Anda di halaman 1dari 1

Pidato Perpisahan Kelas 9

Assalamu'alaikum Wr. Wb. Ingkang terhormat panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah, Ingkang kulo
hormati Bapak/Ibu Guru saha staf karyawan lan karyawati, adhik-adhik kelas lan rencang rencangkelas 9
ingkang kulo tresnani.

Sumangga kita sedaya ndereaken puji syukur wonten ngarsanipun dalem Gusti Allah ingkang Maha
Agung, ingkang sampun paring kanikmatan dumateng kitasedaya, saengga kita saged kempal manunggal
ing aula SMP Negeri 1 Karanganyar kanthi sehatwal afiat. Shalawat saha salam senantiasa kita aturaken
dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kita antu antu syafaatipun ing Yaumul
Akhir utawi Yaumul kiyamah, Allahuma...Amin.

Saklajengipun kula aturaken panuwun dateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampunnglonggaraken wekdal
nrawuhi adicara menika.Kulo minangka wakil saking kelas 9 ngaturaken agunging panuwun
dumatengBapak/Ibu Guru, amargi awit saking katresnan panjenengan anggenipunnggulawentah
dumateng kulo sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatanmenika, saha saged lulu 100%. Ingkang
nomer kalih, kulo sakanca nyuwun ndonga pangestu, mugi mugi saged ketampi wonten sekolah ingkang
dipun idam-idamaken.Ingkang pungkasan, kulo sakanca dinten menika nyuwun pamit nilaraken SMP N 1
Karanganyar menika. Kulo dedonga, mugi mugi SMP Negeri 1 Karanganyar tetep jaya lan majeng
prestasinipun.

Cekap semanten atur kulo, menawi kathah kekirangan utawi kalepatan atur saha solah bawa ingkang
mboten mranani penggalih, kulo nyuwun pangapunten. Wabillahi Taufik walhidayah,
Wassalamu'alaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai