Anda di halaman 1dari 12

Lakon menakjinggo gandrung / Damarwulan Ngratu

Tokoh Cerita :
1. Kabupaten Blmbangan
a. Hadipati Menak Jinggo
b. Dayun
c. Angkat Buto
d. Ongkot buto
e. Prajurit ( kalau ada )
2. Keraton Majapahit
a. Subositi Kenconowungu
b. Hadipti menak koncar
c. Layang seto
d. Layang kumitir
e. Damarwulan
f. Prajurit ( kalau ada )
3. Taman Kepatihan Majapahit
a. Anjasmoro
b. Emban
4. Taman porolinggo Kabupaten Blambangan
a. Waito
b. Puyengan
c. Resi tunggul manik

NB : naskah ini hanya bersifat sebagai patokan atas alur cerita, untuk kata/
kalimat bisa diimprovisasi oleh tokoh masing masing

Adegan I
Adegan ini menggambarkan di kabupaten blambangan dimana menak jinggo sedang
gandrung dan terbayang bayang dengan kencono wungu , tapi kencono wungu yang
di gandrung tiba tiba berubah menjadi dayun.yang ketika itu di ingatkan sama
angkat buto dan angkot buto bahwa yang digandrung adalah dayun,setelah itu
angkat buto dan angkot buto lapor kepada menak jinggo bahwa lamaranya di tolak
oleh kencono wungu dan suratnya di buang. Mendengar berita itu menak jinggo
marah pada angkat buto dan angkot buto.

Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung Atiku rasane kok ra karu-karuan.
Tansah kelingan marang Dyah Ayu Kencana Wungu. Saben wengi ora
bisa turu, yen miring praupane katon ana tembok, yen mlumah
wewayangane, ginambar ana ing ndhuwur, yen mengkurep kok ya krasa
ngganjel. Wadhuh wadhuh wadhuh.
Dayun/ : Kangmas Minakjingga.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung Dyah Ayu Kencana Wungu,
mrenea wong ayu. Aku kangen marang sliramu.
Dayun : Panjenengan mawon ingkang mriki kangmas. Kula ugi mpun kangen
sanget kaliyan panjenengan.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung enak tenan iki. Ya ya ya
ya wong ayu aku mrana saiki.

(Menak Jingga arep ngrangkul nanging Dayun endha)

Minakjingga : Lho lho lho kok malah mbeda. Yung yung yung yung yung yung
yung aja lunga wong ayu.
Dayun : Ayo kang mas. Mriki kula kangen sanget kaliyan panjenengan kangmas.

Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung wong ayu kowe jan nggodha
atiku, awas lho yen kecekel arep tak kik kuk kik kuk kik kuk. Ha ha ha ha
ha.
Dayun : Mriki kang mas.
Minakjingga : Aku wis ora kuwat. Yung yung yung yung yung yung yung,
kecekel kowe saiki. Aku wis ora kuwat wong ayu ha ha ha ha.
Angkat/Ongkot Buta : Sembah Sungkem kula Gusti Prabu.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung Ana apa kowe ngganggu aku yang
yangan karo yayi kencana wungu.
Angkat/Ongkot Buta : Gusti Kencana Wungu? wonten pundi panjenengan-ipun?
Minakjingga : Iki sing lagi dakdhekep.
Angkat Buta : Menika mboten Gusti Ratu, ananging menika Dayun Gusti.
Minakjingga : Apa iya?
Ongkot Buta : Leres Gusti, menika mboten Gusti Ratu Kencana Wungu, menika
Dayun batur sampeyan dalem.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung kurangajar kowe dayun. Aku
mbok apusi. Banjur kepriye Angkat Buta lan Ongkot Buta, sliramu
sakloron wis netepi jejibahan saka aku.
Angkat Buta : Nun inggih, sampun Sang Prabu. Nawalanipun sampun kula
aturaken dhumateng Gusti Ratu Kencana Wungu.
Minakjingga : Banjur kepriye Ongkot Buta? Mesthi ditrima. Ha ha ha.
Ongkot Buta : Kasinggihan Gusti, nawalanipun sampun ditampi dening Gusti
Ratu Kencana Wungu. Ananging saksampunipun nawala dipunwaos
banjur
diremet-remet lajeng dibuwang. Saksampunipun nawala dibuwang
menika Gusti
Ratu Jengkar saking dhampar keprabhon.
Minakjingga : Lha banjur kepriye katrangan saka Kencana Wungu? Kok banjur
sliramu mulih ana Blambangan.
Angkat Buta : Aturipun Patih Logender tigang dinten saking dinten menika
Gusti Ratu badhe paring wangsulanipun.
Minakjingga : Apa bener kuwi Ongkot Buta?
Ongkot Buta : Nun inggih Sang Prabu.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung Angkat Buta Ongkot Buta,
majua mrene. Kowe iki buta pinter apa bodho. Krungu wangsulan ngono
kok
langsung bali. Becike saiki dakantemi sisan.
Angkat/Ongkot Buta : Ampun gusti, ampun.
Dayun : Ampun Dewaji. Sareh Dewaji.

Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung kowe aja melu-melu yun.
Daktempilingi sisan kowe mengko. Angkat Buta Ongkot Buta, kowe
minggata
saka probolinggo nganti pitung dina suwene. Aku ora sudi ngingeti
dapurmu.
Aku ora sudi nduwe patih dhedhel pikirane.
Angkat/Ongkot Buta : Sendhika dawuh Gusti Prabu.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung Dayun,atiku rasane lara.
Aku amung nagih janjine Brawijaya mbiyen yen aku bisa mateni kebo
marcuet
aku arep didhaupake karo Kencana Wungu lan antuk Kraton Majapahit.
Kebo Marcuet wis mati ing tanganku, nanging aku durung diwenehi
ganjarane.
Kencana Wungu ora ndang didhaupake karo aku. Malah saiki daklamar
ora ana wangsulan. Yung yung yung yung yung yung yung Dayun, atiku
lara. Kanggo
nglelipur atiku, ayo dherekna aku ing Taman marani Dhiajeng Waita lan
Puyengan.

Dayun : Mangga Dewaji, mangga kula dherekaken.


Adegan II
Adegan ini menggambarkan pisowanan di keraton majapahit yang membahas tentang
pemberontakan oleh menak jinggo ,yang belum bisa di selesaikan , dan kencono wungu
mendapatkan petunjuk bahwa yang bisa menumpas pemberontakan menak jinggo adalah
damarwulan. Dan kenconowungu membuat sayembara barang siapa yang bisa membunuh
menakjinggo jika perempuan akan diangkat dulur sinorowedi dan apabila laki- laki akan di
jadikan suami dan berhak atas tahta majapahit.
Kencana Wungu: Paman Patih Logender, kados pundi pamanggih paman
ngengingi kedadosan ingkang lumampah ing pendapi agung Majapahit
gangsal dinten kepengker, Paman?
Patih Logender : Punten dalem sewu, lepat nyuwun pangapunten. Pamanggih
kula, sampun trep lan mesthinipun menawi utusan Blambangan menika
katampik
lan katundhung awit sampun kumawani tumindak nungkak karma ing
ngarsa gusti prabu putri.
Kencana Wungu: Miturut Paman Menak Koncar, kados pundi?
Menak Koncar : Nyuwun pangapunten gusti prabu, menawi atur kula mangke
kumawantun.
Kencana Wungu: Inggih Paman, mangga enggal matur.
Menak Koncar : Majapahit badhe ketaman dahuru…
Patih Logender : Menak Koncar, aja gawe ada-ada kanthi munjuk atur kang
kaya mangkono.
Majapahit iku negri kang santosa, prajurite kondhang trengginas ganep
ing gaman lan wasisi ing reh tata kaprajuritan. Saka ngendi pangucapmu
kuwi Menak Koncar.

Menak Koncar : Patih Logender, aku mangsuli pandangone Gusti Prabu Kencana
Wungu. Kenangapa kakang Patih kok nyaru-nyaru wuwus bali takon
marang aku.
Patih Logender : Menak Koncar, anane aku kepeksa nyangkal panemumu awit
rumangsa giris kok ana sawijining punggawa Majapahit kang kaya kowe.
Kowe wani nganggep Majapahit gampang katempuhing dahuru. Kudune
kowe pitaya yen ta sepira gedhene wong-wong kang bakal ngrusak
Majapahit mesthi bisa katumpes kanthi gampang bebasan suwe mijet
wohing ranti.
Menak Koncar : Kabeh aturipun Patih Logender menika leres. Nanging
Majapahit bakal nyemplung ing juranging kasangsaran nalika para
nayaka
praja tumindak tanpa petung. Kaya kang kok tindakake nyempalani
utusan
Blambangan. Panjenengan menika Patih menapa brandhal pasar?

Patih Logender : Menak Koncar.


Kencana Wungu: Cukup! Patih Logender lan sira Adipati Menak Koncar. Ora
mungguh yen ta para sesepuhing praja Majapahit padha rebut bener
saka panemune dhewe-dhewe. Iki parepatan agung ing ngarsaku sang
prabu putri Kencana Wungu. Majapahit ora butuh pasulayane para
nayaka praja, ning mbutuhake pamrayoga kepriye anggone mrantasi
perkara iki. Ingsun kang arsa menggalih katentreman ing Majapahit iki.
Menak Koncar : Punten dalem sewu, kepareng nglajengken atur
pamanggih kula.
Kencana Wungu: Dakkeparengake, Paman.
Menak Koncar : Kados pundi dukanipun sang Adipati Urubisma nyumurupi
panglamaripun dipuntampik lan malih menawi mangertos utusanipun
dipuncempalani ing Majapahit, menika ateges ngina marang
panguwaosipun sang Urubisma. Menawi kakang Minakjingga boten
trimah lan nggecak perang Majapahit menapa boten dados
sangsaranipun Majapahit awit Majapahit sampun kecalan sawung.
Kencana Wungu : Panemune Paman Menak Koncar padha kaya kang sun penggalih.
Mula sajrone limang dina iki ingsun tansah nyenyuwun palimarmane
Sang Hyang Widhi ing sanggar pemelengan. Wusanane ingsun
nyumpena.
Patih Logender : Gusti Prabu, menawi kepareng mangertos kados pundi
wujudipun sumpena menika?
Kencana Wungu: Ingsun nyumpena yen ta ana jago ing taman Kepatihan.
Patih Logender : Ing Kepatihan menika namung wonten kula, anak kula, Layang
Seta lan Layang Kumitir. Lajeng sinten sawung menika, Gusti Prabu?
Menak Koncar : Kakang Patih Logender, menawi kula boten lepat, kula nampi
kabar panjenengan kagungan putra mantu. Menika rak saged pun
dadosaken sawung?
Patih Logender : Mantu kula menika bocah ndesa, ingah-ingih tebih saking
wiragane satria. Dados boten pantes menawi kasawungaken.
Kencana Wungu: Paman Patih Logender, menawi kepareng sinten jejulukipun
putra mantu penjenengan menika?
Patih Logender : Inggih, Gusti Prabu. Putra mantu kula sesilih Damarwulan.
Kencana Wungu: Sinten, Paman?
Patih Logender : Damarwulan, Gusti Prabu.

Kencana Wungu: Layang Seta lan Layang Kumitir. Ingsun ngersakake sowane
Damarwulan ing pasewakan agung.

(Layang Seta dan Layang Kumitir memanggil Damarwulan)


Patih Logender : Gusti Prabu, menawi kepareng mangertos kenging menapa pun
Damarwulan dipuntimbali marak.
Kencana Wungu: Kawruhana kabeh, ingsun nyumpena yen ta kang bisa
nyirnakake Prabu Urubisma ora liya priya saka kepatihan kang asesilih
Damarsasangka ya Damarwulan.

(Sowane Damarwulan)
Damarwulan : Kula ingkang sowan, Gusti Prabu Putri Kencana Wungu.
Kencana Wungu: Iki sing jenenge Damarwulan?
Damarwulan : Leres pamawasipun, Gusti Prabu.
Kencana Wungu: Yen nitik gambaran sajroning impenku, sajak pancen kowe
kang bisa numpes kridhane sang Minakjingga. Lan ingsun wis prasetya,
sapa kang bisa numpes reretune Majapahit yaiku Adipati Minakjingga
bakal nglungguhi dhampar kencana Majapahit lan aku bakal nyuwitani
wong priya mau.

Adegan III

Adegan ini menggambarkan di taman putri kepatihan dimana damarwulan pamit


dengan istrinya (Anjasmara ) untuk pergi perang melawan menak jinggo, ( Damar
wulan gandrung dengan istrinya sampai istrinya tertidur )

Emban 1 dan 2 improvisasi

(damarwulan dan Anjasmara masuk bersamaan)


Damarwulan : Kok sajake tenanan anggone padha gegojegan?
Emban 1 : boten kok gusti pangeran…
Emban 2 : E..ee..ee…kula mlebet rumiyin ndara…
Anjasmara : Iya yung, kana ngapa ta ngapa ana njero kana lo?

Emban 1+2 : Nggih ndara, sugeng ehem..ehem…lo ndara…


Anjasmara : E, kok isih mbeda ki lo…
Damarwulan : Uwis ta yayi, mung dibeda wae kok ya…
Anjasmara : La menika lo kangmas…
Damarwulan : Iya…kene-kene diajeng…
Anjasmara : Kangmas, kok dangu anggenipun sowan dhateng kraton.
Melang-melang sanget rosing manah kula, sumelang menawi wonten
menapa-menapa.
Damarwulan : Ya, ya, garwaku sing ayu. Antuk pamujimu raharja lakuku ora
nampa alangan. Ya wis dikancani karo mbok mban ngono kok. Nggih ta,
mbok?
Anjasmara : Lha wonten menapa ta, Kangmas, panjenengan kok dipuntimbali
dening Sang Dyah Subasiti?
Damarwulan : Ngene, yayi. Aku mau katimbalan gusti Kencana Wungu jalaran
aku kautus numpes kridhane Adipati Minakjingga ing Kadipaten
Blambangan.Mula kuwi, aku arep pamit njaluk puji rahayu marang
sliramu jalaran aku kudu mangkat dina iki.
Anjasmara : Dhuh, Kangmas, pepundhen kula. Sakalangkung bombong manah kula,
ananging kula sakalangkung sumelang.Adipati Blambangan menika lak
kondhang sinekti mandraguna lan nggegirisi. Menawi Kangmas
mangke… (nangis)
Damarwulan : Wis, wis, cukup. Ora perlu nangis. Dipasrahake wae lelakon iki
marang Gusti Kang Yasa Jagad, muga-muga kalis saka rubeda sarta
antuk karya. Mula diajeng, melua dedonga, sarta aku jaluk pamit
sangonana kleceme lathimu wong manis.
Anjasmara : Kangmas iki lo, kok ya isih mbeda aku lo ya?
Kula ndherek inggih kangmas?
Damarwulan : Diajeng, lungaku ing Balmbangan iki dudu pariwisata, nanging
nyangkul jejibahane bangsa numpes reretuning Majapahit. Mesthi bakal
akeh bebaya…la kok si adhi kepengin melu ki kepriye ta?
Anjasmara : Kangmas, kula mboten kiyat menawi kedah pisah kaliyan
panjenengan kangmas.
Damarwulan : Diajeng, aku lunga ora suwe, iki mung sawetara wae.Sawise
kasil gegayuhanku, aku mesthi bakal nemoni sliramu lan bakal bali
kumpul maneh diajeng.
Anjasmara : Nanging kangmas, Minakjingga menika sekti mandraguna. Kula
ajrih kangmas..
Damarwulan : Ora usah wedi wong Ayu.

(mlaku bersama adegan roman)


Damarwulan : Yayi sawangen endahe mbulan kae yayi….Umpama aku wis
tinakdiran ora bisa nyawang sunare srengenge, cahyane rembulan, lan
kumebyare lintang, aku lila yayi…
Anjasmara : Ampun ngendika mekaten ta kangmas?
Damarwulan : Merga kabeh kuwi mau wis nyawiji ing sariramu wong Ayu….
Anjasmara : Ah, kakangmas iki lo?

ASMARADANA

Anjasmara arimami

Masmirah kulaka warta

Dasihmu tan wurung layon

Aneng kutha Probolinggo


Prang tandhing Wurubisma

Kariya mukti wong ayu

Pun kakang pamit palastra


Damarwulan : Diajeng, sajak katrem anggonmu turu. Aku mesthi bali diajeng.
Anggonmu nggondheli aku kuwi ndadekna aku ora wedi ngadhepi sang
Urubisma.
Diajeng, muga-muga sliramu tansah setya ngenteni tekaku. Aku pamit
diajeng.

Damarwulan ninggalna Anjasmara.


Anjasmara : Kakang, Kangmas Damarwulan. Aku tansah ndedonga muga-muga gusti
ingkang akarya jagad tansah maringi keslametan dhumateng
panjenengan
kangmas.

Adegan IV
Adegan ini menggambarkan taman porolinggo kabupaten blambangan dimana kedua istri menak
jinggo ( waito dan puyengan ) jatuh cinta dengan damarwulan, setelah itu terjadi pertempuran
antara menak jinggo dan damarwulan sampai damarwulan meninggal, dan disembuhkan oleh
istri menak jinggo dengan pusaka menakjinggo yaitu godo wesi kuning, dan akhirnya
menakjinggo terbunuh oleh senjatanya sendiri.setelah itu datanglah layang seto dan layang
kumitir yang bermain curang dengan cara membunuh damar wulan dari belakang dan merebut
kepala menak jingga untuk di serahkan kepada kenconowungu. Namun dmarwulan kembali bisa
di tolong oleh seorang resi tunggul manik.
Waita : Yayi, Puyengan. Kepiye rasane atimu mapan aneng Kadipaten kene?
Puyengan : Dhuh, Kangmbok. Kula tansah prihatos ngraosaken lelampahan kula
piyambak. Yektinipun kula menika boten tresna dhateng Sang Urubisma.
Waita : Yayi, lha kok jumbuh tenan karo pangrasaku, padha karo sliramu.
Ngono kok arep duwe bojo neh, Gusti Kencana Wungu sisan.
Puyengan : Inggih, Kangmbok. Kula boten peduli menawi Kangmas Minakjingga
krama malih, nanging kok kedah Gusti Kencana Wungu? Eman-eman
Kanjeng Gusti
ta nggih?
Waita : Lha ya. Njur nasibe dhewe piye iki, Yayi? Mula seksenana, aku bakal
prasetya sapa sing bisa ngentasake aku saka Blambangan kene, yen
putri bakal dak dadekake sedulur sinarawedi, yen kakung bakal dak
suwitani.
Puyengan : Semanten ugi kula, Kangmbok. Kula ugi prasetya sami kaliyan
kakangmbok.
Waita : Ning apa ya ana sing bakal bisa yayi?

Damarwulan mlebu.
Damarwulan : Kula kang sagah mbiyantu mujudaken gusti putri.
Waita : Yayi Puyengan, kae ana priyayi bagus banget mlebu ana ing keputren.
Yen tak sawang kaya dudu wong Blambangan ya?
Puyengan : Inggih, Kangmbok. Prayogi dipun dangu sinten asmanipun, lajeng
saking pundi, saha wonten perlu menapa.
Waita : Jangkep tenan pitakonanmu, Yayi? (noleh marang Damarwulan)
Kisanak, panjenengan menika sinten? Lan asalipun saking pundi?
Kadosipun
kok boten tiyang saking kadipaten ngriki.
Damarwulan : Kula Damarwulan, punggawa saking Majapahit. Lajeng panjenengan
menika sinten saha menika wonten ing pundi?
Waita : Kula Waita dene menika adhi kula Puyengan, garwa seliripun Adipati
Minakjingga. Menika wonten ing keputren Blambangan. Lha panjenengan
menika
wonten perlu menapa kok tindak dhateng Blambangan ingkang tebih
saking
Majapahit?
Damarwulan : Awrat raos kula awit kaduta dening narendra Majapahit supados
ngrangket Adipati Minakjingga awit sampun kumawani mbalela dhateng
kraton
Majapahit.
Puyengan : Menawi mekaten kisanak, kula sakloron purun mbiyantu kisanak
ngantos kasiling sedya.
Waita : Inggih, Kisanak. Menawi panjenengan saged ngasoraken Adipati
Minakjingga, kula lan yayi kula purun ndherek panjenengan.
Damarwulan : Ananging kula sampun gadhah garwa, gusti.
Waita : Boten dados menapa. Awit menika sampun dados prasetya kula sineksen
jagad saisinipun kisanak?
Puyengan : Inggih, Raden. Pramila raden keparenga nampi pasuwitan kula
kekalih nggih?
Damarwulan : hmmm…….

Minakjingga mlebu ngonangi Damarwulan.

Minakjingga : We, lha dalah! Yung, yung, yung. Ana wong wani-wanine mlebu
ing taman keputren nggodha bojoku. Sapa kowe, bocah bagus?
Damarwulan : Jenengku Damarwulan, sentana saka Majapahit.
Minakjingga : (guyu) Dadi gustimu wis ana wangsulan kanggo
lamaranku? Lak ditampa ta?
Damarwulan Iya, bener. Tekaku mrene diutus dening Juwita Ratu Kencana
Wungu supaya mangsuli lamaranmu kanthi ngendarat kowe. Mula
manuta dak
sowanake ing Majapahit.
Minakjingga : Wo wo wo wo , bocah gemblung! Bosen urip kowe,Wani-wanine
nggugah macan turu. Tinimbang kowe mati eman-eman bagusmu, mula
manuta kowe
wae sing tak rangket ya!
Damarwulan : Bisa nglangkahi kunarpaku mbok menawa lagi klakon. Hayo
tandhingana aku!
Minakjingga : Sak unimu! Dak ladeni kene. Yayi Sakloron, mlebua menyang
kamarmu. Tak tandhingane bocah gemblung kae!
Waita lan Puyengan metu. Minakjingga tandhing lumawan Damarwulan.
Damarwulan asor dening gada.
Minakjingga : (mbengok) Yung yung yung yung Dayun. Mrenea, Yun.

Dayun mlebu karo mlayu.


Minakjingga : Bocah iki wis klenger. Saiki entenana, sesuk pletheking
srengenge, tak kethok gulune banjur tak cangking menyang Majapahit.
Dayun : Siap, Mas Bro! Jingga, Jingga, Jingga, Hu!

Minakjingga metu. Dayun tunggu Damarwulan sinambi mbeda awake


Damarwulan. Rada suwe, Dayun keturon. Waita lan Puyengan Mlebu nggawa
pusakaning Minakjingga.
Waita : Jagad Dewa Bethara, teka Raden Damarwulan kok ora bisa menang
tandhing karo Kangmas Minakjingga. Yayi, Kepiye prayogane?
Puyengan : Kakangmbok, enggal dipunungkuli pusakanipun Kangmas Minakjingga
ingkang sampun kula cidra kemawon. Mbok bilih kenging dados
usadaning Raden
Damarwulan.
Waita : Iya. Gawa rene, dak ungkulane Kyai Wesi Kuning, dimen waluya Raden
Damarwulan.

Damarwulan diungkuli pusaka lajeng tangi.


Damarwulan : Aku iki ngimpi apa piye, saka rumangsaku aku turu, lha kok
jebul tangi-tangi wis adhep-adhepan karo panjenengan maneh?
Puyengan : Raden, kala wau panjenengan asor tandhing lumawan Adipati
Minakjingga. Lajeng dipunusadani dening gada menika, ingkang aran
Kyai Wesi
Kuning.
Waita : Leres, Raden. Menika pusakanipun Adipati Blambangan. Tanpa pusaka
menika, sang Adipati boten saged menapa-menapa. Langkung prayogi
gada
menika dipunasta dening panjenengan.
Damarwulan : Ya, banget panarimaku dene semana labuhmu marang aku. Mula aja
kesuwen ana kene, selak kadenangan sing padha jaga.

Dayun tangi.
Dayun : (bengak-bengok) Whe lha dalah. Bocah kuwi tangi maneh. Kok
isa? Ndara, Ndara! Raden Damarwulan bergas malih, Ndara. Ndara!

Minakjingga mlebu karo omong saka jero.


Minakjingga : Heh! Napa ta, Yun? Bengak bengok wae. Mbrebegi wong turu
ngerti apa ora kowe? Ana apa? ( Tekan jero, weruh Damarwulan banjur
kaget) Whe, lhah? Isih urip
kowe, Damarwulan? Kepiye kowe Yun? Kok kowe isa ora ngerti.
Dayun : Nyuwun pangapunten, Ndara. Kula kala wau keturon.
Damarwulan : Awit pangayomane Jawata aku isih waras. Heh, Urubisma,
sawangen apa sing dak gawa!
Minakjingga : Lho, wani nyolong pusakaku kowe. Balekna mrene! Mengko dak
opahi apa panjalukmu.
Damarwulan : Mara mrene, tampanana!

Minakjingga dikepruk gada. Banjur mati. Damarwulan magas gulune


Minakjingga. Dayun metu keweden.
Damarwulan : Yayi, Waita lan Puyengan. Minakjingga wis tumeka pati. Iki
mustakane, arep dak sowanake Majapahit. Saiki melua aku dadia seksi
ya
Waita & Puyengan : Kasinggihan, Raden.

Layang Seta lan Layang Kumitir mlebu.


Damarwulan : Adhi. Kok wis tekan kene?
Layang Seta : Inggih, Kakang. Sami raharja, Kakang?
Damarwulan : Antuk pamujimu sakloron raharja ora ana pambengan, malah iki
aku wis antuk gawe bisa ngasorake Minakjingga, wis tumekane pati.
Layang Kumitir : Sokur, Kakang. Dene panjenengan sing bisa ngrampungi
karya. Aku lan Kangmas Seta melu bombong.
Layang Seta : Ananging, Kakang. Menapa kepareng kula nyuwun mustakanipun
Minakjingga menika?
Damarwulan : Lho, kanggo apa, Dhi?
Layang Kumitir : Damarwulan, piye-piye aku tetep ora trima yen panjenengan
sing bakal dadi ratu ing Majapahit.
Damarwulan : Lho, lha kok jebul kaya ngono penggalihmu, Dhi?
Layang Seta : Sabar, Dhi. Aja kesusu. Kados pundi, Kakang?
Damarwulan : Ya aja kaya ngono kuwi ta, Dhi. Wong kang kadhawuhan
nyirnakake Minakjingga dening Ratu Subasiti kuwi aku kok.
Layang Kumitir : Yen ora entuk, tampanana kerisku iki, heh!

Damarwulan tandhing lumawan Layang Seta lan Layang Kumitir.


Damarwulan
kalah. Layang Seta lan Layang Kumitir jupuk mustakane Minakjingga
banjur metu. Waita lan Puyengan bengok-bengok weruh kahanane
Damarwulan. Tunggul Manik mlebu.Tunggul Manik : (marani badane
Damarwulan) Hong Wilaheng
Astungkara Sidhem. Whe, lha kok kaya mangkono pakartine Layang
Seta lan
Layang Kumitir. Jejere sentana ratu kok ora bisa kanggo tepa palupi.
Damarwulan, tangia, Ngger!
Damarwulan : Panjenengan sinten?
Tunggul Manik : Aku Bapamu ngger.
Damarwulan : Bapa Tunggul Manik, pangabekti kula katur bapa.
Tunggul Manik : Iya ngger, tak tampa, sumurupa sira mau wis tumekane pati
dicidra dening Layang Kumitir. Rahayune aku bisa maluyakake kowe,
ngger.
Mula aja kesuwen, enggal tungkanen Layang Seta lan Layang Kumitir
menyang Majapahit.
Damarwulan : Ngaturaken agunging panuwun, Bapa. Nyuwun pangestu.

Tunggul Manik metu.


Damarwulan : Ya wis, yayi. Ayo enggal mangkat menyang Majapahit.
Waita & Puyengan : Kasinggihan, Raden.

Damarwulan metu kasusul Waita lan Puyengan.

Adegan V
adegan ini menggambarkan layang seto dan layang kumitir sowan kepada
kenconowungu dan mengaku yang bisa membunuh kencono wungu adalah mereka,
tapi sebelum mendapatkan hadiah datanglah damarwulan yang meluruskan
pengakuan layang seto dan kumitir. Untuk mengetahui siapa yang benar akhirnya
oleh menak koncar mereka diadu perang. Barang siapa yang menang dialah yang
telah membunuh menak jinggo . dan akhirnya damrwulan yang menang dan dia
diangkat menjadi raja majapahit dan berhak menjadi suami kenconowungu

Kencana Wungu kaadhep Patih Logender, Layang Seta, lan Layang Kumitir.
Kencana Wungu: Wa Patih, kadiparan pawartosipun Damarwulan ingkang kula
utus dhateng Blambangan?
Patih Logender : Gusti Prabu, ngantos titi wanci menika, dereng wonten
kabar saking para teliksandi ingkang sampun kasebar Gusti
Kencana Wungu: Hmmm….
Layang Seta : Kula ingkag sowan Gusti Prabu?
Kencana Wungu: Seta lan Kumitir, sowan ora daktimbali ana wigati apa? Lan
apa kang sira gawa?
Layang Kumitir : Kasinggihan, gusti. Nyuwun sewu pangapunten awit sowan
boten tinimbalan. Menika jangganipun Adipati Minakjingga.
Patih Logender : Bagus…bagus, nanging kok dudu si Damarwulan?
Layang Seta : Rama Patih, kakang Damarwulan sampun seda rikala lumawan Sang
Urubisma, katungka duginipun kula sakloron mbiyantu ngantos pejahipun
Minakjingga nanging kakang Damarwulan ugi pejah.
Damarwulan : Dusta….Kula ingkang sowan. Sembah sungkem kula, gusti. ( Layang Seta
lan Layang Kumitir kaget)Kencana Wungu : Damarwulan? Dak tampa,
kepenakna sowanmu.
( Damarwulan, Waita, lan Puyengan lungguh)
Damarwulan : Kula namung badhe matur blaka bilih kula sampun saged
ngasoraken sang Urubisma
Kencana Wungu: Lho, lho? Kepiye ta iki? Mau jarene Layang Seta lanLayang
Kumitir sing wis ngasorake Minakjingga.

Patih Logender plirak-plirik, gregeten marang anak-anake. Layang Seta


lan Layang Kumitir mung dhingkluk keweden.
Waita : Nyuwun pangapunten, gusti. Sedaya atur Raden Layang Seta lan Layang
kumitir menika boten leres. Kula lan yayi kula menika seksinipun.
Puyengan : Kasinggihan, juwita prabu. Sejatosipun Raden Damarwulan menika
ingkang saged ngasoraken Minakjingga.
Kencana Wungu: Apa bener ngono? Seta Kumitir?
Patih Logender : Gusti Prabu, menika namung pikolehipun si Damarwulan
kemawon Kok tega temen sira mitnah anakku sakloron, Damarwulan.
Menak Koncar : Nuwun sewu Gusti Putri.
Kencana Wungu: Iya, kepriye pamrayogamu Paman Menak Koncar?
Menak Koncar : Kepareng kula pitaken dhumateng anak angger Layang Seta lan
Layang umitir.
Kenca Wungu : Mangga Paman.
Menak Koncar : Minakjingg kuwi satriya ingkang sekti mandraguna. Aku
areptakon marang kowe sakloron Layang Seta Layang Kumitir. Kepriye
anggonmu
mateni Sang Urubisma?
Layang Seta : Kula kaliyan adhi kula menika mungsuh sang Urubisma. Adhi
kula, kula dadosake umpan, lajeng kula magas Jangganipun saking
wingking.
Menak Koncar : Banjur kepriye anggonmu magas Janggane Sang Urubisma
Damarwulan?
Damarwulan : Mekaten paman, kula prang tandhing kaliyan Sang Urubisma.
Ananging kula dipunpejahi ngagem Gada Wesi Kuning. Lajeng kula
saged gesang malih amargi Diajeng Waita Kaliyan Puyengan mulihake
kula ngagem pusakanipun Minakjingga inggih menika pedhang sokayana
paman. Lajeng Minakjingg nyaketi kula, lajeng kula gebug ngangge
pusakanipun piyambak inggih menika Gada Wesi Kuning, Paman
Menak Koncar : Saka ngendi sira bisa duwe pusaka Gada Wesi Kuning
Damarwulan : Awit pambiyantunipung Diajeng Waita lan Puyengan ingkang
nyidra saking gedhong pusaka Blambangan.
Menak Koncar : Bener Waita Puyengan?
Waita + Puyengan : Leres Gusti Adipati.
Menak Koncar : Gusti Prabu Kencana Wungu, kula saged netepaken menawi
Damarwulan ingkang leres Gusti.
Patih Logender : Menak Koncar, lancing ucapmu, saka ngendi sira bisa
netepake yen Damarwulan sing bener lan Seta Kumitir sing luput?
Menak Koncar : awit palapurane Waita lan Puyengan, cetha yen kabeh ucape
anakmu sakloron iku goroh lan yen mung Seta Karo Kumitir kang
tandhing
mungsuh Minakjingg, dakkira anakmu sakloron bali amung jeneng.
Patih Logender : Menak Koncar, sira……..
Kencana Wungu: Cukup!!
Ingsun wis netepake yen ta Damarwulan tandhing karo Seta Kumitir.
Sapa kang unggul jurite iku kang jujur.
(perang Damarwulan melawan Layang Seta lan Layang Kumitir,
Damarwulan menang)
Kencana Wungu: Ingsun netepake yen ta Damarwulan jumeneng nata ing
Majapahit…

Anda mungkin juga menyukai