Anda di halaman 1dari 4

Nama : ____________________________

Nomor : ____________________________

PEMERINTAH KABUPATEN PURWOREJO


DINAS PENDIDIKAN, KEPEMUDAAN DAN OLAHRAGA
WILAYAH KECAMATAN BIDANG PENDIDIKAN KEMIRI
Alamat : Desa Kerep Kecamatan Kemiri, Kabupaten Purworejo 54262

PENILAIAN TENGAH SEMESTER II SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Kelas : VI ( Enam ) Hari / Tanggal : Sabtu, 6 Maret 2021


Mapel : Bahasa Jawa Waktu : 09.00 – 10.00 (60 menit)

PETUNJUK UMUM :
1. Berdo’alah terlebih dahulu sebelum mengerjakan soal!
2. Tulislah nama dan nomor urutmu di sudut kanan atas!
3. Kerjakan dahulu soal-soal yang kamu anggap mudah!
4. Periksa kembali pekerjaanmu sebelum kamu serahkan kepada Bapak / Ibu gurumu!

PETUNJUK KHUSUS
I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d ana wangsulan kang trep!
Wacanen kanthi patitis!
Sesorah Pamitan
Assalamualaikum wr.wb.
Bapak Kepala SD Sekar Arum ingkang kinurmatan.Bapak / Ibu Guru saha karyawan ingkang pantes
kinabekten.Bapak Pengurus Komite Sekolah ingkang kula kurmati. Bapak / Ibu wali murid kelas enem
ingkang kula kurmati.Para kanca kelas enem lan adhi - adhi kelas setunggal dumugi kelas gangsal ingkang
kula tresnani.
Puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih,awit ing wekdal menika, kula
lan panjenengan pinaringan bagas waras, saged makempal ing pahargyan PERPISAHAN SISWA KELAS VI
tamatan warsa 2020 /2021 ing SD Sekar Arum kanthi wilujeng.
Kula minangka wakilipun kanca kelas enem,keparenga matur dhumateng ngarsanipun Bapak / Ibu
Guru sedaya. Sepisan, kula sakanca ngaturaken agunging panuwun dhumateng para Bapak / Ibu Guru
ingkang sampun nggulawenthah kula sakanca sadangunipun sinau ing pawiyatan punika.Kaping kalih, kula
sakanca nyuwun pangaapunten sedaya kalepatan. Kaping tiga, kula sakanca nyuwun donga pangestu mugi –
mugi saged nglajengaken sekolah ing tataran langkung inggil.
Kanggo adhi – adhiku kelas siji tekan lima, kangmas lan mbakyumu kelas enem kepengin kandha
karo kowe kabeh. Sepisan, tansah mempenga anggone sinau. Kapindho, aku sakanca njaluk donga pangestu
arep nerusake sinau ing sekolah kang luwih dhuwur tatarane.Kaping telune, akeh lupute kangmas lan
mbakyumu kelas enem sing gedhe pangapurane.
Makaten atur pamitan kula sakanca,kathah kalepatan lan subasita kirang trapsila nyuwun
pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb.

1.Tembung sesorah padha tegese karo tembung ... .


a. pacelathon c. pawarta
b. pidhato d. piwulang

2. Kang nindakake sesorah yaiku ... .


a. wakil siswa kelas VI c. wakil kelas V
b. Bapak Guru d. Ibu Guru

3. Tembung pahargyan padha karo tembung ... .


a. acara c. tontonan
b. kumpulan d. arisan

4. Sesorah sawise ngucap salam banjur atur ... .


a. syukur c. pambuka
b. pakurmatan d. pangapura
5. Makaten atur kula,bilih kathah kalepatan nyuwun pangapunten, ukara kuwi klebu perangan ... sesorah.
a. salam c. isi
b. pambuka d. panutup

6. Perangan isi sesorah awujud ... .


a. puji syukur c. atur panuwun
b. bab kang dadi wosing sesorah d. pangarep-arep
7. Isi sesorah ing dhuwur ana paragraf ... .
a. 1,2 c. 3,4
b. 2,3 d. 4,5

8.Sesorah sing ditindakake kanthi dadakan utawa ora ana persiapan sadurunge diarani metode ... .
a. improptu c. pandom lajer
b. maca sawutuhe d. hafalan

9. Tema sesorah ing sekolah ingkang trep sawektu wulan Agustus inggih punika ... .
a. Kartini c. HUT RI
b. Sumpah Pemuda d. Pahlawan

Teks pacelathon kanggo no : 10 – 15!


Rita :“Bu, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?”
Bu Ari :”Ana, Apa wae kuwi mesthi ana ngelmune. Dene maca geguritan kang perlu digathekake
yakuwi lafal, intonasi,irama,lan ekspresi. Sapa sing wis tau maca geguritan?”

10. Karangan kang wujude guneman para paraga kang tumidak arane...
a. crita c. pacelathon
b. geguritan d. tembang

11. Rita anggone matur marang Bu Ari nggunakake basa ...


a. krama alus c. krama lugu
b. ngoko alus d. ngoko lugu

12. Bu Ari nggunakake basa ngoko marang Rita amarga ..


a. kancane c. gurune
b. adhine d. mbakyune

13. Latar panggonan pacelathon ing dhuwur yaiku ...


a. pasar c. taman
b. kantor d. sekolah

14. Pacelathon ing dhuwur ngrembug babagan ...


a. carane gawe geguritan c. carane nulis geguritan
b. carane ngonceki geguritan d. carane maca geguritan

15. Manut naskah kasebut sing perlu digatekake maca geguritan yaiku ...
a. lafal lan intonasi c. lafal, intonasi,irama lan ekspresi
b. irama lan ekspresi d. lafal ,irama lan intonasi

16. Bapak wis dhahar sego goreng mau esuk.Ukara kuwi nggunakake basa ...
a. ngoko lugu c. krama alus
b. krama lugu d. ngoko alus

17. Pak Suroto anggenipun ngluku sabin ngangge maesa. Maesa tegese ...
a. sapi c. jaran
b. kebo d. wedhus

18. Bu Guru ... marang bocah – bocah supaya sregep sinau.


a. dhawuh c. ngaturi
b. aken d. mrentah
II.Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!
19. Bapak / Ibu Guru sampun nggulawenthah kula sakanca salaminipun enem warsa. Tembung warsa tegese
...
20. Teks sesorah kang isine memuji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Asih supaya acara lancar,
perangan sesorah ...
21. Sesorah sing ditindakake kanthi nggawa cathetan cilik diarani metode ...
22. Ubarampe tetanen saiki sing digunaake beda karo biyen.Tembung ubarampe tegese ...
23. Bu Guru kesah sekolah numpak sepeda.Tembung sing ditulis kandel benere...

III.Wangsulana pitakon- pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!


24. Gawenen cengkorongan / kerangka sesorah!
Wangsulan :
…………………………….....................................................................................................................
…………………………….....................................................................................................................
…………………………….....................................................................................................................

25. Gawenen pacelathon cekak antarane kowe karo ibumu!


Wangsulan :
…………………………….....................................................................................................................
…………………………….....................................................................................................................
…………………………….....................................................................................................................
KUNCI JAWABAN

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : VI (Enam)

I. PILIHAN GANDA
1.B (3.5) 10.C (3.6)
2.A (3,5) 11.A (3.6)
3.A (3.5) 12.C (3.6)
4.B (3.5) 13.D (3.6)
5.D (3.5) 14.D (3.6)
6.B (3.5) 15.C (3.6)
7.C (3.5) 16.D (3.6)
8.A (3.5) 17.B (3.6)
9.C (3.5) 18.A (3.6)

II.ISIAN
19.taun (3.5)
20.pambuka (3.5)
21.pandom lajer (3.5)
22.alat (3.6)
23.tindak, nitih (3.6)

III. URAIAN
24. 1. Pambuka (Salam Pambuka, Atur Pakurmatan,Atur Puji Syukur)
2. Isi
3. Panutup: ( Salam Panutup) (3.5)

25. Ani : ”Bu, kula badhe budhal sekolah.”


Ibu : ”Ya,sing ngati - ati, iki sangune.”
Ani : ”Inggih Bu, maturnuwun!” ( Kebijaksanaan Guru) (3.6)

PEDOMAN PENILAIAN

KD (3.5) PG :9X1=9
ISIAN :3X2=6
Skor perolehan
UR :1X3=3 Nilai= x 100
Skor Maksimal
SKOR MAK : 18

KD (3.6) PG :9X1=9
ISIAN :2X2=4
UR :1X3=3
Skor perolehan
SKOR MAK : 16 Nilai= x 100
Skor Maksimal

Anda mungkin juga menyukai