Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala SDN 01 Kebon Gede


Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas SDN 01 Kebon Gede
Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMA Banyuripan sedaya

Puji syukur katuraken in ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha


Asih awit ing wekdal meika kita taksih pinaringan kaharjan saengga ing
wekdal menika kita saged makempal.

Kula Arini wakil saking kelas 12 ngaturaken agunging panuwun


dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresan anggenipun
nggulawentah dhumateng kula lan rencang-rencang, saengga kita saged
ngrampungaken kewajiban ngangsu kawruh wonten ing pawitan SMA
Banyuripan.

Kula lan rencang-rencang naming saged ngaturaken pandonga mugi-


mugi amal lan kasaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Allah
SWT, tansah pinaringan kawilujengan, kasarasan, lan karentreman,
saengga kita saged nggulawenthah dhateng para murid ngantos
paripurna kanthi biji ingkang sae.

Kula lan rencang-renang ugi nyuwun agenging pangapunten awit asring


ndamel Bapak Ibu Guru duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah
bawa ingkang mboten mranani penggalih Bapak Ibu Guru sedaya.

Dhumateng Bapak Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, kula ndedonga


mugi tansah pinaringan rahmat Gusti Allah. Aamiin..Aamiin…Aamiin.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan atur saha
solah bawa ingkang mboten mranani penggalilh, kula nyuwun agenging
pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb

Anda mungkin juga menyukai