Anda di halaman 1dari 9

LEMBAR KERJA

PESERTA DIDIK

CAPAIAN PEMBELAJARAN
Peserta didik mampu mengapresiasi dan mengevaluasi informasi berupa
gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan yang akurat dari
menyimak seni pertunjukan tradisional Jawa, prosesi upacara adat Jawa dan
tembang macapat Sinom serat Piwulang HB I pupuh 2 dari berbagai media

ANALISIS TUJUAN PEMBELAJARAN


1. Menjelaskan sejarah seni pertunjukan wayang
2. Menjelaskan jenis-jenis wayang
3. Menjelaskan sumber cerita wayang

JUDUL KEGIATAN
Menganalisis sejarah Seni Pertunjukan Wayang

JENIS KEGIATAN

Penugasan Individu

TUJUAN PEMBELAJARAN

Setelah mengikuti kegiatan pembelajaran peserta didik dapat :


Menjelaskan sejarah seni pertunjukan wayang
Menjelaskan jenis-jenis wayang
Menjelaskan sumber cerita wayang

ALAT DAN BAHAN

Materi Ajar "Sejarah Pagelaran Wayang"


SEJARAHIPUN WAYANG

Wayang punika salah satunggalipun kabudayan ingkang dumadi saking


wewayangan ingkang sinungging, wayang wiwit wonten ing samadyaning
bebrayan ageng tiyang jawa udakara abad kaping -1, rikala jaman Prabu Airlangga
kados ingkang kaserat ing salebetipun Kakawin Arjunawiwaha yasanipun Mpu
Kanwa, pada kaping 59 ingkang suraosipun salebeting basa Kawi (Jawa Kuna) :
“Hanonton ringgit manangis asekel muda hidhepan huwus wruh towin yan
walulang inukir molah angucap hatur ning wwang tresneng wisaya malaha tan
wihikana ri tatwanyan maya sahananing bhawa siluman” Ingkang tegesipun :
“wonten mirsani ringgit ngantos nangis, bombong sarta kingkin manahipun,
sanajan sampun wikan bilih kang dinulu namung lulang sinunggingan manungsa
lan kados saged tata jalma, ingkang mirsani wayang kados dene tiyang ingkang
kataman hardening kanepson, satemah kesupen, lan mboten nginten bilih
sedaya kala wau namung wewayangan ingkang maya”.
Wayang menika ngadahi teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang
mastani bilih wayang menika saking tembung Ayang-ayang minangka
gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan
saking tembung “WAyahe sembahYANG” ingkang tegesipun wayanipun Sholat.
Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung
“WAHANANE HYANG” Tembung Wahana tegesipun panggenan utawa prantara,
dene tembung Hyang tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad.
Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih
menika saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang
basa sankretanipun Rāmâyaṇa saking tembung Rāma dalah Ayaṇa ingkang
tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening Walmiki (Valmiki)
utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan
Byasa atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa
ingkang rebatan Negara Astina. Ananging carios Ramayana saha Mahabharata
menika rikala ing tlatah Jawa lajeng kagubah malih dening para winasis, pramila
menika wonten bedha-bedhanipun antawisipun carios Ramayana saha
Mahabharata ingkang saking India kaliyan ingkang wonten ing Jawa.
Dene wayang piyambak miturut sumber ingkang wonten, minangka
kabudaya asli Jawa ingkang sampun wonten saderengipun carios Ramayana saha
Mahabharata mlebet ing Jawa.
SEJARAHIPUN WAYANG

Geser gumantining jaman sabanjuripun sumbering carios wayang boten


namung saking Mahabahrata saha Ramayana, ananging ugi wonten babon carios
wayang sanesipun kadosdene carios Panji, carios seta, cariso saking Timur
tengah lsp.
Bedha-bedganing babon carios wayang menika amargi ngrembakaning
donya pagelaran wayang. Pramila menika jininsing wayang boten namung
wayang Walulang utawi golek nanging sansaya kathah. Tuladhanipun wonten
wayang beber, wayang kancil, wayang pothehi lsp.
Dipuntingali saking bahan ingkang dipunagem kangge ndamel wayang,
wayang kaperang dados pinten-pinten jinis, antawisipun inggih menika Wayang
Beber, Wayang Golek, Wayang Suket, Wayang Gethuk, Wayang Klithik, Wayang
Kulit. Mula bukanipun wonten wayang ngantos dinten punika tasih kirang
terwaca, awit saking kathahipun sarjana-sarjana mancanagri ingkang
ngawontenaken panaliten bab asalusulipun wayang, satemah kathah pamanggih.
Antawisipun kados ing ngandhap punika :
1. Golonganipun sarjana ingkang ngendikakaken bilih wayang punika asalipun
saking Hindustan, pranyatan punika dipunjalari kaliyan wontenipun
tetembungan basa Sansekerta “Chayanataka” ingkang tegesipun
wewayangan ingkang kinanthi dolanan. Pramila saking punika, lajeng sarjana
manca kadosta : Krom, Pischel, Poensen lan Ras, ngendikakaken bilih wayang
punika asal-usulipun saking tanah India.
2. Golonganipun sarjana ingkang ngendikakaken bilih wayang punika asalipun
saking Tiongkok, pranyatan punika dipunjalari kaliyan wontenipun
tetembungan “Ying-he” ingkang mengku teges wewayangan mawi dolanan,
ugi wonten tetembungan malih bilih wayang punika saking tetembungan basa
Cina “Wayaah”, basa Mandarin “Woying” lan basa Kanton “Woyang”. Pramila
saking punika, Gosling lan Kwee Kek Beng kagungan pamanggih bilih wayang
asalipun saking Tiongkok
3. Golongan sarjana manca ingkang ngendikakaken bilih wayang punika asli
saking tanah jawa, pranyatan punika dipunjalari maneka warna sebab,
antawisipun sejarah kasusastran jawa ingkang sampun sepuh yuswanipun, ugi
wontenipun tatacara tiyang jawa kuna ingkang pitados kaliyan roh arwahipun
para leluhur lajeng dipunsembah kanthi ndamel wewayanganipun. Wondene
sarjana manca ingkang kagungan pamanggih makaten kadosta : Brandes,
Hazeu, Rentse, Kats lan Kruyt.
SEJARAHIPUN WAYANG

Saking pamanggih tigang perkawis ing nginggil mracihnani bilih wayang


punika boten namung dipunmangertosi lan dipunsinaoni dening tiyang jawa
kemawon malah kepara para sarjana manca kathah ingkang kapincut nyinaoni
bab punika. Wayang punika wiwit dipunwontenaken ngantos dumugi dinten
punika sampun kathah ingkang dipunowahi. Wondene cak-cakanipun wayang
kados ing ngandhap punika :

1. Jaman Mataram Kuna (Medhang), Kediri : wandanipun wayang taksih arupi


gambar ingkang sinungging ing lulang, wondene cariyosipun mendhet cariyos
saking lampahanlampahan para pepundhen lan lelluhur tiyang Jawa.
2. Jaman Majapahit : wandanipun wayang taksih sami kaliyan jaman mataram
kuna punapadene Kediri, Namung sampun langkung pepak gambaripun.
Cariyosipun kathah mendhet saking lamapahan Panji Inukertapati lan Galuh
Candra Kirana.
3. Jaman Demak : wandanipun wayang sampun dipunukir kadosdene wayang-
wayang jaman sapunika. Ingkang dipunwiwiti dening para wali.
4. Jaman Mataram Islam, Kartasura, Surakarta lan Ngayogyakarta : wandanipun
wayang sampun pepak kados ingkang saged dipunpirsani ngantos dumugi
jaman sapunika..
JINIS-JINISIPUN WAYANG

Jinisipun wayang lan lampahan ingkang ginelar wonten ing pagelaran wayang
antawisipun :

1. Wayang Bѐbѐr, wujudipun lulang ingkang sinungging tanpa tinatah lan


mendhet lamapahan cariyos Panji
2. Wayang Purwa, wujudipun lulalang ingkang sinungging lan inukiran, mendhet
lampahan cariyos Mahabharata lan Ramayana.
3. Wayang Madya, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran, mendhet
lampahan cariyos Jaman Jayabaya, Gendrayana lan Yudhayana.
4. Wayang Golek, wujudipun saking kajeng ingkang inukiran, mendhet lampahan
cariyos menak menawi ing Jawa lan Mahabharata menawi ing tanah
Pasundan.
5. Wayang Klithik, wayang ingkang nyariyosaken babad tanah jawa lan
Pasundan, wujudipun kadamel saking kajeng nanging saemper wayang kulit.
6. Wayang Gedhog, wandhanipun saemper wayang kulit purwa, bentenipun
namung mboten mawi gelung supit urang, cariyosipun mendhet lampahan
saking cariyos Panji.
7. Wayang Kancil, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran mawi
gegambaran sato kewan lan mendhet lampahan cariyos para kewan.
8. Wayang wong, wayang ingkang paraganipun tiyang lan mendhet lampahan
Mahabharata lan Ramayana.
CARIYOS WAYANG

Saking jinisipun wayang ingkang sampun sinebat ing nginggil kalawau,


namung wayang Purwa ingkang kathah dipungandrungi dening tiyang jawa,
wayang punika mendhet saking babon Mahabharata lan Ramayana ingkang
sampun rinonce dening para pujangga Jawa satemah wonten bentenipun kaliyan
babon asli saking India. Awit wayang punika rumiyin minangka salah satunggaling
sarana dakwah para Wali, pramila sarining cariyos India ingkang taksih mambet
kaliyan Hindhu dipunkirangi sekedhik mbaka sekedhik ngantos mboten katingal
Hindhunipun.
Babon aslinipun ingkang saking india punika winastan kitab Mahabharata
lan Ramayana. Mahabharata punika salah satunggaling kitab suci tumrap tiyang
Hindhu India ingkang isinipun nyariyosaken gumelaring jagad wangsa Bharata
ingkang dipunwastani Pandhawa lan Kurawa, ugi nyariyosaken gumelaring
perang ageng Bharatayudha. Wonten ing cariyos punika kawontenan perang
mboten namung dipunjalari rebutan nagari, namung ugi minangka pralambang
tedhakipun Wisnu minangka Kresna ingkang nedya nggulung kamurkan saha
kliliping jagad lumantar Arjuna lan para Pandhawa.
Mahabharata punika ug sinebat Astadasa parwa, awit wujudipun wonten
wolulas bab, saking wolulas bab punika, namung wolung parwa ingkang ngantos
wekdal punika saged dipunpanggihi sinungging mawi sastra Jawa kina
antawisipun :
Adiparwa, nyariyosaken yajna sarpa (ngurbanaken sakabehing naga
salumahing jagad) dening Raja Janamejaya putranipun Prabu Parikesit,
wayahipun raden Abimanyu utawi buyutipun Arjuna. Lan asal-usulipun
Pandhawa-Kurawa ngantos dumugi dhaupipun Arjuna kaliyan Sumbadra.
Wirataparwa, nyariyosaken lelampahanipun para Pandhawa ing nagri Wirata
Udyogaparwa, nyariyosaken lampahan Kresna duta
Bhismaparwa, nyariyosaken jumenengipun resi Bhisma minangka senapati
perang Kurawa lan Bhagawan Gita sarta perang ageng Bharatayudha
CARIYOS WAYANG

Asramawasaparwa, nyariyosaken lampahan sasampunipun perang

Bharatayudha.
Moslaparwa, nyariyosaken lampahan sirnaning bangsa Yadu kawulanipun

prabu Kresna.
Prasthanikaparwa, nyariyosaken jumenenganipun Parikesit minangka ratu ing

nagri Astina.
Swargarohanaparwa, nyariyosaken sedanipun para Pandhawa lan

kawontenan ing jaman kalanggengan.

Makaten ugi Ramayana, menawi salebeting Mahabharata Wisnu tedhak ing


ngalam donya minangka Kresna. Salebeting Ramayana, Wisnu tedhak ing donya
minangka Ramamingkang kagungan jejibahan nggulung angkara murkanipun
Rahwana ratu ing Alengka. Kitab Ramayana wonten pitung kandha (bab),
antawisipun :
Balakanda, nyariyosaken lelampahanipun prabu Dasarata

Ayodyakanda, nyariyosaken lelampahan alitipun Rama ngantos sayembara

Sinta lan dhaupipun Rama kaliyan Sinta.


Aranyakanda, nyariyosaken lelampahanipun Rama, Sinta lan Lesmana ing

madyaning wana lan cariyos Rahwana ndusta Sinta.


Kiskindhyakanda, nyariyosaken lelampahanipun Subali lan Sugriwa

Sundarakanda, nyariyosaken lelampahan Rama tambak lan cariyos Anoman

obong
Yudhakanda, nyariyosaken lampahan perang antawisipun Rama lan Rahwana

Uttarakanda, nyariyosaken lampahan sasampunipun perang lan cariyos Sinta

obong.
CARIYOS WAYANG

Punika warnanipun kitab kalih ingkang dados babon lampahan ringgit ing
pagelaran wayang purwa jawa, nanging sinaosa babonipun punika cariyos saking
kitab kekalih sampun dipunentha lan ronce miturut raos Jawa ingkang sampun
salin rasuk agama rasul inggih punika Islam ingkang dinakwah dening para wali
sanga saking kasultanan Demak Bintara. Wondene urut-urutanipun cariyos
punika ngantos dados pakem ing pagelaran wayang purwa inggih punika :
JEJIBAHAN KANGGE SISWA

Sasampunipun nyinau materi ing nginggil, kawangsulana


pitakenan ing ngandhap punika mawi basa jawa ingkang sae !

1. Katerangna kapan mula bukanipun/ wiwitan wonten pagelaran


wayang !
2. Katerangna 3 teori/ golongan ingkang nerangaken asalipun wayang ?
3. Katerangna kadospundi lampahipun pagelaran wayang rikala jaman
Kediri, Majapahit, Demak lan Mataram Islam !
4. Kadospundi bentenipun wayang Beber lan wayang Purwa ?
5. Punapa bentenipun lampahipun cariyos Mahabarata lan Ramayana ?

***SUGENG MAKARYA ***

Anda mungkin juga menyukai