Anda di halaman 1dari 2

BASA JAWA KELAS 8

A. TEMBUNG TANDUK
Tembung tanduk yaiku tembung lingga (kata dasar) kang entuk ater-ater (imbuhan)
anuswara ( am-, an-, ang-, any-) lan kadangkala katambahan panambang (kata akhiran). Mula
tembung tanduk iku ana 3, aiku:

1. Tembung kriya wantah: mung katambahan ater-ater anuswara


Tuladha : Nyilih = any + silih
Ngumbah = ang + umbah
Mbuka = am + buka
Ndulit = an + dulit
2. Tembung i-kriya : entuk ater-ater anuswara lan panambang –i
(ater-ater anuswara + tembung lingga + panambang -i)
Tuladha : Ngoceki = ang + ocek + i
Nyujeni = any + sujen + i
Nambahi = an + tambah + i
Mbaleni = am + balen + i
3. Tembung ke-kriya : entuk ater-ater anuswara lan panambang –ake /-aken
(ater-ater anuswara + tembung lingga + panambang -
ake/aken)
Tuladha : mbalekake = am + balik + ake
Ngumbahake = ang + umbah + ake
Nyuguhaken = any + suguh + aken
Nambahake = an + tambah + aken

B. NULIS AKSARA JAWA YEN OLIH PANAMBANG –a


Nulis aksara jawa minangka tembung linggane olih panambang –a l
penulisane manut pangucapane. Tuladhane tembung dadia asale saka tembung lingga
dadi lan olih panambang –a mula yen ditulis nganggo aksara jawa kaya ing ngisor iki:
ffi + a = ffiy
Penulisan ono ing basa lisan dadia yen ditulis ana ing aksa jawa sesuai karo
pangucapane yaiku dadiya (ffiy). Cara panulisan liyane yaiku:
1) Tembung-tembung lingga kang pungkasane menga, wujude panambang -a ditulis
ajeg.
Tuladha : Mara + a = Maraa
: mr + a = mra

2) Tembung-tembung lingga kang pungkasane nganggo sandhangan wulu utawa


taling wujude panambang –a malih dadi –ya
Tuladha : bali + a = balia, ing aksara jawa ditulis baliya
bli + a = bliy
3) Tembung-tembung lingga kang pungkasane ngaggo sandhangan suku lan talin
tarung panulisane panambang –a dadi –wa
4) Tuladha : tuku + a = tukua, ing aksara jawa ditulis tukuwa

tuku+ a = tukuw

5) Tembung-tembung lingga kang pungkasane aksara ya, panulisane –a tetep –a


Tuladha : riyaya + a = riyayaa, ing aksara jawa ditulis ajeg riyayaa

riyy+ a = riyya

6) Tembung-tembung lingga kang pungkasane sigeg (huruf mati), wujude


panambang –a pada karo sigege utawa aksa sigeg dadi rangkep (dobel).
Tuladha : dolan + a = dolana, ing aksara jawa ditulis dolanna

[foln\+ a = [folnN

Anda mungkin juga menyukai