Ket :
Munding = Adipati
Adegan 1
(Adipati Munding Wilis karo garwane nang panggung karo nggendong anak)
Jaman biyen, ana kerajaan arane Galuh Pakuan. Kerajaan iki duwe raja, asmane
Adipati Munding Wilis. Garwane Adipati munding wilis nembe 4 dina babarake
putra mbarep. Putrane Adipati Munding Wilis nduweni keistimewaan, yaiku ana
tandha Toh Wisnu nang lengen kiwene.
Adipati :
Baguse putraku, muga-muga kowe ngemben gedhe dadi pemimpin
kang wicaksana.
Garwane:
Amiin. Sampun mestine kang mas, den bagus niki gadhahi tandha
toh wisnu ing lengen kiwenipun. Tandhane, bayi niki sampun
kanugrahan budi luhur lan kawicaksanaan.
Munding :
Garwane:
Munding :
Alah iya! Saking bungahe atiku, bayiku urung takwehi jeneng. Bayi
iki bakal takjenengi.........
(Abulawang nyerang Munding. Garwane adipati juga melu diserang. Harta benda
pada dijukuti)
Bak..buk..bak..buk..
(Adipati dibekep. Garwane Adipati dicekek gulune, arep dibunuh nganggo keris.
Bayine direbut prajurite abulawang)
Adipati
Anakku!! Bojoku!!!
Abu
Adipati
Garwane:
Kangmaaaaaasss!
Ra sida lah! Aku pilih anakmu. Aku urung duwe anak nganti siki. Ayo
bali balaku! Gawa harta benda lan bayi kuwi!
Adipati
Putraakuuuu!!!
Garwane:
Putraakuuuu!!!
Adipati :
Tenang bae dik, aku janji bakal nemokake putra kita. Tapi, kowe
kudu gelem urip susah, mergane dhewek kudu nyamar dadi wong tani supaya
Abulawang ora ngerti.
Garwane:
Adipati
Ayo dik..
Abu
:
Nyah! Dhuwit nggo awakmu. Simpenen. Nek perlu apa-apa,
kongkon bae balaku nukokna kebutuhanmu.
(Abu lawang ngewenehi dhuwit, Jaka Mruyung nampa kanti kepeksa)
Jaka
Abu
Apa?! Ora bisa anakku!! Kowe kudu tetep nang kene! Aku ora gelem
kowe kenapa-kenapa!
Jaka
Nggih Pak.
(Jaka nyolong ikete Abulawang, senjata, lan dhuwite. Banjur raine ditutupi, Jaka
metu, kabur)
(Abulawang tangi, kaget, ikete, senjatane, lan anakke wis ora nana)
Abu
Alalah nyong keturon! Endi iketku? Senjataku? Jaka anakku juga ora
nana? Anakku kabur.. Jaakkaaaaa Mruyuuuungg!!
(Abulawang metu)
Nah!!! Kiye wonge!! Ana apa perlumu? Nek kowe arep ngrampok,
aku ora duwe apa-apa. (tetep nang palungguhane)
Jaka
(Ki Mranggi menyat, ngecek Jaka Mruyung, kaget nemu tanda Toh Wisnu)
Ki M
Jaka
Saestu mbah. Tanda niki tanda lahir kula, sampun wonten kawit lair.
Jaka Mruyung urip nang umahe Ki Mranggi nganti suwe. Ilmune saiki wis dhuwur.
Ki Mranggi ngerti kejanggalane tandha Toh Wisnu nang lengene Jaka Mruyung.
Dheweke ora percaya nek Jaka Mruyung putrane Abulawang. Tapi dheweke ora
tau ngendika babagan kuwe.
Salah sawijining dina, Ki Mranggi oleh ngimpi. Dheweke banjur crita marang Jaka
Mruyung.
Ki M
:
Jaka Mruyung muridku, ndek bengi aku ngimpi ko kudu mbabad alas
pakis aji. Sawise kuwe ko bakal dadi wong gedhe.
Jaka
Ki M
Jaka
Ki M
Waalaikumsalam
(Jaka lunga)
Jaka Mruyung lunga golek alas pakis aji. Ki Mranggi nang umahe mung bisa
ndongakke keslametane murid kesayangane kuwe.
Jaka
Nah, kiye mesti sing jenenge alas pakis aji. Babad ah!
(Jaka mruyung mbabad alas pakis aji. Ndilalah, dheweke weruh ula gedhe)
Jaka
(Jaka mruyung sawise mateni naga mau, banjur ngobong batange, tapi ora
sengaja, dheweke ngobong alas pakis aji)
Jaka
Wadhuh! Modar!
Alas Pakis aji kobong entong, Adipati kutanegara kang krungu kabar kuwe
langsung nemoni Jaka Mruyung)
(Adipati Kutanegara mlebu)
Kuta
Hei! Sembrono temen kowe! Aku Adipati kutanegara, alas pakis aji
mlebu daerahku! Sapa ko?!
Jaka
:
E.. Kula Jaka Mruyung. Kula dipunutus guru kula ken mbabad alas
pakis aji. Ananging kula mboten sengaja ngobong alas niki.
Kuta
:
Wani wanine alas pakis aji kokobong nganti entek! Miturut undangundang kerajaan no. Satus sewidak rolas, pasal 3 ayat 6 sapa wae kang ngrusak
daerahku kanthi cara kang mbebayani, kudu dihukum kurungan 2 taun!
(Jaka Mruyung menyerahkan diri)
Akhire, Jaka Mruyung dikurung nang penjara kutanegara. Ananging, amarga
perilakune kang becik lan santun, dheweke malah didadekake mantu. Dheweke
diwenehi daerah alas pakis aji kanggo mbangun negarane dhewek. Salah
sawijining dina, Jaka Mruyung olih kabar kang nggawe kaget atine.
Ki
Jaka
Ki
Jaka
Ki
:
Ngene, sebenere, wingi ana wong tani loro suami istri, jenenge Ki
Sandi lan Ni Sandi, padha nggoleti anake. Wis pirang-pirang taun anggone
nggoleti. Cirine anake mau nduweni toh wisnu. yaiku tanda kang ana ing
lengenmu. Sebenere Jaka, kowe kuwi dudu putrane abulawang. Kowe putrane
wong tani loro mau, kang sejatine Adipati Mundingwilis lan garwane kang
nyamar dadi wong tani. Abulawang ngrebut kowe saka Adipati munding wilis
nalika kowe esih 4 dina. Abulawang
ngrampok harta benda, lan awakmu.
Jaka
Apa?! !!!!!!!!
Ki
:
Iya Jaka. Saiki kowe wis dadi raja. Kowe bisa nggunakake
kekuasaanmu kanggo nggoleki wong tuwa kandungmu.
Jaka
(Telepati mati)
Jaka
:
Patihku! Anakna sayembara. Aku, Jaka Mruyung nggoleki sapasang
wong tani, Ki Sandi lan Ni Sandi kang kelangan anak sing duweni tanda toh wisnu
nang lengen kiwene. Sapa bae kang ngerasa nduweni ciri-ciri mau, sumangga
teka ing kerajaanku.
Patih
Ya
Ora let suwe, sepasang wong tani kang ngaku Ki Sandi lan Ni Sandi teka. Sawise
njaluk pertimbangane Ki Mranggi liwat telepati, jebul temenan wong loro mau
yaiku wong tuwane Jaka Mruyung. Ki Sandi lan Ni Sandi akhire bisa ketemu karo
anakke kang wis suwe banget kepisah.
(Adipati lan garwane mlebu)
Garwane:
Anakku!!!
Jaka
Adipati
Garwane:
Jaka, abulawang wis jahat banget marang awake dhewek, balesen
nak! Abulawang kuwe wong jahat.
Jaka
:
Mboten bu, Abulawan pancen perampok. Anangin Abulawang
sampun ngrumat kula ngantos ngaten niki. Abulawang tresna sanget kalih kula.
Adipati
Jaka
:
(maju selangkah) Wiwit saiki, aku bakal urip nang kene nganti mati,
karo wong-wong kang taktresnani. Patih! Tulung goletna Abulawang lan Ki
Mranggi. Ngomong bae kon padha nginep ngeneh! Lan daerah iki bakal
takjenengi AJIBARANG
Patih
Ya