Anda di halaman 1dari 2

Salasilah Pandawa

Prabu Kresnadipayana inggih Prabu Abiyasa kagungan putra tiga.Putra


pambajeng asma Dhestarastra,ingkang panggulu asma Pandu,saha wuragilipun
asma Yama Widura.Putr tiga punika sedaya cacad.Destarastra kagungan cacad
paningal utawi wuta.Pandhu cacad tengeng,Saha Yama Widura cacad gejig.
Sareng Prabu Abiyasa sampun sepuh,nigari Ngastina dipun paringaken
dhateng Pandu,kanthi jejulukPandhu Dewanata.Prabu Abiyasa lajeng mandheg
mandhita wonten ing Redi Retawu utawi wonten ing Sapta Arga Wukir Retawu
kanthi asma Begawan Abiyasa.
Prabu Pandhu lajeng dhaup kalian Dewi Kunthitalibrata,putri Prabu
kunthibojo nata ing Madura,peputra tiga asma Yudhistira,Brantasena,saha
Arjuna.Dene kalian Dewi mdrim,putri Prabu Mandrapati nata ing
Mandraka,peputra kembar asma Nakula saha Sadewa.Prabu Pandhu boten dangu
jumeneng nata lajeng seda,semanten ugi Dewi Madrim.Nalika seda putra gangsal
wau tasih alit-alit.Putra gangsal ingkang kawastananPandhawa punika lajeng
kaemong dening Dewi Kunthi.
Sasedanipun Prabu Pandhu Dewanata ingkang jumeneng nata ing Ngastina
inggih punika Dhestarastra.Prabu Destarastra daup kalian Dewi Gendari kagungan
putra cacah satus.Putra satus sewau lajeng kawastanan sata kurawa.Putra
pambajeng aran Jakapitana inking salajengipun jumeneng nataing Ngastina kanthi
asma Prabu Duryudana utawi Prabu Suyudana.
Pitakon iki wangsulana!

1. Pinten putranipun Prabu Abiyasa?


2. Sinten asma putra ingkang panggulu?
3. Punapa cacadipun putra pambajeng?
4. Sinten ingkang cacad tengeng?
5. Prabu pandhu kagungan putra pinten?
6. Sinten Dewi kunthi menika?
7. Sinten asma putra ingkang mijil kembar?
8. Genea sedaya putra dipun emong Dewi Kunthi?
9. Sasedanipun Pandhu sinten ingkang jumeneng nata ing Ngastina?
10. Genea Putranipun Dhestarastra kawastanan Sata Kurawa?

Anda mungkin juga menyukai