangga Jawa sarta dilarasake karo kaanan alam tanah Jawa
lumantar karya sastra awujud kakawin (tembang) lan gancaran. Punjering crita
wayang purwa sacara ringkes bisa katiti kaya mangkene:

Ramayana → anggitane Begawan Walmiki

Epos

Mahabharata → anggitane Resi Wyasa


Epos Ramayana, yaiku nyritakake lelakone prabu Ramawijaya saka Ayodya
kalawan dewi Sinta, kanthi memungsuhan kalawan raja Alengka yaiku
Rahwana/Dasamuka.Ing paprangan kasebut, Ramawijaya kasengkuyung dening
para wadya bala wanara.
Epos Mahabharata, yaiku nyritakake perange Pandhawa kalawan Korawa saka
Astina/Ngastina/Gajahoya kanthi nganakake perang katelah Bharatayudha.

D. Lakone Wayang
Lakon wayang, yaiku crita kang bakal dipentasake (diandharake) dening ki
dhalang. Crita wayang tuladhane kaya:

BAHAN AJAR WAYANG Genap


 Epos Ramayana: Anoman Obong, Rama Tambak, Kumbakarna Gugur,
lsp.
 Epos Mahabharata: Pandhawa Dhadhu, Bima Suci, Gathotkaca Gugur,
lsp.

E. Prabot Ubarampene (perlengkapan) Pakeliran, ing antarane yaiku:


- Kelir → awujud kain putih, pralambange langit.
- Gedebog → wit gedhang, pralambange bumi.
- Blencong → lampu sorot, pralambange srengenge.
- Kothak → wadhah wayang, pralambange sangkan paraning dumadi.
- Cempala → thuthuk bakale saka sungu/ kayu, pralambange jantung.
- Kepyak → blebekan kuningan/ wesi, pralambange lakuning urip.
- Kayon (Gunungan)
kayon minangka pralambange agesang (kehidupan) kang ambabarake
sakabehe isen-isening donya.
- Wayang simpingan tengen

 Wayang Simpingan

simpingan kiwa

 Wayang Dhudhahan
Yaiku wayang sing jeneng-jenenge ora kasebut ana ing simpingan
kiwa lan tengen.

- Gamelan → piranti musik kang dumadi saka pirang-pirang jinis ricikan,


pralambange maneka wernane kabutuhaning manungsa.

F. Tataraning Perang, bisa kaperang dadi 4, yaiku:


- perang ampyak → perang sing kawitan sabubare jejer I utawa jejer II. Umume
supaya katon rame, ora nuwuhake raja mati.
- perang gagal → perang kang durung ana sing menang lan durung ana sing
kalah, amarga para wadya bala mung papasan ing dalan.
- Perang kembang → adegan perang ing antarane raseksa Cakil lan sawijing
satriya kang dikantheni dening Panakawan. Adate reseksa Cakil kinanthenan
dening Pragalba, Galiuk kang uga awujud raseksa.
- perang brubuh → perang kang pungkasan, yaiku perang kang mbuktekake
gagale durangkara, nuduhake unggule tumindak kang bener lan suci. Perang
iki wis ngasilake salah sawijining pihak kang unggul sarta cacahe kurban kang
akeh. Perang iki tumindak ing wanci gagat rahina (arep shubuh).

G. Ringkesan adegan wayang, yaiku:


1. Pathet Nem
 jejeran (adegan kedhaton)

BAHAN AJAR WAYANG Genap


 paseban jawi
 jaranan (wadya bala kewan)
 perang ampyak
 adegan sabrangan
 perang gagal

2. Pathet Sanga
 Bambangan
 perang kembang
 jejer/ adegan sintren

3. Pathet Manyura
 jejer manyura
 perang brubuh
 tancep kayon

H. Suluk
- Suluk asale saka tembung ‘su’ kang tegese endah, becik; lan ‘luk’ kang tegese
lekuk, swara. Suluk sinebut uga puisi utawa syair Jawa kang dilagokake. Prelu
dimangerteni suluk kang dikarepake ing kene dudu suluk bab kawruh
kebatinan, nanging ing kene sing dikarepake suluk sajroning wayang utawa
pewayangan. Miturut pigunane suluk sajroning pewayangan bisa kapilah dadi
4, yaiku:

 Pathetan
digunakake ing swasana kang ayem lan tentrem.
Tuladha:
dhedhep tidhem prebawaning ratri
sasadara wus manjer kawuryan
tan kuciwa memanise
manggyep sri nateng dalu
siniwaka sanggya pradasih
aglar neng cakrawala
winulat ngalangut
prandene paksa kebekan
saking kehe taranggana kang sumiwi
warata tanpa sela

 Sendhon
digunakake ing swasana kang sedhih lan trenyuh.

 Ada-ada
digunakake ing swasana kang rame, nggegirisi lan medeni.

BAHAN AJAR WAYANG Genap


 Greget saut
digunakake nalika swasana kaget lan nepsu.
Tuladha:
sigra kang bala tumingal
acampuh samya medali
lwir thathit wileting ganda
dhang hyang gung manguncang niti
benjang sang aji mijil
lathinya medali wuwus
thrustha sura wilaga
kaya buta singa wregil
pasthi jangga dhendhanya
mangambak baya

I. Gagrag Wayang
- Gagrag = gaya = versi = madzab wayang ing tanah Jawa kaperang dadi
papat, yaiku:
 gagrag Surakarta (Sala)
 gagrag Yogyakarta
 gagrag Banyumas
 gagrag Jawa Timur

J. Unsur-unsur Intrinsik, ing antarane yaiku:


- Paraga (tokoh)
 paraga utama
 paraga pembantu
 paraga antagonis
 paraga protagonist
 paraga tritagonis
- Watak (Penokohan)
- Latar/ Setting:
 wektu
 panggonan
 swasana
 warna lokal
- Alur:
 alur maju
 alur mundur
 alur campuran
- Plot
 beberan-mula/introduksi/eksposisi
 penggawatan/komplikasi
 puncak penggawatan/klimaks
 peleraian/antiklimaks
 penyelesaian/konklusi/akhir
BAHAN AJAR WAYANG Genap
- Tema → punjering crita (ide pokok cerita)
- Piweling/Pesen (amanat)

Sarasilah Pandhawa & Korawa [Mahabharata]

Palasara [+] Durgandini

Abiyasa
[+]

Ambika Ambalika Drati

Gendari [+] Drestarata Kunthi [+] Pandhu [+] Madrim Yamawidura [+] Padmarini

Kurawa Yuyutsuh
(Sata Korawa) Yudhistira Werkudara Arjuna

Nakula Sadewa
(Pinten) (Tangsen)

Sarasilah Rama & Sinta [Ramayana]

Dasarata Janaka
[+]

Sumitrawati Dewi Kekayi Dewi Ragu

Satrugna Laksmana Barata Rama


[+] Sinta

Kusya Lawa
(Ramabatlawa)

CATHETEN ING LEMAH YEN KOWE WEWEH,


CATHETEN ING ATI YEN KOWE DIWENEHI

BAHAN AJAR WAYANG Genap


Sarasilah Alengka [Ramayana]
Wisrawa [+] Sukesi

Dasamuka Kumbakarna Sarpakenaka Wibisana

Indrajid Dityakumba Trijata


Trisirah Aswanikumba Bisawarna
Trikaya
Bukbis Jarini

APIK-APIKE WONG YAIKU WONG SING MIGUNANI KANGGO WONG


(Paribasan Arab)

BAHAN AJAR WAYANG Genap


Glosarium

 Wayang Purwa: nyritakake lakon-lakon wayang saka kitab Ramayana lan Mahabharata.
 Wayang Madya: nyritakake lakon wayang saka Parikesit nganti Jayabaya.
 Wayang Gedhog: nyritakake lakon wayang saka crita Panji.
 Wayang Klithik (Wayang krucil): nyritakake lakon jaman kraton Pajajaran nganti Majapait, Prabu
Brawijaya pungkasan, kang kondhang lakon Damarwulan-Menakjingga.
 Wayang Menak: nyritakake lakon crita saka tanah Arab, kayadene: Menak Sarehas, Menak
Dhemis, Menak Ambyah, lsp.
 Wayang Suluh: nyritakake werna-werna lakon kanggo menehi sesuluh agama (biasane kaum
Nasrani).
 Wayang Kancil: nyritakake crita kewan, yaiku dongeng kancil.
 Wayang Golek: nyritakake lakon wayang kang ana ing kitab Mahabharata, adate ana ing tataran
Sundha Jawa Kulon.
 Wayang Wong: nyritakake lakon wayang kang kajupuk saka kitab Ramayana lan Mahabharata,
kang diparagakake dening wong.
 Wayang Beber: crita wayang kang kajupuk saka crita Panji kang awujud gambar-gambar ing kain
mori kang kabeber banjur dicritakake.
 Wayang Potehi: wayang kang wujude golekan (boneka) kang dicritakake ngenani Dewa-dewa
mitologi bangsa Cina.
 Lakon wayang, yaiku crita kang bakal dipentasake (diandharake) dening ki dhalang.
 Suluk asale saka tembung ‘su’ kang tegese endah, becik; lan ‘luk’ kang tegese lekuk, swara. Suluk
sinebut uga puisi utawa syair Jawa kang dilagokake.

BAHAN AJAR WAYANG Genap


KAPUSTAKAN

Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. 1985. Ungkapan Tradisional Sebagai Sumber


Informasi Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta: Departemen
Pendidikan dan Kebudayaan.

Hadiwidjana, R.D.S. 1967. Tata-Sastra. Jogja: UP. Indonesia.

Padmosoekotjo, S. 1979. Memetri Basa Jawi 1. Surabaya: Citra Jaya.

Poedjasoedarmo, Soepomo. 1979. Tingkat Tutur Bahasa Jawa. Jakarta: Departemen


Pendidikan dan Kebudayaan.

Poerwadarminta, W.J.S. 1935. Baoesastra Djawa. Batavia: JB. Woelters.

Sukarman (edhitor). 2015. Sastri Basa: Kanggo SMA/SMK/MA/MAK Kelas X. Surabaya:


Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.

BAHAN AJAR WAYANG Genap

Anda mungkin juga menyukai