Anda di halaman 1dari 1

PIDATO PERPISAHAN SISWA

Assalamu’alaikum. Wr. Wb.

Ketua Yayasan Bina Insan Kamil Sidareja ingkang tuhu kinabekten.


Kepala Sekolah ingkang pantes sinudarsana.
Ustadz lan Ustadzah, saha karyawan ingkang kinurmatan.
Saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, dene ing
wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat. Saengga kita sedaya saged makempal
kanthi pinayungan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas enem, ngaturaken agunging panuwun ingkan
tanpa upami dhumateng sedaya Ustadz saha Ustadzah, awit saking sih katresnan anggenipun
nggulawenthahdhumateng kula sakanca. Saengga saged ngrampungaken kuwajiban anggen
kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika.

Kula sakanca namung saged memuji. Mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Ustadz saha
Ustadzah pikantuk piwales saking Gusti ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan
kesarasan, kawilujengan, saha katentraman. Saengga saged anggulawenthah dhumateng adik-
adik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi prestasi ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten. Awit kula sakanca asring
damel Ustadz saha Ustadzah duka, saha kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula
sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan.

Dhumateng adik-adik ingkang kula tresnani. Mugi-mugi tansah sregep anggenipun


ngangsu kawruh ing pawiyatan menika. Dadosa siswa ingkang tansah setya tuhu dhumateng
dhawuhipun Ustadz saha Ustadzah, tansah ngurmati lan ngajeni dhateng tiyang sepuh.

Ustadz lan Ustadzah, karyawan saha adik-adik ingkang kula tresnani.


Kula sakanca ngraosaken awrat sanget badhe nilaraken panjenengan sedaya ing pawiyatan
menika. Amargi, raos sih katresnan saking panjenengan sami sampun rumasuk wonten ing
manah kula sakanca. Nanging, kula sakanca mangertos bilih wonten pepanggihan temtu
kumawon wonten pepisahan. Mila, wekdal menika kula badhe nyuwun pamit saha nyuwun
donga pangestu mugi-mugi sesampunipun medal saking pawiyatan menika, kula sakanca saged
nglajengaken anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil.

Wasana cekap semanten atur kawula, menawi wonten kalepatan kula nyuwun agunging
pangapunten.

Wassalamu’alaikum. Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai