Anda di halaman 1dari 15

PEMERINTAH PROPINSI JAWA TENGAH

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 1
SAYUNG
Jl. Raya Onggorawe Sayung Denak Telp (024) 70790546
Email : smansayung@ymail.com

UJIAN SEKOLAH BERBASIS NASIONAL


(USBN)
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari, Tanggal :
Kelas/Program : XII / IPA, IPS USBN TA : 2017/2018
Kurikulum : KTSP Waktu : 120 menit

PETUNJUK UMUM
1. Tulislah Nomor Peserta Ujian Sekolah 2018 anda di lembar jawaban yang telah disediakan.
2. Periksa dan bacalah soal-soal dengan tenang dan teliti sebelum anda mengerjakan dan menjawabnya.
3. Laporkan kepada pengawas jika terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak, atau jumlah soal kurang.
4. Tersedia waktu 90 menit untuk mengerjakan soal Ujian Sekolah.
5. Jumlah soal sebanyak 50 butir soal pilihan gandan dan 5 butir uraian.
6. Tidak diizinkan menggunakan kalkulator, HP,tabel matematika atau alat bantu hitung lainnya.
7. Apabila anda ingin membetulkan jawaban di lembar jawab, beri tanda garis ganda (=) pada jawaban
sebelumnya.
8. Periksalah pekerjaan anda sebelum Anda serahkan kepada Pengawas Ujian Sekolah.
PETUNJUK KHUSUS
I. WENEHANA TANDHA PING (X) ING AKSARA A,B,C,D UTAWA E TUMRAP SANGAREPE
WANGSULAN KANG BENER!
1. Kanggo mangsuli pitakon nomer 1-2 gatekna wara-wara ing ngisor iki!
Gegayutan karo wulan 10 sura ing taun iki, aku ngarep-arep supaya kanca-kanca teka
ana bazar, sesuk :
Dina : Jum’at
Tanggal : 23 Oktober 2015
Papan : Masjid Al Muttaqin Desa Wirogunan
Tabuh :13.00 WIB
Banget anggonku nganti-anti kanggo meriahake. Matur nuwun.
Ketua Panitia

Amri
Wara-wara ing dhuwur ditujokake kanggo ....
A. para warga
B. pak lurah
C. bocah-bocah
D. bapak-bapak
E. mudha-mudhi Desa Wirogunan

2. Pengalaman kang bakal dak aturake iku kedadeyan nalika kecamatan Mijen Kabupaten Demak kena
musibah banjir lan iseh bae wong kang manfaatke maling rikala wulan november 2013 kepungkur,
dene kang ngalami kedadeyan pengalaman iku yaiku kancaku mas haris. ....
Saka crita pengalaman ing ndhuwur iku, sapa kang lagi ngalami musibah....
~2~ US B.JAWA/KTSP/KLS XII /DEMAK TP.2017-2018

A. Mas haris
B. Adhi rafa
C. Mas anto
D. Adhi tasa
E. Mas rudi

3. Sawijineng dina, aku lagi mlaku ijen ing satengahe tegalan, ora dinyana-nyana githokku krasa andem
banjur mak prindiiing, rasane dadi ora karuh-karuhan, tak cepetke lakuku, nanging rumangsaku kok
kaya-kaya ana kang ngetutake lakuku lan aku uga rumangsa krungu suara nggereng ing antarane
alang-alang, banjur aku noleh,ladhalah...jebole aku dikerjani kancaku..
Petikan crita ing dhuwur iku kalebu crita pengalaman kang....
A. nrenyuhake
B. lucu
C. prihatin
D. medeni
E. ngayelake

Kaya unen-unen : Sapa temen bakal tinemu, sapa obah mamah. Ikhtiyar Sarno diridlani dening
Gusti. Akeh wong kang padha teka lunga anggone njaluk tulung Sarno supaya dicukur. Sarno ora
tahu ngarani upah kang dibayarake sing padha cukur, amung sapawehe. Pakarti kang kaya ngene iki
kang njalari wong-wong padha seneng cukur menyang nggone Sarno. Awit kekuwatane wong kuwi
beda-beda mula ya ana sing menehi kanthi murwat uga ana sing sethithik. Kabeh mau ditampa
dening Sarno kanthi lila legawa tanpa ngresula. Ing atine Sarno, kajaba usaha kuwi dalane rejeki uga
bisa kanggo sarana tetulung marang tangga teparo.

4. Tegese ukara “Sapa temen bakal tinemu” yaiku . . .


A. Sapa sing gelem usaha bakal sugih uripe
B. Sapa sing gelem usaha bakal kelakon sing dikarepake
C. Sapa sing gelem usaha temenan bakal ketekan apa sing dikarepake
D. Sapa sing gelem usaha bakal mulya uripe
E. Sapa sing gelem usaha bakal seneng uripe

5. ?ninFkK[kt=gpWcnai=acrpwiwhan\.
Tulisan Jawa ing dhuwur kawaca ....
A. Nindakake pidhato ing acara pawiwahan.
B. Nindakake pawiwitan ing tanggap wacana.
C. Nindakake tanggap wacana ing acara-acara pawiwahan.
D. Nindakake tanggap wacana ing acara pawiyatan.
E. Nindakake tanggap wacana ing acara pawiwahan.

PITAKON
Ana swara tanpa sangka
Ana tandha tanpa irama
Heh manungsa
Kepriye anggonira padha jejer dadi pangarsa
Gubernur bupati lan wali kota
Apa dene
~3~ US B.JAWA/KTSP/KLS XII /DEMAK TP.2017-2018

Camat lurah lan andahane


…………………………………..

6. Kaendahane geguritan, salah sijine gumantung purwakanthi.


Kang ora kalebu jenise purwakanthi yaiku….
A. purwakanthi guru basa
B. purwakanthi guru swara
C. purwakanthi guru sastra
D. purwakanthi guru gatra
E. purwakanthi lumaksita

7. Isi kang jumbuh karo pethikan geguritan ing dhuwur yaiku,…

A. aja dumeh
B. aja seneng mbukak wadine wong liya
C. yen wis dipercaya rakyat aja nganti blenjani janji buktike babgan kang biyen
dijanjikake marang rakyate
D. yen wis dadi pendhuwur aja sawiyah-wiyah
E. yen dadi wong pangkat aja dumeh

8.Urutan Pawarta kang trep miturut urutan ngisor iki yaiku ...
(1) Kahanan Kados mekaten ingkang dipunkuwatosaken dados faktor ndhawahaken moral prajurit
TNI.
(2) Sadangunipun Taun 2010 kemawon, kecatet sampun 76 anggota TNI tiwas ing kacilakan.
(3) Kacilakaan maneka jinis piranti utama sistem persenjataan gadhahe TNI taksih asring
kedadosan.
(4) Korban jiwa mboten namung dhawah saking pihak TNI ananging rakyat sipin ugi dherek dados
kurban

A. 3–1–4–2
B. 2–4–1–3
C. 3–4–1–2
D. 4–1–2–3
E. 3–4–2–1
Dinten Kartini
“Dinten Kartini menika rak kangge ngurmati Raden Ajeng Kartini, awit
piyambakipun sampun maringi tuladha ingkang kedah dipuntindakaken putri Indonesia. Wanita
Indonesia menika kedah sekolah lan sinau supados saged sababag kalih para priyanipun. Kamangka
kebaya menika raksatunggaling simbol kekiranganipun wanita, kados ingkang dipunngendikakaken
Ki dhalang, bilih wanita menika asring kesrimpet tapih kabotan pinjung.”

Jlentrehe Palupi. (Kapethik saking cariyos cekak: Antarane Kartini lan Palupi)
9. Wose crita kasebut yaiku .....
A. Palupi ora sarujuk menawa mengeti dina Kartini
B. Palupi sarujuk menawa mengeti dina Kartini
~4~ US B.JAWA/KTSP/KLS XII /DEMAK TP.2017-2018

C. Palupi ora sarujuk karo pengetan dina Kartini


D. Palupi sarujuk menawa pengetan dina Kartini bocah putri padha nganggo kebaya lan jaritan
E. Palupi ora sarujuk manawa pengetan dina Kartini bocah putri padha nganggo kebaya lan jaritan

Tela goring iku rasane enak banget. Gawene uga gampang lan bahane cukup tela, tepung
terigu lan gula. Supaya mantep ditambahi uyah sacukupe. Tepung terigu lan gula dicampur banjur
diuleni, lan gedhang dicemplongake. Banjur digoreng

10. Paragraf ing dhuwur kalebu paragraf…


A. Eksposisi
B. Persuasi
C. Argumentasi
D. Narasi
E. Deskripsi

(1) Gunane kanggo iringan musik utawa genting ing sawijining pementasan, umpamane wayang
becik, wayag lulang, wayang wong, ketoprak, tari-tarian adat lan liya-liyane.
(2) Ana rupa-rupa gamelan kang digunakake saben ana acara utawa pementasan.
(3) Ing tanah Jawa gamelan yaitu gamelan ageng lan sakabeh piranti gamelan digunakake kanggo
nyawisake ganding-gending.
11. Urutan Teks Eksposisi kang trep miturut urutan ngisor iki yaiku ...
A. 3 – 1 – 2
B. 1 – 2 – 3
C. 3 – 2 – 1
D. 2 – 3 – 1
E. 1 – 3 – 2

12. Bapak-Bapak ingkang minulya.


Rokok ngandhut kafein kang bebaya marang kesarasan jantung lan paru-paru. Nikotin kang
diandhut rokok uga marakake kelumpuhan syaraf otot pernafasan, saengga bisa mateni konsumen
rokok mau, ngeling-elingi bebaya rokok kasebut., Apa Panjenengan taksih tetep pengen ngerokok?
Teks Pidato ing dhuwur kalebu teks Pidato ....
A. Deskriptif
B. Persuasif
C. Argumentasi
D. Narasi
E. Eksposisi

Pratelan soal ngisor iki kanggo mangsuli no. 13 – 14 !


Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wanita mliginipun remaja putri kedah
cancut ... tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos dipunanggep lelemeran. Wanita
kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih wanita inggih saged damel aruming bangsa.

13. Tembung kang kacetak miring tegese ....


~5~ US B.JAWA/KTSP/KLS XII /DEMAK TP.2017-2018

A. Sedaya
B. Tartamtu
C. Dados
D. Nduweni
E. Umum

14. Jangkepan ingkang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
A. Taligatra
B. Taliswara
C. Taliwanda
D. Lumaksita
E. Sastra

15. “Mas, kula dipundhawuhi Bapak, sampeyan dipundhawuhi …. rumiyin, sabab Bapak kala wau
sampun …. wonten kantor.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….
A. dhahar, dhahar
B. nedha, nedhi
C. nedha, dhahar
D. maem, dhahar
E. dhahar, maem

16. Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMA Negeri 1 Sayung ingkang kula kurmati. Bapak ibu
guru miwah staf karyawan-karyawati SMA Negeri 1 Sayung ingkang kula kurmati. Boten
katalumpen kadang-kadang kula siswa-siswi SMA Negeri 1 Sayung ingkang winantu ing karaharjan.
Minangka murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken puji dalasan syukur dhumateng
ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan kaparingan
wekdal ngrawuhi pengetan dinten Kartini, kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah kabahagyan.
Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana ingkang dipunwastani …
A. purwaka basa
B. surasa basa
C. salam pembuka
D. pambagyaharja
E. wasana basa

17. Indonesia negara gemah ripah loh jinawi. 350 taun suwene kajajah dening walanda. Sasuwene telu
setengah abad iku, rakyat Indonesia urip sarwa nggrantes, sengsara tanpa daya lan rasane kaya
dikunjara tanpa ana watese. Mula, saperangan gedhe rakyat Indonesia banjur uripe sarwa
ketinggalan tinimbang rakyat saka Negara liyane, utamane Negara-negara tlatah kulonan. Gagasan
utama saka paragraf ing dhuwur yaiku…
A. Indonesia Negara gemah ripah loh jinawi.
B. Indonesia, Negara gemah ripah loh jinawi iki, 350 taun dijajah walanda…
C. Rakyat Indonesia uripe sarwa nggrantes
D. Mula saperangan gedhe rakyat Indonesia banjur uripe sarwa ketingggalan tinimbang
rakyat liyane, utamane Negara-negara tlatah kilonan.
E. Negara kulonan luwih majutinimbang Indonesia
~6~ US B.JAWA/KTSP/KLS XII /DEMAK TP.2017-2018

Sekar gambuh ing catur,


Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur ………………
Kadalarsa kapatuh
Kapatuh pan dadi awon
18. Jengkapan tembang macapat ing dhuwur kang trep yaiku ….
A. Becik ngupaya iku
B. Katula-tula katali
C. Sayekti kojur tan becik
D. Saking wong sudra papeki
E. Kidang adigung pan esthi

19. Cakepan tembang Campursari


Dhek jaman berjuang, njur kelingan anak lanang
Biyen dak openi, ning saiki ana ngendi
Jarene wis menang, keturutan kang digadhang
Biyen ninggal janji, ning saiki apa lali
Neng gunung, dak cadhongi sega jagung
Yen mendhung, dak silihi caping gunung
Sokur bisa nyawang, gunung desa dadi reja
Gene ora ilang, nggone padha lara lapa

Reff:
Neng gunung, dak cadhongi sega jagung
Yen mendhung, dak silihi caping gunung
Sokur bisa nyawang, gunung desa dadi reja
Gene ora ilang, nggone padha lara lapa
Amanat kang bisa ditemokake ing tembang campursari kasebut yaiku….
A. Elinga jaman semana nalika diopeni wong tuwa kanthi nandhang lara lapa
B. Tresnane wong tuwa marang anak-anake kang ora bakal ilang kekikis jaman
C. Seneng tetulung marang sapadha-padha nalika ing paran kang padha golek piwulangan urip
D. Urip makmur kanthi cara rekasa luwih dhisik
E. Ngelingake marang wakil rakyat supados ngupayakaken nasib rakyat kaya dene janjine

20. Pak Haji panitia zakat fitrah, yen katulis aksara Jawa…

A. ? pkHji pnitia j+ktPit]h .

B. ? pkHji pnitiA j+ktP+it]h .

C. ? pkHji pnitiy j+ktP+it]h .

D. ? bpk aji pnitiy j+ktP=it]h .

E. ? pkaji pnitiA j=ktP=it]h .


~7~ US B.JAWA/KTSP/KLS XII /DEMAK TP.2017-2018

Wajik kletik gula jawa


………………………..
21. Jengkapan parikan kasebut yaiku...
A. Luweh becik seng prasaja
B. Dadi murid kudu sregep
C. Ora mathuk klewa-klewa
D. Seng dienteni ora teka
E. Luweh becik seng kulina

22. Ngelmu iku kalakone kanthi laku


Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pengekese dur angkara
Yen kajinggleng teks ing dhuwur arane tembang macapat….
A. Gambuh
B. Maskumambang
C. Pocung
D. Kinanthi
E. Pangkur

23. Tegese dur angkara yaiku...


A. Kamulyaning awak
B. Jujur ing ati
C. Becik tumindake
D. Tumindak waspada
E. Nyingkiri tumindak ala

24. Ajeng : “Sugeng siyang, Pak!”


Pak Ju : “Siyang! Ana apa, jeng?”
Ajeng : “kula badhe matur, sesuk punapa siyos ulangan?”
Pak Ju : “ Sida, jeng. Sinau ya!”
Tembung kang dicetak miring kudune ….
A. Besuk
B. Mbesuk
C. Benjang
D. Ngenjang
E. Kalawingi

25. Pramila, keparenga amratelakaken bilih ing samangkeh wanci tabuh 10.00 anggen panjenengan
masrahaken panganten kakung kula tampi kanthi sae, andadosaken bombong dalah bingah ing
manah saha sumangga sami sukur ing gusti ingkang maha asih.Ukara ing duwur iku kalebu
peranganing....
a. Salam pambuka
b. Purwaka basa
c. Surasaning basa
~8~ US B.JAWA/KTSP/KLS XII /DEMAK TP.2017-2018

d. Pangarep-arep
e. Wasana

26. “Panjenenganipun Bapa Nurhadi ingkang hamengku gati, panjenenganipun Bapa Nurhadi miwah
para pangombyongipun sri penganten ingkang dahat pinundhi, para tamu kakung putri ingkang
pantes sinudarsana, para kadang wredha taruna ingkang tansah bagya mulya”
Perangan pidato ing dhuwur diarani ...
A. Salam pambuka
B. Purwaka basa
C. Surasa basa
D. Wasana basa
E. Atur pakurmatan
27. Nuwun, kaparenga matur sesulihipun ibu bapak R. Nuraziz S.Pd , sakaluarga kula kadawuhan
masrahaken panganten kakung Muhammad Ulfi Arrona katur ibu saha bapak R.M Zaka firmanda
syarif petikan sesorah ing dhuwur isine....
A. Lamaran panganten
B. Nampa lamaran
C. Makili panganten
D. Pasrah panganten
E. Nampa panganten

( Kanggo mangsuli pitakon angka 28-29 )

Nalika Dewi Gendari dadi prameswarine Prabu Dhestarata, sengkuni dadi patihe. Kalungguhane
patih langgeng nganti jumenenge Prabu Duryudana (putrane Dhestarata karo Gendari). Kanthi rekadayane
sengkuni, kurawa tansah kepingin nyirnakake pandhawa. Ing Bharatayuda, kabeh senapati wis gugur
( Bhisma, Karna, Durna, Salya), Duryudana bingung, nggetuni lelakone mung amarga polake sengkuni.
Sengkuni maju perang tandhing, panah kang wis mabur kabeh dadi ula maewu-ewu. Akeh sing mati
kacokot ula. Janaka mateg aji maruta, angin tumiyup nyingkirake ula-ula mau. Sengkuni pancen sekti, ora
mempan kabeh sanjata. Janaka wusanane kalah. Wrekudara bingung kabeh ora empan kabeh sanjata. Janaka
wusanane kalah. Wrekudara bingung kabeh kadigdayane, aji-ajine ora bisa mateni sengkuni. Kresna
minangka titising Wisnu mangerteni pangapesane sengkuni, aji-ajine ora bisa mateni sengkuni.. Kabeh
awake sengkuni tau dilaburi lenga tala mula ora empan senjata. Dene sing ora kelaburane mung papan
buwangane. Sawise mangerteni pengapesane krisna minangka titising wisnu dawuh marang werkudara
enggal nyandhak sengkuni, diwalik awake, dalan buwangane disuwek nganggo kuku pancanaka. Sengkuni
mati sak nalika.

28. Watake Sengkuni yaiku ...


A. Pinter
B. Sabar
C. Sekti
D. Ngalah
E. Medeni

29. Amanat sangking cerita wayang ing duwur inggih menika ....
~9~ US B.JAWA/KTSP/KLS XII /DEMAK TP.2017-2018

A. Ora kena nduweni sifat adigang, adigung lan adiguna


B. Sapa sing kuat bakal menang
C. Aja Menang sak karepe dhewe
D. Sapa sing tumindak ala bakal cilaka
E. Sabar ing pacoban bakal nemu kabegjan

AturPasrah ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no. 30 - 31


Ingkang punika kula ngaturaken calon panganten kakung dhumateng Bp. RM Purwo Sunaryo,
ing salajengipun kula nyumanggakaken menggah dhaup saha upacara sapiturutipun minangka
gatining pawiwahan ing ratri punika.
Minangka panutuping atur, kula tansah nyadhong lumunturing samudra pangaksama
tumpraping kula pribadi, menggah sadaya kekirangan ingkang boten andadosaken sarjuning
panggalih para rawuh sedaya.
Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb
Nuwun

30. Sawise tatacara panampine penganten kakung kabacutake tata cara ….


A. Dhauping penganten
B. Atur pasrah penganten kakung
C. Atur pamit saka kadang besan
D. Atur pambagyaharja
E. Ijab qobul

31. Tembung kang kacetak miring tegese ....


A. Matur nuwun
B. Atur Kasugengan
C. Pambukaning atur
D. Nyuwun Pamit
E. Nyuwun sewu

32. “Prabu Kresna duwe sanjata Cakra” yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku....
A. ?prbukeresNfu[wsnJtck].
B. ?p]buk} sNfu[wsnJtck].
C. ?p]bukeresNfu[wsnJtckR
D. ?pRbuk}esNfu[wsnJtck]
E. ?pRbukResNfu[wsnJtckR

33. wt[kKpunT[fwsb/,juju/,sene=zlh,afilLnWickSn,
g/w[nyaiku[fwif]upfi,put][nsijiasM[nr[fnPvCwl,pusk
[nyaikujmusKlimsfk=awujufKitb\
~ 10 ~ US B.JAWA/KTSP/KLS XII /DEMAK TP.2017-2018

Watake Puntadewa yaiku ...


A. Seneng nesu
B. Wicaksana
C. Serakah
D. Seneng ngalah
E. Wicaksana

34. Artikel ing ngisor iki wacanen kanthi premati!


“Sanajan bakat uga dadi perangan kang bisa anyengkuyung bisa orane utawa kasil orane
manungsa ing donya, ... sejatine perkara bisa lan orane utawa kasil lan orane mau gumantung saka
tekad. Tekad kepengin bisa, tekad kepengin kasil. Kanthi tekad kuat, kita bisa kasil kaya dene wong
kang duweni bakat wiwit lair.”
Ing ngisor iki kang ora ana gegayutane karo Prathelan artikel Jawa ing dhuwur yaiku … .
A. perkara bisa lan orane utawa kasil lan orane mau gumantung saka bakat.
B. bakat uga dadi perangan kang bisa kasil orane manungsa ing donya.
C. kang wigati iku tekad kepengin bisa lan tekad kepengin kasil.
D. kanthi tekad kuat, kita bisa kasil.
E. manawa kita duweni tekad kuat, mesti kita bisa kasil kaya dene wong kang duweni bakat wiwit
lair.

35. Ganepan tembung saka artikel ing teks duwur yaiku ....
A. Sebab
B. Lan
C. Uga
D. Nanging
E. Amarga

(1) Ngrumusake irah-irahane artikel


(2) Nemtokake topik, tema, lan tjuane nulis artikel
(3) Ngumpulake bahan utawi dhata
(4) Gawe susunan karangan artikel
(5) Cara penutup lan panyimpulan
(6) Nyempurnakake artikel
(7) Ngembangake kerangka artikel

36. Urutan Langkah-langkah nulis artikel kang trep yaiku ....


A. 2 – 1 – 4 – 3 – 7 – 5 – 6
B. 2 – 3 – 1 – 4 – 7 – 5 – 6
C. 3 – 1 – 2 – 4 – 7 – 5 – 6
D. 3 – 2 – 1 – 4 – 7 – 5 – 6
E. 3 – 1 – 4 – 2 – 7 – 5 – 6

Sandiwara ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no 37 – 39

Iwan : “ Bim kowe wes rampung ?”


Bima :”durung sih wan,tapi kurang telung soal tok
~ 11 ~ US B.JAWA/KTSP/KLS XII /DEMAK TP.2017-2018

Iwan : aku wenehi wangsulan nomer 23 nganti 25, Bim


Bima : walah wan, rakusah ya, emoh ngandhani aku.
Iwan : lha napa Bim ? kanca kok ragelem ngandhani
Dona : iya bim, kowe ki ora usah nggaya. Sok ra oleh nyonto kancane, lho
Andi : iya,kowe kan seng paleng pinter sekelas Bim.Mbok pisan pisan ngandhani kancane.
Bima : iya sih, tapi ya ora turun turunan ngene iki carane!

37. Underan saka drama ing duwur yaiku....


A. Pendidikan
B. Lingkungan
C. Katresnan
D. Agama
E. Budaya

38. Drama ing duwur settinge ing ngendhi....


A. Pasar
B. Lapangan
C. Kelas
D. Omah
E. Dalan

39. Saka pethilan drama iki paraga Bima duweni sipat....


A. Menengan
B. Wicaksana
C. Nesunan
D. Sombong
E. Criwis

40. Ngunjukake puja puji marang gusti lan matur nuwun marang para rawuh uga sing biyantu
lumakuning adicara diarani...
A. Purwaka basa
B. Surasa basa
C. Pambuka
D. Panutup
E. Pambuka

41. Miwiti sarasehan nganti ngucap....


A. Hamdallah bareng-bareng
B. Puji syukur dumateng gusti
C. Panuwun lan jelasake tujuan uga urutan acara ing sarahsehan
D. Basmalah dewe-dewe
E. Panyuwune bareng-bareng utawa siji siji

42. Unggah-unggguh bocah jaman saiki wis adoh saka soba sita kang ana ing piwulangane wong jawa.
Bocah karo wong tuwa anggone pacelathon nganggo basa ngoko, nalika liwat ing ngarepe wong ora
~ 12 ~ US B.JAWA/KTSP/KLS XII /DEMAK TP.2017-2018

ana ukara “nyuwun sewu” , bocah wadon padha bengak bengok anggone ngomong. Iku kabeh
amarga anane jaman maju arane glebolisasi.
Wacan kasebut kalebu....
A. Analogi
B. Generalisasi
C. Sebab-akibat
D. Akibat-sebab
E. Deskripsi

43. “Binarung swaraning pradangga munya hangrerangin anaganda arum anggambar katiyubing
samirana manda. Miturut pethikan panyandra ing dhuwur tembung “ binarung” tegese....
A. Dibarengi
B. Nyawang
C. Mireng
D. Krungu
E. Nabuh

44. Lia : “....................................”?


Bu Sari : “Bener, Nak, Iku daleme Pak Lurah”
Lia : “matur nuwun, Bu”
Bu Sari : “ya, padha-padha, Nak.”
Ukara kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ...
A. “Bu, menapa leres niku daleme Pak Lurah?”
B. “Menapa leres niku griyane Pak Lurah?”
C. “Bu, menapa leres ingkang warni ijo menika dalemipun Pak Lurah?”
D. “Bu, menapa leres menika dalemipun Pak Lurah?”
E. “Bu, menapa leres menika griyanipun Pak Lurah?”

45. Wus dungkap wahyani mangsa kala, tumapaking prastawa gati nenggih upacara adat panggihing
pinanganten sarimbit. Nalika samana, pinanganten kakung lumaksana hanuju mring sasana piniji,
makaten ugi pinanganten putri sampun jengkar saking palenggahan arsa hamapag rawuhipun
ingkang raka garwa. Lon lonan nggenira lumaksana pinanganten kekalih, pratandha suka
hanengenaken mring rasa pangati-ati
Pethikan panyandra ing dhuwur isine….
A. Medaling penganten putri
B. Panggihe temanten kekalih
C. Sungkem caos bekti
D. Medaling penganten kakung
E. Kacar kucur dening temanten putra

46. Panyandrane pipine manungsa yaiku...


A. Ndamen meteng
B. Mbibis mabur
C. Bunder lir jinangka
D. Nraju Mas
E. Duren Sajuring
~ 13 ~ US B.JAWA/KTSP/KLS XII /DEMAK TP.2017-2018

47. Lambene manggis karengat duweni teges ...


A. Lambene pucet kaya manggis
B. Lambene biru kaya manggis nembe thukul
C. Lambene abang kaya manggis dionceki
D. Lambene tipis
E. Lambene criwis

48. Sardi : jon, ayo engko dolan! (ngeplak pundhake jono)


Jono : gaweanmu dolan wae. Kaya wong pinter wisan.
Sardi : Halah gayamu, gelem apa ora kowe ?
Jono : Dolan ing ngendi lho ?
Sardi : ya embuh.... pokoke dolan ben kaya cah gaul ngono lho.
Jono : Emmm...Tapi wegah aku nek nganti magrib eneh !
Sardi : hehehe, ora-ora.
Jono : Nggawa dhuwit apa ora ?
Sardi : Halah, kuwi di rembug engko wae...ya wis aku arep mulih (mlaku ngadohi jono )
Jono : Oke..oke.... Engko kowe neng omahku, iya.
Sardi : Oke. Siyap.
Pitutur luhur kang biso di jupuk saka drama kasebut yaiku....
A. Dadi bocah seneng gawe ala
B. Dadi bocah ora seneng gawe ala
C. Dadi bocah aja seneng gawe ala karo kancane
D. Dadi bocah seneng gawe ala karo kancane
E. Dadi bocah ora seneng gawe ala ora seneng karo kancane

49. Ngombe alcohol sajroning wektu kang suwe bisa ndadeake tiwas amarga keracunan utawa
kacilakan. Ing Amerika Serikat saben tahun 25.000 luwih wong mati amarga kacilakaan lalu lintas
awit nyopir kanthi mendem. Luwih saka 150.000 jiwa tumindak kasar kleebu nglalu, amarga
mendem. Ana 40 yuta anak lan bojone padha sengsara nandhang tekanan mental, awit salah sijine
anggota keluarga nyandu alcohol. Biasane uga wong kang senenge mendem wonge gampang nesu,
awake rusak, pikirane cethek lan seneng sekarepe dhewe.
Wacana ing dhuwur kalebu ...
A. narasi
B. eksposisi
C. deskripsi
D. argumentasi
E. persuasi

50. Ancase wacan argumentasi yaiku kanggo menehi...


A. mbudidaya ngowahi penemune wong liya
B. njembarake pangertene wong liya
C. nggambarke kanthi cetha salah sawijining kahanan (obyek)
D. menehi katrangan lugu / apa anane
E. nggugah pangangen-angene wong kang maca

II. Wangsulana pitakon pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!


~ 14 ~ US B.JAWA/KTSP/KLS XII /DEMAK TP.2017-2018

SANDAL ANYAR
Ing pasar adine eka ngrengek jaluk sandal anyar. Sandale adine emang wes bodol lan wes ora
ana rupane. Adhine eka jenenge rina, seng umure 5 taun. Eka sayang benget karo adhine, merga iku
adhine siji sijine. Eka saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja dadi buruh bangunan lan
ibune dadi tukang ngumbahi ing desane.
“Mba tukokake sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen,” njaluke rina sing arep nangis.
”Mba ora nduwe duwit Rin. Kiye duwite arep nggo tuku sayur tok,”jawabe Eka sing melas karo
adhine.
Senajan ora ditukake Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik kuwi wis ngerti angger
kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apameneh tuku sandal.
Sawise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubug tapi tetep rapi
angger disawang, amerga Eka bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing dianyamlan
atepe wes padha rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang sing padha mekar.
Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake pingin Eka dadai wong sukses
lan pingin nyekolahake nganti perguruan tinggi. Bapake ora kuciwa amerga Eka termasuk siswa sing
pinter ing sekolahane. Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja nyedaki Eka.
“Ka, kowe kudu dadi wong sing berguna lan ngluwehi bapak sing mung dadi buruh bangunan,
“ngendikane bapake Eka”
“nggih pak kula badhe usaha,”
Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo ing sekolah.
Eka ngujo mangkat esuk merga Eka arep melu lomba cerdas cermat sing dianakake SMA. Sawise
siyap Eka pamitan karo wong tuwane.
“Pak, bu, kula badhe mangkat rumiyin. Muga muga kula saged dados juara lomba lan saged mundhut
kangge Rina,”pamitane Eka karo jabat tangan wong tuwane.

51.Gawea synopsis saka cerkak kasebat!

Ngelmu iku, Kalakone kanthi laku


Lekase lawan kas
Tegese kas nyanto sani
Setya budya pangekese dur angkara

52. Piweling
HHHHHH/ amanat apa kang bisa ditemokake saka tembang macapat kasebat?
53. Ukara ing ngisor iki owahana nganggo aksara latin kang trep!
? Aku lu[zo mev= ps/ [kL[w/ bnJ|/ tuku [ao[lh [ao[lh kLmBi btik\
.
54. Sebutna tokoh lan penokohane crita ngisor iki!

Kurawa
Kadang kurawa kabehe ana satus. Pembarepe jenenge Duryudana. Kurawa karo Pandhawa
iku isih sedulur. Bapake Kurawa sing jenenge Drestarastra iku kakangne bapake Pandhawa . Bapake
Pandhawa iku jenenge Pandhudewanata. Ibune kurawa Dewi Gendari.

Drestarastra iku kudune dadi ratu ing Astina . Nanging amarga dheweke wuta, mula sing dadi
ratu diganteni adhine, yaiku Pandhudewanata . Prabu Pandhudewanata dadi ratu ora suwe .Dheweke
~ 15 ~ US B.JAWA/KTSP/KLS XII /DEMAK TP.2017-2018

ninggal donya nalika Pandhawa isih cilik-cilik. Sabanjure Prabu Pandhudewanata tinggal donya. Ing
Astina ora ana retune, Jalaran Pandhawa isih cilik-cilik durung pantes dadi ratu.

Duryudana ,mbarepe Kurawa kepingin dadi ratu. Wiwit iku Kurawa lan Pandhawa padha
memungsuhan. Kurawa kepingin banget nyirnaake Pandhawa. Tumindak culika, julik lan akal-akalan
kerep ditindakake dening Kurawa kanggo numpes Pandhawa. Kabeh mau didukung dening Patih
Sengkuni. Patih Sengkuni iku pamanne Kurawa . Bola-bali Pandhawa diarah patine dening Kurawa,
nanging mesthi slamet.

55. Gawea kerangka wacana argumentasi saking wacan ngisor iki!

BASA JAWA LAN BUDI PAKARTI


Basa Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun,
lare ingkang nyinau basa Jawi mBoten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Paling mBoten, lare
menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting
wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan
tiyang ingkang dipunjak micanten, ugi luwih ngajeni tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun.
Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget
bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui
kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut
kapribaden manungsa ing Indonesia.

Anda mungkin juga menyukai