Anda di halaman 1dari 2

Ringkêsaning Piwulangan Basa Jawa IX (Ganjil)

Teks Palapuran Asil Observasi


Taun Piwulangan 2020 / 2021

Pepeling:
Yen ngrungokake, kita bakal lali. (Kalau mendengar kita akan lupa)
Yèn nulis, kita bakal kelingan. (Kalau menulis, kita akan ingat)
Yen mraktekake, kita bakal bisa. (Kalau melakukan, kita akan bisa)

Cathetan:
Ing piwulangan iki, kowe kabèh takajak nyinaoni lan nganalisis teks palapuran asil observasi.
Ananging sakdurunge kowe nganalisis lan praktek observasi, kedah ngawruhi dhisik Struktur
Teks Observasi, kang kaya dene ing ngisor iki!
1. Struktur Teks Asil Observasi
Struktur Teks Observasi, iku kaperang dadi 3 yaiku:
a. Dhéfinisi umum / identifikasi
b. Deskripsi bagean / klasifikasi
c. Definisi manfaat / kagunan

Katrangan:
• Dhefinisi umum / idhentifikasi yaiku perangan utawa bagean sing nerangake
pangerten (definisi) umum saka bakune andharan (pokok persoalan) kang dirembug,
lumrahe isine ngrembug titikan (ciri-ciri), barang, tandha, lan sapanunggalane.
• Dheskripsi bagean / klasifikasi yaiku perangan kang ngandharake (menjelaskan) bab-
bab saka asile observasi kanthi awujud tulisan gancaran (prosa) deskripsi. Ing bagéyan
iki ditulis panemu-panemu lan bukti-bukti asil observasi. Saka pirang-pirang kahanan
nalika observasi ditulis kanthi setya lan rinci.
• Dheskripsi manfaat / kagunan yaiku perangan sing isiné dudutan (kesimpulan) lan
pangajab (harapan) utawa panyaruwé (saran) tumrap kahanan saka asil observasi sing
wis ditindakaké.

2. Ciri Bahasa Teks Palapuran Asil Observasi:


1. Isi teks kudu objektif.
2. Ditulis lelandhesan kasunyatan (fakta) nalika nindakake pengamatan.
3. Isi teks ora ngemot bab-bab kang nyimpang saka kasunyatan.
4. Ana tembung kriya (kata kerja) lan tembung wilangan (kata bilangan).
5. Nggunakake tembung-tembung tartamtu (istilah-istilah khusus) salaras karo objek
kang ditaliti. Tuladhane yen ngrembug babagan pertanian ya ana tembung-
tembung (istilah) ing babagan pertanian.

3. Teknik penulisan teks palapuran asil observasi


a. Mangerteni perangane (bagian-bagian) struktur asil observasi kang kaperang
dadi 3, yaiku:
1) Dhéfinisi Umum
2) Deskripsi Bagéan
3) Deskripsi Manfaat
b. Nemtokake cengkorongan (kerangka) teks tanggapan deskriptif;
c. Nemtokake bakune gagasan (pokok pikiran), yaiku ukara kang dadi punjere
informasi;
d. Njangkepi bakune gagasan karo ukara-ukara kang nerangake (kalimat penjelas);
e. Nyusun teks tanggapan deskriptif kanthi lelandhesan cengkorongan sing wis
digawe.

*** Matur Nuwun ***

Pakaryan:
1. Lha kanggo, bocah-bocah Kabeh ringkesan cathetan ing dhuwur coba salinen
maneh ing buku tulismu dhéwé-dhewe. Banjur photonen lan kirimen ing alamat
email ngisor iki!

arimustopa.sukses@gmail.com

2. Ing kegiyatan iki, coba kowe ngamati kahanan lingkungan kang ana ing
sakiwatengen (sekitar) omah. Banjur wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor
kang bisa didadekake lelandhesan (dasar) nyusun lapuran asil observasi.
1) Indhustri apa kang madeg ing sacedhaké omahmu ?
2) Apa indhustri kasebut kalêbu ramah lingkungan ?
3) Kepriye pembuangan limbah saka indhustri / pabrik kasebut ?
4) Manut panemumu limbah saka indhustri / pabrik kasebut mbebayani
tumrap lingkungan apa ora?
5) Apa warga masyarakat isih duwé pakulinan mbuwang uwuh (sampah)
menyang kali ?
6) Kepriye kahanane limbah kasebut tumrap lingkungan ing sacedhaké
?
7) Kepriye kahanane lingkungan alam ing sacedhaké omah, apa isih akeh
wit-witan kang asri ?
8) Kepriye kesadharane masyarakat ing sacedhaké omah, apa peduli
tumrap karesikan lan kesehatan ?
9) Kepriye tanggung jawabe pamarentah tumrap lingkungan ing
sacedhaké omah ?
10) Apa kang kok tindakake kanggo njaga karesikan lan kalestarene
lingkungan ?

**** Sugeng Makarya ****

Anda mungkin juga menyukai