SINDHEN

MANGKELING mangkel, ora kaya wong lagi pegel. Gelaning gela, ora kaya diblenjani tresna. Ora perduli bagus apa elek, ora perduli pinter apa bodho, Kabeh sami mawon. Jas bukak iket blangkon, sama jugak sami mawon. Mengkono uga Anjasmara. Mripate kelop-kelop, nyawang eternit sing ana ndhuwure peturone. Jane arep nyawang usuk, ning kaling-kalingan eternit. Dadi sing disawang mung eternit. Kang gambarane endah edi, kaya ukir-ukiran. Dhek wingi yen disawang katon edi peni, ning saiki kok ora. Dhek emben sawangane nggemesake ati, ning saiki kok mboseni. Anjasmara melek ora turu nanging atine bingung uleng-ulengan. Kepiye anggone ora, nduwe pacar siji wae nglungani ati. "Njas Anjas, aja ndongang-ndongong kaya sapi ompong. Kae kanca-kanca wis padha nglumpuk. Tangiya, aja ngglethak ana dhipan wae," swarane Sumani keprungu saka walike lawang kamar. "Sapa....?" pitakone Anjas sakena-ne. "Kae pacarmu barang wis dha ngenteni ana ndhapa," Sumani nerangake. Krungu wangsulane Sumani ngono mau, Anjasmara gregah tangi. Pacare teka, edan ane. Perlu diaturake ing kene sing jenenge Anjasmara kuwi dudu Anjasmara ari mami jaman Menakjingga lan Damarwulan. Yen jaman Menakjingga, Anjasmara kuwi ayu kinyis-kinyis, eseme pait madu. Ning yen Anjasmara jaman komputer iki eseme ya nggregetake, ning yen sing nyawang kuwi wanita. Mula ora maido sakploke dheweke nggabung Orkes Campursari "Nyidham Sari" akeh wanita sing kapiluyu nyawang tukang ngendhang siji iki. Tujune dheweke wis dikondhangake pacaran karo penyanyine, sing jenenge Wulandari. Mula akeh wanita penontone campursari sing padha ngeses. Bejamu Lan, Wulan. Duwe pacar wae kok dhe-gus, gedhe tur bagus. Ya wis begjane Wulandari, nduwe hyang wae baguse setengah mati tur dhasare tunggal sak kuliahan, ing Sekolah Tinggi Seni Indonesia ing kutha Sala. Ya ora maido, sing jenenge Wulandari kuwi ayune tumpuk undhung. Baut njoged, pinter nyanyi campursari. Ya ora maido yen Anjasmara gandrung lan gandheng karo Wulandari. Tumbu entuk tutup. Sing lanang bagus, sing putri ayu. Sing lanang tukang ngendhang sing putri baut nembang. Mula bareng Sumani mbengoki, Anjasmara tangi gregah, nguceg-uceg mripate, banjur mudhun saka peturon. Nyedhaki Sumani karo takon bisik-bisik, "Wulandari melu mapag mrene?" Sumani mangsuli alon: "Mrene congormu kuwi. Wulandari ya neng desa Purwantara kana, karo bojone. Apa gunane ngenteni kowe, jaka tukang ngendhang, entuke job mung kala-kala. Luwih becik karo bojone sing anggota DPR. Blanjane tetep. Ora kaya kowe Njas, panji klathung, blanjane wae durung, yen turu njingkrung." "Lha kok kowe kandha pacarku mrene?" celathune Anjasmoro karo mrengut. "Lha pacarmu kuwi pira?" Sumani njegeges. "Kae....Nanik ya teka. Jare pacarmu serep?" "Edan kowe," tembunge Anjasmara karo njotos lengene Sumani. "Nik....Nanik, iki lho Anjas lagi tangi. Gereten metu." Sumani mbengok "Mas piye, kendharaane wis siap?" pitakone Nanik karo marani kamare Anjasmara. "Wis beres," wansulane Anjasmara alon. "Beres beres, paling sing golek kendharaan ya aku," Sumani melu nyaut senajan ora ditakoni. "Ngono-ngono rak uga kanggo kepentingan kanca dhewe ta mas?" celathune Nanik karo tumuju kamare Anjas. "He, aja mlebu kamar dhisik, bocahe isih arep kathokan," pembengoke Sumani. "Diangkrik, kana padha metuwa nyang kendaraan wae, tak dandan dhisik," celathune Anjasmara karo mlebu kamar maneh. Kanca-kancane padha munggah kendharaan. Tujuwane arep tanggapan menyang Purwantara, dhaerah kang mapan ana sawetane Wonogiri. "Bangku sandhinge Nanik aja dienggoni lo, sudah dipesan. Mau dipakai Anjas," Sumani mbengok karo ngguyu. Liyanene melu ngguyu. Nanik mung mesem manis. Anjasmara ora isan-isin trus lungguh sandhinge Nanik. "Kanca-kanca, minangka kancane Nanik aku matur nuwun dene dhek wingi wis padha rawuh ngestreni slametan neng Nanik," swarane Sumani ing sela-selane swara mesin kendharaan. Nanik mencep, liyane ngguyu nyekakak, merga ngerti yen Sumani tukang gojeg. Anjas nyikut Nanik karo celathu, "Ora sah digagas, ben muni sak unine cangkeme." "Lha dhek emben kuwi Nanik rak syukuran, merga Anjas karo Wulan wis putus. Lha calone Anjas rak kembali ke Nanik," Sumani isih nrocos karo ngguyu. Liyane padha ngguyu ger-geran. Jan jane Nanik kuwi ora nganakake syukuran. Kuwi mung guyone Sumani wae.

Sakdalan-dalan kanca-kanca Campursari padha cekakakan. Mung Anjas sing kelangan guyu. Dheweke mung mesam-mesem cilik nadyan semu kepeksa. "Nik...mengko aja nyanyi "Wuyung" Utawa "Weke Sapa", ndhak Anjas ora bisa ngendhang," tembunge Sumani karo isih mbebeda. Anjas nyikut bangkekane Nanik karo kandha lirih, "Ora sah kok tanggapi. Mengko yen kesel rak meneng dhewe cangkeme kuwi." Lagi mingkem lambene Anjas, hand phone sing ana kanthongane muni. Nanik sing ngandhani. "Tilpun mas." Anjasmara meneng wae terus ngrogoh sak-e, HP ditempelake kupinge. Nanik meneng tanggap sasmita. "Halo, okey boss, bener aku tiga-tiga," Anjas mangsuli liwat HP ne. "Anu....piye boss? Iki aku ana perjalanan. Nyang Purwantara dhaerah Wonogiri. Bener, aku bareng-bareng njagong nyang omahe Wulandari." Meneng sedhela sajaKe ngrungokake sing nilpun. Let sedhela wis sumaur: "Iki aku jejer dhik Nanik. Iya...tidak ada rahasia. Lha terus leh nangkep kapan? Yen cathetanku wis komplit boss, taksimpen ana disket, taktengeri RHS. Iya, isih ana kantor. Wis ya bengi iki mengko bubar main Campursari aku bali, tak njujug omahmu boss." HP dipateni terus dikanthongi. Sumani sing lungguhe ora adoh mbengok, "Edan Njas, lunga nyang Purwantara, sambene ndhempel pacare, isih ketambahan ditilpun boss-e. Mesthi entuk job sing penting". Anjas meneng wae karo mesem. Nanik sing nrenjel takon: "Ana apata mas, boss-e?" "Biasa, kabar gaweyan. Aku dikon bali, penting," jawabe Anjasmara. "Lha kok isih semaya?" pitakone Nanik. "Wis kadhung jejer cah ayu kok dipisahke. Ya emoh ta?" wangsulane Anjas nggodha. Sing digodha njiwit lengene Anjas. Jane ya lara, ning wong sing njiwit bocah ayu ya nggleges wae. "Tutugna leh jiwit-jiwitan," pambengoke Sumani. "Kancane uyel-uyelan kaya ngene, kono mat-matan sakepenake dhewe," Krungu celathune Sumani mau kabeh dha ngguyu mak gerr, nanging Anjas karo Nanik meneng wae. Nanik nutupi pipine sing abang merga isin, Anjas isih gawang-gawang swarane boss-e mau. Kabar seneng nanging uga gela. Seneng merga boss-e ngabari, yen Rudy Pancadnyana, anggota DPR calone Wulandari, saiki wis ditangkep polisi, jalaran nylewengake dhuwit APBN. Sing mbongkar pokale Rudy kuwi klebu Anjasmara sing uga wartawan ing kutha Sala. Malah laporan penting ana disket-e Anjas ing kantor. Mula yen dina iki mengko boss-e nemokake diskete, ora wurunga Rudy ora bisa endha maneh. Durung yen ketambahan interogasine polisi. Sing dibingungake Anjasmara, nasibe sing repot. Yen Rudy ditangkep polisi, mangka bengi iki uga dheweke kudu menyang Purwantara nglamar Wulandari, wis mesthi gagal, ora sida. Sing untung Anjas. Nanging kabeh wong padha mangerti menawa ditangkepe Rudy, merga laporan ing korane Anjas. Pikire wong-wong mesthi iki trekahe Anjas anggone berjuang ngrebut Wulandari. Paling ora, wong sak Orkes "Nyidham Sari" padha mangerti persaingan Anjas karo Rudy rebutan sindhen Campursari. Durung pikiran liya. Yen dheweke balen karo Wulandari, lha njur Nanik piye? Loro-lorone sindhen Campursari. Ayune padha, padha dene leh ulengulengan. Anjas ngeses-ngeses karo gedrug-gedrug. "Ana apa ta mas?" pitakone Nanik alon, karo mesem. Anjas mung mengo karo nggleges:"Pipimu kuwi lho, yen mesem dhekik nggregetne," celathune sakecekele wae timbang ora mangsuli. "Ah.... mas Anjas," Nanik mbales karo njiwit lengen. Sing dijiwit isih bingung.*
Dening:Andjar Any/ Panjebar Semangat-12/2006

BU GURU
YEN ing kampungku ana jeneng Bu Guru, sing dimaksud mesthi Bu Warsini garwane Pak Marno. Bu Warsini ora dadi guru, nanging dadi bojone Pak Marno sing dadi guru SD. Malah Bu Ratmi, Bu Jamilah sing ngasta dadi guru wae ora diundang tau Guru. Undang-undangane ya mung Bu Ratmi, Bu Jamilah ngono wae. Semono uga Bu Tarmi lan Bu Kasmi sing kakunge uga ngasta dadi Guru, undang-undangane ya ora Bu Guru, nanging mung Bu Tarmi lan Bu kasmi ngono wae. Dadi yen ana wong ngomong Bu Guru, sing dikarepke mesthi Bu Warsini iku.

.Sidane Bu Guru dhaftarake melu kabe temenan. aku malah seneng.. melua ka-be." "Ya wis. ah pokoke aku isih kepengin duwe anak lanang!´ "Ya uwis yen ora kena takkandhani. Bu Warsini isih tetep diundang Bu Guru... ora gelem melu ka-be. Malah kober ora eling barang. Nganti Pak Marno judheg. Parmanto anak angkate Pak dhe Sastro kae.. Mengko yen wis padha duwe jodho. mangka mengko yen mulih isih ninggali dhuwit. akibate mboktanggung dhewe.. supaya melu ka-be... Mula Pak Marno tansah ngandhani marang garwane iku. malah batine . ngono lho karepku!" "Dadi saben sasi mengko aku nyadhong jatah pil?" "Ha iya! Bu Bidan rak ngira yen kowe wis melu ka-be tenan.. Malah wis telung sasi dheweke ora ngaton ing omahe Bu Bidan.. Nanging Bu Guru kipa-kipa ora gelem. Pak Ketua RW. Njur apa critane Bu Guru. pendhak sasi sowan nggawa gula teh. Senajan Pak Marno wis pensiun. ora mriksakake ya sakkarepmu-. Mangka jaman saiki anak lima iku ya wis kepetung akeh. "Ya manuta pemerintah ta Bu. nek ora oleh mbangkang?" "Dhaftarna ka-be nyang Bu Bidan. nanging aja mbangkang dhawuhe pemerintah ngono kuwi." "Ya beda Pak.. Yen manut istilahe Pak Wisnu.priksa karepmu. Bu Bidan ora saguh nangani. Nanging pil cadhongan iku ora tau dipangan. ka-be iku yen dijawakake dadi keluwarga rinancang. Pak!" "Ora-ora! Aku ora arep meksa.. nanging mung ditumpuk ing laci mejane. kabeh padha nganjurake melu ka-be. Bu Guru wis ora nyadhong jatahe pil kabe maneh.." "Wooo. ora ya kena! Ning ketoke rak wis melu kabe. ora arep meksa. Nanging sakbubare kuwi.. anak mantu utawa anak angkat kuwi malah luwih ngerti marang wong tuwa! Coba kae. kowe rak ya duwe anak lanang ta? Senajan mung anak mantu.Amarga ing kampungku sing dadi guru dhisik dhewe ya mung Pak Marno sing saiki wis pensiun iku. pokoke aku gemang!" "Mengko dhisik ta. "Bu Guru kok sakmenika mboten mendhet jatahipun pil kabe?" Karo klimputan Bu Guru wangsulan setengah bisik-bisik. Mula nalika pertemuan PKK. pendhak dintenipun dipundhobeli. nek ngono aku ngalah.. kuwi ya anakmu. Kudune kowe kuwi wis leren ora nglairake.. apadene pak Bayan.. Diinfus nganti ngentekake pirangpirang botol. Nanging mung ethok-ethokan. rak ya padha wae ta. menawi kesupen mboten dhahar pil ka-be." "Wong kemutan-kemutan sampun tigang ndinten kok.. "0. parandene bubar nglairake meksa katon nglentrih tanpa daya amarga kentekan tenaga. Ning aku aja mbokpeksa melu ka-be tenan lho. Wong dieman kok ora kena. Bu! Dospundi malih?! Nanging Bu Bidan ora arep ndedawa crita..ngaten ta?" Bu Bidan mlenggong semu maido." Aja maneh kok Pak Marno sing bojone Bu Guru. Sidane bojone direpa-repa. Ngapunten Bu Bidan.. nanging rasane ora kaya yen duwe anak lanang dhewe. Saben sasi nyadhong jatah pil ka-be ing omahe Bu Bidan. ngerti karo wong tuwa apa ora. pak! Bisa dipamerke marang liyan gilo iki anakku sing lanang sing nggantheng. Bu Bidan ngira Bu Guru iku wis melu kabe temenan. Kowe melu ka-be temenan kanthi kesadharan.. Pak Marno ganti pekewuh saben-saben diparani perangkat kelurahan iku. amarga isih kepengin duwe anak lanang.. Mula Bu Bidan meneng-meneng mbatin marang Bu Guru.´ "Wegah! Wegah tenan aku pak! Wong diaturi aku iki isih kepengin duwe anak lanang. Balik anak-anake. "Kula rumiyin rak sampun matur. Nanging Bu Guru tetep mbeguguk nguthawaton. senajan Pak Ketua RT... endhog. Sidane Bu Guru digawa menyang rumah sakit. mbok wis trima. anak mantu kok karo anak leh mbrejelke dhewe." "Lha trus piye. Nyatane sajerone ngandheg sangang sasi Bu Guru mung mriksakake kaping pindho. bab iku ditakokake marang Bu Guru. aku iki ora malangi kekarepanmu duwe anak lanarg. isih oleh-oleh bandeng. Ya gene garwane Pak Marno iku ora njaluk jatah maneh. anake lima wadon kabeh. Nalika semana. Kesupen mboten nedha pil tigang dinten." "Bedane nggon ngendi? Apa yen anak mantu kuwi ora gemati? Akeh lho Bu contone. mengko njupuka pil wae! Mbokpangan pile ya kena.:' Bu Guru mencep krungu tembunge sing lanang mengkono iku. kula kebobolan malih. Ya mung rada akeh . amarga mung dhokter sing keconggah nangani. ya Bu Warsini iku? Critane Bu Guru iku ora duwe anak lanang. Tujune isih bisa dislametake. Wong anakmu ya wis lima ngono. endi sing ngerti karo wong tuwa? Mara pendhak bakda wae sok-sok ora?!" "Embuh gemati embuh ora. Mula ora mokal yen anggone nglairake rada rekasa. kok dikon ka-be. alah Bu. Nyatane nganti wektu nem sasi Bu Guru durung katon ngandheg maneh. lha kok ngandheg malih.

lanang pa wadon?" "Jaler!´ Krunqu anake Ndari lanang. Bune?" kandhane Pak Marno. nanging wis kebacut. "Ibu ki jare ora seneng putu wadon.' wong kula kepengine anak estri kok!" "Sebabe?" "Ha inggih. jalaran rumangsa dibebeda dening bojone.. rasakna!" Yen wis ngrembug prekara putu. jebul malah wadon maneh. "Yen manut ramalanku. Malah nganti kepara nglalekake marang anak-anak liyane. ngarep-arep putu lanang. Malah Pak Marno sing pinter dhewe mbebeda. Bu!" Ndari ... amarga anake mbarep wis omah-omah taun kepungkur. coba mbesuk yen wis diundang Mbah kakung. ora ana eleke yen nyandhang pantes. Bu Guru dikroyok anak-anake lan bojone. anak lanang ya duwe. Temenan. ngono lho!" "Ha-ha-haa.ngalahi rembug. Kala mangsane padha diece dening anak-anake. rasane beda momong anak karo momong putu." ature anake ragil. anake Ndari sing nomer loro iki metu lanang bakale. Seminggu wae ora weruh putune. Putune Bu Guru wis umur telung taun. Arul wis cepak-cepak arep mangkat. mesthi niliki putune. Ndari rumangsa lega dene anake mbarep metu wadon temenan. Umur nem taun sampun saged dipunkengken. Mbak Ndari babaran!" "Hah. Geguyonan ngono iku dadi kerep kedadeyan. Ndari nglairake. mesthi wis mara niliki. Klambi kothakkothak lengen dawa.lumrah ta nek njur kepengin putu lanang?" "Nggih mugi-mugi kadumugen kepengin panjenengan. jebul metu wadon. Senajan mung arep ngamen. Bu Guru gegetun... sirku anakmu kuwi tak suwun metua lanang. Senajan wadon. Sidane kanthi kesadharan dheweke njaluk disteril pisan. "Embuh Pak. "Wong ditakoni apik-apik. ora ethokethokan kaya dhek emben. Saiki pepenginane duwe anak lanang genti malih dadi kepengin duwe putu lanang. anak nenem wadon kabeh. Idhep-idhep kanggo ngajeni wong sing . Mlebu ngomah langsung kandha. Bareng jabang bayi lair. Bu Guru lagi pasrah marang panguasane Sing Maha Kuwasa sing nakdirake dheweke ora duwe anak lanang. kowe kuwi durung ngrasakake duwe putu..wragad sing kudu diwetokake. Pak Marno barang sok melu nimbrung rembug. kok wangsulane kaya ngono " Sauntara iku ana nom-noman mudhun saka sepedha motor. anak estri menika umumipun mboten nakal. lan sepatu loakan merk Nike olehe tuku ing pasar Beringharjo... Wong wadon iku gemati banget marang putune iku. Sing dikandhani ora wangsulan. Nanging batine tetep kepengin duwe anak wadon. banjur mrembet-mrembet tekan ngendi-endi. Ibu ki aneh! Wong kula sing arep diparingi momongan. Ibuu. Lagi iki pepenginane duwe putu lanang kelakon. Kaningaya temen uripku! Kepengin duwe anak lanang ora klakon. "Putra njenengan estri. Mripate kethap-kethip. Gandheng anakku nenem wis wadon kabeh. Kowe nadhzar apa. Ngertia yen anake iku bakal metu wadon maneh.. ewadene kok kaya ora ana dina gothang. sajake kongkonane Ndari anake wadon. ora nggagas putu lanang! Wedok ya ben. clana jeans kluwus ning resik. Bu Guru wis bisa mupus. lanang ya ben!" wangsulane Bu Guru nyenthe-nyenthe.bbarepe Bu Guru iku . "Nyaosi priksa.Yen anak lanang?" "Nanging ora kaya nek anak wadon duwe.* Dening:Nurmin/ Panjebar Semangat-05/2006 SAWIJINING WENGI ING MALIOBORO Jam sanga kurang seprapat. athuka dheweke rak melu ka-be temenan. kok njenengan sing nyuwun! "Witikna. "Aku wis trima kok Ndhuk ora diparingi anak lanang! Ning mugamuga wae anakmu mbarep iki mbesuk metu lanang." "Ah.. Mula pepenginane iku dikandhakake marang Ndari sing cekel gawe dadi guru SD. "Hus. sakala Bu Guru lunjak-lunjak karo nangis ngguguk. Kosok baline Bu Guru sing mbrabak arep nangis." ngendikane dhokter ngandhani. kabeh wis dienggo.

dene sing rada anyar disaki dhewe. Mobil lan motor thariktharik ngebaki parkiran. tur mlindhes telek lencung sisan. Nanging Arul babar pisan ora nggagas kabeh mau. "Dak kira nek cuti. Mbokmenawa merga rumangsa senasib. mesthi liyane nyoba nglelipur. kaya adat sabene. ora ana sing menehi kurang saka limang atus rupiyah. Yen lagune mbutuhake vokal Tenor. pendhak wengi lan parak esuk. Bening kaya kristal. Dheweke menyat saka anggone lungguh. Ora maido. Saweneh ana sing dodolan. "Malioboro pancen lahan subur. nyaut waton muni." Arul lungguh karo nyaut sega kucing rong wungkus. dadak dilabuhi nyanyi karo jengkeng utawa timpuh ing ngarepe wong-wong kang lagi mangan.." pratelane Herman. Satemene asile mono lumayan. Nyatane nganti seprene ya tetep durung ana asile . sing kumel-kumel diwenehake Arul. Arul lan Herman wis katon jengkeng sinambi genjrang-genjreng. Saka rumangsane. Tekan palang sepur wetan Pasar Kembang. Nanging senajan mengkono. sing blasteran Jawa-Ambon iku. Mengko rak ya tiba titi mangsane rodhane mubeng mendhuwur." cluluke Herman sing dadi Bendahara. menyang warung lesehan liyane.. Arul njupuk gitar sing gumlethak ing peturon. "Ya ditrimak-trimakna wae dhisik." cluluke Herman. Mlebu plataran kantor disingkang-singkang Satpam. dheweke weruh Herman. "Isih akeh sing dha jajan. Rina-wengi tansah dadi papan jujugane uwong. Dhuwit banjur dibagi loro. Wong nyatane ijazahmu ya ora bisa nggolek pangan wae. nggawa ganda amrik kembang sedhep malem.. apa operasi maneh. Herman mung nggleges. wong loro leren ing ngarep benteng Vredeburg.. jebul mung dadi tukang mbarang?" "Lha witikna arep kepiye maneh? Wong awake dhewe olehe usaha ya wis ora kurang-kurang. Lampulampu merkuri kang jejer-jejer ing sadawaning Malioboro katon putih kencar-kencar. mengkono panglocitane batine. ki? Apa ora eman-eman? Ora ilok lho. Jam setengah siji. Rada suwe wong loro banjur mung padha meneng-menengan. banjur jumahgkah metu saka omah. Rul. Dadine ambune ya blarengan. Embuh apa sing digoleki . Her. Ing ngarep pertokoan kang tutup jam sanga mau. nolak rejeki. nalika dheweke mangkat lan mulih ngamen. Nanging arep kepiye maneh?! Urip iki angel." Herman unjal ambagan abot. kentir marang gagasane dhewe-dhewe. Yen mung saderma kanggo mangan wae turah. adol swara sake warung lesehan sing siji. Awit racake wong sing padha jajan. "Oalah Rul. Yen sing siji atine lagi susah. Herman nyekakak saambane lambene. Arul ngomong lirih karo ngempakne rokok. Gengsine minangka sarjana S1 sok-sok ora bisa narimakake. Rodhane lagi neng ngisor. ning kepeksa mung padha dadi panji klanthung. "Bener kandhamu. penere lesehan. mecaki trotoar dawa sing wis rong taun iki ajeg diliwati. nanging kendharaan panggah liwat pating sliri. golek rejeki. Anggone nyanyi gentenan. kelingan marang nasibe dhewe. wis apal karo kelakuwanekancane sitok iku. wong niyat jajan mono mesthine saka ngomah ya wis sangu dhuwit kepara turah. awit gaweyan iku pancen wis rada suwe dilakoni bareng. sinambi ngetung pengasilane "Wah. "Apa wong tuwamu neng Ambon ya wis marem. Dene yen lagune mbutuhake vokal Bariton. kok. Ning yakuwi. Angin wengi semilir. ndadak ndlosor kaya ula. Padha-padha lulusan S-1. Arul mung meneng wae. Herman sing nyanyi. Malioboro pancen ora tau turu. senajan wis lingsir wengi. Kaya kere sing nyadhong kawelasan." Arul sing lagi sumpeg atihe. Arul sing nyanyi. lumayan. ya wis dilakoni. kancane ngamen lagi lungguh jegang ing bangku pojok karo ngadhep kopi. "Mulih saiki.dingameni. Lakune tumungkul. gengsimu kuwi mbok wis ora usah diingu.. "Padhakna pegawe wae . Setengah jam candhake. yen ngerti kowe sing dikuliahake adoh-adoh.?" Arul ngguwang tegesane sing meh nylomot driji. Wong loro wis apal karo bageyane dhewe-dhewe. kerep ana perang campuh ing atine Arul. Her . Pancen wonq loro iku anggone memitran rakete ngungkuli sedulur. Malah umume sewu munggah." . Rampung dandan. Entuk nemlikur ewu wolung atus. ajining dhirine dadi ilang babar pisan. Sauntara kuwi. nganti watuk-watuk. gumantung karo karakter lagune. banjur nginguk menjaba. Lan weteng sing mlilit ora bisa wareg yen saderma dipakani gengsi. poncot kidul Malioboro. Cuti ya sesuk ora sarapan. Arul menggok menyang sawenehe warung Hik pinggir dalan. saweneh maneh ana sing jajan lan ngenggar-enggar ati. yen kanggo golek dhuwit sewu-rong ewu wae. nalika sawijining wengi Arul ngetokne uneg-unege.." "Ngonoa apa ya sajege awake dhewe arep dadi kaya ngene?" Arul nyedhot rokoke jero. Herman nyawang mengalor. warung-warung lesehan wis akeh sing digelar.. Pancen rodha nasibe awake dhewe iki saiki lagi neng ngisor. Lagi wae manyuk lawangan. Arul mara nyedhaki.. Mbulan satampah lan lintang-lintang abyor madhangi langit.

jaman isih kuliah biyen... ndhelikake atine kang getir. njiwit bangkekane kancane. "Arum . "Mbak.. kok.! Kapan olehku crita?! Senengane ngarang . "He'eh. Kancane sing nganggo sleyer abang nyekikik. Dadi iki Mas Arul sing kerep mbokcritakne kae? Sing jaremu "cool" tur "smart" . merga kapribadene kang apik... Sauntara Arum dhewe sing tinitah wadon. Siji lan sijine padha dene ora ngerti kabare." Arum mesam-mesem. Saiki ganti saka kidul mengalor. awit kekarone padha dene aktif ing Senat Mahasiswa. Rul . Herman ngetutake ing mburine. Ayu jelih-jelih karo ngguyu kemekelen.. Pantesa mono dheweke kepengin ngrangkul priya ing ngarepe iku. "Ya ampun.nindakake tugas kampus bareng.?" Arum takon ngati-ati sawise Arul mungkasi critane. Sumelang yen nganti nggepok pangrasane.."Arul mesem. dumadakan gitare direbut cewek sing lungguhe ngungkuri dalan. mripate uga wis mbliyut.! Homosex-mu kumat ya..! tanpa maelu Arul sing plenggang-plenggong. suwe-suwe banjur nukulake wiji-wiji tresna ing atine bocah sakarone. "Iki lho.. sumelang yen kleru. bocah wadon iku aba marang bakule. Tur mboseni." Arum munggel cepet. roti bakar kalih susu segar. ing warung-warung lesehan sing manggon ing iring wetane dalan Malioboro. blas ora ana kabare?" bacute karo mandeng manther praupane Arul...!" "Ssstt .. banjur padha janji bakal tetep terus sesambungan lan kabar-kinabaran. nganti bocahe njomblak karo misuh-misuh. marang Arul lan Herman. "Kluyuran . Kenalke. Saben weruh prawan. Sing diceluk jenenge mung mesem karo mbalang liring. Yen mau anggone ngamen saka lor mengidul. Mripate nganti kaca-kaca.. kaya kepaten obor. Nalika teka titi wancine wisudha. Arum trenyuh banget. Ana bocah wadon loro lagi lungguh ing lesehan. Kerep diskusi. Mula kanggo nyambung urip. kalih malih . sinambi ngadhep roti bakar lan susu segar. Kamangka pacare sing fotone tansah dislempitake ing dhompet iku ya ayu . Rada tidha-tidha. Saking kagete. Bubar iku banjur padha repot karo urusane dhewe-dhewe.srawung. iya .. banjur dakjak mrene sisan. Kahanan mengkono iku lumaku terus. ora wani ndhisiki. debat lan. Nalika Arul lagi wae siap-siap arep nyanyi. Arum banjur ngenalake kancane. Ana kangen sumembul saka pletik-pletik sorot mripate. Mung emane.. Bareng anggone mlaku tekan kidule toko Dynasti. Arul sing minder merga kahanane sing kesrakat... "Wedhus ."Ya ayo . sing banjur nimbangi kanthi nggegem kenceng tangane Arul. Arum . tur tipikal pekerja keras.. kegawa awake kang sayah. dene Arul repot anggone mider-mider golek gaweyan. iki kancaku. ora wani mblakakake pangrasane marang Arum.. Malah kanca raket banget. banjur nglelipur lan nggedhekake atine.. senajan rada anyel. Arul mung mlongo. Arul grenengan dhewe ing batin.! Padhakna pe-es-ka wae . ayam goreng.?!" Arul ngulati karo njengkerutake alis. Arul kepeksa melu nginthil ing mburine. yen priya sing meneng-meneng wiwit biyen tansah dikagumi. Kejaba drijine keju. Anggone layang-layangan mung lumaku watara telung sasinan... Her . dumadakan Herman ngruwes bokonge Arul seru. Arum iku satemene kancasaangkatane Arul..!" Arum mecucu. Wusanane terus plas." "Aku wis ngerti.. !" Arum klejingan.. nganti bocah sakarone lulus. Sauntara Herman lan Ayu lagi ketungkul . jebul nasibe ala banget." ujug-ujug si sleyer abang sing jenenge Ayu iku cluluk. Arum repot karo urusane minangka pegawe anyar. "Dadi nganti seprene awakmu isih nganggur.... "Lha awakmu dhewe piye... Rum.. Nanging biyen wae ora kelakon. Herman langsung menggok. mesem.. mripate ijo. Tangane kemawe. Mula mumpung ana prei. Rul ."Iki rak Herman. Nanging sajake pancen dudu jodhone. Sumelang yen dikira ora ngilo githok.!" Arul menyat karo nyangking gitare. Arul nglirik papan sing dibisikake Herman. Idhep-idhep karo bernostalgia. Aku ngerti banget yen awakmu iku pinter. apa maneh saiki sawise adoh? "Sabar. ta? Play Boy-ne Fakultas Hukum sing biyen pas dhemo sirahe bocor dipopor tentara kae ta?" Herman mringis karo nggrayahi tilas jahitan sepuluh senti ing sirahe. ya kepeksa pendhak wengi dadi kalong neng Malioboro. ora ana sing kliwatan. "Dawa critane.." Arum nggegem tangane Arul kebak empat. tekan Sea Food. Lor-kulon arah jam sepuluh. Saka bakul gudheg. Ooo . Babar pisan dheweke ora ngira.. mung bisa ngenteni. ing warung lesehan sing manggon ing iring kulon.. kancaku pengin weruh sing jeneng Malioboro.. Mbokmenawa mung durung ketemu dalane wae.. Herman kuwi wiwit biyen watake ora malih... beda karo kancakancane lanang liyane iku. Tanpa sraba-sraba. Mula ora jeneng aneh yen merga saka kerepe ketemu lan. O. wengi kluyuran neng kene?! Jarene awakmu kerja neng Batam?! Arul nyalami cewek lencir mripate bening iku. "Ngawur . Rul? Kok nganti rong taun punjul. Wong loro nlusur wiwit saka lesehan cedhake Gedhung Agung mengalor.:" Herman ngomong lirih ing sandhing kupinge Arul. Soale iki mau wong loro wis rencana arep mulih.! Lha kok tengah. Kenang-kenangan nalika kerusuhah Mei 1998 kepungkur.

nyatane bisa nyukupi keluwargane sing nang desa. Limang dina tumekaning dina Lebaran taun siki dheweke tampa surat pos. nginthil melu Kang Karmo. wengi siki ndherek sisan. Kalah cacak menang cacak amplop dibukak. Pak Anton butuh rewang. pas inyong maca nang nggone kanca. Kelingan marang wektu-wektu kepungkur kang endah lan kebak semangat urip. Sekang critane Kang Karmo. Mung beda carane. Neng kene ora bisa ngomong pirang pirang. Sulastri ngumbara maring Jakarta.???!!!". "Kaya kiye Las. luhe olihe ndrojos kaya kali banjir. amarga rumangsa dibutuhake dening liyan. Tek arep-arep kowe maring nggone inyong Badan dina pindhone.. Kaya mung semene dhingin kabar sekang Kakang. sawise nang ndesa jeneng mau tek lestarekaken. Ora dadi gawene Kang Karmo maning. Embuh padha ngrembug apa. Nalikane sepasarane dadi penganten. Kejaba sekang kuwe. Gira-giru inyong terusgawe surat kiye. Sisan omahku. mung kaya uwuh kang ora kanggo. Saking senenge arep ketemu karo Kakange sing bisa ngentas dheweke sekang jejember. ya Bapake bocah-bocah. Pikirane temlawung kelingan lelakon dhek semana. Assalamu 'alaikum wr. . Mlebu kamar ningkesi gombalane. Mbuh apa sing digunem. Melu Kang Karmo sing wis suwe urip nang kana. Mula kanggo ngormati sing paring jeneng. Ning dudu Suhadi Tukang Cukur sing asring nulis nang Panjebar Semangat. marakake dheweke kelingan jaman isih kuliah biyen. Rumangsa yen uripe ana gunane. Sulastri pikirane dadi goreh kok mlebu plataran Hotel? Apa Pak Anton sing duwe Hotel? Sulastri mung manut apa sing dikarepaken calon bendarane mau. Inyong ora ngira blas arep bisa ketemu maning karo kowe padha. Arul nggresah sajroning ati. Kowe tugase mung ngladeni aku. Mbok menawa bocah-bocah sing nang paran padha bisa prei. Sedhela-sedhela . Sulastri kepencut. Sulastri digondhol mobil. Nyepet-nyepeti mripate sinq nyawang. Jenenge Hadi Sumarto. Arul unjal ambegan landhung. wb.. Mesthi baen Sulastri atine bombong banget. Saben nem sasi sepisan tilik ngomah. Omonge Kang Karmo. Awal taun sewidak lima. Mula Sulastri gawe surat maring salah sawijining Surat Kabar ing rubrik Surat Pembaca. Ora ketang mung dadi tukang becak. Gampang nek wis padha ketemu baen. Mung keprungu guyone ger-geran Sulastri diceluk. Lumayan nek mbecak nganti puluhan dina. Kemliwer kaya casset vidio. Ngetut mburi Pak Anton.kojah ngethuprus. sajak gayeng banget. Angin kang midid wiwit krasa adhem ing kulit. Mula saiki kowe. Sing tek suwun sliramu sagotrah muga tansah pinaringan rahayu tan ana rubedaning urip. Rampung terus metu. cara ndesa diwei jeneng tuwa. Lengkap Er Te Er We lan nomer HP-ne. padha ngguyu cekikikan. Isih padha kumpul. Ora kaya saiki. Kang Karmo mesem. Niliki amplop sekang Pak Anton. Dening:A. Wengine mrambat sangsaya tuwa. Aku isih bujangan: Padha karo kowe lagi ngumbara golet pangan. nembe niliki alamat sing ngirimi. Ngenteni bojone sekang BRI lagi njukut pensiunan dirasa suwe kaya nganteni matenge liwetan. Bareng wis genah surat mau kanggo Mas Sutrisno. Gombale ditingkesi". aja bingung inyong nganggo jeneng tuwa." kandhane Pak Anton sawise mlebu kamar. Mesthi baen Sulastri bingung.Adi/ Panjebar Semangat-03/2006 NGLARI SEDULUR RASA kangene maring Kakang sinarawedi ora kena disayuti. Tujune kowe duwe ada-ada nulis nang Surat Pembaca nang Suara Merdeka. "Ya nang Hotel kene nggonku nginep. nekketemu dadisemanger. Warisane mbah Buyut. "Menyang endi lungane wektu-wektu kang manis iku . Cara kuwe mau wis dadi budaya ing padesan. Adimulya tgl: 22 Oktober 2005 Wassalam Hadi Sumarto. Rampung nggone maca. Wis Pirang dasa warsa ora bisa sesambungan. Sing mangsude wara-wara nggoleti Kakange sinarawedi sing jenenge Suhadi. Terus marani. Durung tau kenal karo jeneng mau. Lungguh adhep-adhepan sinambi omong-omongan karo Arum ngene iki. Apa sing dicritakena Kang Karmo kebukten. nemoni. Lumantar layang iki inyong mung kirim kabar kewarasane wong sekeluwarga. Padha-padha kelangan lacak. Sawijining bengi ana tamu nemoni Kang Karmo.

Apa omonge Anton mleset satus wolung puluh drajat."Kamar kula pundi Pak?" Ujare Sulastri. Awake Sulastri mrinding. mripate Sulastri mlolo kamitenggengen. Ngerti-ngerti wis parak esuk. "Iki kamarmu ndhuk. Sulastri ngebrukaken awake nang peturon. Ora ngertiya mung trima dadi wadon simpenan. Sulastri bayune kaya dilolosi. Kelingan amplop sing diwehi nang Pak Anton. Mula nggone Pak Jiman tamune remaja gilir gumanti. Peturone uga barengan. Sebanjure kon melu rewang-rewang bareng Pak Jiman. kaya tawon weruh kembang. Malah nek ditari pamit lunga. Kanthi pawadan arep dipet bojo dening Mas Suhadi. tetangisan. Kena diarani metu sekang kandhang baya.." pandheseke Lastri. Sulasti mung nurut apa karepe. Sebanjure dadi jatukramane. Ora mung kuwe. Awake krasa adhem. Wengi candhake. Mula tamune padha marem. Nek Ibu mung trima sewane kamar lan enteke nggonmu maem. Dilendhoti kaya ora ngrewes. Bu Warsi wis paham maring aparat sing sok teka ing warung istimewane. Ing cipta ora mudheng. tangane terus diglandhang digawa mlebu kamare. . Nganti olih seminggu urip nang Hotel. Krungu critamu nggone kesasar ing panggonan iki aku dadi krasa ngawak. "Mas Di. Witing tresna jalaran saka kulina kuwe parikan sing lumrah ana jagading katresnan. "Kepenak kok ndhuk. Sing ketiban pulung Pratu Sutrisno. Sing bisa nylametaken jiwane Bung Karno jere Kolonel Untung. weruh cah wadon klimis.. Jebul priya kuwe bodhone kaya kebo. Malah ngglongsor ngrukebi sikile Suhadi. melu aku mangan ora mangan. Tinimbang kerja nang sawah. Mula yen kowe gelem leren. Apa dheweke Suhadi wantah apa sawijining Malaikat kang ngeja wantah? "Primen dhik Lastri kok meneng baen". Nang kene nek kowe pinter ngladeni tamune. Arep minggat. Bareng weruh isine." Krungu jawaban sing keri mau. Sing ora ngerti ya nganggep bojone. kowe kebanjiran dhuwit. Wengi kuwe barang sing paling pengaji wis dimamah dening Pak Anton. Apa maning Jakarta. Apa abot ninggal papan iki? Kepenak? Krungu jawaban mau. malah ditukokaken sandhangan kon milih dhewek. Metu mlebu mobil dibukakaken lawange. Bu Wasri ora bisa menging. Dhasare wis tengah wengi tur sapa sing arep bisa disambat. bisa nekakaken rejekine. Apa maning sing nggawa Lastri sawijining aparat. Sulastri wis cumbu. Terus tangi reresik awak senadyan isih krasa lungkrah. Dijukut nang tase. Lumakuning dina terus mrambat miturut garising kodrat.. Kabeh nduweni karep padha. Pindho ping telu tekane mung andon medang. Jebul awak sakojur tanpa awer-awer. mlebu maring kandhang macan. Lan wis dililani dening Kakang sinarawedi ya Mas Suhadi. Sulastri arep nanting apa karepe. "Ya kiye bareng." Lastri ethok-ethok ora ngerti. pegawe sipil bageyan masak ya anak buahe Suhadi. upahe mung pirang rupiah. Sulastri ora bisa kumecap. Arep cara apa diadhepi. Awak kesel dadi ireng kenang srengenge. Lah wong teka nang warung ngonoan kok dijak "ngono" ra gelem. Mung dikaya nganakaken baen lomane ora karuwan. Sorene Sulastri dijak mubeng kota Jakarta. Wis ngerti gaweyane ndhuk?" pitakone Bu Wasri. Mbok kepenak. Jere nek wis nyawang dheweke atine w's tentrem njur pamit bali. Maeme nang restoran. Keduten kabeh. Sepisanan teka mung kenalan. Senajan Anton lunga. Isih ana manungsa sing duwe welas maring sepadha-padha. Sing maune krasa ngajok kejlomprong. Amplop dibukak. buktine Anton lan Kang Karmo sing isih sedesa baen kolu ngedol awake. Pak Anton isih turu. Ora liya mung pasrah. mikat Sulastri. Senadyan kala-kala sok padha rebutan bener. Dipilalahi nolak langganane.perkarane mung merga kowe ki sedhaerah karo aku. Sing jenenge sradhadhu bujangan. Geger anane kabar Dewan Jendral njongkeng kelanggahane Bung Karno. Yen dhong salah paham Sulastri trima ngalah. Bener apa sing dikandhakaken Bu Wasri. Jakarta kinemulan mendhung angendanu. Sing kaya ngana kuwe dadi pikirane Sulastri. siki umbaring esem lan renyahing guyone. Tekan asrama Sulastri dititipakan nang nggone Pak Jiman. Mung lumah-lumah olih upah." Krungu jawaban mau. Pak Jiman lan bojone atine melu trenyuh bareng dicritani apa anane Sulastri. Anggone nglakoni urip ngana kuwe wis krasan. Njenengan deneng gawe bingungku Mas. adhem ayem baen. Arep budi keprimen. keturon. Mula liggare sekang warunge Bu Warsi rumangsa padha kelangan. Jane kersane primen sih? Nek wong penginyongan biasane mbokan cablaka. Karo nangis sesengrukan. Akhire dheweke malah dipasrahaken maring Bu Wasri sawijining germo klethekan. "Okh. Arep ditinggal eman ngganthenge. Apa maning Anton kandha jere arep dinikah barang. sawise gawe wedang klangenane. Wis pirang-pirang sore Sulastri bingung ngadhepi tamune sing nyalawadi. Ora rila. Sidane wengi iku uga Sulastri pamit karo Bu Warsi. Seminggu ngladeni Pak Anton nek embret matun apa tandur mbok menawa nganti pirang-pirang wulanan. Wong sakloron netrane dadi mata yuyunen." Kojahe Bu Wasri terus ninggalaken Sulastri. "Dereng Bu. Akhiring sasi September taun nem lima. Nganti ora emut. Nglegena kaya bligo. Nggoleti kunci lawang ora ketemu. Kanca-kancane sing dipamiti padha rerangkulan.

Urun rembug bab wayang kulit lan cercak. Ing omahe Suhadi wis katon regeng." Swarane bojone sing nembe teka sekang BRI. Alaming Lelembut. Badan rong dinane. Mobil angdes mlebu plataran. Yen karo anak putu dadi semanger mbokan Jeng." Ujare Lastri wis ora sranta. Sulastri karo anake wadon masak-masak. pancen mboseni." Rencana sing wis mateng bisa kaleksanan. Wong sing ora ngerti apa-apa melu nandhang sengsara. Kap mesin mobil tak bukak nyoba ndeleng mesin mobil ngadhat iki sing sejatiné aku ora paham thèthèk-mbengèk mesin mobil. Wis tekan titi mangsane. Lha wong bareng tekan kana isih dipencar-pencar. Sing methuk pating brubul. Ana bat repot disangga bebarengan. Ana urusan administrative. Kol Untung minangka begundhale. dalah anak putu. Primen sebanjure Jeng. "Kiye Mas layang sekang Mas Suhadi teka." "Mbok dhewek wis kangen Mas. Sumrambah neng lingkungan jembare tekan saindenging Nuswantara. Siji Kapten Piere Tendean pengawale Jendral AH Nasution sing lolos saka wengise PKI. ora ngerti marang pri kamanungsan. Sing mandan sering tah Sing Lucu. Ya sekang peristiwa mau Pasukan Cakrabirawa khusus TNI/AD Yon I melu dadi korban. Ketone dadi bangsa sing bringas. gawe casset vidione buyar. nganti ana sing nemahi pralaya. Mula wiwit awan wong saomah padha rerigen gotong royong. "Aku setuju ning aja ngesuk lah. Kaya dhewek kiye mbok wis patbelas abad. Karodene bocah-bocah urung padha teka. Lebarane mbok wis kari pirang dina maning. Rasa kangen kababar kanthi suka pari suka ketemuning Kakang karo adhi sinarawedi. Parman lan liya-liyane ana nem. Nunggu adhi sinarawedi kang wis patang dasa warsa ora ketemu." Ora sranta layang disaut. Palembang. Sing lanang ngresiki Angdese mbok nganti mogok nang dalan. Kalimantan. Sing arep kedhayohan uga padha rerigen. Ora ketang mung gawe wedang. adoh saka laku gendhak sikara. Kantor iku mapan ing kutha Sala adohé rong jam laku darat saka omahku. Jebul Mas Hadi senadyan pengarang cilik. S.) ÉSUK-ÉSUK aku wis sumadya mangkat menyang kantor pusat perusahaan jroning 30 taun aku nyambut gawé ing kana lan telung taun iki aku wis nglakoni pènsiun. Yani. Sulastri ora sabar mbradhat nggapyuk ngrangkul Kakange. mbokmenawa isih ana rasa curiga. Yen tresna Nabi SAW. Wong nunggu kuwe. siki diregedi dening teror Bom. Cara lakon nang pakeliran wayang purwa wis ngancik gagat raina. Senadyan tilas saradhadhu suprandene mripate kaca-kaca maca layang mau. Sapa sira sapa ingsun. sing mun ngerti Kanjeng Nabi ana ing Al Qur'an. Ana perkara dirembug. Gotong royong kudu diwiwiti sekang keluwarga. Ora banjur dolanen BOM ing sadhengah papan. Bola-bali tak starter. Dening:Hadi Sumarto / Panjebar Semangat-02/2006 NGEDOL SING ORA DIDUWENI (déning: Adinda AS. Lumayan nggo sangu pensiun Sutrisno melu kridit Angdes olih telu. Hp-ne terus moni. Ing rubrik Sing Lucu. Pokoke holopis kuntul baris. mesthine ora kudu nganggo kekejeman. Untung Komandan Yon I Kawal Kehormatan Resimen Cakrabirawa. Ana paribasan perek kebo gupak kecepretan. Bojone Sulastri tiba neng Kalimantan. "Alhamdulillah Jeng. kaya dene wong nunggu tekane besan. Sakwisé tak . wis bisa ketemu ya Jeng. "Deneng nglamun Jeng. Mahanani urip ayem tentrem. Terus diwaca. Sawise dianakaken penelitian utawa skrining. Gawe papan cintrakaning liyan. Lan pesen Mbakyune ora susah repot-repot masak. Liwat HP Sulastri ngabari Kakange. nanging mesin mobilku rèwèl ora gelem urip. Pokoke tekane wis sangu pangan secukupe. Jane nek dhewek kit ganu ngerti asmane sepuhe. Dina keng diarep-arep wis tekan. Bangsa Indonesia sing kewentar ramah. Dipencarpencar ana sing nang Aceh. Saploke kuwe sesambungane pedhot dhot. Sing dadi korban putra putrine Ade Irma Nasution. pungkasane sing ora ana tandha-tandha kelibat.Wis sebenere wong Kol. Ya ayo ngesuk diperlokaken sowan. asu gede menang kerahe. Semana uga tamune kaya laron metu sekang lenge. dene Kakange neng Aceh. dipindhah. Tinutup kanthi wecaning lakon pinanggih tata tentrem rahayu kang tinemu. Mbok padha eling lha wong Pamane Kanjeng Nabi SAW baen tumekaning mati ya ora gelem Iman. ning karyane kadhang kala bisa nembus blabar kawate Redaksi Panjebar Semangat. Jebule sing gawe ontran-ortran mau Partai Komunis Indonesia. Ana wong mlebu kok dijorna baen. Lakune rombongan tamu terus dipandu liwat HP. mlesat ngirid balane se Kompi. Tur langsung dingendikani Nabi SAW. Nanging kabar mau mung sakedheping netra. Merjaya para Jendral antarane Jendral A. yen sowane Badan rong dinane.

´ panjlèntréhé kondèktur bis sing sajaké wis raket. Ana sing lagi nyanyi sabait rong bait langsung wis narik dhuwit. Aku iki sing mbiyèn duwé pangkat dhuwur. lan iya padha ora duwé lumbung kanggo nandho pangan. ³Mboten. éwasemono padha diparingi pangan déning Gusti Allah. Punika pedamelané saben dinten kanggé pagesangan éstri lan anakipun setunggal. Kanthi ngungun aku nglebokaké dhuwit sèket èwu rupiah ing njeroné kothak cilik sing diideraké pambarang bisu mau. Utawa ana prakara sing mbutuhaké dhuwit akèh. uh. ih. ³Tiyang punika pambarang bisu««´ cluluké pak kondèktur bis. endi ana kulawarga sing dumadakan lara kudu mlebu RS. seprapat jam sadurungé tekan kutha Sala.nggon ajeg ana waé klompok pambarang munggah lan mudhun. Ing sawijining terminal cilik. Aku dhéwé mung lungguh meneng ngungun. Werna-werna patrapé. Begjané anakku loro-loroné wis rampung kuliahé. Priya bisu iku mau dumadakan njerit banter lan gitaré ditabuh sora gawé mengkorogé githoké sing padha krungu. akèh para panumpang sing gèdhèg . oh. Aku ngungun sakwetara wektu. Ucapané banter mèmper swara ah. ana priya pambarang umur udakara 40 taun munggah bis. Manuk-manuk kuwi ora padha nyebar lan ora padha derep. bayaré gedhé bareng wis tuwa pènsiun malah kebak was-sumelang lan kekuwatiran ? Genéya? Ya embuh«« Wusanané aku tetep budhal nunggang bis umum sing akèh liwat ing ngarep omahku. Ana sawenèh panumpang sing keplok. aah«« Mbok menawa intro lagu anggitané dhéwé. nanging pamrihé siji. Lan isih akèh manèh kekuwatiran lan rasa sumelang sing ngreridu pikiranku ! Kanca-kanca pènsiunan sak nasib ana sing ngayem-ayemi kanthi nuding sabda tama: ³Coba delengen manuk gagak. ya iku.gèdhèg gumun. telung tahun sakwisé pènsiun durung tau tak lebokaké bèngkèl. Ing nggon . Kebeneran pambarang sing ana ndhuwur bis mung dhèwèkan. Saka lambéné kanthi semangat menga amba nanging durung ana sing ngerti dhèwèké arep nyanyi apa. batinku. Nanging pétungan ragad. Aku dadi yakin lan faham sabdatama pitutur luhur sing nyebutaké: ³Manuk gagak kuwi ora padha nyebar lan ora padha derep. Nyandhang penganggoné rapi lan resik ora kaya pambarang umumé sing kummel lan nglomprot. Nanging wektuné nikah. awit wiwit sepisanan mung main chord babar pisan tanpa melodi. Tetéla nunggang bis umum ya kepénak angler uga. Ana sing gèdhèg . Dhèwèké main wirama kroncong.. Ngadeg ing tengah-tengah bis.gèdhèg. Dhuwit pènsiun saben wulané mung cukup kanggo ragad urip saben dinané kanthi prasaja. nanging mandheg manéh sakwisé ana swara gemlothak banter nggawé kagètku. Kanthi trapsila mbungkuk mengarep . Nunggang ing bis umum sing pancèné kudu suk-sukan kahanan sing arang tak lakoni sadurungé. yaiku kepéngin ngrebut kawigatèné wong-wong supaya gelem mènèhi dhuwit rècèhé. Nanging ya akèh sesawangan sing lagi saiki aku ngerti. Tak deleng kondektur nyawang aku karo mèsem. Ana sing pidato dawa sadurungé nyanyi ana sing mung terus nabuh gitaré karo sirahé manthuk-manthuk tanpa swara. Bisa urip sedhéla. Endi ana mobil sing kudu diservice abot. Banjur dhèwèké njenggèlèkaké rainé wiwit nyanyi. Priya pambarang bisu banjur ngideraké kothak karton. Tak deleng driji-drijiné methik kawat gitar kanthi luwes. Priya pambarang iku wiwit nabuh gitaré. Sapandurat wong-wong padha kagèt banjur padha ngguyu bareng. Aku kagèt banget. Riwayatmuuu. . ³Wah iki mung akal-akalan waé !´ ujaré salah siji panumpang cubriya karo ngguyu nyekikik. Mèh telung menit pambarang iku main gitar karo tumungkul sirahé. gitaré sidhem. ³Bengawaaan Sooloooo«. Atur pakurmatan manèh. Akèh pambarang (=pengamen) nggawa alat musik kanthi solah bawa dhéwé . Pindhahé chord-chord C-C7-F-G7-C ya mapan apik. Wiwit aku pènsiun akèh bab-bab sing nggawé was sumelang jroning uripku. Rumpakaning chord-chord iku diambali bola-bali. iniiiii«««´ keprungu swarané wong nyanyi. Tak rungokaké mainé resik. Swarané bening merdu. Sakwisé rong menit luwih pambarang iku mung ngucap swara iku sing babar pisan tanpa wirama ora jumbuh karo gitaré. pak. tak coba nguripaké mesin manèh. sing cetha ragadé adoh luwih murah yèn katandhingaké nggawa mobil pribadi dhéwé. Aku sing seneng main kroncong ora ngerti pambarang iku arep main lagu apa. Krungu kojahé kondèktur mau akèh wong sing banjur ngguyu gleges. Piyambaké bisu tuli gawan bayi.dhéwé.uthak-uthik kana-kéné. Kedadéyan ngéné iki pancèn wis suwé tak kuwatiraké. Kowé rak luwih aji ketimbang karo manuk-manuk mau !´ Lha. ngiwa nengen dhèwèké atur pakurmatan panumpang bis tanpa pocapan apa-apa kejaba ing lambéné mèsem ngujiwat. Jebul swarané salah siji panumpang ing satengahé petikané gitar pambarang sing wis mingkem lambéné tanpa swara. Aku rumangsa éntuk piwulang sing becik banget saka kedadèn sing mentas waé tak adhepi. Pramila bisu saèstu. lan iya padha ora duwé lumbung kanggo nandho pangan. èh. Kanggo ngawèkani awèté mobil pribadi biasané nem wulan sepisan dak lebokaké ing bèngkèl lengganan. aku minangka wong tuwa rak kudu sumadya sakabèhé««.

. ³Hi. LEMPUYANGAN Setya Amrih Prasaja Jam 11. . Apa manèh sanajan ta iki nèng jogja meksa tetep krasa adem rasané. gandha parfum krasa maknyus nyogok irung.. Wah pokoké semrawut. kamangka sing arep ditumpaki kereta kelas ekonomi. Ésuk-èsuk ngéné énaké ngopi karo ngudud. ³Weit. Jam setengah enem ésuk. Rampung markirké motor. ³Sreeetttt. para maos rak wis mangerténi kaya ngapa kahanané sepur kelas ekonomi. akèh tukangé ngamén. Bakulé ya ana sing lagi lekas nata dagangané. Èsemé katon kecut. mlotot odol. isih katon kebul-kebul ngana kaé. Bocahé langsung njujug warung Telkom sing ana sandhingé lokèt karcis. sepuré ya mesthi telat lé teka. Sumpek. Cekikikan dhéwé. Mesthi dudu ³swara merduné´ pambarang bisu mau.. ana kansèn karo dosen. Mula dina kuwi lèhku ngeterké tuku tikèt ya wayah jam rolas kurang seprapat.. aku wis tangi. Kahanan bonbin durung ramé.. tuku tikèt terus langsung munggah sepur rasah ngentèni sepuré teka kaya adat biasané. siré dhèkné arep mulih dina kuwi uga. sing tak jujug ora liya ya Bonbin. aku ngalem bagusku. Dina setu kang panas ngenthang-ngenthang. rega tikèt lan sepur sarta jurusané. Jan-jané setengah enem tumrapku isih ésuk banget. aku mudhun saka bis kanthi jumangkah ènthèng. èh. Wédhang kopi panas wis sumadya. Gusti mesthi bakal maringi sing kita butuhaké angger disuwun kanthi donga. bakul-bakul sing pating sliwer. Tekan kampus isih jam pitu. krasa ana tangan alus njawil pundhakku tengen saka mburi. Sakwisé mripatku loro bener-bener melèk. wah aku kuatir mengko ana apa-apa nèng ndalan. satengahing lalu-lintas jogja sing padhet. Aku nunggoni sangareping lokèt karo maca jadwal. pak ? Sèket èwu regi ingkang pantes sanget. Kebeneran. kagèt aku meruhi awakku dhéwé jroning pengilon. sajak kuciwa. Akèh copeté barang. uh.géné nèk nyandhang rapi ngéné ya kethok bagus´. Kenapa aku kudu sumelang lan tansah kuwatir ?? Saktekané terminal Sala. oh! Nanging piwulang sing prayoga saka dhèwèké. kantin Sastra sing panggonané biasa. Aku saiki yakin ora perlu sumelang manèh.´ ucapé kondèktur mau ngguyoni. 12 juli 2003. Dina jemuwah bareng karo plethèking srengéngé saka sisih wétan. Kondèktur sapa aruh aku karo mèsèm grapyak. gagé aku nyandak anduk. biasa kaya padatan. blaik. Bathinku ngapokaké Sari. wong biasané. nanging lèrèn sedhéla nèng angkringan pojok gelanggang adat biasané angkringan bukak jam papat soré ning ora kanggo angkringan gaul iki. Jebul disemayani tikèt jam setengah sepuluh bengi.45 stasiun Lempuyangan. karepé teka. kuwi pas dhèwèké meksa mulih bengi dhéwé.. karepé gati arep ngeterké Sari nggolèk tikèt sepur. motor takplayoké ngidul terus mangétan setithik njujug ing Lempuyangan. Dhèwèké ngedol sing ora diduwèni kok ya bisa urip. ning rumangsaku kaya nduwèni pangaribawa kang narik kawigatènané mahasiswa padha jajan nèng kono. umpel-umpelan. dalan aspalan katon ireng sajak kemebul kena dayaning srengéngé mangsa ketiga. Gusti Allah Maha Adil. Wong nyanyi mung ah. Durung suwi iki Sari kelangan barang.sreetttt´. sakperlu rembugan kepiyé beciké. lagi kèthok paling wong papat kalebu aku sing wis padha nonkrong. awit wis kulina. Apa manèh iki mlaku bengi. ndodok tenguk-tenguk ndhisik karo udud. Bali saka stasiun ora langsung njujug kosé Sari.´ Nanging mesthi waé nèk manuk gagak mau tetep meneng. Ora lali karo nggondhol bungkus rokok. Aku mung mèsem manthuk. turu waé ing susuhé ya ora bakal éntuk pangan sapuluk-puluka. gagé aku menyang kampus. ³Mas tumben jam segini dah nyampe kampus ?´. salahé sapa rada lelet. Kaya adat biasané lé menyang lan tuku tikèt rada ngèri. Seminggu kepungkur. kapitayan lan ikhtiar ! Wong bisu mbarang dodol swarané bisa nguripi anak bojoné.éwasemono padha diparingi pangan déning Gusti Allah. kamangka kudu dina iki uga dhèwèké wis tekan Tasik wong jaré ana acara keluarga.hi. kamangka lehku kansénan jam setengah wolu. Jan-jané aku ora tegel ngeculké Sari mulih bengi. Motor wis siap. ³Wah bapak kepranan laguné pambarang bisu tuli wau nggih. petugasé kandha yèn sepur pasundan ntas waé mangkat durung ana rong menit lewat. Barang wis tekan ngarep lokèt karcis Sari langsung njaluk tikèt menyang Tasik..´... ngadhep kopi karo ngobrol.

Kampus.´ Wangsulanku rada ngèyèl. untuk bergabung pada Lembaga Kajian Naskah Jawa. Krunguku sih jaréné padha dicolongi mahasiswané. ³Mas.. Kayané ora mung sepisan kuwi olèhku nggolèki buku ning ora tau ana. padha pating sliwer rebut papan colong playu. Karo ngetutké bu dosen mlebu kantor.Bu.. ehm coba aku wis lulus.... aku nggolèki warta saka mading sakngarepé kantor jurusan. arep menyang Bandung. Jam 21. gagé aku lungguh.02 WIB.. 12 juli 2003. ³Rokok mas ?´. krasa nèk sikilkku kepidhak tukang ngamèn sing liwat ngarepku. mengko takkèi ngerti nèk wis teka Ciawi´.. Wangsulané petugas perpustakaan sakwisé maca daftar katalog sing takulungké. Lempunyangan. Wangsulanku cekak karo ngajak lungguh bocah wadon sing njawil pundhakku mau. Mangkono kandhané. mripatku kaya-kaya mak pencorong melèk amba. 3. Ora krasa lakuné sepur wis setengah dalan. Sak jroning kantor sejatiné aku rada tambah gagap. Ana pitakonan sing gawé kagèt nggonku ngalamun iki mau. tetembungan Jawa campur aduk kaliyan tembung Indonesia. mbuh padha ilang menyang ngendi buku-buku kuwi. Akh luwèh. sepur sing ditunggu-tunggu mak kluwer siji mbaka siji gerbongé mlebu stasiun. Tanpa dikomando puluhan calon penumpang sing saka mau ngentèni sajak ora sranta. Wangsulané cekak.. Sidané bisa mlebu gerbong. karo nuduhké bungkusan rokok Mild. ning nèk cara Indonesia kok katon lucu. Gemrudug swarané rèl kaya swarané bledèg ing mangsa udan. kamangka punika wonten. rambuté dawa semanak semedulur. ³Dicari Sarjana Sastra Jawa IPK min.nggih sampun sakwetawis. ³Wah lha dos pundi ta bu. Ning tetep ora keduman lungguhan. Aku munggah gerbong watara jam sepuluh kurang seprapat. Kepiyé lèhku matur apa nganggo cara Jawa apa Indonesia.³Wah iya no´... jelas sinerat jroning katalog. Akh mbuh. dah lama ya nunggu ?´. Ciawi. ngétan-ngulon aku nggolèk gerbong sing isih sela. cara campursari baé sing gampang tur padha penaké. Mbok menawa iki sing kepindhoné aku numpak sepur kelas ekonomi manèh.. Mlongo aku maca lowongan gawéan kang surasané mbutuhké Sarjana Sastra Jawa. Oh ya tegesé campursari para maos rak nggih sampun pirsa ta.´ Wangsulanku rada gagap. Diutamakan Keahlian Filologi. karo nyilih manèh. Bocahé pahen. istirahata. Genéya ana sing masang lowongan kaya mangkono. Mbuh aku dhéwé ra pati ngematké tulisan sing kapampang.30 WIB. wong jaré jurusan sastra Jawa rak kuduné anèng kono nggo sarana gladen wawan rembug cara Jawa antarané mahasiswa lan dosen. Suwi-suwi saya gayèng lèhku ngobrol karo dhèwèké.. Ngalor ngidul nggonku angon ilat adol omongan -. Sepuré lèrèn rada suwi ing stasiun apa ta kaé. Bathinku misuh-misuh ning ora kumecap. jenengé wawan saka Batu Malang. Jejerku persis cah nom-noman bagus warnané. Sari dakkanthi sacedhakku.00 WIB. Bocahé seneng banget musik lan ngeband dadi ora mokal nèk sadalan-dalan sing dirembug mung kahanan musik karo band. Karo ngulungké rokok aku ngajak tetepungan. 13 Juli 2003 Wawan njawil pundhakku aweh ngerti yèn wis tekan Ciawi. Bareng tekan stasiun Banjar lagi ana lungguhan sing kosong. Aku gagé menyat Sari takgugah. Bubar konsultasi kang kurang luwih ora krasa nganti ana rong jam. Rampung konsultasi aku nyelakké sedéla menyang perpustakaan sakperlu mbalèkake buku. Kahanané katon ramé. Makjenggirat aku tangi kagèt. Jam 07. Ora sakwetara suwi. Aku seméndhé pinggiring kursi.. ³Oh. pating sliwer calon penumpang ngétan ngulon nggolèk papan sing kepénak nggo lungguh ngentèni sepuré teka. Nganti bola-bali lèhku maca. aku njujug kantor jurusan sing wektu kuwi wis bukak ning isih katon sepi tur kosong. ³Punten ak. wong mripat iki rasané kaya kari setengah watt.Sakwisé wedhang kopi taksruput sing pungkasan nganti sak ampasé katut gawé garis sakduwur lambé. pakulitané putih katon saka cahyané kang suminar meksa gawé blèrèng mripatku sing ketutup kaca mata ribèn. Jam 09.. .. Tangané Sari dakkanthi. barang weruh aku ongap-angop saka mau.´. Karo ngentèni tekané dosenku. Wah awak krasa pènuk rasané pirang jam waé aku ngadeg karo nyangga awakké Sari sing lumayan abot. Aku ngrogoh sak. ³Ada. makasih´. Jebul dosen pembimbingku wis ana jejerku.. Kamangka nèk cara Jawa tetembungan basa kramaku ki durung jangkep. Sajroning gerbong ramé banget ana sing ngomong cara sunda ya ora sithik sing ngomong cara Jawa. ³Mas rong jam manèh nèk gak telat sampéyan teka Ciawi. ³Bukunya ngga ada je mas´.´. lumayan ora pati umpel-umpelan kaya gerbong liyané.

ning tetep baé aku menyang. ³Ki Sungut. Gaib kuwi barang kang kasat netra tur angèl ginayuh déning panggulawenthahing manah. Gagé aku nyandhak lawangé gerbong. bok menawa pancèn wis dadi garising takdir dèning Gusthi. Sepur kang tak jaluk ngintirké lakuku bali menyang lempuyangan wis teka. Sakwisé weteng krasa anget lan wareg. ³Ciawi´.³Dah nyampe mana ?´. rasa lan karsa. duwé brèngos kang dawa nglawér klangsrah lemah. mbuh kuwi bangsané manungsa. kapan anèng ngisor´. nganti tekan bangsaning jim pripayangan. ya kuwi Allah kang Maha Gaib. Jebul kang saka mau dicelak-celuké Giman. Angin adem krasa manjing balung sungsumku mapag tekaku ésuk kuwi ing Ciawi tanah Pasundan. Giman mesthi golèk kanca wawan rembug lan gegojègan. mung semiliring samirana antarané gegodhongan gawé kemresek. Tumrap Giman mung siji kang Gaib. mbok menawa tumraping kang Paijo.. . ana wigati apa cah bagus´. kok Giman bisa kaya mangkono kuwi ya mbuh. Kang diceluk ora metu. Soré kuwi. kepiyé cak-cakané lan paran sebabé cakraning kala gumlinding kaya wis dadi padatané. Aku pamitan karo wawan banjur medhun saka gerbong. Jebul lèhku adoh-adoh saka lempuyangan tekan Ciawi mung teka langsung lunga. malah katon wicaksana. Makbedunduk. ya kapeksa aku mulih Jogja dina kuwi uga. Nanging kenangapa. melu nglesot. lambéku kaku ora bisa kumecap njaluk pamit karo kursi stasiun. Ya pancén kaya Sungut gegambaraning naga wong cina kaé. njanur gunung teka anèng papan dununganku. tur praupané ya ora medèni. Kayata bangsaning jim. Lan sebab mula bukané. Wondéné pancèn bener kahanan sing kudu daktampa kaya mangkono. Jan-jané aku aku wis krasa lan ngerti yèn tekaku ngancani Sari mulih ora bakal dadi atiné wong tuwané loro. bakal ora tinemu nalar ginayuh ing rasa tumraping jalma lumrah kang sebangsa karo dhèwèké. kumecap omong ya sakperluné waé. wong Giman bisa nyumurupi lan grasakaké anané. Dadi kaya jim kuwi. ³Ki«ki«. persis kaya Sunguting ula naga. awit manungsa dikeparengaké daya cipta kang tinemu ing rasa lan kinarya ing karsa. aku Giman ki. ya kuwi bangsaning manungsa kang tinakdir minangka titahing Gusthi kang paling sampurna tinimbang tumitah liyané. rèl lan kahanan ing stasiun Ciawi sing sepi nglangut. kok nggoné golèk kanca mesthi nglurug panggonan sing kondang angker tur singup ing désané. Tegesé. Adem sing krasa saya nambah wetengku luwé. mung pawongan sepuh rikmané dawa kinucir siji. tumrap Giman ora kalebu barang kang gaib. nglèsèh sakcedhaké Giman. Giman bengak-bengok karo ngubengi pinggiring kali kang mili satengahing dapuran pring.´. sampéyan menyang ngendi baé ?´. ³Whè lha nak Giman. Ngalor ngidul isih bengak-bengok. Sari njawil bakulé sing lagi sibuk ngladeni. Wangsulanku cekak. awit tumraping Giman ora ana kang mokal. malah bisa dadi kanca wawan rembug jaré. Kang ditakoni ya semono uga. pitakoné Sari karo ngucek-ucek mripat. Sawetara ana telung jam karo tengak-tenguk ngentèni tekané sepur menyang lempuyangan manèh. Aku coba golek pitakonan bab apa sebabé kok saka lempuyangan nganti tekan ciawi kéné Sari ora akèh tembungé alias mèndhel kémawon. mung pingin mastekaké Sari tekan panggonané kanthi slamet. mung èloké kabèh sarwa putih. amarga dhèwèké durung nyumurupi kaya ngapa lan kepiyé wewujudan sejatiné. Bok menawa. Ora kaya swasaning atiku sing gemrejeg-grejeg kaya lakuning kreta sakduwuring rel kang panas antarané Ciawi ± Lempuyangan. kaya padatan yèn wanciné bosen nèng ngomah. Giman ganti takon. Apa ta sejatining urip kuwi. Awit manungsa pinaringan cipta. tur ora bisa kanyana kapan ning duwur. Mula jan-jané ora jeneng mokal yèn Giman duwé pangudarasa kaya mangkono. kalebu barang kang gaib. suwé taksabani panggonmu dunung kok tansah sepi-sepi. awit saka dawaning jènggot kuwi mau. ana pawongan sepuh nganthi teken samar-samar metu saka sela-selaning dapuran pring. ³Ora ki. pangudarasaning Giman kang kaya mangkono. GAIB Setya Amrih Prasaja ³Aku naté takon karo sapadha-padhaning urip. karo ngentèni rada awan. ³Mang bubur nyak´. tangané loro nglumpukké godhong garing kanggo sarap lungguhan. njur lungguh sacedhaku. Ora liya ya dapuran pring pinggir kali wétan désa. Kang pinaringan cipta. kowé nèng ndi ki !!?´. yèn Giman dadi salah sawijining titah kang dikeparengaké nyumurupi kahanan titahing Gusthi kang liya lan béda alam kuwi. Mula pawongan mau pinaraban ki Sungut karo Giman. Pambengoké Giman ing ngisor dapurané pring pinggir désa wanci surup srengéngé. Awit tekaku ora dadi senènging penggalihé wong tuwané Sari sakloron.

³Coba yèn cah-cah kaé bisa ngerti kaya kang takweruhi. lan ora sembarangan wong pinaringan nikmating gusti kaya kang kokduwèni kuwi´. Sakwisé ngliwati kebonan tèh kang ijo. déné kok kowé bisa nyumurupi anané aku ora liya. mula sinebut badan alus. sejatiné pada-pada dadi titahing Gusti. mbuh kepiyé kaya-kaya ana samirana kang nyèrèt-nyèrèt sandanganku. Rencana sakawit arep langsung mbacutké laku. ³Bar. Bengoké Sabar kang wis rada apal marang kahanan ing gunung kono. Giman mung ndoplong karo mantuk. bareng keprungu adan isya saka langgar kulon kali. Giman gagé menyat ninggalké panggonan papringan kang saya katon singup tur peteng. déné aku iki ana ing alam pangangen-angen. ki Sungut banjur mbacutké nggoné ngendika. binareng tekaning samirana. njalukana pirsa karo Kang Maha Gaib. kang dadi pikiranmu cah bagus. sajak ana sungkawa ing atimu cah bagus ?´. ³O«o«jebul kuwi ta. kok sajak ngemu bingung praupanmu. Ganti dina. apa iya kabèh kuwi mau bakal mbadar pitakonan kang tansah ngglayut angen-angenku. Ntas iki mau. ³Kurang luwih rong jaman manéh. awit lungaku iki mau dadi pitakonané kang lagi nduwé gawé.´ Sabar awéh wangsulan karo mbenahi taliné sepatu. ³Nah cah bagus. Kuwi bedané aku karo kowé. dadi ora jeneng mokal wewujudanku kang alus ora kasat ing netrané jalma manungsa akèh. dhèwèké meneng sedéla karo jenggirat tangi nggoné lenggah. aku lagi ngiring mantèné. Krungu tembungé ki Sungut. kamangka. ³Mula yèn kowé wis ngerti. astha sedhakep nyikep tongkat ngarep dhadha kuwi. jebul aku arep ketekan dayoh kowé ta nak Giman. Sabar. Yèn kowé cinipta ing alam wadag. akhiré Sabar awèh préntah supaya gawé geni kanggo ngopi apa nggodhok mie. Giman isih lungguh sila ora obah saka panggonané sakawit. Pedhut mulai tambah tumurun saka puncaking arga.´ Batiné Giman karo lambéné komat-kamit muji Asmaning Gusti ora lèrèn-lerèn. kejaba mung Allah Kang Maha Gaib. lèhé ngaso sak ududan baé ya cah. kamangka aku dipasrahi dadi wakiling mantèn wedhok. Kahanan ing pos loro katon saya peteng. Banjur ana wigati apa. ya saka piyambaké kuwi aku diparingi ngerti prakara kang koktakokaké marang aku. njur kenangapa. Sak ilangé ki Sungut. mung merga saka kersaning Allah. ya kuwi kang nitahaké kowé kalawan aku kalebu jinising sétan lan malaikat´. Kuatir mengko kanca-kancané pada mlayu sipat kuping yèn dikandhani sakiwa tengené akèh wewujudan anèh. Giman lunga camping bareng kanca-kancané. wayahé wis ngancik madyaning ratri. mengko olehé ngaso neng pos telu bae ya´. mung bédané katon isih nomnom´. takonana karo sapada-pada titahing Gusti kang sumebar ing marcapada iki´. ana bocah lima kang loro wèdhok. mung keprungu kemrosaking papringan pinggir kali. Awit wis dadi garising takdir. déné Budi. kok aku bisa nyumurupi anané sampéyan´. mesthi baé padha kapok munggah gunung. Banjur awèh wangsulan. yèn kowé pingin luwih ngerti bab gaibing gaib. ateges klebu sato kéwan lan tetuwuhan . Giman lan kanca-kancané mbacutké nggoné mlaku SAJRONING ANGKRINGAN Setya Amrih Prasaja .´ Atiné krasa rada marem. mung baé dhèwèké meneng. Lan wektu iki uga aku njaluk pamit. oh ya siji manèh welingku. tegesé kowé nduwèni badan kasar. anané jim tumraping kancaku pancèn gaib. Ki Sungut ora mbacutaké aturé. ³Man. Kang tianakonan mung mèsem karo monthak-manthuk. rombongan kuwi pada lèrèn ngeculké rasa kesel. isih pirang jam manèh ketug puncak´. ³Aku kudu nggolèki ngerti saka sapada-padaning titah. mung baé béda alam. ³Wah-wah. ki Sungut maklap ilang saka pandulu. ing alamku kana akèh manungsa kang ngarani sampéyan kuwi barang kang gaib tur kebak wewadiné uga nyalawadi. pedhut putih dadi kemul nambahi adem kang krasa njarem ning balung sungsum. ora ana samubarang kang gaib. Ajeng lan Ayu nggolèk panggonan ngaso dhéwé-dhéwé. kahanan saya peteng. ³ Anu ki Sungut. Bubar sakecapan. Mangkono Giman mulai awèh pitakonan. nèng papan kaya ngéné kok ya akèh bangsaning ki Sungut ya. ponakanku ngalas roban kana kaé lagi duwé gawé mantu. marang pawongan sepuh kang lenggah sila. saka kabèh kang sumebar. nanging gandèng rinasa saya adem. batiné isih ngira-ngira apa kang sinamun sajroning pangucapé ki Sungut kuwi mau. Giman nggolèk panggonan kang rada akéh suketé kanggo nyèlèhké bokong karo ngrogoh sak nyumet udud. Sampéyan kuwi rak kalebu bangsané jim ta.³Anu nak Giman. aku lan kowé iki. muga-muga danyangé kono ora nggiri goda. ana kang pingin taksuwunaké pirsa karo sampéyan. atis. Pitakonané Giman karo nyedot udud superé. Pangudarasané Giman kang sakawit mau meruhi kahanan liya sak kiwa tengené.

kang ginelar ngebaki spanduk-spanduk lan lambé-lambé teles. bengak-bengok . Prof.. Lukman kang ora kaya adat biasané. Pisan pindho pambengoké.!!!. guru. sing wektu kuwi lagi sedeku saja tenanan nggoné Maos tuntutané mahasiswa ngenani S. Asih. turunkan SPP.tok. Pitakoné bu Asti sajak gumun nyawang solah bawané Prof. Lukman maringi idi. lenggah cedhakku kéné´. ³Pak. nduwèni hak ngangsu kawruh ana kampus negeri ora perduli kuwi anaké tukang bécak. Prof.³Aku ya sarujuk. ³Dalan tengah kepiyé sing dadi panemumu buné´.´ Lan sakpanunggalané.... Lukman sajroning bathin karo nyawang spanduk-spanduk kang pating slebar ngebaki panyawang saka waliké jendéla kantor. tetep ora ana wangsulan saka Prof. ora mban cindé mban ciladan. Sing angka loro duwit bèasiswa tumrap mahasiswa ditangguh mudhunké.´ grenengé Prof. lan wusana. ³Urusi pendidikan murah bagi rakyat.. sing miturut para mahasiswa dianggep mblènjani amanat pendidikan. Sakwisé nampa masukan lan anthuk kasarujukan saka senat universitas. ³Piyé buné. Bebasan wong ngerti yèn tumindhak maling kuwi nistha ning tetep dilakoni baé. aku kudu kepiyé saiki ?¶. Yel-yel tansah kumandang ambata rubuh ngebaki kahanan lan sesawangan. Mula jeneng ora mokal yèn bocah-bocah sing kuduné padha anteng sinau malah banjur ngusang-usung spanduk. hidup rakyat indonesia. puluhan nganti atusan mahasiswa kang padha démo katon wis ora sranta selak kepéngin ketemu karo tetungguling birokrat kampus ya Prof. . dokter. Terus arep ditutup saka ngendi sekabèhing biaya kuwi. sapa waé waton bisa lolos ujian masuk perguruan tinggi negeri (UMPTN). Wusanané pikir duwé pikir. kamangka subsidi pendidikan saka pamaréntah pusat tumrap universitas wis kalong malah disetop. Msc kuwi. pambengoké swara saka jroning kantor. Lukman njaluk uruné rembug bu Asti garwané. siji wadon sing telu lanang maju nyedhaki barisaning satpam kang jaga siaga tata. Lukman unjal napas. ngobong awak. Kepiyé manèh ?.. kang padha nggolèk beneré dhéwé ngutak-atik salahing liyan---lali marang jejibahan kang sinanggul ana pundhaké kiwa lan tengen..kringg. ³Kéné lho buné. Lukman mung mèsem mireng pitakonan garwané kang kaya mangkono. Lukman katon saya biru pasuryané nalika pirsa saka satpam yèn para mahasiswané kang padha nggelar démo dina kuwi kepéngin ketemu lan ngajak rerembugan kepiyé lan apa kang dadi sebab mula bukané SPP bisa saya mlejit larangé. luwih becik nggolèk dalan tengahé baé´. madya.. Ana rong prakara kang dadi hasil kebijakané ya kuwi . Rektor no 212/2000. ³tok. Lukman Prasetya. Wangsulané Prof. Wektu semana uga sakjabaning kantor. ³Dina iki. Ana wong papat. ³Yèn aku dadi njenengan pak.. rakyat bersatu tak dapat dikalahkan´. Bab anané démo kang perluné nggolèk warta alasané biaya SPP tumrapé mahasiswa anyar kok malah diundhaki. Prof. pejabat apadené presiden. sakwisé satpamé kantor matur ngarsané saka purwa. Pitakonané Prof. sebab mangertèni yèn kwitansi beasiswané tinulis sasi maret-april ning nyatané lagi bisa dicairké sasi juli-agustus. amrih bisa disowanaké ana kantor Rektorat. nanging kok ya tetep dilakoni.tok. gawé kasarujukan bareng. rembug duwé rembug. siji. ³Hidup mahasiswa. Ya kuwi kang sinebut ing pasal 31 UUD 1945. Alasané ya warna-warna. aku lagi mangertèni jebul ora ènthèng dadi pimpinan kuwi´. Lukman mung gèdhak-gèdhèk sajak gumun²wong sejatiné kuwi ora becik ditindhakaké. lan Ucok kang arep gawé urun rembug karo pihak Rektorat.. Wong cilik kaya awaké dhéwé klebu aku iki mung padha dadi gedibal sandal politik lan ancik-ancik nggoné padha arep nggayuh kamulyaning diri pribadiné... galo unjugan kendel wis cumawis ana méja makan´. Ingatasé piyambaké mangerteni kahanan keuangan universitas kang minim---ditambah manéh akeh fasilitas-fasilitas kampus kang perlu ditambah lan dandani. perluné bisa éntuk tinggalan bunga saben sasiné..´ Prof..K. asthané kiwa nyangking layang kabar kang pepak isi warta cacad-cinacad antarané èlit politik siji lan sijiné.Dr.. Alon swarané bu Asti maringi pirsa kang garwa. Lukman.. ³Masuk !!!´. SPP tumrap mahasiswa anyar diundhaké 50%. ³Njenegan ki ana apa ta pak.. Mula jeneng ora mokal yèn akèh mahasiswa kang padha bingung. nanging kepiyé manèh. rumangsa yèn dhéwéke kaya nemu kahanan kang siji lan sijiné rinasa padha imbang abot lan entengé..kringggg. nguntapké lungané Fajar..!!!. Lukman karo nganthi bu Asti lenggah sakcedhakké... karo kekarepané bocah-bocah kuwi. Sing dibutuhké bangsa iki dudu mahasiswa sing kebak duwité nanging ya kebak utekké tegesé pinter. Acong. sajaké padha nggenahaké. ditimbali kok mung mèndel ora awèh wangsulan´. kampus ini kampus rakyat bukan kampus konglomerat. ³kringgg. Prof. negara nduweni kewajiban minterké rakyaté ora pilih-pilih.

ahk luwèh. nawu eluh sajroning donga saben-saben wengi. punika lho ingkang tansah nak mas ènget. . dudu malah njenengan sing ketiban sampur. pawongané wis sepuh udakara ngancik yuswa 80-an.K. ora kaya padatan biasané. aspirasi kang ana kuwi takbalikake satengahing mahasiswa amrihé mahasiswa lan masyarakat mau mangerteni bab mula bukané ana S. Pasuryané gawé adem sapa baé kang nyawang. Mula simbah sing wis tua ngaten mung saged nuturi amrih nak mas ènget kalih punapa ingkang dados kewajiban sinau wonten papan ngriki. Aku banjur kèlingan marang apa kang wus dingendikakaké dening mbah Sastra. Aku uga diparingi ngerti. Lan S. kepiyé carané njenengan ora dioyak-oyak karo aliansi mahasiswa bab anané S. madya lan wusana apa anané´. Rak nggih tiyangé sepuh laré sing ajeng kuliah ta. bakulé angkringan ya mung doplang-doplong karo udud ngentèni pelanggané. Kaya arep ambruk-ambruka ruang Senat Universitas mangerteni apa kang diaturké Prof. ngagem surjan lurik soklat sing wis katon lusuh ngana kaé. ngudi bab kabusanan. awit saka ananing S. gedhe-gedhené bisa uga dadi sebab lèngsèré njenengan saka kursi Rektorat´.K kuwi mau panjenengan tapak asmani. nanging kedahipun rak mawi larasing manah kanthi menggalih ingkang prayogi. ´Wah simbah iki deksura surjanan ya iketan barang kok ora ngagem nyamping´. Panci leres nak mas.K. Wong njenengan ki rak mung nyèndikani dhawuh saka nduwur ta pak´. Nalika semana. ingkang badhé ngundhuh menawi kuliah awis niku mangké sinten. buruh. Bu Asti tansah mènèhi semangat tumrap garwané kakung. nanging ya ora setithik sing nduwèni béda pamanggih²malah nganggep yèn tumindhaké Prof. Lukman ora bisa maringi kejelasan. Jagongan bareng wong loro. kuwi wektu iki. iketé wulung. rak kathah ingkang namung anak-anaké tani. nanging ya isih wikan ing samubarangé.. Ana anggota sing sarujuk karo gegayuhan lan kawicaksanané Prof. Amarga S. Dina Senin. Ya ing papan kono kuwi aku ketemu piyambaké... laré-laré ingkang sinau wonten pawiyatan luhur negeri mliginipun. Rektor kuwi metu. Lajeng negara. lagi duwur-duwuré nduwèni idealismé. kuwi.´. ngendikané mbah Sastra marang aku . Segané kucing isih katon numpuk akèh.. uggah-unggahan SPP kuwi mau. kapan negara niki saged dados negara ingkang maju lan pinter.. ³Kuduné. jer basuki mawa béya. Lukman apa anané lan blak-blakané sakngarepe mahasiswa. Lukman. Nanging ora nyamping mung katokan modhèl silat. Awit dianggep yèn kampus-kampus kuwi. Wangsulané bu Asti kanthi ngunjal ambegan lirih. Nanging tetep baé kaya setu kepungkur Prof. ³Paling-paling mengko njenengan ditimbali ana ing rapat Senat. dina kang wis ditemtoaké antarané Prof. jaré modèrn tur modèl malah rumangsaku saya lèhé deksura ora ngerti hakekaté wong nyandhang. gawé jeneng ala tumrapé Birokrasi kampus. Lukman karo wong papat wakilé sing padha démo setu kepungkur---mbacutké rembugan. aku lagi ngadem ana ing salah sawijining angkringan pojok gelanggang. menawi badhé kuliah mawon kedah ngukur boboting arta dédé kapinterané laré. ³Dadi bèn mahasiswa lan masyarakat ngerti saknyatané kaya ngapa. Langkunglangkung masyarakat. Bengi kuwi béda.. Bu Asti mèsem karo mantuk tanda yèn sarujuk karo apa kang diaturké Prof. Gumun kula malah wonten ngriku. kelebu kampusé njenengan. Bathinku. ³Nak mas. Kula nggih prihatos nyumurupi laré-laré punika bengak-bengok salebeting barisan demo. kamangka tumraping mahasiswa kados nak mas niku lagi gedhégedhené duwé kekarepan.K. yèn S.´ Aturé Prof. lha malah kojur ta. Boten wonten ingkang nglepataken tumindhak ingkang mekaten. iki mau bisa baé dicabut waton ana perubahan utawa peninjauan kembali bab anané UU pendidikan kang surasané ndadekaké Perguruan Tinggi Negeri nduwèni status BHMN. karo nyruput wedhang jahé. Lukman kang kaya mangkono kuwi mau. Dikti ngenani otonomi kampus. Kang surasané ngowahi status Perguruan Tinggi Negeri kang minangka instansi pendidikan utuh dadi Badan Hukum Milik Negara (BHMN). utawa gampangé atur otonomi kampus. ³ning ya ra papa tinimbang nyandhang cara saiki sing ora mbejaji.K. wis dirembug lan dirapataké ana ing Senat Universitas. saking tiyang sepuh setunggal lan setunggalipun menawi pun kempalaken rak saged ugi sinebat masyarakat. niku rak mahasiswa ta. ³Dadi panemumu. kanthi ngajak rembugan uga maringana pirsa. Karo nyawiské unjugan bu Asti mbacutké nggoné ngendikan. bab kahanan kang lagi tak rasakké sajroning aku neruské sinau ana ing pawiyatan luhur. dhéwéke durung bisa ngotak-atik apa manèh nyabut anané S.. awit pamaréntah pusat duwé kekarepan arep nyuda subsidi pendidikan tumrap kampus kang wis di-BHMN-ke kuwi. kang uga nduwèni kalodhangan ngurusi keuangan dhéwé. Mbah Sastra iki sanajan wis sepuh ing yuswa. Kamangka sakngertosé simbah. iki nganti mudhun ya ana sebab lan musababé ya kuwi anané UU pendidikan anyar sing dadi rujukan S. tuk kringet sing saben dinané mili nelesi agemané tiyang sepuh kekalih.. Lukman. wis kudu golèk dana déné ora ngendelké subsidi saka pamaréntah´.K.K. kowé kabéh nggawaa aspirasi kuwi langsung ana ngarsané wakil-wakil rakyat kang ana gedung DPR. cobi mang penggalih nggih nak mas. ³Ya bèn terang diaturké purwa. Lukman. lan nang ngendi yèn arep mlayoaké aspirasiné.K. mataku ora kedhép nyawang pawongan sepuh kuwi.³Ya dalan tengah.

Nanging pak Utama kurang marem. angèl nggoné arep nyetop. Kamangka ratu-ratuning wengi lagi katon ndadari sisih wétan kaé nyurutke cahyaning sasangka. Nadyan nganggo wektu sing ora sepira suwéné. Nadyan limang taun ora naté nyénggol. Tangan lan sikilé kiwa diobah-obahaké kanthi luwes lan trengginas kanggo mbuktèkaké omongané. Nambahi èndahing sesawangan kutha Yoja wayah bengi. Adat biasané yèn simbah wis ngendikan. Ing mripaté mili luh rasa syukur lan trenyuh . parak pajar musik lagu Hidupku Milik-Mu bisa rampung. Sakaroné tangis-tangisan.´ Sisihané gawok ngadhepi kasunyatan iki. Matur nuwun. pamitan terus bablas. Lagu kuwi biyèn tau dicoba nggawé musiké kanthi tangan siji. Maklum nadyan ora seniman musik nanging pak Utama 20 taun luwih nlatèni keyboard sing limang taun pungkasan iki dijaraké njamur ora tau disénggol. ning ya ra papa muga-muga aku bisa ngerti apa kang dingendikakaké simbah. mung aturé simbah mau durung tuntas jé. Banjur diobah-obahaké niru obahé driji yen lagi main keyboard kok ya luwes. Tetéla tangan lan sikilé sing setengah lumpuh limang taun suwéné wis pulih kaya tangan lan sikilé tengen! Gegancangan pak Utama mlebu kamar musik lan nyoba main sawenèhé lagu-lagu nganggo salah sijiné keyboard duweké. Sajroning angkringan. Banjur ngrangkul kakungé raket. ³Bu. Kanthi bombongé ati pak Utama nyoba gawé aransemené lagu ³Hidupku Milik-Mu´ kanthi methode multi track record. sirahé ndangak lan tangaé loro nadhah mendhuwur. Gusti. gagé aku mbayar. Gusti. ³Lan wiwit tengah wengi mau lagu rohani iki wis tak garap rampung. Dirungokaké swara musik sing diputer kanthi cara play back song sing wis muni wiwit bojoné mlebu kamar musik iki. tengah wengi dhéwéké nglilir saka anggoné turu dirasakaké driji-drijiné dadi lemas ora nyengkerem manèh. .guru. NAZAR UTAMA Dening: Adinda AS SAWIJINING mujizat. Nanging kepiyé manèh Hand Phone-ku muni. Sakwisé tak aturaké karo mbah Sastra. Njaluk digawèkaké kancakancané ya ora kebeneran. Dipilih telung lagu rohani sing kober diripta jroning tahun kapindho nalika pak Utama rong tahun bubar keserang stroke. gawat jaré. bareng-bareng program mau kanggo ngiringi wong nyanyi. Kanthi nggawé style. Mesthi Gusti ingkang kersa nuntun kawula!´ aturé pak Utama kalegan kebak rasa syukur. sikilé kiwa uga dicoba njangkah rasané ènthèng. ´Nuwun sèwu mbah. lan sakpinunggalané sanajan ta boten sakedhik ingkang putrané tiyang gadhah lan kecukupan. nanging mainé keyboard ya isih éndah yèn dirongokaké. Kawula énggal ngleksanani nazar kula!´ mengkono aturé pak Utama jroning donga muji syukur kanthi patrap jèngkèng. kepareng kula munggel pangandikan simbah´. Kagawa saka rasa gedhé kebungahané lan kélingan nazar sing naté diucapaké. yaiku: ³Hidupku Miliku-Mu´. aku énthuk kabar ibuné kancaku mlebu Rumah Sakit. ³Mencari Kasih Tuhan´ lan ³Ajarilah Aku Bersyukur´. mengko mundhak diarani bocah sing ora nduwé tata krama. aku wis waras!´ pambengoké pak Utama nalika bojoné nginguk dhéwéké ing kamar musik. ³Matur nuwun. Sasuwéné iku uga dhéwéké ora bisa main musik keyboard salah sijiné alat musik sing disenengi dhéwé. multipad lan song MIDI. pak Utama gegancangan ngudhah-udhah tumpukan naskah lagu-lagu sing durung rampung garapané musik nalika dhéwéké isih waras.´ aturé sakaroné bebarengan. Bojoné kasengsem ngrungokaké. bener-bener éndah lan nuju prana lagu lan musik sing dianggit dhéwéké iku kaya sing dikarepaké! ³Matur nuwun. Sawetara driji tangan kiwa diobah-obahaké terus. Akèh-akèhé nyanyi lagu-lagu keroncong. Nadyan main mung nganggo tangan siji awit pak Utama sregep nggawé program musik dhéwé yèn dirungokaké ora béda kaya wong main musik salumprahé. Bareng nyoba dirungokaké lagu sak wutuhé atiné pak Utama ngrasa trenyuh . Nganti sawijiné dina. bakul. nalika tangané kiwa pak Utama bisa diobah-obahaké kanthi lemes sawisé limang taun kaganggu amarga kena stroke. Gusti. Awit saking peparinganipun nikmat pinter saged sinau wonten ngriku´. Sanadyan mangkono kanca-kancané padha nyengkuyung pak Utama tetep bisa ngiringi yèn kancakanca sing rata-rata wis pènsiunan. Mbah Sastra katon mung mèsem nglilani lungaku. ora dadi. Tangis bungah mesthiné! ³Matur nuwun. Gusti sampun marengaken kasembadan donga lan panyuwun kula. Jalaran main musik nganggo keyboard iku driji tangan kiwa kanggo main achord lan driji tangan tengen kanggo melody. kepénak.

seneng-aten. Karo mèsem pak dokter matur: ³Mboten masalah. ³NAZAR UTAMA´ . kowé ndhelik waé jroning mobil. Jroning rembug kluwarga iku isih ana rembug usul lan pendapat ³Nék bapak butuh dana kanggo nyumbang panti asuhan. nuwuhaké kawigatèn gedhé saka masyarakat. Ingkang perlu kedah dipun jagi. Bapak ora perlu kesel-kesel. Bu Utama serujuk. karepé nazar sing dilakoni pak Utama Sejati jenengé bapaké Marga. ³Iku bener. Nganti kawetu nazar: Samangsané mengko pinaringan waras sikil lan tangané lan bisa main musik manèh. Spandoek mori warna pink tinulis ³NAZAR UTAMA´ kapasang ing kiwa tengené awak mobil pic-up iku. Dhéwéké pancèn dudu seniman musik.´ ³Nek kowé isin nngamping-ampingi bapak. kebeneran dina iku Minggu. Nanging Bambang adiné Marga sing nyambut gawé ing Banjarmasin nélpon ora bisa bali awit lagi ana penataran dines ing kantoré. Edy lan Atok sing kebeneran manggoné sakutha. Marga kuwi putri pambarepé sing wis omah-omah manggon ing Pontianak mèlu bojoné. Dhéwéké kepranan nalika ndeleng acara TV. nanging bojoné ngejaraké waé nalika pak Utama tuku keyboard merk pinunjul type pungkasan akehé telung unit. Supaya ora panas. Saka kersané pak Utama dhéwé alat musik sing digawa keyboard loro sing ditata sap loro kanggo main solo organ. Jatah dhuwit blanja ora tau kurang. Ora liya iku kanggo nyukupi pepénginan lan kesenangané sing gedhé ing bab seni musik! Malah jalaran kawigatèné sing gedhé.´ ujaré pak Utama. Telung dina kabèh répot nyamektakaké samubarang kabutuhan. ³Iki kedadéyan luar biasa. Wong sing ora ngerti mesthi ngarani iku mobil hias sing arep mèlu karnaval! Sedina sadurung ngluwari nazar. Sidané Marga lan Iwan bojoné karo anaké sing isih TK teka ing Yogya. ³Aku kepéngin dikancani Marga jroné ngluwari nazarku mengko. sing manut kanca-kancané Marga mau unik ya narik kawigatèn«« Mobil pic-up silihan pamané Marga disulap dadi panggung cilik ing bak mburi sing tinarbuka. Marga lan ibuné meksa bapaké kontrol dokter langganan. Bapak mesthi kuwalahen ngadhepi kabèh iki. Nanging dhéwéké ora tau nampa sak sèn-sèna. Kajagia mboten ngantos kesayahen!´ Esuk-ésuk rombongan cilik wis sumadiya ing ngarep omahé pak Utama.´ mengkono aturé Iwan nyengkuyung tékadé mertuwané. Mesthi nuwuhaké controversi. Bojoné pak Utama nyengkuyung kabèh kersané kakungé. Sawenèhé barang-barang pangrengga gawéané Edy lan Atok dipasang uga nambah asriné panggung-mobil iki. Aku mung mrihatinaké kewarasané bapak. Akeh uga tangga teparo ngumpul ing kono nguntabaké mangkaté rombongan ngluwari ujar iku.´ Marga usul. Bu Utama ngerti nalika pak Utama nyritakaké iki kabèh. Kakunge mbiyen priya sing dinamis. Putusan gumathok. Limang tahun kepungkur nalika nunggoni kakungé ngathang-athang tanpa daya ing RS jalaran serangan stroke setaun sadurungé pènsiun. Ubarampé sound system.´ ³Mesthiné prakteké ngluwari nazar iki rak ora terus-terusan. Pitungpuluhlima yuta rupiah dak kira cukup nggo tuku alat-alat musik prasaja bisa kasumbangaké panti asuhan. malah nyanggupi arep mbiyantu mengko nèk ana angèl-angèlé bojone Marga sing pengusaha sibuk lan kinurmatan ing kiwa tengené. pak Utama wis naté rekaman ing studio record. dipasang payung motha antik gedhé. speaker loro gedhé-gedhé ngebaki panggung cilik iki. Kanca-kancané Marga. sing nembé nglakoni ngluwari nazar. aku sanggup nyawisaké. Kerep pak Utama nglimbang-nglimbang yèn pinuju thenguk-thenguk ing kamar musiké. malah kegedhèen gumantungé mring liyan. Bayaré pak Utama nyambut gawé ing BUMN luwih déning cukup kanggo ngragadi bojo siji lan anaké loro sing wis ngrampungaké kuliahé. dumadakan dadi pawongan sing ora kwawa tumindak akèh. kanthi senenging ati mbiyantu laku ngluwari nazar iki.´ wangsulané bapaké. Nanging ing kéné sing baku dhéwé iku anggoné ngamen minangka nazar pokoké. pak. Kebeneran Marga ya seneng musik mliginé main keyboard. Pak Utama jroning nunggu dawa ing pangarep arep pulihé tangan lan sikilé kiwa kanthi sawenèhé terapi nanging durung keturutan. Kowé ngetutaké saka kadohan ya bisa. aktif. Sing perlu gunggungé pitung dina. pak Utama arep ngamèn seminggu suwéné lan olèh-olèhané arep disumbangaké sawijining panti asuhan bocah yatim piatu.Bojoné ngadhepi prastawa iku minangka mujizat. bisa pedhot-pedhot. digawé rencana-kerja.´ ³Ora ngono. Kedadéyan bab sing dikuwatirake iku numusi. Dhéwéké kerep ngruntuhaké luh mesakaké kakungé. Nèk bapak kesel rak bisa lèrèn ngaso. awit honoré didumaké grup musiké sing kabèh karyawan andhané. bocah-bocah sing manggon ing panti main musik band sing manut panemuné pak Utama apik banget. Kayakayané adicara nguntabaké tindaké pejabat waé! . saben bapak sayah kedah ngaso.

Bagas. Akèh wong sing ngrekam gambar nganggo handycam. Malah kanthi swara tuwané pak Utama sing rada serak-serak iku malah muwuhi trep nalika dhéwé ngidungaké lagu ³Hidupku Milik-Mu´ asipat pasrah nanging melancholis. Dina kapindho sangsaya regeng. Trenyuh««. pak!´ usulé wong-wong ngombyongi pak Utama. Ngarepaké jam setengah sepuluh. rombongan ngamèn budhal. ora percaya nèk iku ngluwari nazar. 50 rupiah 50 iji lan 100 rupiah 100 iji. Malah ana stasiun TV ibu kota lengkap karo crew lan pirantiné njaluk palilah pak Utama kanggo ngrekam lan nyiaraké ngluwari nazar iki kanthi cara live. sapèrangan lagi mbukak dompeté. Pak Utama kaget nalika nyumurupi wong-wong pada mepet nyedhaki panggung mobil ing tangané sumelip lembaran dhuwit. sing numpak Marga karo bojo lan anaké. Rombongan ngamèn pindah saka papan siji lan sijiné. njaluk kasanggupané . Krungu musik lan lagu mau akèh ibu-ibu sing ora bisa ngempet metuné luh. Ndeleng glagat iki Atok tumuli metu saka mobil kanthi trengginas ngideraké kotak kubus saka karton sing pancèn wis kasediyakaké kanggo piranti ngamen iki! ³Matur nuwun. ombènombèn lan woh-wohan kanggo sanguné kabèh rombongan. Yèn disawang kaya rombongan sing arep lunga picnic waé! ³Sadèrèngipun bidhal mainaken setunggal kalih lagu rumiyin. Mburi dhéwé mobil Kijang INOVA.priya nom-noman ponakané pak Utama mahasiswa semester pungkasan Institute Seni jurusan musik nggabung Edy lan Atok. Sangu sing digawa saka ngomah luwih déné cukup. Dilagokaké kanthi intro lan interlude musik aransemen sing rinipta nalika wengi sepisan pak Utama pinaringan kewarasan. pak Utama wis lenggah ing kursi sangisoré payung kanthi ageman adat: surjan Ngayogjakarta. Siska ngaturaké panuwun marang masyarakat sing wis akèh paring panyangkuyung. Nanging akèh uga sing katarik kanti mènèhi dhuwit cukup akèh sing dilebokaké ing kotak kubus sing sregep diideraké Edy lan Atok. Lagu dangdut sing nyanyi Siska saka njeron mobil. Tamu mau manager hotel gedhe dhewe sak kutha Yogja. snack. kairingan lagu mars ³Maju Tak Gentar´. rock lan dangdut. Sawisé lagu kuwi ranmpung keplok-kepplok lan asesurak ngregengaké swasana ésuk iku. Banjur keprungu swarané musik keyboard sing dimainaké pak Utama. Kabèh padha ngrungokaké kanthi jinem. Underané panggonan sing akeh ngumpulé publik. Nyuwun donga pangèstu kabèh lumaku lancar lan rahayu. Ndadèkaké sangsaya nges lan anget! Jam 12 awan rombongan ngamèn ngaso mangan awan. Jam setengah papat sorè rombongan ngrampungaké ngamèn dina kapisan. Swarané pak Utama sing wis 60 taun luwih iku ora merdu nanging swarané abot endhek. Lagu rohani sing lagi sepisan iki kakidungaké déning pangriptané dhéwé. bareng krungu lagu rohani iki dikumandhangaké kabèh padha meneng anteng tanpa swara. Mesthi waé pak Utama ora kabotan ora merga mengko bakal diwènèhi honor akèh. ana tamu loro teka nemoni pak Utama. Kekaroné tugas minangka tehnisi ngrangkep scurity. upamané pasar. Njeron mobil INOVA dikebaki werna-werna pangan. Dhasaré Siska tau dadi solist grup dangdut. Keprungu lagu ³Mencari Kasih Tuhan´ dibacutaké lagu ³Hidupku Milik-Mu´ sing dikidungaké pak Utama kanthi kebak pangrasa. Nanging ibuné Marga ora mèlu kanthi pawadan nyawis-nyawisaké ubarampé kanggo ngamèn dina sapituruté. blangkon mondholan. goyanggoyang ing sakupenging panggung mobil. Sing padha nonton umumé serujuk lagu-lagu sing dimainaké lan dikidungaké pak Utama iku pancèn éndah. pusat belanja terminal lan liya-liyané. Kajelasaké uga pikolehé ngamén nazar kabèh arep disumbangaké panti asuhan. tanpa keris. Ana wong sing mung mesem-mèsem nyecengès. Bocahbocah sing mauné ramé brisik. Kanggo selingan kala-kala lagu pop. Ing mburiné jeep Taft di tumpangi Edy lan Atok sing wis ancang-ancang pirang-pirang dina sadurungé. bapak-ibu««´ aturé pak Utama groyok ora kuwat nahan tangisé. Sing nggumunaké ing antarané ana dhuwit receh logam.Ngarep dhéwé panggung mobil. mall. Kabèh padha mèlu nyanyi karo keplok-keplok bungah. utamané lagu ³Hidupku Milik-Mu´ Saperangan gedhé lagu-lagu sing dimainaké pak Utama lagu rohani anggitané dhéwé. Tumindaké rombongan ngamèn iki banget nuwuhaké kawigatèn masyarakat sing gedhé. Ing omah ngétung oleholehané ngamèn dina kapisan rombongan rumangsa surprise sawisé ngitung oleh dhuwit rong yuta patangatus patangpuluh èwu rupiah. ngayahi tugas mandu acara lan ngrangkep nyanyi. akal-akalané wong bèn bisa ngeruk dhuwit akèh. swarané Siska sing lungguh jèjèré supir mobil panggung. mula wong-wong sing krungu cengkoké Siska padha lenggak-lenggok. Siska kuwi sawijining announcer wanita professional sing dijarag diséwa. kawigaten lan partisipasi sajrone pak Utama ngluwari nazar iki pitung dina suwéné. Saka speaker ing panggung mobil kaprungu swaran ulem wanita. Benginé nalika pak Utama ngaso ing omah bubar nglaksanakaké ngluwari nazar dina katelu.

nyambutgawe ing Yogya. ³Kersa penjenengan punapa?´ pitakone Warsih karo namatake tas plastik sing dicangking tamune. bu. bu. ³Seket ewu. Sabeneré Marga prihatin mikir kawarasané bapaké sing wis tau kena stroke sepisan. Kula bade nyuwun tulung«. nggadang-nggadang anake wadon sabisa-bisane sekolah saora-orane lulus SMU. Kosokbaliné pak Utama ngadhepi iki malah sangsaya semangat. Karo ngrungokake radio cilik siaran Radio Retjo Buntung.´ ujaré Utama kanthi rai bungah. bu!!´ Warsih kaget. Ora kaya Warsih dhewe sekolahe mung tekan kelas 1 SMP medhot.´ . ³Gusti Allah maringi rajeki bocah-bocah yatim piatu lan para jompo iku liwat tanganku sing wis tua iki bakal tak lakoni amanah iki kanthi sabecik-beciké. Ngereti-ngerti ana pawongan wanita setengah umur nyedhaki dheweke. Kain punika taksih enggal!´ ³Mosok kain kasar ngene regane seket ewu. ³Kula kepareng matur.pak Utama sak rombongané pentas ing hotelé. anaké. Nitik nyandhang penganggone wanita sepantaran bu Dirjo mau ngatonake wong kecingkrangan. Kala wingi kula tumbas langkung alus mung selawe ewu.´ ature wanita mau karo ngetokake barang saka tas sing digawa. Kula piyambakan wonten griya.. lan kabèh urusan kapasrahaké Marga. Warsih mbedek tamune iki ngira yen dheweke sing nduwe omah gedhe iku. Dheweke ngira wong wadon iku sawijining sales sing mlebu metu saben omah nawakake dagangan. Tansah keprungu pesene bojone sadurunge tinggal donya. NJALUK TULUNG (dening: Adinda AS. Ah. pancen laras temenan. Sawenèhing alamat panti asuhsan lan uga panti jompo dicatet sing ing wayahé mengko bakal di tekani lan diwènèhi sumbangan. njenggelek. lagi sedhela bosen. Raine pucet kumel ngemu wewayangan urip kebak susah.´ sumaure tamune karo nginguk dalan ngarep omah. Sugeng siyang. nanging kok ya gelem tanpa nganyang! Atiné Marga sangsaya prihatin manèh nalika ana penjalukan kontrak kerja saka perusahaan studio rekaman musik sing pinunjul ing Negara iki. mripate melek merem lan lambene comuk-camuk. Sawetara iku salah siji stasiun TV ibu-kota. Marga sing diangkat dadi ³manager´. Kanthi kuwatir Marga ngudarasa karo Iwan bojoné: ³Apa klakon ing yuswané bapak sing 60 taun luwih bar kena stroke iki malah dadi selebriti?´ Iwan bojonè mung ngguyu nggleges. Dhéwéké merlokaké ngajari Marga lan Siska duet minangka backing vocal nalika Pak Utama ngidungaké lagu ³Hidupku Milik-Mu´. Pindah ing teras ngarep nggejojor ing kursi males. Dene mas Didiet putrane mbarep bu Dirjo mangkat kuliah esuk-esuk mau. makaping-kaping nyiaraké lagu ³Hidupku Milik-Mu´ lan lagu-lagu rohani anggitané Kakanda jeneng samarané Utama Sejati.) WARSIH esuk iku dhewekan ing omah. Durung jam sewelas awan. Pak Dirdjo karo garwane wiwit wingi tindak Semarang kondangan adine mantu putrane putri. Kain bathik cap-capan kasar dawane paling karotengah meter.´ ujare wanita mau sawise dilungguhake Warsih ing kursi teras cedak kursi males. Marga nawakaké honor gedhé sing fantastic karepé wong hotel bèn mundur. ³Wah. bu««.. ³Kula betah kaliyan ibu kemawon. supaya sisa-sisa umurku ing ngalam donya iki bener-bener migunani mring pepadha. Mumpung lagi dadi ³panguwasa tunggal´ ing omah loji gedhe iki. kabeh gawean ngomah kuwajibane Warsih wis rampungan. Mula pancen enak dadi wong sugih! ³Kula nuwun. abot-abote kepengin nyekolahake anake wadon siji ben bisa nutugake sekolah sawise tamat SMP mengko. sapunika bapak ibu nembe tindak.«««. Pak Utama nyanggupi paling cepet sawisé dina pungkasan ngluwari nazar. ³Kula badhe nyade kain batik punika.. dina iku bisa tumindak apa wae. nanging katon satètès waspa ing mripaté mili ing pipiné sing wiwit kriput.´ wangsulane Warsih. Nyoba nyetel TV ing ruwang tengah. Dheweke kepeksa ninggalake kutha Wonosari asline. ngrembug ngenani gedhéné honor. ³Punika dipun sade pinten?´ pitakone Warsih sawise kain bathik dibukak-bukak kanggo pantes-pantes. Warsih nderek keluargane pak Dirdjo wis rong taun iki. Rasane kaya ³nyonya boss besar´ wae. Meja cilik ing sisihe ana segelas wedang kopi panas lan sepiring pacitan.

Terus menyat nyedhak lawang pager noleh ngiwa nengen nyawang dalan gedhe. Dhuwit blanjane sewulan sing telung dina kepungkur diparingi bu Dirjo di jupuk separo banjur diwenehake tamune mau.´ ujare wanita mau karo bola-bali nginguk dalan ngarep omah. ³Kalih jaman. ³ memgkono ujare tamu wadon mau karo pamitan. separo bayare sewulan ilang muspra. ³Ketoke kowe kapusan. sapunika reginipun ««kalih atus ewu!´ ³Lho piye. Mau baline tamu ngalor apa ngidul?´ Didiet ngetokake speda motore mlaku mengalor kaya sing dikandhake Warsih. apese limang yuta rupiah! Wah.´ gemremenge tamune karo ringkes-ringkes barange. ³Sekedhap. ³Aku tak metu ndisik. Lungguhe ketok ora jenjem. Penjenengan nengga kemawon wonten ngajengan. kok«. Mengko nek entuk dhuwit ³rejeki´ akeh kaya ing tv kae dhuwit eketan ewon sabengket. Warsih niteni ing acara tv MINTA TOLONG sawise nuku barang sing didol. mas´ wangsulane Warsih wiwit bingung. Nasibe tamune iku kaya aku wae. bu?´ ³Mboten«.. Bisa tuku ali-ali emas limang gram nggo ijole ali-aline sing wis diedol ndek bojone mlebu panti-usada marga kacilakan. uga jam tangan sing didama-dama wiwit palupi isih kelas-6 SD. Sorene pak lan bu Dirjo kondur. Wingenane tanggane kancaku ya diapusi model kaya iku. Krungu tembung ³tim´ Warsih banjur kelingan angger ana siaran acara MINTA TOLONG ing TV RCTI dheweke karo bu Dirjo mesthi nonton. ³Matur nuwun. ³Kenging punapa kok sajak bingung. mboten. . Warsih mung manthuk-manthuk mesem seneng. Lare kula sakit. mbak? Ana sing dienteni?´ ´Mboten kok. Bisa tuku busana Muslim sing nganggo renda-renda endah««« Wah. Dirantos. Utange karo lik Sadiyem limang atus ewu bisa dilunasi. Bali maneh lungguh kursi ing teras. Dhuwit rong atus ewu.´ sumaure tamune karo tolah-toleh mengarep maneh. ta? Durung-durung kok wis mundak tikel papat. isih akeh maneh rancangan nanjakake dhuwit limang yuta mau. Kula warandha katilar pejah. Tim«´ ³Tim punapa?´ ³Ah. Warsih nggregel. Kula betah arta seket ewu rupiah kangge nebus resep obat anak kula. ³Nggih mboten ketingal.´ ujare Didiet karo nyawang Warsih sing isih ngetokake rai sumringah bungah.´ kandhane Warsih karo mlebu ngomah. Kanthi gegambaran kabeh mau ndadekake raine Warsih bingar. Banjur nyedhaki tamune maneh sing isih lungguh ing teras. Didiet wadul karo bapake. Warsih kaget ing dhadhane tuwuh pangarep-arep. Omonga mbok menawa butuh pitulunganku. mbak. lambene tansah mesem seneng. Warsih metu tekan lawang pager noleh ngiwa nengen. Mula dheweke waleh nyritakake kabeh kedadeyan mau. mengkono ujare wong mau sing ora liya salah sijine ³tim´.´ ³Nggih sampun nek penjenengan mboten kersa. Wonten ingkang ditengga. Kain bathik sing bar dituku rongatus ewu rupiah mau wis ora digantekake maneh. Nembe ngetingal sak jam utawi kalih jam mangke«« Menawi penjenengan kersa mundhut kain nika. Dheweke menyat ninggalake tamune. Tim««.´ ³Ketoke pikirane mbak Warsih kok ora jenjem. Didiet bali saka kuliah.´ wangsulane tamune lirih sajak keweden. bu?´ ujare tamune ndheseg. kula tak mendhet arta rumiyin. Ngladekake dhahar awan cepet-cepet metu lungguh ing kursi teras. mbak?´ pitakone Didiet kiaro isih ngremet-ngremet kain bathik kasar mau. lho ««. ³Dos pundi kersa mundhut kain kula. ³Ana apa kok sajak kesusu-susu.. barang ora mbejaji. batine.Punika.«. Menawi ibu saged mbiyantu kula«. bu. Nggih punika rejekine tiyang sing remen tetulung kados ibu punika. bu««´ ujare Warsih. ³Bu Harto RT sebelah ya kapusan mbak. Kalih yuta mawon penjenengan taksih bathi kathah. kaya patrape mbakyu-adi. Mangke nek tim dateng rak lajeng kepanggih. Kepeksa golek pangupa jiwa dhewe merga ditinggal sing lanang mati. Warsih sanalika lemes dedes. Dhuwur-dhuwure pengaji rongpuluh ewu wis apik! Warsih lungguh ing kursi teras. Ing atine thukul pengangen-angen. ³Betah kula ngge tumbas regine obat seket ewu. ³Nggih kula purun. Bubar mangan Didiet metu ing teras ngaruh-aruhi Warsih. mas Didiet««. ora ana wong mlaku.´ Karo mas Didiet Warsih rumangsa wis cedhak. bisa enggal-enggal nukokake speda Palupi anake wadon. ³Nek seket ewu kok kawisen.´ critane Didiet. ³Jam pira kedadeyane.´ panganyange Warsih. melas nyawang Warsih sing isih lungguh dheleg-dheleg ing kursi teras. ³Rejeki´. Setengah jam Didiet wis bali. let sedhela banjur ana wong sing nyedhaki menehi dhuwit akeh minangka piwalese wong sing wis gelem tetulung. Durung nganti sejam sawise kuwi. Warsih uga mlebu njero ngomah.³Menawi mboten kepepet kain punika mboten kula sade.

melu-melu ethok-ethok dadi paraga ³minta tolong´ ³Ya suk mben maneh sing luwih ngati-ati. Lha kowe tetulung kagawa kepengin entuk rejeki limang yuta. .´ ujare bu Dirjo njereng-njereng kain batik pengaji rong atus ewu mau karo ngguyu cekikan.´ ngendikane pak Dirjo sabubare dhahar bengi.´ ature Warsih karo nangis sesenggukan. Mumpung akeh wong seneng nonton acara tv.´ ³Kain kaya ngene iki sepuluh ewu wae ora payu.. mung kanggo hiburan pamirsa. ³Matur sembah nuwun bapak-ibu««. Warsih sing dikandhani mung tumungkul. Saiki pancen akeh wong julig.³Jaman saiki akeh wong apus-apus. Dhuwitmu sing kapusan mau mengko ben diijoli ibu««. nanging ya bisa wae diatur kaya sinetron. Awake dhewe kudu ngati-ati. mripate mbrebes mili. ³Wong niyate tetulung rak tanpa pamrih. Tontonan ing tv kae bisa pancen gambaran lelakon wong tetulung tanpa pamrih.

Sign up to vote on this title
UsefulNot useful