Anda di halaman 1dari 1

Pidato Perpisahan Kelas 9

Assalamu'alaikum Wr. Wb.Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang kulo hormati,


Bapak/Ibu Gurusaha staf karyawan/ti ingkang kulo hormati, adhik-adhik kelas lan
rencang rencangkelas 9 ingkang kulo tresnani.Sumangga kita sedaya ndereaken puji
syukur wonten ngarsanipun dalem GustiAllah ingkang Maha Agung, ingkang sampun
paring kanikmatan dumateng kitasedaya, saengga kita saged kempal manunggal ing aula
( SMPN 1 PUCUK ) kanthi sehatwal afiat.Saklajengipun kula aturaken panuwun dateng
Bapak/Ibu Guru ingkang sampunnglonggaraken wekdal nrawuhi adicara menika.Kulo
minangka wakil saking kelas 9 ngaturaken agunging panuwun dumatengBapak/Ibu Guru,
amargi awit saking katresnan panjenengan anggenipunnggulawentah dumateng kulo
sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatanmenika, saha saged lulu 100%. Ingkang
nomer kalih, kulo sakanca nyuwun ndonga pangestu, mugi mugi ketampi wonten sekolah
ingkang dipun idam-idamaken.Ingkang pungkasan, kulo sakanca dinten menika nyuwun
pamit nilaraken ( SMPN 1 PUCUK ) menika.Kulo dedonga, mugi mugi ( SMPN 1 PUCUK )
tetep jaya lan majeng prestasinipun.Cekap semanten atur kulo, menawi kathah
kalepatan atur saha solah bawa ingkangmboten mranani penggalih, kulo nyuwun
pangapunten.Wassalamu'alaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai