Anda di halaman 1dari 8

PERTEMUAN 1

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas/Semester : IX/Gasal
Kompetensi Dasar : Memahami cerita wayang
Ramayana lakon Anoman Duta
Materi : Cerita Ramayana AnomanDuta
A. UNSUR INTRINSIK
1. Tema
Tema minangka ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari
lakuning carita.
2. Setting
Setting minangka latar belakang kang mbiyantu cethaning lakuning
carita. Setting ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya.
3. Punjering carita (sudut pandang)
Sudut pandang diperang dadi 3, yaiku:
a. Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh lan tembung sesulih
wong kapisan (kataganti orang pertama), nyritakake apa kang dilakoni,
lan ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi tembung-tembung
dhewe.
b. Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh bawahan, dheweke
luwih akeh ngamati saka sanjabane carita tinimbang sajroning carita.

Pengarang biayasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (kata


ganti orang ketiga).
c. Pengarang nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke
sanyatane dumunung ing sanjabane carita, mung sarwa nyawang,
ngrungokake,lan ngerti. Dheweke nyawang tokoh nganti tekan
sajroning pikiran lan atine. Mula pengarang ing kene bisa nyritakake
rahasia batine tokoh.
4. Alur/plot
Alur/plot yaiku rerangkening/ cengkoronganing prastwa/ kadadeyan.
Alur diperang dadi 2, yaiku alur maju (progresif) yaiku yen prastawa iku
lumaku kanthi trep-trepan adhedhasar kronologi tumuju ing alur carita.
Dene alur mundur (flash back progresif) yaiku dumadi saka kang ana
sesambungane karo prastawa kang lagi dumadi.
5. Penokohan
Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga/ pelaku. Paraga
bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan
sapiturute.
6. Gaya Bahasa
Gaya bahasa yaiku gaya kang digunakake ing carita.
B. UNSUR EKSTRINSIK
Unsur iki ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang,
lan sapiturute, sanjabane unsur intrinsik.
Gatekna carita Wayang Ramayana ing andhap menika kanthi permati!

Anoman Duta (1)


Anoman menika jejering rewanda ingkang awarna seta, pramila
Anoman ugi winastan Rewanda Seta. Piyambakipun putranipun Bathara
Bayuingkang patutan kaliyan Dewi Anjani. Ibunipun Anoman inggih menika
Dewi Anjani, sedherekipun Subali saha Sugriwa. Nalika kautus dening Raden
Ramawijaya, lampahipun Anoman nemahi pambengan ingkang matumpa-
tumpa. Tanpa kanyana saderengipun, Anoman dipunracun dening
satunggaling dewi ingkang suwaunipun kaanggep mitulungi ngantos
piyambakipun nemahi wuta. Begja dene wutanipun Anoman kenging
kausadani dening garudha satemah waluya jati.
Anoman nglajenganken lampah. Dereng dumugi panggenan ingkang
dipuntuju, piyambakipun bandayuda kaliyan Wil Kathaksini, rasekasa
ingkang nguwaosi samodra ingkang tumuju dhateng nagari
Ngalengkadiraja. Uwal saking regemaning ditya samodra, Anoman kasil
tumuju Taman Asoka ing nagari Ngalengkadiraja, papanipun Dewi Shinta
kasingidaken. Ing taman menika Anoman kepanggih kaliyan Trijatha,
putrinipun Raden Gunawan Wibisana punika rayinipun Prabu
Dasamuka.Sumerep kaelokanipun Sang Rewanda Seta, Trijatha wuyung,
kasengsem dhumateng Sang Rewanda Seta.
Lantaran Trijatha Anoman kasembadan pinanggih kaliyan Dewi Sinta.
Anoman lajeng nyaosaken kalpika, inggih ali-ali kagunganipun Raden Rama
katur Sang Dewi. Pepanggihan menika kasumerepan dening Indrajit,
Putranipun Prabu Dasamuka. Anoman lajeng kapikut, kasowanaken ing
ngarsanipun Prabu Dasamuka. Nata Ngalengkadiraja murka, Anoman
kapidana besmi. Keplasipun Anoman kaobong. Eloking kadadosan, latu
kaobat-abitaken ngantos waradin sanagari. Ngalengkadiraja dados karang
abang, kajawi Taman Asoka. Paripurna anggenipun ngawuningani Dewi
Sinta, Anoman arsa mundur, matur Raden Ramawijaya. Raden Anoman
sembada ngentasi karya, dinuta dening Raden Ramawijaya. Dumugi ing
tepis wiringing praja, Anoman kepanggih Raden Gunawan Wibisana
ingkang kapidhara(semaput).
A. Kaserata tembung-tembung ingkang dereng ngertos tegesipun, lajeng

tegesana ngagem kamus utawi diskusi kalih kanca!

B. Kaserata unsur Intrinsik carita “Anoman Dhuta” ing inggil!

C. Diskusi saged lumantar sarana komunikasi upamanipun kaya WA lan

liya - liyane!

D. Wangsulan saged diserat ing kertas, difoto lan dikirimaken

dhumateng Bapak/Ibu Guru mawi daring!

Anda mungkin juga menyukai