Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum Wr.

Wb
Ibu Jiyanti ingkang kula kurmati,
Lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Sakderengipun monggo kita bareng-bareng ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah
SWT. Ingkang tasih maringi kawilujengan marang kita sedaya, saengga kita saged kempal
malih wonten kesempatan niki. Sholawat saha salam mugi-mugi konjuk wonten ngarsanipun
Nabi Muhammad saw. ingkang sampun mbekta kita sedaya wonten jaman ingkang terang
benderang.
Bebarengan wonten ing kesempatan niki, kula lan kanca-kanca kula, badhe ngaturaken
penyuluhan bab narkoba.
Kita kabeh padha wis ngerti sing jenenge narkobah nggeh? Mboten tiyang enom, mboten
sepuh sampun mangertosi narkoba amarga gelek diberitakaken ana Tv. Narkoba iku obat sing
bisa mbahayaken sanget lan bisa nyebabake tumindak pengonsumsine mlenceng saka
kasusilan lan bisa mlebetaken ana penjara. Tiyang sing ngonsumsi narkoba iku bisa ilang
kesadaran lan tumindak anarkis, kados mbegal, mejahi tiyang, lan sanes-sanesipun. Sing
luwih mbahayanipun malih narkoba niku bisa nyebabaken pengonsumsine kecanduan,
menawi kecanduanne sampun berat saged nyebabaken pengonsumsine niku pejah. Tiyang
ingkang ngonsumsi narkoba niku saged sinten mawon, mboten pejabat, mboten artis,mboten
sugih, mboten mlarat lan tanpa terkecuali generasi muda kaya kowe iki.
Dampak negatif narkoba iku luar biasa banget. Dampak negatif e mboten nyerang kesehatan
fisik mawon, nanging kesehatan psikolog uga entuk dampake. Dampak negatif
penyalahgunaan narkoba marang kesehatan fisik bisa ngerusak organ kaya sistem syaraf,
jantung, pembuluh darah, kulit, paru-paru, lan pencernaan. Dampak negatif penyalahgunaan
narkoba marang kesehatan psikis uga ora kalah medeni, pengguna bisa kenek gangguan jiwa,
depresi mental, ilange kepercayaan diri, lan angel komunikasi.
Ewuan pemuda wis nyia-nyiaaken uripe amarga obat terlarang ing negeri iki, Indonesia. Kira-
kira, wonten sekitar 4 juta tiyang ing Indonesia yaiku dadi pengguna narkoba. Dheweke
kabeh ngonsumsi obat-obatan terlarang kuwi, gawe seneng-seneng utawa digawe mlayu saka
kenyataan urip iki. Nah, jaman saiki kakean pemuda sambat yen uripe akeh masalah. Tapi
kowe kabeh ojo sampe nyoba-nyoba sing jenenge narkoba. Kenapa ojo sampe? Amarga wis
akeh kasus siswa kecanduan barang haram iki, sampe tega nyolong barange wong liya gawe
tuku narkoba.
Nanging bener-bener mrihatinke, saking akeh e dampak negatif narkoba, akeh generasi muda
sing ngonsumsi barang haram kuwi. Jenis-jenis e kaya heroin, cokain, koplo, ganja,
dikonsumsi dheweke kabeh kanggo kasenengan sesaat, kanggo enthuk kenikmatan
sementara. Padahal iku bisa ngerusak masa depan generasi muda.
Fakta-fakta iku mau, nudhuno marang kita kepriye akrabe “narkoba” ing kalangan generasi
muda. Hal sing kudu kita ajegno, supaya ora terjerumus yaiku pastine Iman. Pemuda sing
imane kuat pasti ora bakal wani nyoba macem-macem, apa maneh nyekel utawa nyoba
barang haram. Sing keloro, pastikno lingkunganmu sehat, misal duweni golongan kanca sing
arek apik-apik. Sing katelu, yen kowe ana masalah, luwih apik cerita marang keluarga utawa
kanca. Ojok setitik sambat nyoba sing aneh-aneh kados narkoba. Nah, ketimbang kowe
kakean sambat, luwih apik yen kowe ningkatno kagitan positif, kados melu ekstrakulikuler
sing ana ing sekolahan.

Anda mungkin juga menyukai