Anda di halaman 1dari 1

Nama : Jimmy Nickelson

No : 12
Kelas : IX H

PIDATO BAHASA JAWA

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Katur panjenenganipun Bapak ingkang kula hormati, Bapak / Ibu guru ingkang kula
hormati, kaleh rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Naming sakderengipun, langkung rumiyen sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur


wonten ngarsaning Gusti ingkang Moho Agung. Injih awit panjenengan lan kula tasih
pinarengaken kepal manunggal kanti pinaringan kasarasan soho kawilujengan.

Kepareng kula matur sak untawis, ngaturaken babakan narkoba, kita mangertosi
wekdal menika narkoba saben dinten dados berita radio, TV, napa dene media masa utawi
Koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negri langkung-
langkung agami, awit sinten ingkang ngomsumsi narkoba, tumindakipun badhe nalisir saking
kasusilan. Lan ugi kathah ingkang melebet penjara goro-goro narkoba. Awit tiyang ingkang
ngomsumsi narkoba, ical kesadaranipun lan gampil tumindah anarkis, kadosipun, mejahi
tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanesipun.

Narkoba ngrusak jasmani soho rohani, sinten kemawon tiyang ingkang ngomsumsi,
mboten pejabat, mboten artis, mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten sugih,
mboten miskin, bisa ngrusak jasmani lan rohani kita.

Pramila kanthi mekaten, monggo sareng-sareng kita tebihi narkoba, kita perangi
narkoba, supados kita mboten kecemplung jurang keseseng saran. Langkung – langkung
dumateng generasi muda, minangka kusumaning negara, monggo kita berjuang kanti sekuat
tenaga, nebihi soho merangi narkoba, ampun ngantos kita gampil kepikut barang ingkang
haram meniko, ingkang badhe mbeto kito dateng tumindak ingkang nalisir, saking kautamen
soho kasusilaan, ingkang tundhopipun dawah dumateng jurang kesesen saran.

Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula atur aken mugi-mugi sanget
ndadosaken pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih anggen kula matur katah
kekuranganipun ingkang mboten mranani ing panggalih, kula nyuwun agenging
pangapupunten. Panutuping atur, Wabillahi taufik wal hidayah.

Wassalamu’alaikum Wr. WB.

Anda mungkin juga menyukai