Anda di halaman 1dari 1

Assalamu'alaikum wr. wb.

Ingkang kaulo hormati Bapak Kepala Sekolah lan Bapak Ibu Guru ingkang satuhu luhuring
budi lan rencang-rencang kelas enem ingkang kula tresnani.

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang
sampun maringaken sedoyo nikmat lan kesehatan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito
sedaya saged dateng wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Kula wakil saking kelas 6 ngaturaken agungeng panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru. Matur
nuwun Bapak/ Ibu guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah SWT. Saha tansah pinaringan
kasarasan. Kawilujengan lan ketentraman sahengga saged nggulawentah dhataeng adhik-
adhik sedaya ngantos dumugi lulus kanti biji ingkang sae-sae
Mboten kesupen kulo lan rencang-rencang ugi nyuwun pangapunten, awet kulo lan rencang-
rencang asring ndamel Bapak Ibu susah lan kaciwa, awit saking atur saha solah bawa kulo lan
rencang-rencang ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilarake pawiyatan menika amargi
sedoyo ingkang wonten dating mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Naming amargi
kulo lan rencang-rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi-
mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Allah SWT,
Amin…
Cekap semanten atur kula, menawi kathah kelepatan atur, kula nyuwun pengapunten.
Wassalamualaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai