Anda di halaman 1dari 2

I. Tengerina ping ( X) neng aksara a,b utawa c minangka wangsulan sing bener !

K.D.3.1
Gatekna tembang neng ngisor kiye nggo mangsuli pitakonan nomer 1-5 !
Gugur Gunung

Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyaning praja

Kene kene kene gugur gunung tandang gawe

Sayuk sayuk rukun bebebarengan ro kancane

Lila lan legawa kanggo mulyaning negara

Siji loro telu papat maju papat papat

Diulung ulungake mesthi enggal rampunge

Holobis kuntul baris, holobis kuntul baris

Holobis kuntul baris, holobis kuntul baris

1. Irah-irah tembang neng nduwur,yakuwe....


a. Tandang gawe b. Gugur gunung c. Sayuk rukun
2. Tembang” Gugur Gunung “iku ngajak kon padha....
a. Nyambut gawe
b. Mlaku-mlaku
c. dolanan
3. Lila lan legawa nggo mulyaning....
a. Praja b. Gawe c. Negara
4. Gotong royong iku nyambut gawe....
a. bebarengan b. dhewekan c. giliran
5. Pegawean sing bisa ditindakake kanthi gotong royong yaiku…

a. Mangkat sekolah b. Ngerjakna ulangan c. Ndandani dalan


6. Melu gotong royong kudu kanthi rasa....
a. Lila b. Kesuh c. Drengki
7. Wacanen tembang neng ngisor kiye !
Pucung
Bapak pucung renteng- renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing desaba
Si pucung mung turut kutha

Bedhekane tembang iku....


a. Sepur b. Gajah c. Gedhang
8. Woh kang rasane legi lan sepet,isine atos yaiku....
a. Dhondhong b. Salak c. Dhuku
9. Carane dolanan jamuran yaiku saklompok ana bocah 5 hompimpah,sing kalah ngadeg ana....
a. Pinggir b. Njaba c. Tengah
10. Jamur gajih bejijih sak ara-ara.Sira badhe ...apa?
a. Jamuran b. Jamur c. Jamurane

K.D.3.2

11. Pandhawa kuwe cacahe ana ....


a. Lima b. Papat c. Telu
12. Bapane Pandhawa arane....
a. Prabu Kresna b. Prabu Dasamuka c. Prabu Pandhu Dewanata
13. Dewi Kunthi kuwe biyunge....
a. Yudhistira b. Nakula c. Sadewa
14. Satriya Pandhawa sing nomer loro,yakuwe....
a. Sadewa b. Arjuna c. Werkudara
15. Pusakane Raden Arjuna yakuwe....
a. Jamus kalimasada b. Kuku Pancanaka c. Panah Pasopati
16. Satriya ing Madukara yakuwe....
a. Arjuna b. Werkudara c. Sadewa
17. Satriya Pandhawa sing nduweni kepinteran nambani lelara,yakuwe....
a. Arjuna b. Nakula c. Sadewa
18. Biyunge Nakula lan Sadewa jenenge....
a. Dewi Madrim b. Dewi Kunthi c. Dewi Sembadra
19. Satriya Pandhawa kuwe seneng...lan mbelani bebener.
a. Tetulung b. Perang c. Duraka
20. Pandhawa sing laire kembar,yakuwe....
a. Werkudara lan Sadewa
b. Yudhistira lan Janaka
c. Nakula lan Sadewa

II. Wangsulana titik-titik neng ngisor kiye !

21. Gugur gunung iku tegese....


22. Tembang jamuran kalebu tembang....
23. Pembayune Pandhawa arane....
24. Pandhawa sing rupane bagus lan pinter manah,yakuwe....

25. Pandhawa neng gambar samping kiye arane....

Anda mungkin juga menyukai