Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kawula hormati Bapak guru bahasa jawa lan rencang-


rencang kula ingkang kula tresnani. Saderengipun sumonggo kita
sareng-sareng ngaturaken puji syukur dumateng Alloh SWT ingkang
taksih maringi kawilujengan dumateng kita sedaya, saengga kita saged
kempal malih wonten kesempatan niki, sholawat saha salam mugi
konjuk wonten ngarsanipun Nabi Muhammad SAW ingkang sampun
mbekta kita sedaya wonten jaman ingkang terang benderang
Kepareng wonten ing kesempatan niki, kula bade ngaturaken
babakan Narkoba.Saderengipun kita sedaya sami sampun ngertosi
ingkang namine narkoba nggih? Mboten tiyang enem, mboten sepuh
sampun mangertosi narkoba amargi sering diberitakaken wonten tv.
Narkoba niku obat ingkang saged mbahayaken sanget lan saged
nyebabaken tumindak pengonsumsine melenceng saking kasusilan lan
saged mlebetaken marang penjara. Tiyang ingkang ngonsumsi
narkoba niku saged ical kesadaran lan tumindak anarkis, kadosipun :
mbegal, mejahi tiyang, lan sanes-sanesipun,. Ingkang luwih
mbahayanipun malih narkoba niku saged nyebabaken pengonsumsine
kecanduan, menawi kecanduanne sampun berat saged nyebabaken
pengonsumsine niku pejah utawi ninggal. Tiyang ingkang ngonsumsi
narkoba niku saged sinten mawon, mboten pejabat, mboten artis,
mboten sugih, mboten miskin.
Pramila kanti mekaten, mangga kita sareng-sareng nebihi narkoba.
Upaya-upaya ingkang saged dipun tindaake inggih menika :
1. Ningkataken keimanan dumateng Alloh SWT
2. Ninggalaken utawi nebihi kebiasan supados ngrokok
3. Ati-ati menawi milih kanca
4. Ningkataken kegiatan ingkang positif kangge ngisi waktu luang
5. Pemerintah kedah damel aturan lan sanksi hukuman ingkang
saged damel efek jera

Langkung para generasi muda kedah berjuang saha merangi


narkoba ampun ngantos kepincut barang ingkang haram menika
amargi kita sedaya bade dados harapan bangsa wonten ing masa
depan
Sakiranipun mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi-mugi
saged ndadosaken manfaaat lan pepenget tumrap kita sedaya lan bilih
menawi kula matur wonten katah kekuranganipun, kula nyuwun
agunging pangampunten .
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai