Anda di halaman 1dari 1

A.

Mbenerake Teks Pranatacara


Teks pranatacara ing ngisor iki akeh lupute. Dene sing luput antarane: Panulise tembung
(ejaan), pamilihing tembung (diksi) uga ukarane (struktur kalimat). Para siswa bisa
nambah, ngganti lan ngurangi tembung utawa ukara murih mathuke. Kanthi diskusi karo
kanca benerna, digarap ana lembar kertas nuli aturnu bapak/ibu guru!

PRANATACARA PENGETAN MAULID NABI

Assalamu,alaikum Wr. Wb.


Bapak-bapak, ibu-ibu kaum muslimin ingkang kawulo hormati, sumanggo ingkang sepindhah
sesarengan manjataken puji syukur alkhamdulillah wonten Ngarso Dalem Allah SWT dene kito
sedoyo taksih pinaringan rahmat saha kesehatan , saengga kito sedoyo saged makempal wonten
Masjid Annur meniko.
Saderenge acoro dipunmilahi, kulo minongko pengacara ing dalem pengetan Maulid Nabi
Muhammad SAW dalu meniko badhe macakaken urut-urutan susunan acoro pengaosan:
1. Acoro ingkang sepindhah, pembikaan
2. Acoro kaping kalih, inggih menika pembacaan Kalam Ilahi
3. Acoro kaping tiga sambutan saking takmir masjid
4. Dene acara kaping papat, acara inti inggih menika pengaosan ingkang dipunsampekaken
Panjenenganipun Ustadz. Drs. H. Abdullah Dimyati saking Sleman Ngayogyakarta
5. Salajengipun acara panutup.

Jamaah pengaosan ingkang satuhu kinurmatan, menika wau susunan acara pengetan
Maulid Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun disusun dening kadang panitya. Sumangga
acara enggal kamilahi kanthi maos Basmallah sesarengan, kula dherekaken.
----------------------------------------- maos Basmallah ------------------------------------
Acara sateruse pembacaan ayat-ayat suci Al Qur’an. Pramila
dhateng kadang Muhammad Rasyid, wekdal kula persilahaken, sumangga
--------------------------------- waosan ayat suci Al Qur’an -------------------------------
Mugi-mugi kanthi pembacaan Kalam Ilahi kalawau, Allah SWT, tansah paring lubering
kanugrahan dhumateng kula saha panjenengan sedaya.
Jamaah pengaosan ingkang kaparingan rahmat dening Allah SWT, menginjak acara salajengipun
inggih menika sambutan saking takmir masjid. Dhumateng Bapak H. Aziz Hanafi kasuwun
paring kata sambutan, sumangga.
-----------------------------------------pangandikan takmir masjid ------------------------------------
Tumapak acara inti, inggih menika pengaosan. Dhumateng Al-Mukaram Ustadz Drs. H. Abdullah
Dimyati kasuwun paring fatwanipun. Wekdal kaaturaken sacekapipun. Sumangga
----------------------------------------------------tausyiah -------------------------------------------
Mugi-mugi sedanten ingkang sampun kasampekaken dening Ustadz Drs. H. Abdullah Dimyati
saged migunani tumrap kula saha panjenengan sedaya. Bapak – ibu para jamaah rahimakumullah,
bok bilih anggen kula ngendika kathah lepat saha kekiranganipun, saestu kula nyuwun
agunging pangapunten. Sumangga acara ing dalu niki kita tutup kanthi bacaan tahmid
sesarengan...
--------------------------------------Alhamdulillahirabbil alamin---------------------------------------
Billahi taufiq wal hidayah,
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wa barakatuh.

Anda mungkin juga menyukai