Anda di halaman 1dari 4

NITENI STRUKTUR TEKS

Lakoning crita sajerone wayang, bisa dingerteni lumantar lakoning paraga, pamaragan, utawa
sesambungane personase, patrap lan pocape paraga. Sajerone lakon wayang, bab mau maujud
lumantar aktivitas lan makna kang kohesif utawa trep. Sesambungan mau mangun sawijine struktur
reriptan naratif. Jrone reriptan fiksi Jawa kang jangkep, sesambungan mau arupa:
1. struktur tematik (underane prakara),
2. struktur ruwang (papan tumindake lakon),
3. struktur waktu (titi wancine sawijine lelakon kaleksanan), lan
4. struktur wewatakan (naratif).
Kejaba iku, peprincene struktur karya, kawawas saka struktur generike, uga bisa kawancah dadi
papat; yaiku: orientasi, komplikasi, resolusi, lan koda (coda).
Kanggo niti struktur utawa wangunane teks wayang, kudu migatekake urut- urutan critane.
Banjur perangane teks wayang kang kowaca, pilah-pilahna adhedhasar perangan struktur generik
urut-urutane caritane, kaya ta:
1. Pambuka (orientasi), arupa perangan pambukane carita. Perangan iki kawedhar kanggo
nepungake para paragane, swasana kang dumadi, lan pamurwane lelakon, tumuju carita
sabanjure.
2. Pasulayan utawa konflik (komplikasi), arupa perangan teks kang isine bab ngrembakane
sakehe perkara. Perkara-perkara kang diadhepi dening para paragane carita wayang mau, lan,
perangan
3. Pangudhare (resolusi), kabeh prakara kang dumadi mau. Perangan iki arupa pamungkasane
pasulayan utawa dredah jrone carita, sarta
4. Panutup (coda), arupa panintinge dudutan dening para pamaca atau pamiyarsa.
No Perangan Struktur Cuplikan Saripatine Carita
1. Pambuka Praja Ngamarta nagarane Para Pandhawa, konclang kaya
(Orientasi) katerak dahuru. Wis ana pirang-pirang wektu, negara Amarta
kena pageblug, katekan lelara nggegirisi. Akeh para nayakane
praja, sentana, dalah kawula kang nandhang cintraka. Kahanan
mau kawiwitan saka murcane kabeh piyandele kadang
Pandawa, arupa sawernane sanjata sekti.
2. Pasulayan 1. Saka pratikele Patih Sengkuni Kurawa nganggep yen
(Komplikasi) kahanane iki mujudake sawijine kalodhangan kanggo
nyirnakake para Pandhawa.
2. Para Kurawa satus lan Narpati Basukarna kaperjaya dening
Sang Nagarangsang,
3. Raden Arjuna nembe mangun semedi
4. Raden Janaka banjur midhanget pisambate Patih Sengkuni
dalah Pandhita Durna kang nembe ginawa mlayu dening
Jim sakembaran.
5. Kanthi migunakake minyak Jayengkaton, Raden Arjuna
bisa ngonangi playune Jim Pesatnyawa dalah
Sambernyawa, perang nanging Raden Arjuna asor yudane,
lan gugur ana pabaratan. 6.
6. Petruk, ya Ki Lurah Kanthongbolong punakawan para
kadang Pandawa, sejatine sawijine gandarwa saka nagara
ing dhasare samudra.
7. Petruk namur laku lan ngedegne pratapan madeg dadi
pendhita, sesilih Ajar Panyukilan.
8. Kejaba ulah tapa, Ajar Panyukilan kang awatak loman,
dhemen aweh usada tumrap kawula kang nandhang lelara.
9. Dene Ki Lurah Semar, Gareng dan Bagong sowan marang
Praja Ngamarta nyuwun pambiyantune putra Pandhawa.
10.Para satriya mau banjur ngamuk punggung ana praja
Cundharante. dipapagake Sang Nagarangsang, Raden
Wrekudara, Raden Gatutkaca, Raden Antareja, Raden
Setyaki, sarta para satriya liyane, kasoran lan tiwas ana
madyane paprangan.
3. Pangudharing 1. Raden Abimanyu minta sraya marang Ajar Panyukilan,
Prakara (resolusi) 2. Kadang Pandhawa lan para putra kang nemahi tiwas,
diusadani denging Sang Ajar, waluya temahe jati.
3. Adipati Karna kang nandhang wuta, bisa saras maneh.
4. Ajar Panyukilan uga pininta sraya dadi Senapatine prang
lumawan Praja Cundharante.
5. Kabeh tetunggule praja Cundharante bisa kasor yudane
dening Ajar Panyukilan
6. Kena upase Nagarangsang, Ajar panyukilan badhar dadi Ki
Lurah Petruk.
7. Ki Lurah Petruk namakake pusaka Kembang Candra
Urawan marang Nagarangsang sak wadyabalane.
Nagarangsang badhar dadi pusaka Dwarawati,
pusakanePrabu Kresna awujud sanjata Cakra Baskara.
Jimsakembaran badhar dadi Raden Antasena dalah
RadenIrawan.
8. Kadang Satriya Kajiman saka Cudharante malih rupa, bali
wujud pusaka piyandele kadang Pandhawa.
9. Ratune kajiman kang bela pati kataman Kembang
CandraUrawan badhar dadi Raden Sadewa, dene kembang
CandraUrawan malih dadi cangkok Wijaya Kusuma,
piyandelePrabu Kresna.
4. Panutup, dudutan Gancaring carita, Praja Ngamarta lan Dwarawati bali marang
(Coda) kahanan sakawit, gemah ripah loh jinawi, tata titi tentrem karta
raharja. Kabeh bisa rumangsa, suradira jayaningrat, lebur
dening pangastuti‖, Sapa salah baka

KUIS !!!
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi singkat kanggo njembarake
kawruhmu ngenani uruturutaning struktur teks carita wayang kanthi irah-irahan Petruk madeg
pandhita‖ mau.
1. Ing perangan pambuka, teks carita Petruk Madeg Pandhita‖ kawiwitan swasana apa?
2. Kepriye pamawasmu yen swasanane carita diowahi, beda karo lakon carita mau?
3. Kepriye yen pambukane lakon carita wayang kawiwitan kanthi sawijine konflik utawa
pasulayan?
4. Apa saben pasulayan utawa konflik kudu dirampungi kanthi resulusi utawa pangudharing
prakara?
5. Saupama ana sawijine lakon utawa carita wayang kang ora nduweni pangudhare prakara,
caritane bisa luwih apik apa malah dadi ala?

Anda mungkin juga menyukai