Anda di halaman 1dari 1

Nama : Meivida Charisaputri

No absen : 22
Kelas : XII IPA 2
Ujian Praktik Bahasa Jawa Sesorah

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Sugeng enjang,
Ingkang kinurmatan ibu Dyah Mulati Pusporini S.pd lan boten kesupen rencang-rencang
kelas XII IPA 2 ingkang tansah kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin kula dherekaken ngaturaken puji syukur konjuk wonten
ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha Agung ingkang sampun paring mapinten pinten
kanikmatan dhumateng kula panjenengan sedaya, katitik ing kalenggahan menika
panjenengan tuwin kula, keparengaken kempal manunggal kanthi karaharjan.

Boten kesupen, shalawat saha salam tansah kita aturaken dhumateng junjungan Nabi
Agung Muhammad SAW. Ingkang tansah kula tengga tengga syafaatipun wonten ing yaumul
qiyamah.

Hadirin ingkang kula urmati. Wonten ing mriki kula badhe matur irah-irahan bahaya
dipunagem narkoba serta obat-obatan ingkang dipun larang. Kito sedoyo sampun keterangan
barito ing pawartos tivi sok sinten ingkang ginakaken narkoba bagi dingin bahayanipun
narkoba kolo wau. Sawipun badhe ngrisak badan, kasehatan lan pikiran boten saged dicekek
lan sanes-sanesipun gangguan liane.

Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tingali saking
kesehatan banget meruhi aken dumateng badan kita sedaya. Amargi tiyang ingkang nggadahi
karemenan ngisap narkoba menika gampil kenging penyakit.

Awit meniko kulo ngajak dumateng para warga masyarakat supados ampun pisan-
pisan ngginakaken narkoba lan obat-obatan terlarang meningkat. Monggo kita sedaya
ginakaken wekdal sae kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maos buku, olah raga
sepak bola lan sak panunggalane.

Hadirin ingkang kula urmati kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken
menika.

Kulo ngajak monggo kito tansah njagi badan kito ampun ngantos ngginakaken barang
ingkang dipun larang agami lan pemerintah. Mugi-mugi kito sedoyo dados umat ipun
ingkang sae.

Cekap semanten atur kula bilih kathah lepat nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai