- Titikane Cerkak
1. Ceritane cekak
2. Prekara kang diceritakake mung siji
3. Cacahe paraga mung sithik
4. Paraga kang dicritakake ora nganti owah nasibe
5. Menawa ditulis antarane mung 3 10 kaca
B. Anekdot
Teks anekdot yaiku cerita sing cekak, ringkes, lan duweni kesan sing lucu.
Anekdot biasane minangka pasemon adhedhasar kedadeyan kang ana ing sabendina.
- Tujuan Anekdot
Senadyan tujuwan saka teks anekdot kanggo panglipur ananging sabenere ana pesen
tartamtu kang kinandhut ing sajroning teks anekdot kasebut.
- Ciri-Ciri Anekdot
1. Critone cekak, ringkes, lan lucu
2. Adhedasar kedadeeyan sabendina
3. Biasane uga ana sindiran lan kritikan
- Jenis-Jenis Anekedot
1. Lisan
2. Teks(cerita)
- Struktur Ankedot
1. Abstraksi yaiku perangan ing purwakane paragraf kang gunane kanggo menehi
gambaran isine teks.
2. Orientasi yaiku perangan kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane kepiye
prastawa kasebut dumadi, biasane kanthi pengenalan paraga, wayah lan panggonan.
3. Krisis yaiku perangan kang nuduhake prakara utawa klimaks saka crita.
4. Reaksi yaiku perangan kepiye carane pangripta ngrampungake prakara kang dumadi
ing perangan krisis, bisa uga reaksi minangka solusi utawa respon.
5. Koda yaiku perangan pungkasane crita. Bisa uga kanthi menehi dudutan saka
prastawa ing sajroning crita.
- Ciri Kebahasaan Anekdot
1. Nggunakake tembung panggandheng (konjungsi, kata penghubung)
2. Ana unsur lucu
3. Biasane ngemot sindiran
4. Ngandhut pesen moral
C. Seni Pertunjukkan
1. Jenis-jenis seni pertunjukan
Seni pertunjukan bisa kaperang dadi loro, yaiku :
2. Ludruk
Lakon ceritane bab panguripan saben dina, crita perjuangan, lan sapiturute.
Latar crita kang digunakake yaiku latar ing wektu saiki. Ciri khas tontonan ludruk
yaiku tari remo, kidungan, dhagelan lan crita (lakon).
3. Tari
Seni pertunjukan tari tradisional kayata reog Ponorogo, remo, reog kendang, lsp.
4. Ketoprak
Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah.
5. Sendratari Ramayan
Sendratari yaiku seni pertunjukan kang nyewijekake ragam kesenian Jawa arupa tari,
drama lan musik ing sawijining panggung lan sawijining momentum kanggo
nyritakake lakon Ramayana.
6. Reog
Seni pertunjukan iki asale saka Ponorogo. Crita reog andhedhasar crita ngenani Prabu
Kala Sewandana kang sekti mandraguna kang kasil ngalahake raja Singa Barong.
7. Lengguk
Kesenian iki asalae saka Jawa Tengah. Seni pertunjukan iki nggunakake terbangan
(rebana) pinangka piranti pangiringe. Lagu-lagu kang ngiringi isine wewarah/pitutur
kang asumber saka piwulang agama Islam.
8. Lenong
Kesenian iki asalae saka Betawi. Musik kang ngiringi yaiku gambang kromong.
2. Pathet 9 (sanga)
Sajroning babak pathet sanga ana adegan :
- Gara-gara yaiku metune semar, gareng, petruk lan bagong
- Perang kembang yaiku perange buta karo satriya
- Jejer pandhita
3. Pathet manyura
Sajroning babak pathet manyura ana adegan :
- Werna-werna
- Para ratu kumpul
- Perang brubuh yaiku perang amuk-amukan akeh pepati