Anda di halaman 1dari 10

1. Wacanen teks eksposisi adat Jawa mantu nang ngisor kiye kanthi premati!

Acara siraman kuwe sejatine upacara perlambang kanggo


ngresiki jiwa calon penganten. Upacara kiye delaksanakna sedina sedurunge ijab
kabul lan delaksanakna calon penganten putri lan kakung.

Babagan luhur sing bisa dejiyot sekang teks neng ndhuwur, yakuwe....
A. calon manten kudu nglaksanakna siraman
B. kudu resik jiwa raga sedurunge nglaksanakna mantenan
C. siraman kuwe wajib neng mantenan
D. siraman delaksanakna sedurunge ijab kabul
E. siraman delaksanakna neng umahe sing wadon

2. Gatekna teks deskripsi ngisor kiye!

Busana basahan yaiku salah sawijining busana kang endah lan paling lengkap ing
Indonesia ana ing Keraton Surakarta, Jawa Tengah. Sebab, saben- saben jenis
busana kuwe nedhahaken tahapan-tahapan tartamtu lan sapa sing nganggo. Ing
adat busana penganten contone, penganten wanita lan penganten priya kalangan
kraton, nggunakaken lewih sekang siji busana kang kajumbuhaken karo tahapan
upacara, yakuwe midodareni, ijab, panggih lan sawise upacara panggih.

Isi teks deskripsi ana nang wacan ndhuwur yakuwe…


A. Busana basahan dadi busana modern
B. Busana basahan kur dinggo nang kalangan Kraton
C. Busana basahan kur dinggo nang acara midodareni
D. Busana basahan paling lengkap ana ing Kraton Jogjakarta
E. Busana basahan paling lengap ana ing Kraton Surakarta

3. Gambar panganan khas daerah bahane sekang tempe neng sebelah tengen, arane....
A. Lumpia Semarang
B. Sega Gandhul Pati
C. Sega Liwet Solo
D. Garang Asem
E. Mendhoan Purwokerto

4. Wacanen teks eksposisi adat Jawa mantu nang ngisor kiye kanthi premati!

Acara siraman kuwe sejatine upacara perlambang kanggo


ngresiki jiwa calon penganten. Upacara kiye delaksanakna sedina sedurunge ijab
kabul lan delaksanakna calon penganten putri lan kakung.

Babagan luhur sing bisa dejiyot sekang teks neng ndhuwur, yakuwe....
a. calon manten kudu nglaksanakna siraman
b. kudu resik jiwa raga sedurunge nglaksanakna mantenan
c. siraman kuwe wajib neng mantenan
d.siraman delaksanakna sedurunge ijab kabul
e. siraman delaksanakna neng umahe sing wadon

5. Gatekna teks iklan nang ngisor kiye!

Yen panjenengan nandang gerah sing ora mari-mari, wis ikhtiar mrana-mrene
durungana,Tabib Ali kanthi pengobatan alternatif kang moderen sumadya
ngusadani panjenenan. Orapenyakit kang ora ana obate, Tabib Ali ngusadani
samubarang penyakit. Tabib Ali buka prakteksaben dina wiwit jam 09.00-21.00
ana ing dalan Mahakam No. 13.

Iklan ing dhuwur kalebu iklan....


A. Jasa
B. Komersil
C. Layanan masyarakat
D. Kaluwarga
E. Dodolan barang bekas
6. Wacanen teks eksposisi nang ngisor kiye kanthi premati!

Salah sijine kesenian sing ana nang tatar Penginyongan yakuwe ebeg. Ebeg
lamona manut critane kuwe jenis ibing-ibingan sing nyritakna latian perang wektu
semono. Ebeg biasane dimaina nang wong 5-8. Lumrahe ya deiringi karo tabuhan
gamelan.

Dasanamane (kata lain) tembung sing degaris bawahi yakuwe....


A. pasamuan
B. palagan
C. patirtan
D. pawiwahan
E. pasugatan

7. Amatna gambar nang ngisor kiye, gambar kanthi huruf F diarani….

A. selop/canela
B. blangkon
C. keris
D. timang
E. stagen
. 8. Kang perlu digatekaken nalika ngrungokaken pawarta yaiku ing ngisor iki kajaba...
a. Mangerteni kanthi cetha perkawis kang disampekaken
b. Mbedakaken informasi kang penting lan ora penting
c. Nyathet informasi sing bener
d. Permati/teliti
e. Nganggo basa kang sae

9. Panganan tradhisional sing bentuke bunder-bunder cilik, jerone ana gula jawane, lan
dhuwure diwenehi parutan klapa yaiku....
a. klepon
b. lepet
c. arem-arem
d. lemper
e. lontong

10. Unsur sing ana ing pawarta yaiku ana ing ngisor iki, kajaba...
a. What (apa)
b. When (kapan)
c. Who (sapa)
d. Why (kenangapa)
e. How many (piro akehe)

11. Sajroning proses penulisan berita, kaidah lan sifat tulisan kudu dadi pedhoman yaiku
kudu objektif. Maksude yaiku...
a. kudu apa anane
b. kudu padhet lan jelas
c. kudu aktual
d. kudu imbang
e. kudu tepat
12. Sinjang utawa jarik iku awujud mori dawa kanggo
nutupi awak sadawane sikil. Jarik nduweni
surasa aja gampang serik, tegese aja gampang
meri utawa iri marang wong liya. Uga yen arep
ngadhepi masalah kudu ngati-ati, ora grusa-
grusu lan aja gampang nesu (emosional).

Filosofi saka gambar piranti busana adat Jawa ing ndhuwur, kajaba...
a. aja gampang serik/iri dengki marang wong liya
b. yen ngadhepi masalah kudu ngati-ati
c. ora gampang grusa-grusu
d. nutupi aib rumah tanggane dhewe
e. aja gampang nesu/emosional

13. Canela/selop duwe surasa yaiku canthelna jroning nala, tegese


yaiku...
a. manungsa kudu temen anggone golek rejeki kanggo nyukupi
kabutuhane
b. kepatuhan
c. lemah lembut
d. unggah-ungguh
e. unggah-ungguh wanita Jawa kang sae

14. Ukel utawa sanggul yaiku rambut gawean utawa rambut asli kang digawe bentuk
oval lan ditempel ana ing mburi utawa ing sirah. Amarga sanggul
panggonane ana ing buri duweni teges wong wadon ora entuk
ngomongke eleke rumah tanggane dhewe, becik utawa apik kudu
disimpen dhewe.
Bahasa krama inggil saking rambut yaiku....
a. samparan
b. padharan
c. rikma
d. talingan

Wacanen teks pawarta ngisor kiye kanthi premati kanggo mangsuli pitakonan
nomer 15 & 16

Tilas pengacara lan Dhoktere Setya Novanto Tersangka


Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK), Rebo (10/1) netepake status
tersangka marang tilas pengacarane Setya Novanto, Fredrich Yunadi sarta
dhokter Rumah Sakit Permata Hijau Jakarta, Bimanesh Sutarjo. Miturut Wakil
Ketua KPK Basaria Panjaitan, Fredrich lan Bimanesh dinuga pidaj jempol ngalang-
alangi KPK kang nedya mriksa Setya Novanto. Bimanesh disengguh ngrekayasa
rekam medhise Setya supaya dianggep lara, saengga ana pawadan ora nekani
papriksane KPK.
(Panjebar Semangat no 3 – 20 Januari 2018)

15. Sapa kang nembe bae ditetepake dadi tersangka dening KPK ....
A. Setya Novanto
B. Basaria Panjaitan
C. Abimanyu Sutarjo
D. Fredrich Yunadi
E. Tim pengacara Setya Novanto

16. Pokok pikiran pawarta ing dhuwur ngenani bab ....


A. KPK netepake status tersangka marang Fredrich Yunadi lan Bimanesh Sutarjo
B. Setya Novanto mangkir ing persidhangan
C. KPK mriksa Setya Novanto
D. Bimanesh ngrekayasa rekam medhise Setya Novanto
E. Setya Novanto dipriksa ing Rumah Sakit permata Hijau Jakarta

17. Wacanen teks nang ngisor kiye kanthi premati!

Umah Adat Jawa Joglo


Ruangan umah adat Jawa joglo umume dibagi dadi telung bagiyan utama,
yakuwe pendhopo, pringitan lan ndalem. Pendhopo utawa pendhapa arupa
ruangan bagiyan sing paling ngarep. Pendhopo nduweni ruang sing amba tanpa
ana sekat-sekat adate digunakake kanggo papan patemon neng adicara sing
gedhe tumrape sing duweni umah. Bagiyan umah keloro yakuwe ruang tengah
utawa sering diarani pringitan. Diarani pringitan merga bagiyan umah kiye sering
dianggo kanggo nganakake giyaran wayang kulit. Bagiyan umah sing ketelu
yakuwe ndalem, sing duweni fungsi dadi pusat utawa intining umah joglo. Fungsi
utamane ruang kiye yakuwe kanggo ruang keluwarga.
Ing jaman biyen ruwangan kiye sering digunakake kanggo nganakake giyaran
wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane. Amarga sering digunakake
kanggo nggelar wayang kulit mula diarani ....
A. teras utawa pendhapa
B. pringgitan
C. dalem agung
D. krobongan/senthong
E. gandhok utawa pawon

18. Wacanen teks eskposisi adat jawa Mantu nang ngisor kiye kanthi patitis!

Dene sederengipun upacara ijab, wonten adicara ingkang asmanipun ndhodhog


kori, ingkang ngadhahi ancas supados mangertosi kahanan calon penganten putri,
bobot,bibit, lan bebete calon penganten. Nalika sampun sae kahanane penganten
putri wau banjur dipunlajengaken adicara liru kalpika, sesampunipun adicara
menika wonten malih adicara ingkang asmane siraman. Inggih menika nggadhahi
teges supados calon penganten wau suci lair lan batine.

Acara kang diarani ndhodhog kori ana ing adicara temanten nduweni filosofi....
A. supados mangertosi kahanan calon penganten putri, bobot,bibit, lan bebete
calon penganten
B. supados mangertosi kahanan calon penganten putri, bobot,bibit, lan bebete
calon besane
C. supados mangertosi kahanan calon penganten putra, bobot,bibit, lan bebete
calon penganten
D. supados boten ngurusi kahanan calon penganten putri, bobot,bibit, lan bebete
calon penganten
E. supados boten ngurusi kahanan calon penganten

19. Gatekna teks iklan nang ngisor kiye!

Malem minggu BT, kelawu, bingung? Ayuh dari padha bingung lan ora nggenah,
padha t eka rame- rame maring Lapangan Diponegoro Jatilawang merga ana
tontonan sing narik kawigaten yakuwe Orkes Dangdut Simalakama. Aja nganthi
kelalen lan ketinggalan acara dimulai jam 19.30.

Teks iklan neng dhuwur kalebu jenis iklan ….


A. Kesehatan
B. Hiburan
C. Olahraga
D. Pengantenan
E. Otomotif
19. Wacanen teks eksposisi nang ngisor kiye kanthi premati!

Kethoprak inggih punika salah satunggaling sandiwara utawi teater rakyat


ingkang paling populer ing Jawa Tengah, nanging ugi wonten ing tlatah Jawa
Timur. Masyarakat Jawa Tengah / Timur umumipun tepang sanget kaliyan
kethoprak. Kados-kados kethoprak nyawiji wonten salebetipun panggesangan
masyarakat ing Jawa Tengah lan ngawonaken kesenian sanesipun kadosta
Srandul, Emprak saha kesenian rakyat sanesipun. Kethoprak wiwitanipun namung
minangka dolanan tiyang-tiyang ing dhusun ingkang nembe ngenggar-enggar
manah kanthi nabuh lesung, kanthi irama ing wanci padhang bulan (bulan
purnama), kanthi sebatan gejog. Salajengipun dipunimbuhi kanthi tembang
(nyanyian) ingkang dipuntindakaken sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkag sami
suka parisuka, saha katambah kendhang, terbang (rebana) saha suling, pramila
lajeng dados Kethoprak Lesung, ingkang madeg udakara warsa 1887. Nembe ing
udakara warsa 1909 kethoprak dipunpentasaken sepisanan kanthi samukawis
ingkang jangkep.

Tembung panggesangan nang teks ing dhuwur tegese padha karo . . . . .


A. penguripan
B. pengarepan
C. pangadegan
D. panggonan
E. panganan

20. Sandhangan lahir tumrap manungsa sampun mastani ing unen unen “ajining raga
ana busana” dados raga saget dipun ajeni utawi dipun aosi manawi manungsa punika
tansah hanjagi wontenipun busana ingkang kaangge, awit awonipun busana
mahanani tiyang punika mboten saget hanjagi prajanipun (penampilannya). Dene
sandhangan batos utawi sandhangan batin inggih punika kiyating raos hanampi
sadaya panandhanging gesang sae punika kabingahan menapa dene kasisahan.

Pethikan teks ing dhuwur njlentrehake babagan ....


A. Makna Busana Jawa
B. Ginanipun Busana Jawa
C. Perangan Busana Jawa
D. Jinising Busana Jawa
E. Bagiyan Busana Jawa

21. Gamelan jawa iku salah jinis corak gamelan sing urip nang Jawa Tengah uga
Yogyakarta lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki beda karo musik
gamelan saka daerah liya. Musik gamelan Jawa lumrahe nduwe nada luwih lembut
lan luwih alon. Beda karo musik gamelan Bali sing nduwe nada luwih cepet, uga
gamelan Sundha sing rasa musike nglaras banget lan didhominasi swara suling.
Gamelan Jawa iku nduwe gatra-gatra pentatonis lan nduweni 2 laras, yaiku laras
slendro lan laras pelog.

Ukara nang nduwur kalebu paragraph eksposisi….


A. definisi
B. proses
C. klasifikasi
D. ilustrasi
E. perbandingan

Gatekna pethilan wacan ngisor kiye kanggo soal nomer 22 lan 23!
…………………………………………………………………………
Waktu iku Raden Tumenggung Rahutama isih bisa ngendika paring wewaler
marang putra wayah, sarta menging utusan supaya aja padha paido-paidonan,
amarga kabeh ora salah, lan kabeh ngemban dhawuhe Gusti. Raden Rahutama
uga paring wewaler marang putra wayah yakuwe kabeh anak putuku tedah
Banyumas poma dipoma aja nganti lelungan dina setu paing, kejaba iku ora
kena gawe omah awujud bale malang, ora kena dhahar iwak banyak, ora kena
nunggang jaran dhawuk pancal panggunglan ora kena nganggo jarit parang
rusak barong.

22. Isi pethilan wacan ing nduwur yakuwi….


A. Raden Tumenggung Rautama duwe akeh putra lan wayah
B. Raden Tumenggung Rahutama paring utusan
C. Raden Tumenggung Rahutama gawe bale malang
D. Raden Tumenggung Rahutama paring wewaler marang putra wayah
E. Raden Tumenggung Rahutama ngemban dhawuhe Gusti

23. Nilai-nilai kang ditemokake ana ing wacan nduwur yakuwi….


A. Nilai ekonomi
B. Nilai sosial
C. Nilai agama
D. Nilai moral
E. Nilai pembangunan

24. Bapak tuku gula nang pasar.


Bahasa krama inggil saka tembung ing dhuwur yakuwi....
A. Bapak tumbas gula wonten peken
B. Bapak mundhut gula wonten peken
C. Bapak mundhut gendhis wonten peken
D. Bapak mendhet gendhis wonten pasar
E. Bapak tumbas gendhis wonten pasar

25. Ukara ing ngandhap menika ingkang kalebu ukara basa ngoko alus inggih menika..
A. Apa wingi panjenengan sida dindak Semarang?
B. Aku lunga menyang pasar cedhak kana
C. Bapak kaliyan Ibu sampun kondur
D. Nuwun sewu, Pak. Kula boten saged ndherekaken
E. Budhe kesah peken

Anda mungkin juga menyukai