Anda di halaman 1dari 2

Nama: Ilham Fahmi. M.

No.Abs: 12

Kelas: XI IPS 5

Sesorah basa Jawa

Narkoba

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Dumateng Bapa Agus suyamto S.pd, selaku guru basa Jawi engkang kulo hormati, kalian rencang-
rencang engkang Kulo tresnani kalian kulo banggaaken. Engkang sepindah Kito aturaken puji syukur
dumateng gusti Allah SWT engkang sampun maringi nikmat kalian hidayahipun dateng kito sedoyo
ngangge waosan Hamdallah sesarengan. Boten kesupen waosan salam dumateng kanjeng nabi
Muhammad Saw, engkang kito tenggo syafa'atipun teng yaumul kiamah. Amin.

Bapa kalian rencang-rencang ingkang kinurmatan. Wonten ing mriki kula badhe matur irah-irahan
bebayanipun narkoba sarta obat-obatan ingkang dipun larang. Kito sedoyo sampun katerangaken
pawarta ing tv wonten tiang ingkang ginaaken narkoba bebayanipun narkoba kolo wau. Sawisipun
badhe ngrisak badan, kasehatan lan pikiran boten saged dicekek lan sanes-sanesipun gangguan liane.

Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tingali saking kesehatan tiang
engkang ngisap narkoba, punika kita wajib jaga kesehatan badan kita sedaya. Amargi tiyang ingkang
nggadahi karemenan ngisap narkoba meniko gampil kenging penyakit.

Awit meniko kulo ngajak dumateng bapa kalian rencan-rencang supados ojo sepisan-pisan ngginakaken
narkoba lan obat-obatan terlarang. Monggo kita sedaya gunakaken wekdal sae kagem hal-hal ingkang
positif inggih punika maca buku, olah raga sepak bola lan sak panunggalane.

Bapak lan rencang-rencang ingkang kinormatan kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken
menika

Kulo ngajak monggo kito tansah njagi badan kito ampun ngantos ngginaaken barang ingkang dipun
larang agama lan pemerintah. Matur nuwun kulo aturaken dumateng Bapa Agus kalian rencan-rencang
ingkang sampun purun mirengake sesorah engkang sampun kulo waosaken kolo wau. Kelopo parutan
dinggo santen, sedoyo kaluputan kulo nyuwun pangapunten. Mugi kito sedoyo dados umatipun ingkang
becik.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu.

Anda mungkin juga menyukai