Anda di halaman 1dari 2

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Bahaya Narkoba

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Katur panjenenganipun Bpk ingkang kula hormati, Bpk. Ibu guru ingkang kula hormati, rencang-rencang
ingkang kula tresnani.

Naming sakderengipun, lgangkung rumiyen sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur wonten
ngarsaning Gusti ingkang Moho Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih pinarengaken kepal
manunggal kanti pinaringan kasarasan soho kawilujengan amin.

Kepareng kula matur sak untawis, ngaturaken babakan narkoba, kita mangertosi wekdal menika narkoba
saben ndinte dados berita tumanter, TV, napa dene media masa utawi Koran. Kita mangertosi bilih
narkoba menika dados awisan, tumraping negri langkung-langkung agami, awit sosinteno ingkang
ngomsumsi narkoba, tumindak ipu badhe nalisir saking kasusilan.

Sanget kemawan tumindak ingkang ngrungak aken tiang sanes, lan ugi kathah ingkang melebet penjara
goro-goro narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical kesadaranipun lan gampil tumindah
anarkis, kados ipun, mejahi tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanes ipun. Narkoba ngrusak jasmani soho
rohani, sak sinteno tiyang ingkang ngomsumsi, mboten pejabat, mboten artis, mboten rakyat, mboten
guru, mboten murid, mboten sugih, mboten miskin, pramila kanthi mekaten, monggo sareng-sareng kita
tebihi narkoba.

Kita perangi narkoba, supados kita mboten kecemplung jurang keseseng saran, langkung-langkung
dumateng generasi muda, minangka kusumaning monggo kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi soho
merangi narkoba, ampun ngantos kita gampil kepikut barang ingkang haram meniko, ingkang badhe
mbeto kito dating tumindak ingkang nalisir, saking kautamen, soho kasusilaan, ingkan tundhopipun
dawah dumateng jurang kesesen saran.
Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula atur aken mugi-mugi sanget ndados aken pepenget
tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging
pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih.

Panutuping atur Wabillahi taufik wal hidaya.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai