Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Ingkang kinurmatan bapak kepalaa sekolah ugi bapak ibu guru ingkang satuhu luhuring budi lan
rencang-rencang kelas 9 ingkang kula trisnani.

Monggo kito sedoyo ngaturaken puji syukur dhumateng gusti ingkang maha agung ingkang sampun
maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko saget kempal
wonten ing adicara perpisahan sak menika.

Kula, wakil saking rencang-rencang kelas 9 ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-agengipun
kagem Bapak/ibu guru ingkang sampun mbuwalantah kulo lan sak konco-konco dating pawiyatan
menika ingkang dangunipun tigang warsa.

Mboten keraos kulo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsuh kawruh wonten ing
pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kita kiyambak tuhu rencang-rencang nyuwun agenging
pangapunten sangking bapak/ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten
pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan
mboten disengojo. Mugi-mugi bapak ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan
rencang-rencang.

Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo
ingkang wonten dating mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namun amargi kulo lan sak
rencang-rencang kedah nglanjutaken ngangsuh kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil,
kulo lan rencang-rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Kadoipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun
agenging pangapunten.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai