Anda di halaman 1dari 9

WULANGAN1

I.Nyemak Teks Narasi

Kompetensi Dasar : Memahami isi teks narasi tentang peristiwa atau kejadian
Indikator :

 Mampu membaca teks narasi


 Mampu menyebutkan jenis narasi
 Mampu mengerti ide pokok dari cerita teks narasi

Teks Narasi

Pengertian teks narasi

Teks narasi yaiku karangan/teks kang nyritakake samubarang kanthi runtut manut urutan wektu.Teks
narasi kudu bisa nudhuhake tulisan kang bisa nggawa pamaca kaya ing petualangan kang dialami ing crita
kasebut. Mula saka iku pamaca bisa ngrasakake urutan wektu kang digambarake lewat tulisan. Urutan wektu
kang digambarkan ing tulisan ana ing sawernaning wujud kagiyatan kasebut bisa ngasilake tulisan narasi sing
narik kanggo diwaca.

Kang kalebu teks narasi yaiku crita rakyat (fabel, legendha, mithe, sage) lan bisa uga crita kang
gegayutan karo lingkungan, umpamane crita Gunung Merapi mbledhos, tsunami ing Aceh lan sapanunggalane.
Pamacane crita rakyat iki kalebu jinise maca endah (susastra). Maca endah kajaba kudu ditindakake kanthi mredi
kedaling lesan (lafal), lagune, lan nyilemi lelakon kang ginambar jroning karangan.
Bagian teks narasi

- Tepungan prastawa ing crita


- Prastawa wiwit lumaku
- Konflik ing crita
- Klimaks : puncaking crita
- Karampungan ing crita

Jinis Teks Narasi


a. Teks narasi ekspositoris

yaiku teks narasi kang ngandhut rerangken panindak kang


diandharake kanthi cara informatif saengga pamaca
mangerteni prastawa kasebut

Tuladha teks narasi ekspositoris :

Awan iku, pas minggu wingi, Ramin anggone main apik. Nalika pisanan dheweke
nyuguhake sawijining kontra melodi kang apik, banjur ganti nggunakake klarinet,
nglagokake melodhi utamane. Ramin lan kancane pitu baris kayadene pasukan tentara
lan lumebu menyang asrama, ngiringi Akhmad, calon penganten priya sing bakal
mboyong Mulyani, kenya ayu ing Perum Kampung Meruyung. Dheweke nglagokake
tembang “ Mars Jalan” kang dirasa mathuk kanggo ngeterake Akhmad minangka

b. Teks narasi sugestif

yaiku teks narasi kang wose minangka rerangken


prastawa kang diwangun kanthi cara tartamtu saengga
bisa ngrangsang daya khayal ( imajiner ) pamaca
babagan prastawa kasebut. Jinis paragrap narasi iki,
biasane digunakake kanggo nerangake sawijining

Tuladha teks narasi ekspositoris :

Raden Lesmana Mandrakumara banjur ngunus pusakane. Kanthi


aglis, banjur namanake pusakane kasebut ing badane Abimanyu.
Sanadjan wes kebak tatu panah amarga diranjab dening wong akeh,
Abimanyu isih bisa ngendhani kepara bisa ngrebut Pusaka Braja Keling
dhuweke Raden Lesmana Mandraguna, Kanthi daya kang wis ora akeh,
Abimanyu kasil nyuduk Raden Lesmana. Pungkasane kalorone mati

Supaya luwih cetha, coba gatekna tabel pambandhinge teks narasi ekspositoris lan
sugestif ing ngisor iki !

No Narasi Ekspositoris Narasi Sugestif


1 Njembarake pamahamane pamaca Ngandharake makna utawa amanat kang
diandhut sajrone prastawa ( tersirat )
2 Ngandharake informasi sawijining Nuwuhake daya khayal ( imajiner)
kadadean
3 Basane biasane luwih informatif lan Basane biasane awujud pralambang
nggunakake tetembungan kang ( utawa ora samesthine ) lan sugestif
ndhuweni teges salumrahe
( denotatif )
Nalar mung piranti kanggo ngandharake makna,
4 Adhedhasar saka nalar upama perlu nalar bisa dilanggar kaya dene
dongeng.

Wacana teks narasi ing ngisor iki !

Udan Lan Angin Sebabke Puluhan Wit Ambruk

Jawah dipunmaweni angin kencang ingkang nempuh hampir sedaya Kabupaten/ Kutha ing DIY
ngakibataken macem-macem bencana, ing antawisipun yaiku wit ambruk ingkang kathah kedadosan ing
Kabupaten Sleman, dina kamis sonten (5/1/2017).
Kepala posko lapangan ing Balai Dhusun Sumberadi, Kecamatan Mlati, Mayor Infantri Yacobus
Totok Artono ngginemaken menawi dampak saking jawah angin kesebat yaiku 67 wit ambruk, 78 griya
terdampak, 4 titik jaringan PLN risak, uga fasilitas umum wujud gedung PAUD uga MTS kembrukan wit.
“Griya ingkang risak yaiku 45 omah ing Kecamatan Mlati uga 22 unit ing Kecamatan Seyegan,”
ture Totok, Jum’at (6/1/2017). Kedadosan kesebat kedadean ing sonten dinten nyedhaki dalu, mila upaya
ingkang saget piyambakipun tumindakake yaiku kaliyan numindakake pendataan lapangan.
Salajengipun, saking rapat kewates kaliyan BPBD DIY kersa MUSPIKA Kecamatan, diputusaken
pengerahan relawan datheng lapangan dipunwontenaken wiwit Jum’at (6/1/2017) enjang ngantos sonten.
“Akhiripun, dinten niki (Jum’at) makempal 291 relawan saking Kecamatan Mlati. Tindakan ingkang
dipuntumindakake skala prioritas enten ing griya warga ingkang terdampak lajeng uga akses radin
ingkang ketutup wit,” ngendikan Totok.
Ngantos jum’at siyang, Totok nyebaraken menawi mboten enten laporan korban jiwa inggil
kedadosan kesebat. Saleresipun, jawah angin ingkang ngakibataken wit ambruk kedadosan saben taun.
Pihake pun sampun numindakake upaya antisipasi kanthi sacara rutin numindakake sosialisasi datheng
dhusun-dhusun mawi numindakake pemangkasan wit ingkang dipunanggep rawan.
“Kendalane nalika saking warga enten ingkang kewratan menawi wit dipangkas. Alasane punika
sumber pamanahan ekonomi piyambake sedaya, tuladhanipun wit mlinjo ingkang dipunginakaken konjuk
pamanahan keluarga,” bacute.
Sewentara punika, Manager Pusat Pengendali Operasi Penanggulangan Bencana (Pusdalops)
BPBD DIY, Danang Samsurizal mertelakaken menawi dampak jawah angin ing DIY paling kathah
wonten ing Kabupaten Sleman ingkang kedhawah ing 28 titik, kutha Yogyakarta ing 5 titik, Kabupaten
Bantul Ing 1 titik, Kabupaten Gunungkidul ing 4 titik, lan Kabupaten Kulonprogo 2 titik. “Konjuk wilayah
kutha Yogyakarta, Kabupaten Bantul, Kabupaten Kulonprogo uga Kabupaten Gunungkidul lajeng
dipuntangani saking BPBD sapanggen,” pajaripun.
Miturut data sementara ingkang katampi pihake, kecatet konjuk ing kutha Yogyakarta yakni ing
Gondokusuman, Jetis, uga Tegalrejo masing-masing ngalami wit ambruk uga kabel PLN ingkang pedot.
Salajengipun ing Kabupaten Bantul yakni ing piyungan Bantul, wit ambruk ngembruki kalih griya warga.
Sewentara ing Kabupaten Gunungkidul persise ing Playen ugi ngalami wit ambruk. Ing dina punika jawah
dipunmaweni angin kenceng wangsul nempuh sakunjukan wilayah Sleman, senin (9/1/2017) siyang.
Sawilangan wit ambruk dipuntempuh angin. Setunggal dipunantawisipun kedadosan ing Dusun
Bangunrejo Tridadi Sleman. Warga sekitar, Kurniawan (32) ngendikakaken sekedhikipun enten gangsal
wit sengon ukuran saweg ambruk. “Wonten gangsal wit, kalih ngengingi atap griya uga setunggal
ngengingi kandang,” turene. Kala niki sawilangan warga gotong-royong konjuk ngevakuasi pamitan
kesebat.
 (sumber : https://www.pintarnesia.com/contoh-teks-berita-bahasa-jawa-pawarta/)

Wangsuli pitakon ing ngisor iki saka wacana teks narasi ing dhuwur !

1. Kapan kadadeyane wit-wit pada ambruk ing kabupathen/ Kutha DIY?


………………………………………………………………………………………………………..
2. Napa kemawon dampak jawah angin niku ing Dhusun Sumberadi, Kecamatan Mlati?
………………………………………………………………………………………………………..
3. Pinten cacahe griya ingkang risak menawi kenging jawah angina menika?
………………………………………………………………………………………………………..
4. Pinten cacahe relawan ingkang saking Kecamatan Mlati?
………………………………………………………………………………………………………..
5. Pinten cacahe korban jiwa kedadosan jawah angina meniko?
………………………………………………………………………………………………………..
6. Ing kabupaten pundi dampak jawah angin paling kathah ?
………………………………………………………………………………………………………..
7. Ing kabupaten pundi dampak jawah angin menika ngalami wit ambruk uga kabel PLN pedot?
………………………………………………………………………………………………………..
8. Napa kemawon dampake jawah angin ing Kabupaten Bantul?
………………………………………………………………………………………………………..
9. Kapan kedadeyane jawah dipunmaweni angin kenceng ing wilayah Sleman?
………………………………………………………………………………………………………..
10. Berita teks narasi menika sumbere saking pundi?
………………………………………………………………………………………………………..

Kompetensi Dasar : Meringkas isi teks Narasi tentang peristiwa dengan ragam krama.
Indikator :

 Meringkas isi paragraph teks narasi dengan ragam karma


 Meringkas isi teks/ wacana narasi dengan ragam karma
 Memberikan tanggapan terhadap isi wacana naratif dengan ragam krama

 Ngringkes Teks Narasi


Ing ngisor iki pathokane ngringkes teks narasi kang apik lan tumata ;
1) Maca teks asline
Sadurunge ngringkes, bab kapisan kang kudu ditindakake yaiku maca teks narasi kang bakal
diringkes sepisan utawa pindho yen perlu wacanen teks kasebut bola bali supaya kowe bisa
ngerteni gegambaran umum isine teks narasi kasebut.
2) Nyathet gagasan utama
Yen kowe wis bisa nyekel ancase panganggit, gambaran umum teks, sudhut pandhang penganggit
asli. Langkah sabanjure yaiku wacanen maneh teks kasebut saben paragrap kanthi nyathet kabeh
gagasan pokok sing ana sajrone teks kasebut.
3) Nganakake produksi
Gegambaran umum saka pokok – pokok gagasan kang wis kok chatet bisa kanggo pathokan
nggawe ringkesan. Urutane isi ringkesan kudu jumbuh karo teks asli, nanging ukara – ukara ing
sajrone ringkesan kang digawe iku ukara anyar kang uga ngambarake maneh isi saka teks asline.

Wacana teks narasi ing ngisor iki !

Gunung Kelud Njeblug Maneh

Nalika surya kaping 13 Pebruari 2014, Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik kaping 190.
Gempa vulkanik mau luwih dahsyat maneh nalika jam 12.00 nganti 18.00 nganti ping 442. Nalika jam 9
bengi luwih 15 menit, status Gunung Kelud saka siaga dadi awas, mula ing tlatah iki warga banjur padha
ngungsi. Kurang luwih 5 km saka kawah Kelud wis distrerilke saka kegiyatan manungsa. Kurang luwih
jam 10 bengi, kegiyatan manungsa diendheg utawa disterilke kang maune radhius 5 km, saiki dadi radhius
10 km. iku kabeh kanggo keamanan amarga gunung Kelud wis ngetokake lahar panas lan awu vulkanik.
Udan krikil saka Gunung Kelud sansaya ndadi, saengga para warga kumudu-kudu diungsekake
mligine warga ing tlatah Kecamatan Ngancar, Kedhiri, lan Kota Pare Kedhiri. Miturut rekomendasi saka
pusat Vulkanologi, Mitigasi, lan Bencana Geologi (PVMBG), tlatah Wates didadeake panggonan ngungsi
warga kang mapan ing tlatah radhius 10 km saka Gunung Kelud amarga erupsi tipe eksplosif kaya ing
taun 1990 bisa dumadi kanthi dahsyat. Kaya dene kang diramal sadurunge, nalika jam 10 bengi luwih 50
menit surya kaping 13 Pebruari 2014, Gunung Kelud njeblug mawa ledhakan tipe eksplosif. Gunung
Kelud ngetokake awu vulkanik kurang luwih 17 km dhuwure lan ngetokake krikil kanthi kekuwatan 25
km adohe. Swarane ledhakan kaprungu nganti Solo lan Yogja kang adohe kurang luwih 200km malah
nganti tekan Purbalingga kang adohe kurang luwih 300 km saka Gunung Kelud. Nalika jam 1 bengi utawa
dini hari yaiku tanggal 14 Pebruari 2014, swarane Gunung Kelud njeblug nganti tekan Jombang. Wong-
wong kang mapan ing Kabupaten Kedhiri rumangsa miris atine nyekseni Gunung Kelud “ngamuk”
ngetoake lahar vulkanik kang sansaya nggegirisi. Watara jam 2 bengi swara gemuruh Gunung Kelud rada
kurang mung wae isih ngetokake awu vulkanik. BMKG isih tetep waspada lan tetep ngungseke para
warga adohe kira-kira 10 km.
Ing tlatah Madiun lan Magetan, dalan-dalan ora katon amarga katutupan awu vulkanik. Jarak
pandhang kanggo pengendhara rodha 2 lan rodha 4 watara mung 3-5 meter. Kanggo njaga keamanan,
mula kendharaan kang padha lewat supaya alon-alon kanggo ngindhari tabrakan, nanging ora sithik warga
kang ora wani metu numpak kendharaan amarga erupsi kasebut. Warga padha miris atine, mlayu mrana,
mlayu mrene padha golek slamete dhewe-dhewe. Senajan wis padha nylametake nyawane dhewe-dhewe
bebasan polahe anteng kitiran kaya mangkono, nanging isih ana warga kang kapeksa dadi kurban Gunung
Kelud, kelebu warga ing pengungsian uga ana kang dadi kurban. Kacathet kurang luwih 24 warga dadi
kurban Gunung Kelud lan kira-kira 100.248 kudu padha ngungsi.
Kanthi anane awu vulkanik kasebut, kegiyatan ing bandhara uga ditutup, amarga ora sithik
pesawat lan tlatah ing bandhara kang katutup dening awu vulkanik, saengga bisa ngganggu kegiyatan
penerbangan. Bandhara kang katutup dening awu vulkanik upamane bandhara Surabaya, Malang,
Yogjakarta, Semarang, Solo malah nganti tekan Bandung. Akibate amarga gangguan awu vulkanik lan
cuaca kang ora apik. Kanthi mangkono pihak angkasa pura lan maskapai penerbangan rugi milyaran
rupiah.
Ora mung penerbangan lan pesawat kang kaganggu amarga awu vulkanik, nanging uga alat
kanggo nyathet aktivitas ing Pos Pusat Vulkanologi Mitigasi lan Bencana Geologi (PVMBG) sakiwa
tengene Gunung Kelud, Kediri Jawa Wetan uga kaganggu lan rusak. Alat arupa seismograf rusak amarga
kalindhih utawa ketimbun material watu lan awu, amarga alat mau mung 5 km jarake saka Gunung Kelud.
Rusake alat kasebut pranyat bisa ngganggu aktivitas PVMBG kang digunakake kanggo mantau aktivitas
Gunung Kelud. Mula saka iku para petugas kang ana, banjur cancut tali wanda utawa cekatannggunakake
alat pemantau manual kanggo nagntisipasi kedadeyan lan letusan kelud susulan.
Ngringkes isi paragraph teks narasi ing dhuwur kanthi premati!

Ringkesan isi paragraf 1 :

………………………………………………………………………………………………………………………
Ringkesan isi paragraf 2 :
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………..

Ringkesan isi paragraf 3 :

………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………..

Ringkesan isi paragraf Ringkesan


3: isi paragraf 4 :

………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………..

Ringkesan isi paragraf 5 :

………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………..

Ayo tanggapana gegayutan (NGANGGO BASA KARMA) karo nilai karakter saka pratelan
ing ngisor iki karo teks wacana “Gunung Kelud Njeblug Maneh” !
1. Pranyatan : Para warga sacedhake Gunung Kelud miris atine nalika gunung mau njeblug
Tanggapan : …………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
2. Pranyatan :Para warga sacedhake Gunung Kelud padha ngungsi.
Tanggapan : …………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
3. Pranyatan :Gunung Kelud njeblug pratandha jamane wis tuwa
Tanggapan : …………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
4. Pranyatan :Para warga ing sakiwa tengene Gunung Kelud transmigrasi bedhol desa
Tanggapan : …………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
5. Pranyatan :Awu vulkanik saka Gunung Kelud ndadekake napas seseg
Tanggapan : …………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………

6. Pranyatan :Awu vulkanik apik kanggone pertanian


Tanggapan : …………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
7. Pranyatan :Palang Merah sengkud anggone mbiyantu para korban bencana Kelud.
Tanggapan : …………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
8. Pranyatan :Kegiyatan ing bandhara uga ditutup, amarga ana awu vulkanik Gunung Kelud
Tanggapan : …………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………

I . Wenehana wangsulan a, b, c utawa d kang bener kanthi menehi tandha ping


(x)

1. Karangan/teks kang nyritakake samubarang kanthi runtut manut urutan wektu


diarani....
a. Teks narasi c. Teks eksposisi
b. Teks deskripsi d. Teks argumentasi
2. Teks narasi kang ngandhut rerangken panindak kang diandharake kanthi cara
informatif saengga pamaca mangerteni prastawa kasebut diarani....
a. ekspositoeris c. argumentatif
b. sugestif d. deskriptif
3. Bab paling dhingin nalika ngringkes teks narasi yaiku....
a. maca teks asli
b. nggawe cengkorongane
c. nemtokake wektu
d. ngreproduksi ringkesan
4. Raden Soedjono bisa ketampa pasuwitane kuwi amarga karo sarat kang diajokake
dening Joko Puring, bilih Raden Soedjono nyambut nggawe minangka gamel ( tukang
golek suket ) lan juru taman.
Tembung kang kacithak kandel ing teks kasebut tegese, yaiku.....
a. pingsut
b. nganggo wektu kang suwe
c. ndhuweni lemah kang ciyut
d. anggone ngabdi
5. Setitekna pethilan teks narasi ing ngisor iki !
Bupati Citra Kusuma kang mbawahi Kabupaten Pucang Kembar ndhuweni putra kang
ayu rupane kang sesulih Dewi Sulastri. Bupati Pucang Kembar wis nyiapake calon
garwa kanggo Dewi Sulastri, amarga pancen wis dadi padatan wektu semana yen
jodho iku ditemtokake wong tuwa, sanadjan isih cilik. Joko Puring iku sing dadi
pasangane Dewi Sulastri manggon ing Pucang Kembar, lan dheweke wis direngkuh
kayadene kulawargane dhewe.
Unsur kang kathon saka pethilan ing ndhuwur yaiku....
a. amanat
b. alur
c. paraga
d. tokoh

II . Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi patitis !

1. Sebutna tuladha teks narasi sugestif kang kokngerteni !


2. Terangna kang diarani teks narasi ekspositoris !
3. Terangna bedane teks narasi ekspositoris lan sugestif ?
4. Sebutna pathokan-pathokane ngringkes teks narasi kang apik lan tumata ?
5. Sebutna tuladhane teks narasi ekspositoris !

Anda mungkin juga menyukai