Anda di halaman 1dari 4

KKG MI Nama :

KEC. WIDODAREN No :
PENILAIAN AKHIR SEMESTER ( PAS ) GENAP MADRASAH IBTIDAIYAH
KEC.WIDODAREN KAB. NGAWITAHUN PELAJARAN 2020/2021
Mata pelajaran : Bahasa Jawa Hari /Tanggal : Kamis,10 Juni 2021
Kelas : V (lima) Waktu : 10.00 – 11.00WIB

SRIKANDI

Srikandi iku paraga ing wiracarita Mahabarata. Srikandi iku putrine Drupada (sucitra)
ratu saka negara Cempalaraja. Srikandi kondang minangka prajurit estri. Kedadean iku nalika
Srikandi mlaku metu saka keraton, banjur nemu kalung kembang terate sing ana ing gapura
keraton. Kembang iku ditinggal dening Dewi Amba ana ing Pancala pratandha dendam, sapa
wae kang migunaake kalung iku, wong iku sing bakal merjaya Begawan Bisma.
Srikandi itu prajurit wanodya kan cukat, trengginas, omongane ladak, kumresek,
nanging mrantasi karya, jujur, lan setya marang garwo. Tata kramane genep, polahe ora beda
karo satria perang. Kajaba iku Srikandi pinter perang lan olah panah. Dadi ora kliru yen para
pendhawa ngangkat Srikandi dadi senapati perang ngampingi Arjuna, nalika perang
Brathayuda ing Kurusetra. Ing perang Brathayuda Srikandi diutus dadi senapati perange
pendhawa, ganteni Resi Seta, satriya saka Wirata kang seda nalika perang tanding lawan Resi
Bisma, senapati saka Kurawa. Bisma kaget nalika wewayangan Dewi Amba nyawiji ing
ragane Srikandi.Mesthi wae Srikandi dudu tandingane. Srikandi mulat sigra nyekel panah
Pasopati, panah diloloske, banjur disaut dening Dewi Amba ditamakake ing dadane Bisma.
Getih muncrat, nyawa pegat. Kedadeyan iku padha karo kutukane Dewi Amba, putri Prabu
Darmahambara, ratu nagara Giyantipura, kang mati dening Resi Bisma.
I. Wenehana tanda ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d,ing wangsulan kang paling
bener !
1. Irah-irahan wacan ing dhuwur iku yaiku ...
a. Bisma c. Srikandi
b. Dewi Amba d. Kurawa
2. Srikandi iku putrine....
a. Arjuna c. Drupada
b. Bisma d. Pandhawa
3. Srikandi kondang minangka prajurit estri. Estri tegese....
a. Kuat c. Menangan
b. Wadon d. Sekti
4. Srikandi nemu kalung kembang tarate duweke....
a. Dewi Amba c. Dewi kunthi
b. Dewi sinta d. Dewi madrim
5. Kang ora watake Srikandi yaiku....
a. Trengginas c. Kendel
b. Ajrih d. Blaka
6. Gaman kang gawe Resi Bisma tiwas yaiku....
a. Gada rujakpala c. Keris
b. Tombak d. Panah pasopati
7. Legenda kang asale saka jawi wetan yaiku....
a. Asal usul kutha semarang c. Dumadine rawa pening
b. Dumadine Banyuwangi d. Legenda candi prambanan
8. Guru lagu dan guru wilangan gatra kapapat yaiku....
a. 7a c. 7u
b. 8a d. 8i

9. Geguritan dumadi saka tembung lingga,yaiku....


a. Gegur c. Gurita
b. Gurit d. Guritan
10. Tembung manah ngemu teges....
a. Dhadha c. Pikiran
b. Ati d. Awak
11. Menawa maca geguritan kanthi tema perjuangan swarane kudu....
a. Seru c. Rangu
b. Alon d. Grantes
12. Basa ing ngisor iki kang trep yaiku....
a. Pak Marno nembe tilem c. Bulik Titi mantuk saking griyane mbah Kirno
b. Mas Fahri mboten sinau d. Mbah Kromo dereng siram
13. Srikandi dadi senapati ganteni....
a. Arjuna c. Prabu Kresna
b. Werkudara d. Resi Seta
14. Ukara ing isor iki panggunaane nganggo basa krama, kajaba ...
a. Anak marang wong tuwo c. Kangmas marang adek
b. Wong kang durung kenal d. siswa marang guru
15. Tembang macapat iku cacahe ana....
a. 11 c. 13
b. 12 d. 14
II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi jawaban kang bener !
1. Tembang kang cacahe ana 11iku diarani tembang....
2. Tembang pangkur kalebu tembang....
3. Tibane swara ing pungkasane gatra diarani....
4. Crita kang medharake asal usule papan panggonan diarani....
5. Tata krama digunakake kanggo....
6. Cacahing wanda saben sagatra diarani....
7. Tembung linggane geguritan yaiku....
8. Isine tembang pangkur biasane babakan....
9. Karangan utawa puisi gagrak anyar diarani....
10. Gambar ing ngisor iki jenenge....

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis !


1. Apa bedane geguritan lan tembang macapat?
2. “Ibu ora gelem mangan amarga untune lara” kramakna!
3. Jlentrehna paugerane tembang pangkur!
4. Aranana gambar wayang ing ngisor iki!
a. b.

5. Tulisen nganggo aksara jawa !


a. Arep nyapu
b. Tawon madu
Kunci b.jawa PAT kelas 5 2020-2021
I 1. C 6. D 11. A
2. C 7. B 12. D
3. B 8. A 13. D
4. A 9. B 14. C
5. B 10.B 15. A

II. 1. Macapat 6. Guru wilangan


2. Macapat 7. Gurit
3. Guru lagu 8. Piweling
4. Legenda 9. Geguritan
5. Sesrawungan 10. Srikandi

III. 1. Gegurutan : bebas ora kaiket dening paugeran


tembang macapat : isih kaiket paugeran koyo guru lagu, guru gatra
Lan guru wilangan
2. Ibu mboten kerso dahar amargi gerah wojo
3. Guru gatra : cacahing gatra/bait ing tembang pangkur ana 7 gatra
Guru wilangan : cacahing wanda saben gatra ing tembang pangkur
Guru lagu : tibane swara ing pungkasane saben gatra ing tembang pangkur (aiuauai)
4. Resi bisma, arjuna
5. Arep nyapu :
Tawon madu :

Anda mungkin juga menyukai