Anda di halaman 1dari 1

Nama : Muhammad Zuhair Azizi

Assalamualaikum Wr. Wb.

Dhumateng Bapak/Ibu Kepala Sekolah saha Bapak/Ibu guru ingkang


kinurmatan, rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Monggo ucap syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, saenggo kita


sedaya diparingi kesehatan lan saged makempal kanthi pinaringan
karaharjan.

Kula, wakil saking siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun


dhumateng Bapak Ibu Guru. Matur nuwun Bapak/ Ibu guru, anggenipun
nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken
kewajiban anggen kula lan rencang-rencang ngangsu kawruh wonten
sekolah niki.

Kula lan rencang-rencang naming saged memuji lan donga. Mugi-mugi


amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah
SWT, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman
saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos
dumugi lulus kanthi biji ingkang sae-sae.

Mboten kesupen, kula lan rencang-rencang ugi nyuwun pangapunten, awit


kula lan rencang-rencang asring ndamel Bapak Ibu susah lan kaciwa, awit
saking atur saha solah bawa kula lan rencang-rencang ingkang mboten
mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula


ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Allah SWT,
Amin..

Cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur, kula nyuwun
pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai