Anda di halaman 1dari 3

Kawruh Basa

PAMILAHE TEMBUNG

1. Tembung Lingga (kata asal)


Tembung lingga yaiku tembung sing durung owah saka asale.
Tuladha :
1) Adus, babar, kursi, tuku, tandur, lan sapanunggale (2 wanda)
2) Garudha, gamelan, segara (3 Wanda)
 Tembung lingga sing unine mung sakecapan diarani tembung wod.
Tuladha : Gas, bak, rak, sak, lur, tul, tik, lan sapanunggale.

2. Tembung Andhahan
Tembung andhahan yaiku tembung sing owah saka asale.
Tuladha: Latare, Piwulang, tetuku, omahe, tulisane, balekna.
Tembung andhan:
a. Ater-ater (= awalan)
1) ater-ater hanuswara : ny, m, ng, n
ny + sapu = nyapu
m + paku = maku
ng + gawe = nggawe
n + tulis = nulis
tembunge dadi tembung tanduk
3) ater-ater tripurasa: dak, ko, di
dak + tuku = daktuku
ko + tuku = kotuku
di + tuku = dituku
tembunge dadi tembung tanggap

b. Panambangan (akhiran)
1) Panambang: an
Kobong + an = kobongan
Gawa + an = gawan (dudu gawaan)
2) Panambang: i
Jawil + i = jawili
Kandha + i = kandhani (dudu kandhai)
3) Panambang: ake
Tulis + ake = tulisake
Tata + ake = tatakake (dudu tataake)
4) Panambang: a, na, ana, en
Dudut + a = duduta
Dudut + na = dudutna
5) Panambang : ku, mu, e
Omah + ku = omahku
Omah + mu = omahmu
Omah + e = omahe
6) Panambang :ne , ing
Bapak + ne = bapakne = bapake
Swara + ing = swaraning = swarane

c. Seselan (sisipan)
1) Seselan : um
Cathel + um = c + um + anthel = cumanthel
Gedhe + um = g + um + edhe = gumedhe
2) Seselan: in
Carita + in = c + in + arita = cinarita
3) Seselan: i, r
Siwer + l = s + l + iwer = sliwer
Kelip + r = k + r + elip = krelip

3. Tembung Tanduk
Tembung tanduk yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater hanuswara (m, n, ny).
Tembung tanduk bisa kaperang dadi telu warna, yaiku:
a. Tembung tanduk kriya wantah
Tembung tanduk kriya wantah yaiku tembung sing ora oleh panambang
Tuladha: maju, ndheleh, ngadeg, nyapu
b. Tembung tanduk i-kriya
Tembung tanduk i-kriya yaiku tembung tanduk sing oleh panambang i
Tuladha: menthungi, nglabui, nulungi, nyaponi
c. Tembung tanduk ke-kriya
Tembung tanduk ke-kriya yaiku tembung tanduk sing oleh panambang ke
utawa ake
Tuladha: Ndhuduhake, nyelehake, mbalangake, ngalungake

4. Tembung Rangkep (kata ulang/ Reduplikasi)


Tembung Rangkep yaiku sakabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bisa
saakehing tembung utawa mung sak wanda.
Tembung rangkep ana 3, yaiku:
a. Tembung Dwilingga
1) Dwilingga padha swara
Tuladha : panas-panas, guru-guru, murid-murid, maca-maca, pinter-pinter.
2) Dwilingga salin swara
Tuladha : mloya-mlayu, ngguya-ngguyu, wira-wiri, plerak-plerok.
3) Dwilingga semu
Tuladha : alun-alun, andheng-andheng, undur-undur, ondhe-ondhe, ati-ati.
b. Tembung Dwipurwa
Tembung Dwipurwa yaiku tembung-tembung kang diwaca kaping pindho,
mung wanda sing ngarep.
Tuladha :
 lara = lelara
 laku = lelaku
 layu = lelayu
 guyu = geguyu
 turu = teturu
 tuku = tetuku

c. Tembung Dwiwasana
Tembung Dwipurwa yaiku tembung-tembung kang diwaca kaping pindho,
mung wanda sing mburi.
Tuladha :
 benyik = benyinyik
 penyo = penyonyo
 cuwo = cuwowo
 pethet = pethethet

d. Tembung Camboran (kata majemuk)


yaiku tembung loro utawa luwih sing dirangkep dadi siji.
Tembung camboran kaperang dadi 2 :
1) Camboran wutuh
tuladha : nagasari, semarmendem, randharoyal.
2) Camboran wudhar
tuladha : meja tulis, gedhe cilik, gedhang goreng.

Anda mungkin juga menyukai