BASA JAWA
1. Identitas
KD 3.6 Mengidentifikasi guru gatra, guru lagu, dan guru wilangan; menganalisis unsur-
unsur pembangun; menyimpulkan nilai-nilai yang terkandung di dalam; dan mengevaluasi
relevansi pitutur luhur dengan kondisi masyarakat saat ini teks Serat Tripama pupuh
dhandhanggula secara lisan atau tulisan
KD 4.6 Memberitanggapan isi Serat Tripama pupuh dhandhanggula, menulis syair tembang
Dhandhanggula, membetulkan kesalahan syair tembang Dhandhanggula tulisan teman, dan
menyajikan tembang Dhandhang-gula buatannya secara lisan atau tulisan
g. Materi Pembelajaran
Dhandhanggula saka tembung dhandhang sayektine jinising kewan manuk kang saben
menclok nyuwara nggaok-gaok, umume diarani manuk gagak. Saka tembung kuwi
ndhandhang ateges cewer utawa seneng omong ing ngendi peran. Gula ateges
samubarang kang legi. Adhedhasar saka pangerten kasebut. Dhandhanggula ngemu
surasa pitutur kang becik. Mula tembang dhandhanggula pantese kanggo aweh pitutur
bab kebecikan. Watak tembang dhandhanggula iku luwes, seneng lan gumbira.
Chatarina Putri, S.Pd /BAHASA JAWA/MIPA-IPS-BB/SEMESTER 5 & 6/TP 2020-2021 45
Guru Gatra Guru Guru Lagu
Wilangan
10 i
10 a
8 e
7 u
9 i
10 7 a
6 u
8 a
12 i
7 a
Wos kang kamot ing tembang Dhandhanggula serat Tripama :
1. Serat tripama ngandharake babagan patuladhan, tokoh kepahlawanan saka
crita Ramayana ing perangan lakon Sumantri Ngenger, Kumbakarna Gugur, lan
crita Mahabarata lakon Adipati Karna Gugur.
2. Serat Tripama ngajarake wong kang ngabdi kudu duwe sarat sarana guna, kaya
lan purun. Dadi abdi iku kudu pinter, bias gawe sugih negarane lan manut
marang Negara sartarajane. Iku ginambarake dening tokoh patih Suwanda kang
bekti lan setya marang negarane. Kayadene tokoh Sumantri kang ngenger
marang prabu Arjuna Sasra bahu setya lan miturut kabeh dhawuh pangandika
ning Gustine.
3. Serat Tripama uga ngajarake supaya dadi warga Negara kudu duwe sikep
nasionalisme kang wani ngetoh kejiwa lan ragane kanggo mbelani negarane.
Sikep iki kayadene Kumbakarna kang mbelani Negara Ngalengka saka
pangamuke wadyabala Ramawijaya, iki minangka wujud sikep nasionalisme.
4. Patuladhan sabacute ing Serat Tripama, yaiku tokoh Adipati Karna. Tokoh iki
minangka dadi sawijining punjering crita Mahabharata ing perang Bharatayuda.
Sanajan, wisngerti yen dheweke iku sedulur tuwane para Pandhawa, nanging
nalika perang Bharatayuda ora mbelani sedulure nanging mbelani Negara
Ngastina kang wis nggendhekake lan disuwitani.
Bait 2.
Lire lalabuhan triprakawis;
Guna bisa saniskareng karya;
Binudi dadya unggule;
Kaya sayektinipun;
Duk bantu prang Manggadanagri;
Amboyong putri dhomas;
Katur ratunipun;
Purune sampun tetela;
Aprang tanding lan ditya Ngalengka nagri;
Suwanda matingrana
Bait 3.
Wonten malih tuladan prayogi;
Satriya gung nagri ing Ngalengka, Sang Kumbakarna arane, Tur iku warna diyu;
Suprandene nggayuhutami;
Duk wiwit prang Ngalengka, dennya darbe atur;
Mring raka amrih raharja. Dasamuka tan keguh ing atur yekti;
Dene mengsahwanara.
Bait 4.
Kumbakarna kinen mangsah jurit;
Mring kang raka sira tan lenggana;
Nglungguhi kasatriyane; Ing tekad datan purun;
Amung cipta labuhnagari;
Lan noleh yayah rena;
Nyang leluhuripun;
Wus mukti aneng Ngalengka mangke;
Arsa rinusak ing bala kapi;
Punagi mati ngrana.
Bait 6.
Den mungsuhken kadange pribadi;
Aprang tanding lan Sang Dananjaya;
Sri Karna suka manahe;
Dene nggenira pikantuk;
Marga denyaarsa males sih;
Ira Sang Duryudana;
Marmanta kalangkung;
Bait 7 :
Katri mangka sudarsaneng Jawi;
Pantes lamun sagung pra prawira;
Amirata sakadare; Ing lelabuhanipun;
Awya kongsi buang palupi;
manawa tibeng nista;
Ing estinipun;
Senadyan tekading budya;
Tan prabeda budi panduming dumadi;
Marsudi ing kotaman.
Denya ngetok kasudiran;
Aprang rame Karna mati jinemparing, Sumbagawiratama.
2. Pasinaon
Tegese tembung :
yogyanira = becike, sebaiknya.
prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, tentara.
kadya = lir, pindha, kaya, seperti.
nguni = jaman biyen, dahulu kala.
andelira = andel-andele , andalan.
lelabuhanipun = jasane, jasa.
ginelung = diringkes, dipadukan.
guna = kapinteran, kepandaian.
kaya = bandha donya, kekayaan.
purun = wani, gelem, keberanian.
nuhoni = netepi, menepati.
trah = turun, tedhak, keturunan
utama = becik, apik, terbaik.
lir = kaya, teges, makna, arti.
saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang.
karya = gawe, kardi, pekerjaan.
binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan.
sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya.
duk = nalika, ketika.
dhomas = 800. samas = 400.
tetela = cetha, terang, jelas.
aprang tandhing = perang ijen lawan ijen, perang satu lawan satu.
ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, raksasa.
ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang.
suprandene = parandene, sanajan mangkono, walaupun demikian.
darbe = duwe, mempunyai.
raka = kakang, kakak.
1. Nemtokake isi saben pada kang ana ing serat Tripama Dhandhanggula!
Kagiyatan Pasinaon 3
Kagiyatan Pasinaon 4
Gathukna pitakonan ing sisih kiwa karo wangsulan ing sisih tengen!
PITAKONAN WANGSULAN
10 Tegese lir J I
12 Tegese kadang L a
15 Tegese marsudi O 7
Penutup
No Pertanyaan Ya Tidak
Jika anda menjawab “TIDAK” pada salah satu persamaan di atas, maka pelajarilah materi
tersebut dalam Buku Teks Pelajaran dengan bimbingan teman sejawat ataupun guru
anda. Apabila anda menjawab “YA” pada semua pertanyaan, maka lanjutkanlah dengan
meminta penilaian harian kepada guru anda.