Anda di halaman 1dari 1

Sekolah dasar ISLAM AL MIZAN SURABAYA

TERAKREDITASI A
Jl. Raya Candi Lontar No. 106 Surabaya 60216 Telp./Fax. 031-7441627
Website : www.lpi.almizan.sch.id – Email : sdi.almizan@gmail.com

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas :4
Bahan Ujian : Tantri Basa Kalas 4

RANGKUMAN MATERI
PTS 1
Kompetensi Dasar
3.1 mengenal, memahami, mengidentifikasi teks puisi modern dalam bentuk lisan
Geguritan, yaiku puisi Bahasa jawa gagrag anyar (modern) kang ora keiket dening paugeran (aturan) sing
gumathok. Cara maca geguritan kang titi lan yen perlu dibolan-baleni

Struktur Teks Geguritan


1. Tembung
Pilihan tembung yga diarani dhiksi. Kanggo ngasilake geguritan kang trep. Tembung-tembung sing di
gunakake ana sing duwe teges lugu/ apa ana ne (denotatif) lan ono sing duwe teges entar/ora sebenere
(konotatif).
2. Larik atau baris tegese sing beda yen kabandhingake karo ukara ing gancaran (prosa). Larik ing
geguritan bisa mung wujud satebung, bisa wujud kumpulan tembung, utawa bisa wujud ukara.
3. Pada/bait yaiku kumpulan larik kang tumata kanthi laras (harmonis). Saben pada dumadi saka siji
gagasan utama sing beda karo pada liyane
4. Uni/ swara yaiku uni kawangun saka purwakanthi lan wirama.
Purwakanthi yaiku runtute swara, sastra, utawa tembung kang ono ngarep karo swara, sastra, utawa
tembung kang ono buri.
Wirama yaiku endhek-dhuwur, cendhak-dawa, utawa alus-kasare swara sing diucapake.
5. Surasa/makna mujudake tujuan pengarang utawa pangurit nalika nulis geguritan.
Anggone Pengurit milih tembung, nata larik, lan bait dilarasake karo tujuane. Surasa bisa wujud isi lan
pesen (amanat) saka geguritan.

NO Tembung Tegese
1 Santosa Kuwat
2 Guyub Urip sing selaras
3 Crah Tukar padu
4 Pangurite Penulis geguritan
5 Cancut tilawanda Nyambut gawe
6 Rahayu Slamet
7 Rukun Kumpulan omah
8 gong Gamelang (alat musik jawa)
9 Cupet budine Ora bisa

Nb. Siswa diharpkan belajar buku paket Bahasa Jawa yaitu :


1. Geguritan/ Puisi yang berjudul “Gooong!” halaman 4 – 5
2. Gladhen 2 : Njelentrekake struktur teks geguritan halaman 7 dan 6
3. Gladhen Wulangan 1 latihan soal halaman 21 – 23

Anda mungkin juga menyukai