Anda di halaman 1dari 7

Serat Tripama.

1. Bambang Sumantri
Lakon Bambang Sumantri dijlentrehake ing pada 1 lan 2 Serat Tripama

Pada 1

5 6 1 2 5 6 1 2

2 5 6 6 6 İ İ İ İ İ
Yo gya ni ra kang pa ra pra jurit;
İ İ 6 6 6 6 6 6 6 6
Lamun bi sa si ra a nu la da;
5 6 6 6 6 6 65 5
Duk ing ngu ni ca ri ta ne;
5 6 6 6 6 İ 6
An de li ra Sang Pra bu;
5 5 2 2 2 2 2 2 16
Sa sra ba hu ing Ma es pa ti;
1 2 2 2 2 2 2
A ran pa tih Su wa nda;
1 1 6 6 16 5
La la bu ha ni pun;
1 2 2 2 2 2 2 2
Kang gi ne lung tri pra ka ra;
2 2 1 6 6 6 6 6 6 1 2 2
Gu na ka ya pu ru ne kang den an te pi;
5 6 1 6 2 1 61
Nu ho ni trah u ta ma.
Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna,
andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda.
Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes,
dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama
Pada 2

Lire lalabuhan triprakawis;


Guna bisa saniskareng karya;
Binudi dadya unggule;
Kaya sayektinipun;
Duk bantu prang Manggada nagri;
Amboyong putri dhomas;
Katur ratunipun;
Purune sampun tetela;
Aprang tanding lan ditya Ngalengka nagri;
Suwanda mati ngrana
Tegese lelabuhan telung prakara yaiku: 1. guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi
unggul, 2. kaya: nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake
marang ratu, 3. purun: kekendale Wis ńyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu
negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.
Lakon kapisan kang dadi patuladhan para wira tamtama yaiku Patih Suwanda.
Dheweke dadi patih sing disenengi Prabu Harjunasasrabahu ing Negari Maespati. Nalika
isih ning pertapan, Suwanda dijenengake Bambang Sumantri. Patih Suwanda kondang
kekendelane, bisa ngayahi kabeh jejibahan saka Prabu Harjunasasbahu. Dheweke dadi
sawijining tuladha abdi kang tansah setya tuhu nalika nglakoni amanah sing diemban, yaiku
mboyong citrangada lan 800 pangiringe. Suwanda gugur ing tengahing palagan perang
Iawan Dasamuka. Dheweke duweni telu sipat kang bisa dadi piwulang becik kanggo
manungsa saiki.
a. Guna: ateges pinter, wasis lan trampil nalika ngabdi marang bangsa lan nagarane.
Patih Suwanda uga ngisi awake maneka ngelmu sekti.
b. Kaya: ateges amanah marang kang dititahake lan bisa dipercaya. Kang dadi bukti
nalika Patih Suwanda diutus raja nggawa bandha kasil rampasan perang digawa
kanthi ngati-ati tanpa digunakake dhewe.
c. Purun: ateges kendel nalika dhewe lan bebarengan kanthi tekad kang gedhe.
2. Kumbakarna
Lakon Kumbakarna dijlentrehake ing pada 3 lan 4 Serat Tripama
Pada 3

Wonten malih tuladan prayogi;


Satriya gung nagri ing Ngalengka,
Sang Kumbakarna arane,
Tur iku warna diyu;
Suprandene nggayuh utami',
Duk wiwit prang Ngalengka,
dennya darbe atur;
Mring raka amrih raharja.
Dasamuka tan keguh ing atur yekti;
Dene mengsah wanara.
(Ana maneh tuladha sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara
Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta, parandene kepengin
nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur marang
ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu
guneme mung mungsuh bala kethek,)
Pada 4
Kumbakarna kinen mangsah jurit;
Mring kang raka Sira tan lenggana;
Nglungguhi kasatriyane;
Ing tekad datan purun;
Amung cipta labuh nagari;
Lan noleh yayah rena.,
Nyang leluhuripun;
Wus mukti aneng Ngalengka mangke;
Arsa rinusak ing bala kapi,
Punagi mati ngrana.
(Kumbakarna didhawuhi maju perang; ora mbantah jalaran nglungguhi (netepi)
watak satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara, Ian ngelingi bapak ibune
sarta leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak bala kethek. Luwih
becik gugur ing paprangan.)
Lakon kapindho kang dadi patuladhan (Rahwana) ing serat saka Tripama
Alengka. yaiku Sanadyan Kumbakarna. KUmbakamaSing Ora liya sedulur adhi Prabu
Dasamuka awujud raseksa, dheweke duwe tekad pengen urip ing kamulyan. Dheweke
mujudake watak kang tansah mbelo marang nagarane. iku kabukti nalika Alengka
diserang bala prajurit kethek, Kumbakarna maju ngarep dhewe numpas sapa bae sing
nyerang nagarane. Ora pedhuli nalika iku negarane ing dalan kang bener apa salah. Iku
wujud watake kang tansah mbela nagarane, nanging ora mbela kakangmas dasamuka
kang ora bener. Wasana Kumbakarna gugur ing palagan perang klawan wadyabala
kethek. Pangajabe luwih becik gugur ing tengahing palagan karana mbela bangsa
nagarane.

3. Adipati Karna
Lakon Adipati Karna dijlentrehake ong pada 5 lan 6 Serat Tripama
Pada 5
Wonten malih kinarya palupi;
Suryaputra narpati Ngawangga;
Lan Pandawa tur kadange;
Len yayah tunggil ibu;
Suwita mring Sri Kurupati;
Aneng nagri Ngastina;
Kinarya gul-agul;
Manggala golonganing prang;
Bratayuda ingadegken senopati;
ngalaga ing Kurawa
(Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku Raden Suryaputra ratu ing
negara Ngawangga. Karo Pandawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu. Raden
Suryaputra suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake
manggalaning (panglima) prajurit Ngastina nalika ing Perang Bratayuda.
Pada 6
Den mungsuhken kadange pribadi;
Aprang tanding lan sang Dananjaya;
Sri karna suka manahe;
Dene nggenira pikantuk;
Marga denya arsa males Sih;
Ira sang Duryudana;
Marmanta kalangkung;
Denya ngetok kasudiran;
Aprang rame Karna mati jinemparing,
Sumbaga wiratama.
(Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku Raden Arjuna (Dananjaya). Prabu
Karna seneng banget atine jalaran oleh dalan kanggo males kabecikane prabu
Düryudana. Mulane banget anggone ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane Karna
gugur kena
Lakon katelu kang dadi patuladhan ing Serat Tripama yaiku Adipati Karna.
Sejatine Suryaputra isih sedulur kandunge Pandawa (padha ibu nanging beda bapak).
Wiwit lair Karna ora urip bareng Pandawa, nanging digulawenthah dening kusir
Adirata kang nemokake Karna nalika isih bayi abang. Nganti'diwasa, dheweke
didadekake adipati ing Negari Ngawangga.'Karna rumangsa duwe utang budi marang
Duryudana lan ngucap setya bakal mbela Duryudana. Watak loyalitas iku kabukti
sadawane uripe Adipati Karna tansah mbela Prabu Kurupati nganti tekan patine
senajan kudu ngalahake sedulur kandhunge dhewe. Wasana Karna gugur kena panah
saka Arjuna.
Pada 7
Katri mangka sudarsaneng Jawi;
Pantes lamun sagung pra prawira;
Amirita sakadare; Ing lalabuhanipun;
Aja kongsi mbuwang palupi;
Manawa tibeng nistha;
Ina esthinipun;
Sanadyan tekading buta;
Tan prabeda budi panduming dumadi;
Marsudi ing kotaman.
(Katelu (pahlawan) minangka tuladha wong Jawa, iku patut kanggo kabeh
perwira, njupuk minangka tuladha yen perlu, (yaiku) babagan sumbangsihe, aja
nganti mbuwang tuladha, apa maneh ceblok ina, asoring pangimpen, senadyan tekad
kaya raseksa, ora ana bedane ing budi miturut jangkane, ngangsu kawruh kanggo
entuk kabecikan).
Pada pungkasan njlentrehake 3 Iakon sing Wis kasebutake ing pada siji
nganti nenem iku patut dadi patuladhan kanggo wong Jawa. Dadi manungsa kudu
tansah mbela, mbudi daya lan rumangsa andarbeni marang bangsa nagarane. Sari
pathi sing kamot ing Serat Tripama yaiku kaya mangkene.
a. Serat Tripama ngandhut konsep bela nagara kang ana ing saben larik.
b. Kawruh bab tresna marang bangsa lan nagara.
c. Perkara bangsa lan nagara iku luwih utama tinimbang perkara pribadi.

Tegese Tembung
Agul-agul = andel-andel, andelan
Amirita = nirua, ikutilah.
Andelira = andel-andele, andalan
Aprang tandhing = perang ijen lawan ijen, perang satu lawan satu.
Arsa = arep, ayun, apti, akan.
Binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan.
Datan = tan, ora, tidak.
Darbe = duwe, mempunyai.
De mung = dene mung, jalaran mung, hanya karena.
Dhomas = 800 amas = 400
Ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, rasaksa.
Duk = nalika, ketika.
Dumadi = titah, makhluk.
Ginelung = diringkes, dipadukan.
Guna = kapinteran,kepandaian.
Jinemparing = jemparing + in = dipanah
Kadang = sedulur, saudara.
Kaya = bandha donya, kekayaan.
Karya = gawe, kardi, pekerjaan.
Kasudiran = kekendelan, kasekten, kesaktian.
Katri = katelu, ketiga.
Kinarya = karya + in = digawe, dipakai.
Kinen = ken + in = dikongkon, diutus, diperintah.
Kotaman = ka + utama + an = keutamaan.
Kongsi = nganti, sampai.
Labuh = berjuang.
Lelabuhanipun = jasane, jasa.
Lenggana = nolak, mbantah, menolak.
Lir = kaya, teges, makna, arti.
Manahe = atine, hatinya.
Manggala = panglima.
Mangsah jurit = maju perang, menuju ke medan laga.
Marmanta = marma + anta = sebabe, sebabnya.
Myang = lan, dan.
Marsudi = ngupaya, nggolek i berusaha.
Narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra, raja.
Ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang.
Nguni = jaman biyen, dahulu kala.
Palupi = contoh, sudarsana, tuladha, contoh.
Prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, prajurit.
Pikantuk = oleh, mendapat.
Punagi = sumpah.
Purun = gelem, wani, keberanian.
Raka = kakang, kakak
Raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng, selamat, sejahtera.
Saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang.
Sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya.
Senapati = pangedhene prajurit, pemimpin perang, panglima perang.
Sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, dia.
Sudarsaneng = sudarsa + ing = contoh.
Sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya, terkenal.
Suprandene = parandene, sanajan mangkono, walaupun demikian.
Suwita = ngabdi, menghamba.
Trah = turun, tedhak, keturunan.
Tetela = cetha, terang, jelas.
Utama = becik, apik, terbaik.
Wanara = kethek, kapi, rewanda, kera.
Wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul, prajurit yang hebat.
Yayah rena = bapak ibu, ayah dan ibu.
Yogyanira = becike, sebaiknya.

Anda mungkin juga menyukai