Anda di halaman 1dari 1

Pidato Basa Jawa

Assalamualaikum wr.wb.

Dumateng bapak/ibu kepala sekolah, kaliyan bapak/ibu guru ingkang kula hormati

Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Monggo kito ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun
paring rahmat dhumateng kito sedaya. Saengga kito saged makempal wonten ing papan
menika kanthi sehat wal afiat.

Bapak ibu serta rencang-rencang ingkang kinurmatan. Wonten ing mriki kula badhe matur irah-
irahan bahaya dipunagem narkoba kaliyan obat-obatan ingkang dipun larang. Kito sedoyo
sampun keterangan barito ing pawartos tivi sok sinten ingkang ginakaken narkoba bagi dingin
bahayanipun narkoba kolo wau.

Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tingali saking kesehatan
banget meruhi aken dumateng badan kito sedaya. Amargi tiyang ingkang nggadahi karemenan
ngisap narkoba menika gampil kenging penyakit.

Awit meniko kulo ngajak dumateng para warga masyarakat supados ampun pisan-pisan
nggunakake narkoba kaliyan obat-obatan terlarang meniko. Monggo kito sedaya gunakaken
wekdal sae kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maca buku, olah raga sepak bola lan
sak panunggalane.

Bapak, ibu guru kaliyan rencang-rencang ingkang kinurmatan kanti pangertosan ingkang
sampun kulo aturaken menika

Kulo ngajak monggo kito tansah njaga badan kito ampun ngantos ngginakaken barang ingkang
dipun larang agama lan pemerintah. Mugo-mugo kito sedoyo dados umat ipun ingkang becik.

Sumber : https://yogya.inews.id/berita/5-contoh-pidato-bahasa-jawa-singkat-berbagai-tema-dan-
mudah-dihafal

Wassalamu’alaikum wb.wb.

Anda mungkin juga menyukai