Anda di halaman 1dari 13

DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA PAKET A


PENGURUS CABANG NAHDLATUL ULAMA PURBALINGGA
LEMBAGA PENDIDIKAN MA’ARIF
SMA MA’ARIF NU KARANGANYAR
BADAN HUKUM NOMOR : AHU-119.AH.01.08.TAHUN 2013
Jl. Raya Karanganyar No. 11 Purbalingga 53354 Telp. (0281) 7620518
UJIAN SEKOLAH
TAHUN PELAJARAN 2017/2018

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Program : IPA - IPS
Hari/Tanggal : Selasa, 27 Maret 2108
Waktu : 10.30 - 12.30 ( 120 menit )
PETUNJUK UMUM
1. Kaserata nomer pasarta panjenengan ing dluwang wangsulan ingkang sampun cumawis.
2. Titipriksa lan waosana pitakenan-pitakenan saderengipun dipungarap.
3. Lapuraken dhumateng Pengawas Ujian Sekolah menawi wonten seratan ingkang boten cetha,
risak, utawi jumlah pitakenan kirang.
4. Jumlah soal 40 pitakenan pilihan ganda lan 5 pitakenan uraian lan sedaya kedah dipun-garap.
5. Garapen pitakenan-pitakenan ingkang gampil rumiyin.
6. Garapen ing dluwang wangsulan ingkang sampun sumadiya kanthi ngginakaken balpoin biru
utawi cemeng.
7. Titi priksa garapan panjenengan saderengipun dipunaturaken dhumateng Pengawas Ujian
Sekolah.
PETUNJUK KHUSUS
1. Paringana tandha ping (X) ing salah satunggaling aksara ing dluwang pitakenan ingkang
kaanggep paling trep.
2. Menawi wangsulan Panjenengan lepat lan badhe dipunleresaken, coreken garis lempeng kalih
ing wangsulan ingkang lepat, lajeng paringana tandha ping (X) ing aksara ingkang kaanggep
leres.
Tuladha wangsulan saderengipun : A B C D E
Kaleresaken dados : A B C D E
3. Kagem pitakenan uraian wangsulana kanthi cetha lan miturut prentahipun ing dluwang
wangsulan ingkang sampun sumadiya.

SUGENG MAKARYA

I. PILIHAN GANDA
Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 1!
Wacanen wara-wara kiye!
WARA-WARA
Kagem sedaya siswa kelas X, XI kaliyan kelas XII dipunbiwarakaken bilih ing dinten
Minggu, 28 Oktober 2018 badhe dipunwontenaken lomba-lomba kangge mengeti dinten Sumpah
Pemuda.
Pramila sedaya siswa kedah kempal ing lapangan sekolah MA Al Hidayah wanci tabuh
08.00 kanthi ngginakaken seragam olahraga jangkep. Wondene jinis-jinising lomba badhe
dipunjlentrehaken wonten ing papan panggonanipun.

US/XII/BAHASA JAWA/2018 Kaca 1


Mekaten pambiawaranipun, mugi dados kawigatosan sedaya siswa.
Matur nuwun.
(Ketua OSIS)
1. Wara-wara kasebut ngandharna babagan apa?
A. upacara pengetan sumpah pemuda.
B. upacara proklamasi kemerdekaan ri.
C. olahraga ing lapangan ma al hidayah.
D. kerja bakti mengeti dinten sumpah pemuda.
E. lomba-lomba mengeti dinten Sumpah Pemuda.

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 2!


Wacanen crita pengalaman kiye!
Jebul Tapak Jaran
Painah, bocah saka desa pindah sekolah melu pak like ana ing kota Yogyakarta, mula
wateke lugu lan esih polos. Ing sawijining dina, Painah arep lelungan, kanthi nyilih sepedha
onthel kagungane pak like. Dumadakan ana setengahe dalan lakune sepedhane mandheg,
jalaran kaprungu swara “mak klunthang” ana sangisore sepedhane mau. Wadhuh apa ana
ondherdil kang rusak ya, mangkono pitakon sajroning atine Painah. Mbareng diinceng, ing
sangisore sepedha ana tugelan wesi. Banjur wesi mau dijupuk digawa bali menyang ngomah.
Arep matur Painah ngrasa wedi mbok didukani pak like jalaran wis ngrusakake sepedhane.
Sewengi muput Painah ra bisa turu.
Saking wedine karo pak like, wayah esuk esih uput-uput Painah lunga menyang bengkel
sepedha “Pak bengkel, sepedha niku yen boten ngangge ngaten niki napa taksih saged
ditumpaki pak?” karo ngethungake wesine mau. Pak bengkel malah ngguyu ngakak, nyebabake
Painah tambah bingung. “ Woalaaaahhhh....., kiye tapak jaran mba, udu ondherdil sepedha”.
“Weladalaaaaahh...., dakkira kie ondherdil, jebul koq ya tapak jaran...”. Painah lunga karo
mesam-mesem nahan weteng kaku, rai abang merga kisinan.
2. Saka wacan kasebut, kang dadi inti cerita pengalaman lucu yakuwe ....
A. Painah bocah lugu saka desa
B. pak like Painah galak
C. sepedhane Painah gampang rusak merga ditumpaki terus
D. Painah kisinan merga tapak jaran dakkira ondherdil sepedha
E. pak bengkel ngisin-isini Painah

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 3 lan 4!


Wacanen pethilan cerkak kiye!
...
Ing desa Pamulihan sebelah sisi wetan Kecamatan Sambiraja ana wong kang dijenengi
Jumail. Jumail kue dikenal wong kang nduweni watek cupet ana ing desane. Diundange neng
tangga teparo yaiku Jumail Cupet. Wateke dikenal mung mentingna kepentingane dhewek, ora
mikir kepentingan kanggo wong liya. Babagan apa bae nek wis ana sangkutane karo Jumail
Cupet mesthi arep ribet urusane.
Ing sawijining dina, pelataran batas tanah pekarangane Jumail Cupet ketiban wit rubuh
saka tanggane, Jumono, amarga kena angin gedhe merga mangsan ketiga. Ananging Jumail
Cupet ora terima, babagan sepele ora sengaja kue dianggep masalah gedhe kanggo Jumail.
Jumail Cupet marani Jumono ning umahe, nesu-nesu moni-moni ora nggenah. Rumangsa ora
salah, Jumono ngladheni. Bojone Jumono, Jumirah ora bisa nahan emosine Jumono sing tetep
bae ngladheni omongane Jumail Cupet. Tangga sing pada weruh mung bisa gedheg-gedheg
ndelengna polahe Jumail Cupet.
3. Adhedhasar cerkak kasebut, tokoh kang nduweni watek kurang apik yakuwe ....
A. Jumono
B. Jumail
C. Jumono Cupet
D. Juminten
E. Jumirah

4. Cerkak ing dhuwur mau ngandhut pitutur / amanat apa?


A. wong urip iku aja mung mikir dunya tapi akherat kudu melu dipikir
B. seneng padudon gawe urip ora tentrem

US/XII/BAHASA JAWA/2018 Kaca 2


C. sing gawe babagan ala bisa gawe bubrah
D. dadi wong urip iku kudu bisa mikirna kepentingane wong liya
E. wong urip ing alam dunya kudu bisa urip brayan karo wong liya

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 5!


Gatekna ukara nganggo aksara Jawa kiye!
?akufuru=afusM|lamB|[nwzi.
5. Ukara kasebut angger disalin nganggo aksara latin, dadine ....
A. aku wis adus mula wangi
B. aku durung adus mambune wangi
C. aku wis adus mambu wangi
D. aku durung adus mula ambune wangi
E. aku durung adus mula mambu wangi

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 6 lan 7!


Wacanen geguritan kiye!
Korupsi
Abang putih kajunjung dhuwur ing langit pratiwi
Wujud getih lan balung para pejuang
Apa kowe isih eling?
Cucur kringet luh kang wis kebacut dadi tumbal
Tumbal maring buwana kanggo kamardikan

Saiki apa?
Kowe ngapusi, kowe korupsi
Cangkemmu amba kebak arta
Raimu gedhek, ora duwe isin
Dijak rembug malah kepara angler
Rakyatmu kuru, kowe lemu
Rakyatmu mlarat, duitmu sak arat-arat

Sing makmur sapa?


Kowe lan kanca-kancamu
Sing tumindak ala marang rakyatmu
Mula, ayo berantas korupsi
Ayo pada gumregah
Mbangun bangsa Indonesia kang sumringah
Bangsa kang apik ing budi lan tutur
Bangsa kang sejahtera lan makmur
( Dening Kharisma L.W )

6. Tembung rakyatmu kuru, kowe lemu. Rakyatmu mlarat, duitmu sak arat-arat, kalebu nduweni
sipat ....
A. metafora
B. personifikasi
C. dipersonifikasi
D. hiperbola
E. ironi

7. Adhedhasar geguritan kang nduweni irah-irahan “Korupsi‘’ kuwe, ngrembug bab apa?
A. korupsi iku salah sijining sifat kang ora patut ditiru dening sapapun.
B. wakil rakyat kang kakehen duit merga korupsi uripe kepenak.
C. wakil rakyat aja nglakokake korupsi merga ngrugikake awake dhewek, rakyat lan negara.
D. mbangun bangsa indonesia aja nganggo korupsi.
E. dadi wakil rakyat kudu nduweni sifat adil ben rakyate makmur lan sejahtera.

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 8!


Gatekna ukara-ukara kiye!

US/XII/BAHASA JAWA/2018 Kaca 3


1) Adhedhasar keteranganipun Badan Meteorologi, Klimatologi kaliyan Geofisika, punjeripun
lindhu menika mapan wonten 42 kilometer salebeting segara sakidul kilenipun pulo Jawa.
2) Wakil Presidhen Yusuf Kala ingkang saweg mandhegani rapat wonten kantor ugi enggal-
enggal medal saking kantor.
3) Lindhu kanthi kekiyatan 5,1 skala Richter nrajang Provinsi Banten, Slasa (23/1).
4) Geteripun lindhu menika ngrusak gedhong cacah ewon wonten Kabupaten Lebak, Cianjur,
Sukabumi kaliayan Bogor.
5) Pegawe kantor pamarentah kaliyan swasta mlajar dateng pelataran kantor nalika kraos
menawi gedhong kantoripun geter.

8. Urutanipun ukara menika supados dados pawarta ingkang runtut inggih menika….
A. 3-2-1-5-4
B. 3-1-4-5-2
C. 1-2-3-4-5
D. 5-4-3-2-1
E. 5-1-2-3-4

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 9!


Gatekna pethikan cerkak kiye!
...
Swara kreket-kreket pit digenjot wis mecah lan nrejang adhem sing isih ngemuli desa.
Dalan esih sepi, mung wong sing mulih saka mesjid lan bakul padha menyang pasar .
Pit onthel cacah lima kuwi tetep digenjot ngliwati dalan sing esih peteng.

9. Miturut tugelan cerkak kuwe, latar wektu cerita yakuwe ….
A. esuk
B. sore
C. awan
D. wengi
E. lingsir wengi

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 10!


Gatekna wacan kiye!
Sampun kathah tiyang ingkang mangertos secang menika unjukan ingkang saged kangge
jagi kesarasan lan ugi damelipun ugi gampil. Caranipun damel unjukan saking secang inggih
menika mendet kayu secang, lajeng dipuntambah gendhis pasir, sere, jae, lan banyu. Bahan-
bahan menika dipunselep dados setunggal, lajeng dipunperes lan dipunsaring. Menawi
sampun dipunsaring lajeng dipungodhog 3 jam. Menawi sampun adhem lajeng dipunwadhahi
wonten botol igkang resik lan siap dipununjuk.

10. Miturut surasa utawa isine, wacan kasebut kalebu wacan ….


A. narasi
B. persuasi
C. deskripsi
D. eksposisi
E. argumentasi

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 11!


Gatekna ukara-ukara kiye!
1) Kesenian menika kaperang dados kalih, inggih menika lengger lan calung.
2) Lengger calung menika kesenian ingkang mligi wonten tlatah Banyumas.
3) Gerakan tarian lengger menika lincah sanget jumbuh kaliyan iramaning calung. Wonten
tarian pambuka, tarian inti kairing tembang-tembang, lajeng tarian panutup.
4) Kesenian lengger calung kalebet kesenian tradhisional, amargi ngrembaka kanthi turun
temurun wonten tlatah menika.
5) Lengger menika wujud tarianipun, lajeng calung menika saemper gamelan ingkang
kadamel saking pring kangge ngiringi tarianipun.

US/XII/BAHASA JAWA/2018 Kaca 4


11. Urutan ukara-ukara menika menawi dipundadosaken paragraf eksposisi ingkang leres inggih
menika….
A. 2-4-1-5-3
B. 2-5-4-3-1
C. 1-2-3-4-5
D. 1-4-2-3-5
E. 5-4-3-2-1

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 12!


Wacanen pethikan sesorah kiye!
Dene wosing gati wigatosing sedya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika,
saperlu mengeti dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang agung punika. Wondene ancas
ingkang kinandhut, mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-
dinten ingkang badhe dhateng, ngandelaken tekad mbrastha korupsi, njejegaken kamardikan,
dalah ngudi wilujenging bebrayan.
12. Cuwilan sesorah punika kalebet sesorah....
A. persuasif
B. deskriptif
C. ekspositorif
D. naratif
E. argumentasif

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 13!


Gatekna lan wacanen pethikan pambyaharja kiye!
...
Kula minangka sesulihipun Bapak Sutowo, keparenga ngaturaken kasugengan saha atur
panuwun ingkang tanpa pepindhan awit saking rawuh panjenengan sedaya. Sumangga
kasekecakaken lenggahipun kanthi mardikaning penggalih.
...
13. Tembung ginaris ngandhap saking pethikan pambagyaharja menika nggadhahi teges ....
A. wakil
B. kulawarga
C. kanca
D. sedherek
E. rayi

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 14!


Gatekna lan wacanen pethikan pambagyaharja kiye!
“Para lenggah, para pepundhen sepuh ingkang kinurmatan, saha adhik-adhik kancanipun
Mas Suwartono ingkang kula tresnani. sugeng sonten lan sugeng pepanggihan ing dalemipun
Bapak Partosuharto saperlu paring berkah pangestu badhe gresipun nak Suawrtono ing wonten
menika. Kula ingkang tinanggenah minangka sesulihipun kulawarga, kepareng kula .…”
14. Menawi andharan menika kabacutaken, tetembungan ingkang trep inggih menika....
A. maosaken para pepundhen
B. maosaken rantamaning adicara
C. maosaken uba rampe
D. ngaturaken pambagya harja
E. atur ular-ular
Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 15!
Gatekna lan wacanen pacelathon kiye!
Suraji : “....”
Embah : “Arep takon apa? Antuk garapan ngomah apa kepriye?’
Suraji : ”Inggih, Mbah. Kala wau Pak Guru ngandharaken bilih griya ing jaman samenika
kathah jinis wewangunanipun kadosta: griya tumpuk, ruko, batako, perumnas lan
sanes-sanesipun. Sanadyan makaten, sarehne bebrayan Jawi menika gadhah jinis
piyambak ingkang maneka warni, pramila kula sakanca kedah mangertosi. Lah bab
ingkang dipundadosaken garapan griya dening Pak Guru.”

US/XII/BAHASA JAWA/2018 Kaca 5


Embah : ”O..., ngana ta. Mudheng aku kersane gurumu kuwi. Pancen omah Jawa iku maneka
warna. Apa kira-kira kowe durung mudheng bab jinise omah Jawa iku?”
Suraji : “Sajatosipun sampun mangertos, Mbah. Nanging dereng jangkep.”
Embah : “Coba omahe Pak Tapa kae, jinise apa?”
Suraji :”Umahe Pak Tapa kae limasan, Mbah. nek wangune umah ana empyake papat.
Ingkang kalih ageng serongan dene ingkang kalih malih wangun majeng tiga utawi
segitiga.”
Kapethik saking: Kabeh Seneng Basa Jawa SMA Kelas X

15. Ukara ingkang kacithak kandel miturut unggah-ungguh basa taksih kirag trep, menawi
dipunleresaken inggih punika....
A. Umahe Pak Tapa nika limasan, Mbah. nek wangune umah wonten empyake papat.
B. Griyane Pak Tapa nika limasan, Mbah. nek wangune griya ana empyake papat.
C. griyanipun Pak Tapa nika limasan, Mbah. Menawi wangune griya ana empyake sekawan.
D. Daleme Pak Tapa nika limasan, Mbah. nek wangunipun dalem wonten empyakipun papat.
E. Dalemipun Pak Tapa punika limasan, Mbah. Menawi wangunipun dalem wonten
empyakipun sekawan.

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 16!


Gatekna lan wacanen pethikan sesorah kiye!
Para rawuh ingkang tansah winantu suka basuki,
Lajeng kadospundi pambudidayanipun para mudha brastha bebaya narkoba minangka
punjering kasangsaran saha kacilakan? Kaping pisan inggih menika niyat ingkang saestu temen
badhe nebihaken saking narkoba kanthi migunakaken wekdal saha kasagedan kangge
nindakaken bab-bab ingkang positif tuladhanipun mlebet ing klub-klub olah raga, seni, saha
nengenaken prestasi. Kanca ingkang sae menika kanca ingkang saged nuntun saha mbabar
kawruh dhateng kasaenan. Salajengipun jejeging iman, eling lan waspada adhedhasar agama,
sumangga sami gumregah nebihaken saha brastha narkoba ing pangajab para mudha saha
negari. Indonesia saged uwal saking bebenduning angkara.

16. Isi saking sesorah menika nuwun ingih ...


A. siswa dados nebihi narkoba kanthi niyat, nindakaken bab positif, jejeging iman lan
waspada adhedhasar agama.
B. siswa dados tiyang ingkang remen kagiyatan-kagiyatan ingkang positif kados klub-klub
olahraga lan seni.
C. siswa sregep ibadah lan waspada adhedhasar agama supados dados siswa ingkang pinter.
D. siswa kedah nglamaphi tumindak ingkang sae supados ndherek njagi nagari indonesia.
E. siswa dados tiyang ingkang mbucal narkoba saking Indonesia

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 17!


Wacanen kanthi pratitis paragraf kiye!
(1)Menawa ngungak kiprahe guru pancen kudu bisa manut jaman kelakone. (2) Ganu,
umpamane guru mulang siswa kagolong konvensional, siki kudu lewih kreatif lan komunikatif.
(3) Sebab tuntutan jaman uga sansaya abot. (4) Nanging bab wigati sing kudu tetep disunggi
dening kabeh guru yakuwe guru bisa degugu lan detiru. (5) Mula, patrap lan pangucape guru
kudu bisa dadi patuladhan kang nyata. (6) Senajan siki wis akeh guru sing antuk sertifikasi lan
mundhak blanjane, muga-muga ora banjur keblinger marang arta lan bandha. (7) Upaya
minterake siswa kudu tetep dejaga amarga kuwe jejibahane guru kang utama.

17. Ukara kang dadi gagasan utama sajroning paragrap kuwe yakuwe nomer ....
A. 1
B. 2
C. 3 lan 4
D. 5 lan 6
E. 1 lan 7

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 18!


Gatekna cakepan tembang Maskumambang kiye!

US/XII/BAHASA JAWA/2018 Kaca 6


Maskumambang
Urip kuwe madhep mantep lan mituhu
Ja padha sembrana
...
Manungsa mung ngundhuhi wohing pakarti

18. Cakepan kang trep kanggo nggenepi tembang Maskumambang ing ndhuwur yakuwe ....
A. ayo nyembah marang kuasa
B. nyembaha marang kuasa
C. nyembaha marang gusti
D. nyembah marang gusti allah
E. ayo nyembah marang Gusti Allah

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 19!


Wacanen teks tembang campursari kiye!
Gugur Gunung
Ayo kanca/
Ngayahi karyane bangsa/
Kene kene/
Gugur gunung tandang gawe/
Sayuk-sayuk rukun/
Bebarengan ro kancane/
lila lan legawa/
Kanggo mulyane negara/
...

19. Pitutur luhur saking tembang menika nuwun inggih ....


A. pegaweyan sing abot nyingkirna lemah gunung merga udan.
B. pegaweyan abot dadi entheng merga digarap bareng-bareng.
C. lemah gunung padha gugur.
D. nyingkirna lemah sekang gunung.
E. keguguran lemah gunung merga udan.

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 20 lan 21!


Gatekna lan wacanen tembang ngisor kiye!
Mingkar-mingkuring angkara,
akarana karenan mardi siwi,
sinawung resmining kidung,
sinuba sinukarta,
mrih ketarta pakartining ngelmu luhung,
kang tumrap neng tanah jawa,
agama ageming aji.

20. Miturut paugerane tembang macapat tembang kuwe diarani tembang macapat ....
A. dhandhanggula
B. maskumambang
C. pangkur
D. durma
E. sinom

21. Akarana karenan mardi siwi (gatra 2)


Tegese gatra loro duwe teges yakuwe....
A. amarga dadi dalane anak
B. amarga anane anak
C. amarga seneng duwe anak
D. amarga kepengin ndhidhik anak
E. amarga ibune anak

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 22!

US/XII/BAHASA JAWA/2018 Kaca 7


Gatekna lan wacanen pacelathon kiye!
Aji : “Kula nuwun...! (1)
Bu Harti : “Manggaaa! Ee Nak Aji, ngeneh, ngeneh mlebu!” (2)
Aji : “Enggih, bu, matur nuwuwn. Nuwun sewu napa Andi wonten
nggriya,Bu?” (3)
Bu Harti : “Sedhela, Ji. Andi lagi diutus bapake tuku obat neng apotek prapatan kae lho.
Enteni sedhela, ora suwe koh!” (4)
Aji : “Bapak sakit napa, Bu?” (5)
Bu Harti : “Biasa koh, wong angger keselen ya kaya kuwe. Siki sida padha sinau kelompok
apa?” (6)
Aji : “Enggih, Bu. Kok ibu priksa?” (7)
Bu Harti : “Andi mau wis ngendhika ibu.” (8)

22. Sekang pacelathon kuwe, unggah-ungguh kang ora trep yaiku....


A. (1) lan (2)
B. (2) lan (4)
C. (3) lan (5)
D. (4) lan (7)
E. (5) lan (8)

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 23!


Gatekna lan wacanen teks pasrah penganten kiye!
Keparenga matur, kula minangka sesulihipun Ibu saha Bapak Fajar Adika. sakulawarga,
kula kadhawuhan masrahaken penganten kakung Bagus Candra Bayu katur Ibu saha Bapak
Paino.
Wondene kalampahanipun makaten: kalawau wanci tabuh 09.00 WNIK, penganten kakung
kula pendhet saking dalem Jln. Lumbir No 100, kanthi kairing para sepuh, kulawarga, sanak
kadang, dalah mitra pitepangan sawetawis, kula bekta sowan dumugi ing dalem Griya
Klapagading Indah ngriki kanthi gancar gangsar.

23. Wosing / isi saking teks nginggil punika babagan ….


A. pengaosan ing panggih penganten
B. pepisahan ing panggih penganten
C. pasrah penganten kakung
D. panampi penganten kakung
E. ijab kobul penganten

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 24!


Gatekna ukara-ukara kiye!
1) Nuwun, katur para sesepuh pinisepuh ingkang pantes sinnungkeman.
2) Para mudha mudhi ingkang pantes sinambrama ing pambuja.
3) Para rawuh kakung saha putri wredha mudha minulya.
4) Boten supe solawat kaliyan salam kaaturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW.
5) Puja kaliyan syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring
kasarasan ugi kalodhangan ngrawuhi adicara samenika.
6) Mugi kula kaliyan panjenengan pikantuk ganjaran saking piyambakipun benjang wonten
dinten pinungkasan.

24. Rerantamaning /urut-urutaning purwakaning sesorah ingkang leres inggih punika ....
A. 1, 2, 3, 4, 5, 6
B. 1, 2, 3, 5, 4, 6
C. 1, 4, 2, 3, 5, 6
D. 1, 5, 4, 3, 2, 6
E. 1, 5, 3, 4, 2, 6

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 25!


Gatekna lan wacanen teks pasrah penganten kiye!

US/XII/BAHASA JAWA/2018 Kaca 8


Keparenga matur, kula minangka sesulihipun Ibu saha Bapak Fajar Adika. sakulawarga,
kula kadhawuhan masrahaken penganten kakung Bagus Candra Bayu katur Ibu saha Bapak
Paino.
Wondene kalampahanipun makaten: kalawau wanci tabuh 09.00 WNIK, penganten kakung
kula pendhet saking dalem Jln. Lumbir No 100, kanthi kairing para sepuh, kulawarga, sanak
kadang, dalah mitra pitepangan sawetawis, kula bekta sowan dumugi ing dalem Griya
Klapagading Indah ngriki kanthi gancar gangsar.
25. Wosing / isi saking teks nginggil punika babagan ….
A. pengaosan ing panggih penganten
B. pepisahan ing panggih penganten
C. pasrah penganten kakung
D. panampi penganten kakung
E. ijab kobul penganten

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 26!


Gatekna lan wacanen crita kiye!
Dewi Trijatha
Nalika Dewi Shinta dicolong dening Prabu Dasamuka lan dikunjara ing Taman Soka,
dheweke dikancani Dewi Trijatha, anak wadone Gunawan Wibisana. Gunawan Wibisana kuwi
adhine Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha iki saben dina nglipur lan ngayomi Dwi Shinta saka
godha lan patrape Prabu Dasamuka kang kurang ajar.
Saben arep ngganggu, dewi Tijatha mesthi mbelani kanthi tenanan lan njaga supaya Dewi
Shinta bisa tetep kajaga kasuciane. Dheweke mesthi ngalang-alangi niyate Dasamuka kang
kepengin ngrebut kasucene Dewi Shinta nalika dikunjara ing Taman Soka.
26. Menawa diematana kanthi premati, kiye udu sipate Prabu Dasamuka yakuwe ....
A. temen lan wicaksana
B. srakah lan culika
C. angkara lan lengus
D. seneng ngapusi
E. sering mblenjani

27. Pitutur kang ana ing crita kasebut yakuwe....


A. aja seneng ngrebut duweke wong liya
B. aja duwe watek kang kurang ajar
C. aja dicolong lan ngunjara bojo wong
D. kudu bias njaga kasucene awake dhewek
E. aja nitipna marang wong liya

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 28!


Gatekna lan wacanen teks kiye!
”... ing siyang punika kula badhe nyuwun pamit lan donga pangestu mugi-mugi sasampunipun
acara panggih menika saged nglajengaken hamangun balewisma, mujudaken kulawarga
ingkang bagya mulya yuwana lair dumigining batos kanthi kasil. Nuwun.

28. Pethikan sesorah menika dipunagem kangge kahanan ....


A. aqiqah
B. mantenan
C. sunatan
D. kesripahan
E. pamitan
Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 29!
Gatekna lan wacanen pethikan atur pasrah penganten kiye!
Pramila, ngembun saha ngemban dhawuh wigatosing sedya, kaparenga ing samangke
penganten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken katur Mas Aditya Ilham
ingkang anyulihi Ibu dalah Bapak Paino, cundhuk kaliyan lampahing adicara.
29. Adhedhasar wacan kuwe, tembung kang ginaris ngisor kuwe padha tegese karo ....
A. sunduk
B. gathuk
C. wujud

US/XII/BAHASA JAWA/2018 Kaca 9


D. becik
E. ruwag

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 30!


Wacanen wacan mawi aksara jawa ngisor kiye!
?finre[boki[yaulznBsjw,akusinautemennn\,pkG|
ruwisPri=dwuhvinaunibbWiwitnZsipu=ksn\,mul[nakubiszGr[pSoalHulz[n.sisWsi=[aorg[tnLn
SinaumesQik[zl[nGo[lnJwb.fufut[nakukufus]egepSinaulnMnutDwu[aguru.
30. Wacan kuwe nyritakna babagan ....
A. ulangan basa jawa
B. mulang basa jawa
C. wisata neng jawa
D. acara adat neng jawa
E. nembang lelagon Jawa

Wacan kanggo mangsuli pitakonan angka 31!


Gatekna parikan kiye!
Klapa mudha sejanjang isine pitu
31. Ukara ingkang trep kangge njangkepi parikan menika nuwun inggih ....
A. labuh negara kudu iklas
B. bisa nyawang ora bisa nyandhing
C. mumpung mudha sregep ngudi ngelmu
D. diampet-ampet selak ora kuwat
E. paling apik sing becik pakartine.

32. ?sptemenBklTinemu.
Angger ditulis nganggo aksara latin, pitutur kuwe unine....
A. becik ketitik ala ketara
B. jer basuki mawa bea
C. sepi ing pamrih rame ing gawe
D. desa mawa cara negara mawa tata
E. sapa temen bakal tinemu

33. ?kulsisWse[kolhmenezhats\,sbenWezikulkefhsinausup[fosSgefL|
lusKnQibijiai=k=s[a.
Wacan kang tinulis nganggo aksara Jawa kuwe nyritakna ....
A. siswa sekolah menengah pertama sing sregep sinau
B. siswa madrasah aliyah sing sregep sinau
C. siswa sekolah dasar sing sregep sinau
D. siswa sekolah menengah atas sing sregep sinau
E. siswa menengah kejuruan sing sregep sinau
Pratelan kanggo mangsuli pitakonan angka 34!
Gatekna titikane artikel ngisor kiye!
1) Ana jenenge wong sing nulis
2) Nduwe ide asline utawa kontrovèrsial
3) Ditulis ing basa urip, seger, lan populer
4) Cepet lan pepek
5) Ngeblak saka internet

34. Sekang ukara-ukara kasebut, kang udu tengere artikel yakuwe nomer ...
A. 2
B. 1
C. 5
D. 3
E. 4

Waosan kanggo mangsuli pitakonan angka 35!


Gatekna lan wacanen pethikan artikel kiye!
KENDHUREN, APA WIS AREP ILANG?
Dening Arief Mulyana.

US/XII/BAHASA JAWA/2018 Kaca 10


Saperangan ahli agama, kabudayane wong Jawa sing temenan iku sejatine aran
Kendhuren. Kendhuren, ora beda pokoking ngibadah. Awit kanggone wong Jawa, kabeh
perkara kang ana gandheng cenenge karo lakuning urip, wiwit ceprot jabang bayi nganti tekan
matine, kalebu prstawa liyane, kayata nggawe omah, lulus sekolah, ketampa nyambut
gawe, kudu dikendhureni. Upacara Kendhuren mana ancase ... nggayuh kaslamatan. Mula
Kendhuren uga kasebut slametan. Wong kang wus ngleksanani upacara wujud kendhuren
mau, adate banjur rada ayem lan tentrem atine. Pancen kabeh mau gumantung
kepercayaan pribadine dhewe-dhewe.

35. Tembung panggandheng kang pas kanggo njangkepi artikel kasebut yakuwe ...
A. karo
B. lagi
C. kanggo
D. lan
E. utawa

Pratelan kanggo mangsuli pitakonan angka 36!


Gatekna ukara-ukara kiye!
1) nentokna tema lan judul artikel
2) golet artikel liyane kanggo disalin
3) ngumpulna bahan kanggo nggawa artikel
4) nyeleksi bahan sing wis dikumpulna
5) nyusun bahan sing wis diseleksi sekarepe
36. Carane gawe artikel sing bener katudhuh ana neng nomer ....
A. 1 lan 2
B. 2 lan 3
C. 1 lan 3
D. 4 lan 5
E. 2 lan 5

Waosan kanggo mangsuli pitakonan angka 37-39!


Wacanen pethikan teks sandiwara kiye! (Kanggo soal nomer 37 – 39)
Sule, Asri, Rege, lan Vega uwis suwe dadi kanca. Cah papat kuwe dhasare anake wong
sugih. Kerep jajan bareng, kerep seneng-seneng, nanging kabeh dadi malik pas bapake Rege
bangkrut.
Neng kelas pas lagi piket.
Rege : “Man, aku, entuk njaluk tulung ra?”
Sule : (etok-etok ra krungu)
Rege : “We! Man! Njaluk tulung entuk ra? Tulung balekna sapu kiye sisan, kowe bok wis
rampung nyapune?”
Sule : “Apa? Mbalekna, ra sudi!”
Rege : “Owalah, kowe bar madhang apa si Man? Ko ndengaren Jutek temen karo nyong?
Sule : “Arep ngapa? Madhang karo apa ya udu urusanmu! Ngalih minggir!
Asri : “Wis-wis, kowe kuwe padha ngapa si? Nak ana masalah bok diomongna apik-apikan
aten!
Vega : “Ho oh, lha ngapa si Man? Deneng kowe kayong mutung karo Rege.
Rege : (ndelah sapune) “Ora. Sapa sing ngomong? Dhewek apik-apik bae bok Man?
Sule : “Ra! Aku siki ra seneng karo kowe, kowe siki mlarat, minggir- minggir!”

37. Tema sekang sandiwara kasebut yaiku ....


A. kakulawargan
B. kekancan
C. katresnan
D. kasarasan
E. kaslametan

38. Sekang sandiwara kasebut, Sule nduweni watek ....


A. Seneng nulung batir
B. Sabar ngadhepi masalah

US/XII/BAHASA JAWA/2018 Kaca 11


C. Gampang anggone jengkel
D. Ora lila anggone batiran
E. Ora lila batire dilarani

Waosan kanggo mangsuli pitakonan angka 39!


Gatekna lan wacanen teks ceramah kiye!
Para kanca sedaya ingkang kula tresnani,
Wonten ing era globalisasi samenika, kathah sanget para mudha ingkang sampun kesupen
ing babagan nyinau budaya Jawi, temtunipun perkawis menika dados sebab utama icalipun
budaya Jawi. Ing wanci menika, kathah bangsa manca ingkang nyinau sarta nggilut budaya
Jawi, menapa bakal kalakon ing mangke kula lan panjenengan sedaya kedah nguri-nguri
budaya Jawi menika piyambak. Salah sawijining cara inggih menika kita kedah sinau babagan
budaya Jawi.

39. Irah-irahan ingkang trep kangge pratelan atur pangandikan ceramah menika nuwun inggih ....
A. era globalisasi dados sebab utama icalipun budaya jawi
B. bangsa manca sinau babagan budaya jawi
C. para mudha ingkang sampun kesupen nyinau babagan budaya jawi
D. nguri-nguri budaya jawi kalihan bangsa manca
E. nuwuhaken Raos Tresna dhumateng Kabudayan Jawi

Waosan kanggo mangsuli pitakonan angka 40!


Gatekna lan wacanen teks ceramah kiye!
Para kanca sedaya ingkang kula tresnani,
Satemene sampun kathah upaya-upaya pamrentah kangge nyegah perkawis icalipun
budaya Jawi. Namung kari kita purun nguri-nguri menapa boten tumrap upaya menika.
Kayata mlebetaken muatan lokal basa Jawi ing tlatah pawiyatan ngantos menengah. Upaya
becik kalawau, pancen bakal nguciwani menawi kita boten nemen-nemeni anggena nyinau basa
Jawi. Mula hayuh kanca-kanca sedaya wiwit wanci menika supados nemen-nemeni ing
babagan nyinau basa Jawi. Boten ketilaran kita saged ndherek pakempalan ingkang ancasipun
nglestantunaken budaya Jawi kayata pakempalan sanggar tari Jawa sarta gamelan, pakempalan
tembang macapat, pakempalan geguritan lan sapiturutipun.

40. Pitutur ingkang trep saking pratelan teks ceramah ing inggil kejawi ….
A. nuwuhaken raos tresna dhumateng kabudayan Jawi
B. ndherek pakempalan ingkang ancasipun nglestantunaken budaya Jawi
C. temenan anggenipun nyinau babagan kabudayan Jawi
D. nyegah perkawis ingkang dadosaken icalipun budaya Jawi
E. upaya ingkang awon anggenipun nguri-nguri kabudayanh Jawi

II. URAIAN
41. Gatekna lan wacanen pethikan cerkak kiye!
Sapa Nandur Bakal Ngunduh
Esuk iki langite katon esih peteng, pedhute kandel banget, lan hawane uga adhem banget. Nanging,
kuwi ora nyuda kekarepane Bu Umi kanggo dodol pohung menyang pasar. Bu Umi mung urip karo
Ilham sing siki isih kelas 1 SMP. Ilham kalebu bocah sing pinter, saengga bisa sekolah ning smp
unggulan sekabupaten. Wektu iki Ilham lagi butuh bayaran kanggo tuku buku lan sragam anyar. Bu
Umi mung bisa sabar ngadhepi kuwi kabeh mau lan ngupaya golek gaweyan liya sing bisa disambi
dodol pohung.
Bu Umi wis siyap-siyap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga esuk, nanging bu Umi mandheg
sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis neng ngarepe. Bocah iku nangis amarga kepisah karo ibune
nalika dheweke goleti bakul permen. Banjur Bu Umi tuku permen kanggo bucah mau, sanadyan regane
larang. Ing tengah pasar Bu Umi ngerti ibu –ibu sing katon bingung. Jebule ibu kuwi sing lagi goleti
anake sing kepisah. Banjur Bu Umi ngajak ibu-ibu mau sing jenenge Bu Nurul kanggo ketemu anake.
“Maturnuwun sanget nggih Bu, amargi sampun njagi anak kula,” Bu Nurul nyalami tangane Bu Umi
kanthi bungah.
“Inggih Bu, sami-sami,” Wangsulane bu Umi.
Saka jero mobil, Bu Nurul isih nggatekake Bu Umi karo Ilham sing nembe bae teka ngrewangi natani
pohung. Ing batine, Bu Nurul gumun karo Bu Umi sing gelem tetulung marang wong sing durung tau
ketemu.

US/XII/BAHASA JAWA/2018 Kaca 12


Bu Nurul iku garwane kepala sekolahe Ilham. Nalika teka ing sekolahan, Bu Nurul weruh Ilham sing
katon lagi susah. Bu Nurul wis bisa ngira-ngira yen Ilham lagi mikirake bayaran buku lan sragam.
Banjur Bu Nurul ketemu karo Ilham lan ngandharake yen dheweke kepengin mbantu bayaran buku lan
seragame kanggo wujud maturnuwune Bu Nurul marang Bu Umi.
Sawise Bu Umi ngerti babagan bayarane Ilham sing arep dilunasi dening Bu Nurul, banjur Bu Umi
menyang sekolahe Ilham lan ketemu Bu Nurul.
“Saderengipun kula matur nuwun sanget, nanging kula menika ikhlas mbiyantu panjenengan nalika
wonten pasar menika, lan kula boten gadhah gegayuhan menapa-menapan” ngendhikane Bu Umi.”
”Inggih bu, ananging menika ugi kangge bebungah Ilham amargi sampun dados juwara setunggal ing
sekolah.” Wangsulane Bu Nurul.
Bu Umi akhire nrima pambiyantune Bu Nurul kanthi mrebes mili. Bu Umi ora ngira yen tumindake
sing kanggone ora sepira kuwi bisa diwales kanthi kaya mangkono. Bu Umi tansah percaya yen apa
wae kang dilakoni ing donya iki mesthi bakal diwales kaya sing ditindhakake.
Tulisen maning cerkak kuwe nganggo basa Jawa ragam krama!
42. Kasebataaken ugi kaandharaken paraga lan watakipun saking teks drama menika!
Esuk jeput Kartijah wis mangkat maring bank. Kaya wingi-wingi, dheweke njukut slip transfer banjur
nulis angka sepuluh juta nganggo bahasa Inggris dewarahi petugase. Bareng wis rampung dheweke
banjur nelpon sing lanang.
Ngatijo : “Ya, Kar. Kepriwe kabare?” Swarane bojone katon abot keprungu neng kupinge
Kartijah : “Inyong wis ngirim 10 juta nggo biaya sekolahe Yayuk karo Seno lan
nggo berobat biyunge neng Puskesmas. Kuwe toli esih ana lewihe kang.
Jajal rika ndeleng-ndeleng mbok ana lemah sing murah. Depanjeri
dhisit, ngemben angger inyong bali tek lunasi sisan” omonge Kartijah.
Ngatijo : “Ya, Kar. Beres. Ko aja kewatir dhuwite tek nggo sing nggo semestine.
Sing penting ko sehat, mbok nganti ora teyeng nyambut gawe mengko
deomeih majikane.”
Kartijah : “Ya , Kang, kesuwun. Wis dhisit ya ... “
Ngatijo : “Ya, ngati-ati Kar ...” karo mateni hp-ne.

43. Kadamelaken cengkoronganipun karangan argumentasi babagan budaya Jawa!


44. Gatekna tembang macapat kiye!
Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu,
Ing sasmita amrih lantip,
Aja pijer mangan nendra,
Kaprawiran den kaesthi,
Pesunen sarira-nira,
cegahen dhahar lan guling.
Apa isine tembang macapat Kinanthi kuwe?
45. ?p+j]itukubuku[k+otBhne=[to[kobuku.
Salinen ukara kasebut nganggo aksara latin!

US/XII/BAHASA JAWA/2018 Kaca 13

Anda mungkin juga menyukai