Anda di halaman 1dari 5

JENIS - JENIS WAYANG

RISANG ARYOApril 09, 2020


Wayang yaiku seni pertunjukan kang arupa drama kang khas. Kayata seni swara,
sastra, music, tutur pocapan, seni rupa lan sanesipun. Ananging wonten kang anggepanipun
wayang punika boten naming kesenian sarasan, ananging uga ngandhut pitutur-pitutur kang
luhur saking para wali.
Miturut para ahli Wiwit abad 19 dumugi samenika, wayang sampun dados kesenian
kang wosipun saliyane ngandhut pitutur utawa wejangan-wejangan uga ngandhut wewarah
kanggo sanguning urip bebrayan ing alam donya. Pramila, Kanthi filosofis, wayang yaiku
gambaran utawa gambaran kauripan alam donya. Inggih punika wayang dipungambaraken
boten namung gegayutaning manungsa marang manungsa ananging uga kauripaning
manungsa kaliyan makhluk sanes, donya lang Pangeran-Ipun.

gulungan wayang beber

Jinise/ Jenise wayang kayata ana ing ngisor iki: 


1.    Wayang wong
Wayang sing paragane wong, uga nyritakake lelakone Ramayana lan Mahabarata. 
Wayang kulit utawa wayang purwa yaiku wayang sing digawe saka walulang. Nyritakake
lelakone Ramayana lan Mahabarata. Kajaba wayang kulit, ana sawetara jenis wayang liyane.
2.     Wayang Beber
Yaiku mori kang digambari wayang ditontonake sarana dibeber, yen wis rampung banjur
digulung maneh. Nyritakake lelakone Jaka Kembang Kuning karo Dewi Sekartaji. Miturut
Kitab Sastra Mirudo, wayang beber kadamel taun 1283 (gunaning Bujangga nembah Ing
Dewa), Muncul lan ngrembaka ing jaman Majapahit. Wayang beber tertua wonten ing tlatah
Pacitan, dusun Gelaran desa Bejiharjo Karang Mojo Gunung Kidul. 
 
Pertunjukan Wayang beber
3.     Wayang Gedhog
Wayang sing nyeritakake lelakone Panji Asmarabangun, Dewi Candra Kirana, lsp.
(bentuknya hampir sama dengan wayang purwa. Wayang gedhog diciptakan oleh Sunan Giri
tahun 1485 (Gaman Naga Kinaryeng Bathara) saat mewakili Raja Demak yang melakukan
penyerbuan ke Jawa Timur. Wayang gedhog berasal dari pertunjukan wayang yang tanpa
diiringi dengan kecrek sehingga bunyinya hanya ”dog” yang dominan. dan berkembang pada
jaman Majapahit)

4.     Wayang klitik (krucil)


Wayang sing digawe saka kayu gepeng, nyriyakake Prabu Kenya, Damarwulan, Menak
Jingga, lsp. Critane saka kerajaan Pajajaran nganti zaman prabu Brawijaya Majapahit.
Gamelan kang digunakake sangat sederhana.

Wayang Krucil
5.     Wayang Golek (thengul)
Wayang sing digawe saka kayu awujud golek,nyritakake wong Agung Menek, Umar Maya,
lsp. Wayang golek dipopulerake dening Sunan Kudus. Wayang golek kang misuwur yaiku
wayang golek Asep Sunarya saka Sunda.

 
Wayang Golek

6.     Wayang madya


Wayang kulit sing nyritakake lelakone parikesit saturunane. Wayang madya iki diciptakake
dening Mangkunegara IV, kang digunakake kanggo sesambungane wayang purwa karo
wayang gedhog. Crita Kang terkenal ing wayang madya yaiku crita Angling Dharma.

7.     Wayang Potehi

Wayang Potehi
Wayang golek kanthi cerita lelakone wong Cina. Potehi yaiku wayang khas Tiong Hoa
berasal saka Cina Selatan kesenian iki digawa dening para perantauan etnis Tiong Hoa.
Potehi saka tembung Pou (kain) Te (kantong) Hi (wayang), artine wayang boneka kang
digawe saka kain. Potehi ada sejak Dinasti jin (265-420 M) lan masuk Indonesia abad 16-19
M.

8.     Wayang Sadat


Wayang sing nyritakake lakon agama Islam
Wayang Sadat
9.     Wayang Suluh
Wayang sing nyritakake sejarah Indonesia lan kanggo penyuluhan nalika jaman kamardikan. 

Wayang Suluh inggih menika wayang kang digawe saka kulit lan dibentuk dados manungsa
kekinian kanthi tokoh wayang kekinian uga. kadosta, pak Lurah, guru, Petani, Tentara,
Dokter, Pahlawan lsp.cariosipun uga babagan prastawa saben dinten ing kulawarga, bebrayan
tamtune jumbuh karo kahanan ing bebrayan kasebut.

Wayang Suluh

10.  Wayang Suket
Wayang kang digawe saka suket, critane babagan kahanan saiki lan lumrahe kanggo pitutur
utawa kritik marang pemerintah. Asring digunakake bocah cilik kanggo dolanan.
Wayang Suket

Anda mungkin juga menyukai