Anda di halaman 1dari 17

Kelompok 3

1. Anisya Mia . P 2. Muhammad Setiawan 3. Muhammad Iqbal 4. Siti Marwati

KELAS XII IPS 2

SEJARAH WAYANG

Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia , budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono biyen biyen, rikala isih aman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindhu Budha . Wektu kuwi, budaya wayang isih cedhak hubungane karo muja mujine kepercayaan animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa. Sakbanjure nyadaki pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh agama Islam wis wiwit ngrambyah lan kawedharan ing tanah Jawa. Kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu. Ing jaman kuwi, wujude wayang diowah, digawe soko kulit lan balung sing wujude mung kaya simbol wewayangan pangaripane manungsa.

TEGESE WAYANG

Tegese wayang yaiku mujudake gegambaraning lelakone panguripane manungsa ing alam donya kang dikantheni nganggo paraga seni aran wayang , mligine babagan watake manungsa, ngendi kang apik kanggone awakke dhewe iku patut dijupuk tuladhane.

JINISING WAYANG

Jinising wayang iku kena kapilah pilah dadi pirang-pirang werna yaiku : 1. Wayang Rama , critane njupuk saka buku Ramayana ing wektu saiki digolongke Wayang Purwa. 2. Wayang Purwa , nyritakke parwa-parwa ing kitab Mahabarata bab Pandhawa lan Kurawa. 3. Wayang Madya , critane saka parikesit teka Jayabaya. 4. Wayang Gedhog ( kedhok = topeng ), critane saka Wayang Panji. 5. Wayang Klitik ( Wayang krucil ) nyritakake lakon jaman Pajajaran tekan Majapahit, Prabu Brawijaya Wekasan, sing kondhang lakon Darmawulan Minakjingga. 6. Wayang Dupara, critane saka laying babad kayata : Jaka Tingkir, Jaka Tarub, Babad Pajang. 7. Wayang Menak , critane saka tanah Arab. 8. Wayang Suluh, critane warna - warna kanggo aweh sesuluh. 9. Wayang Kancil , critane saka dongeng kancil. 10. Wayang Golek , critane saka Jawa Kulon ( Jawa Barat ), nyritakke lakon ing Mahabarata.

JINISING WAYANG

11. Wayang Wong , critane saka Mahabarata lan Ramayana , ditindakke marang wong ( kagolong wayang purwa ). 12. Wayang Beber , njupuk crita Panji awujud gambar- gambar ing mori kabeber, banjur dicritakake. 13. Wayang Wahana , critane abab perjuangan saka babad Demak tekan perang Diponegoro. 14. Wayang Wahyu, critane gegayutan karo agama Katolik. 15. Wayang Perjuangan , critane saka perjuangan bangsa Indonesia wiwit taun 1945, yasane Jawatan Penerangan. 16. Wayang Pancasila , padha karo wayang perjuangan, mung wujude wayang wae sing beda.

PRALAMPITA URIPING MANUNGSA


1. gunungan yaiku mujudake gegambaring situasi utawa keadaan ing hutan . Miturut riwayate gunungan yaiku lambang keadaan donya sakisine.

PRALAMPITA URIPING MANUNGSA

2. Kelir yaiku pralambang papat penjuru mata angin, arah ngisor, tengah ,lan ndhuwur.

PRALAMPITA URIPING MANUNGSA


3. Blencony iku wujud cahaya sing gerak kanggo ngarahake lan nerangi dalan urip manungso.

PRALAMPITA URIPING MANUNGSA


4. Kothak iku wadhah kanggo nyimpen wayang. Biasane di gletakake nang pinggir dalang gawe mayaraake njikuk wayang wayang sing ana njerone.

PRALAMPITA URIPING MANUNGSA

5. Keprak ( ceracap ) dilambangke seta suara sing muni digawe saka logam.

PRALAMPITA URIPING MANUNGSA


6. Cempala ( kayu pemukul ) yaiku penutuk kothak gawe tanda mulai pertunjukan wayang lan tanda tanda sak adegan.

PRALAMPITA URIPING MANUNGSA


7. sajen yaiku panganan lan kembang kembangan sing dimaksudake ngenei pangan gawe roh roh sing dikarepake.

PRALAMPITA URIPING MANUNGSA

8. wayang iku gambaran fisik manungsa ing maneka warna sing nggambarake watakane.

PRALAMPITA URIPING MANUNGSA

9. Gamelan yaiku perangkat alat musik Jawa gawe ngiringi pertunjukan wayang.

PRALAMPITA URIPING MANUNGSA


10. Debog yaiku wadah kanggo nancepake wayang sing dibentangake ing ngisor kelir dawa sisih kiwa lan tengen siseh sesiseh.

PRALAMPITA URIPING MANUNGSA

11. dhalang yaiku paraga sing nglakokake wayang lan sing nuntun perangkat pertunjukan .

MATUR SUWUN

Anda mungkin juga menyukai