Anda di halaman 1dari 6

Sandhing Kebo Gupak

Ing sawijining desa, ana pemudi SMA jenenge Lastri. Bocahe pinter, kawit saka SD nganti kelas loro SMA
mesti oleh peringkat siji. Ora mung pinter, Lastri bocahe ya sregep, sabendinae mesti ngrewangi Mamak
lan Bapake resik-resik omah. Lastri bocah sing manut menyang Mamak lan Bapake, lan ora pernah
mbantah.

Kawit saka methungule srengenge dina iki mau teka awan, Lastri sinau ngadhep buku ana ing
pawon. Disambi karo rewangi Mamake masak. Bapake kerja menyang kelurahan, biasane yen awan
bapake Lastri mulih, dhahar.

Babak 1 ( Ana pawon)

Mamak: “ Nduk… wis rampung durung olehmu sinau? Yen wis rampung renea sik, ngrewangi Mamak! “

Lastri : “ Dereng Mak, sekedhap malih. Niki kirang setunggal nomer.”

Mamak : “ Ohh.. Yawis. Mengko yen wis rampung, ndang dikeludi jogane.”

Lastri : “ Injih Mak. ( Nutup buku banjur nyapu ) Napa malih Mak?”

Mamak : “ Iki rewangono Mamak nyepakne cawisan ngge Bapak. Dene mengko yen Bapak wis kondur,
banjur langsung Dhahar.”

Lastri : “ Injih Mak..” ( Banjur langsung kelud )

Babak 2 ( Ana Sekolah )

Saiki dina Senin. Dina awal mlebu sekolah tahun ajaran baru. Reva, Eca lan Fajar bocah sing
paling ndablek sak sekolahan wis ngrumpi ing ngarep kelas, njagongake liburane dhewe-dhewe. Sikile
jigang, kudunge morat-marit, lan ana sing ngrokok.

Reva : “ Ehhh cah… Aku wingi wis dolan tekan Yogyakarta lo, boncengan karo lananganku! ( jigang lan
ngipatne kudunge )

Eca : “ Lhah. Aku wingi malah nyolong duite Bapakku tak ngge dolan menyang Ponorogo nonton film
ning Bioskop karo gebetanku coy!!”

Reva : “ Hilih…” ( Ngenyek )

Eca : “ Eh, awakmu kok ming meneng wae, Jar? Wong kok gaweane pah poh wae! Piye liburanmu
kuwi? Ambok ya crita nyang bolomu iki.” ( genit )

Fajar : “ Ambok ya golekna, aja maido wae!”

Eca : “ Mulane tumbas KLX!!”

Lastri : “ Mangga, Mbak… Mas…” ( lewat ning ngarepe Reva, Eca, lan Fajar )

Reva : “ He… kae lo cedakana! ( nduding Lastri )


( Kring.. kring.. kring.. Bel mlebu kelas )

Bele wis muni. Kaya biasane jam 7 bocah-bocah wis kudu mlebu kelas, banjur bapak ibu guru
mlebu kelas kanggo menehi piwulangan. Nanging dina iki mau Bu Lilis guru bahasa jawa kelas sewelas
ora iso menehi piwulangan menyang kelase Lastri. Pak Wito guru BK menehi tugas menyang kelase
Lastri sing dititipake dening Bu Lilis kanggo bocah-bocah. Reva, Eca lan Fajar njagongake Lastri supaya
Fajar bisa nyedaki Lastri.

Babak 3 ( Ana Kelas )

Lastri : “ He cah, ndang lingguh! Mengko yen Pak Wito rawuh gek diseneni. Ndang lingguh to cah…”

Fajar : “ Inggih Dek Lastri…”

Eca : “ Peh… ndak umum!”

( Pak Wito mlebu menyang kelas )

Reva : “ Weh.. Pak Wito!” ( Kaget )

Pak Wito : “ Cah iki ana tugas saka Bu Lilis, piyantune ora isa mulang amarga ana rapat ning Kabupaten.
Mengko tugase dikumpulna ing mejane Bu Lilis!”

Lastri : “ Injih, Pak.”

Pak Wito : “ Hee.. Fajar, Reva karo Eca aja mung njagong wae! Gawehane mbolos, dikandani ora
nganggeri. Bali nyang bangkune dewe-dewe, gek dikerjakne tugase!” ( Mloroki Fajar, Reva lan Eca )

Fajar, Eca, Reva : “ Inggih, Pak…”

( Pak Wito bali menyang ruang BK )

Fajar : “ Eh! Piye iki olehe nggarap tugase Bu Lilis?”

Eca : “ Kae lo nurun Lastri wae…”

Reva : “ Iya Jar. Kae lo cedakana ben dituruni.”

Fajar : “ Siap..siap! ( Mlaku nyang bangkune Lastri ) Dek Lastri… Sampean sampun garap napa
durung?”

Lastri : “ Uwis, Jar. Ana apa ta?”

Fajar : “ Ya Mas Fajar arep nurun lo, angsal napa mboten Dek?”

Lastri : “ Iya Jar. Iki gawaen wae, mengko yen uwis sisan kumpulno.”

Fajar : “ Siap Dek! Eh, Dek Lastri. Sampean apa ora nate ta dolan-dolan? Kok kulitmu resik eram,
hehehe.” ( Ekspresi genit )

Lastri : “ Ora Jar. Aku ora diolehi dolan menyang Mamak lan Bapak. Jane ya pengin.”

Fajar : “ Yen menawa suk Minggu tak jak dolan, gelem ora, Dek?”

Lastri : “ Suk Minggu ngarep iki, Jar?”


Fajar : “ Inggih lo, Dek.”

Lastri : “ Tapi kan Suk Senin wis ulangan akhir semester, Jar. Aku apa diolehi lo menyang Bapak karo
Mamak? Malah aku sangsaya diseneni.”

Fajar : “ Ora ora Dek, kan ming sediluk. Dolan nonton bioskop wae, 1 jam kan wis bar. Gelem gah?”

Lastri : “ Emmmm…. Yawislah. Tapi olehku pamit menyang Bapak karo Mamak piye? Yen aku pamit
nonton bioskop mesti ora diolehi menyang Bapak karo Mamak.”

Fajar : “ Mengko pamitmu kelompokan wae menyang omahe Rina kancamu.”

Lastri : “ Ohh iyo Jar bener. Mumpung Bapak suk Minggu arep menyang Solo mapak Masku.”

Fajar : “ Iki nomer telponku simpenen sik, mengko ben penak olehku mapak sampeyan, Dek.”

Lastri : “ Siap..siap Jar.”

( Kring… kring…. Bel mulih )

Lastri kepancing karo omongane Fajar amarga Lastri ora nate diolehi dolan nyang Mamak lan
Bapake.. Ning njero atine Lastri pengin banget bias dolan kaya batur-bature kanggo refreshing. Akhire
dheweke gelem dijak Fajar nonton film ning bioskop.

Babak 3 ( Ana Omah )

Minggu awan Lastri wis siap budal dolan karo Fajar. Lastri ditunggu Fajar ning ngarep gang
omahe. Mamake ora weruh yen Lastri dolan karo Fajar menyang bioskop amarga pamite Lastri dheweke
arep sinau menyang omahe Rina kanca sakelase Lastri.

Mamak : “ Kok wis ayu arep nyang ngendi?”

Lastri : “ Badhe sinau bareng kaliyan Rina, Mak. Teng nggene Rina. Angsal napa mboten Mak?”

Mamak : “ Ya oleh lo yen arep sinau. Tapi olehe mulih ojo kewengen ya!”

Lastri : “ Injih Mak.” ( Pamitan karo Mamake )

Banjur Lastri dolan menyang bioskop karo Fajar.

Sawise ulangan akhir semester bar. Lastri sangsaya ndadi olehe kesemsem karo Fajar. Saiki wis
arang-arang ngrewangi Mamake. Mamake wiwit curiga. Ora sengaja mergoki Lastri karo Fajar lagi
mangan nek Angkringan pinggir ndalan pas Mamake mulih blanja saka warung.

Babak 4 ( Ana Angkringan )


Mamak : “ Weh kae kaya Lastri, pamite mau tuku buku, kok jebul malah mangan karo anak Bandriyo.
Ana angkringan pisan, apa ora isen disawang tangga teparo.” (Muni lirih banjur langsung bali mulih)

Fajar : “ Iki lo Dek enak, jajalen. “

Lastri : “ Weh, iya tenan Jar enak rasane. Tapi nggenku yo enak kok, jajalen ta”

Fajar : “ Iya tenan dek.”

Babak 5 ( Ana Sekolahan)

Esuke ning sekolahan Fajar ngumumake menyang kanca-kanca sakelase supayamulih sekolah
ora padha mulih sik, amarga Fajar arep nukokne jajan gratis ning kantin sekolahan. Dheweke seneng
amarga iso kancanan cedhak karo Lastri.

Fajar : “ He cahhh…. Pas mulih mengko, aja pada mulih sik. Tak traktir nek kantine Mbok Iyem. Soale
aku lagi seneng. Iya ta Dek.”

Lastri : “ Apa ta Mas?”

Eca : “ Lho, lho, lho… Saiki nyeluk e wes udu Fajar maneh. Saiki nyeluke wis Mas Adek.”

Reva : “ Cieeee…. “

(Pak Wito teka nggawa undangan njupuk raport)

Pak Wito : “ Bocah – bocah, iki ana undangan saka sekolah nggo Bapak Ibuk menawa sesuk njupuk
raport. Mengko aja lali di caoske Bapak utawa Mamak nek omah.”

Bocah – bocah : “ Inggih Pak…”

( Kring… Kring… Bel mulih)

Lastri mlayu-mlayu nggoleki Mamake menehne surat undangan sing dibagekake Pak Wito isuk
mau ana sekolah. Biasane rapote Lastri dipundhut Bapake, nanging amarga Bapake isih ana Solo,
Mamake sing nggenteni Bapake. Dheweke ora sabar nonton hasil rapote. Lastri percaya yen dheweke
mesti oleh peringkat siji maneh. Yen nilaine apik, Lastri dijanjeni Bapake arep ditumbasne laptop.

Babak 6 ( Ana Omah )

Lastri : “ Mak.. Mamak… Njenengan enten pundi?”

Mamak : “ Apa nduk? Mamak umbah – umbah iki lo enek jeding. Ana apa kok mlayu – mlayu ?”

Lastri : “ Kalawau dicaosi undangan rapotan kaliyan Pak Wito. Niki undanganipun.” ( karo menehne
undangan nyang mamake )

Mamak : “ Kapan iki?”

Lastri : “ Mbenjing, Mak.”


Mamak : “ Yawis sesuk bene Mamak sing njupuk, Bapakmu kan urung rawuh sik mampir nyang daleme
Pakdhemu.”

Lastri : “ Inggih Mak. Pirsa ta kelas kula?”

Mamak : “ Ya mengko tak tekon-tekon Pak Guru. Oh iya. Kae janjine Bapak yen Lastri rapote apik arep
ditumbasne laptop ta?

Lastri : “ Injih Mak.”

Mamak : “ Mengko yen rapote elek Bapak malah ngamuk, kan Bapak pengin Lastri dadi wong sing sukses
mbesuk.”

Lastri : “ Injih Mak.”

Babak 7 ( Ana Sekolah )

Sesuk isuk, Mamake Lastri menyang sekolah kanggo njupukrapote Lastri. Mara-mara Pak Wito marani
Bu Ten, njagongake hasil nilaine Lastri kelas sewelas semester iki.

Pak wito : “ Bu Ten, niki nilaine Lastri kok anjlokk, kok dados rangking sedasa? Napa wonten masalah
keluarga nggih?”

Mamak : “ Lhahh, napa nggih to, Pak?”

Pak Wito: “ nggih bu, niki njenengan pirsani rumiyin.”

Mamak : “ LHO alahhhh…. Sakjane nggih mboten wonten masalah to pak ten griya, wong larene nggih
sinau mawon ten kamar. Nek miturut bapak lastri ten sekolahan pripun larene?”

Pak wito : “ Menawi akhir-akhir niki Lastri niku asring dolan-dolan kaliyan Fajar putrane Pak Bandriyo
niku Bu. Kula asring kepethuk teng angkringan celak prapatan terminal mriku. Lha panjenengan napa
mboten pirsa ta Bu?”

Mamak : “ Lha larene mboten pamit kaliyan kula Pak, pamite sinau bareng kaliyan Rina.”

Pak Wito : “ Cobi panjenengan tangletaken teng larene Bu.”

Mamak : “ Inggih Pak, menawi ngoten kula tak pamit rumiyin.”

Pak Wito : “ Inggih Bu. Ngatos-atos.”

Sawise nonton rapote Lastri lan crita saka Pak Wito, Mamake duka menyang Lastri. Lastri
digernengi amarga saiki Lastri wani mblelu menyang Mamak lan Bapake. Asile rapote Lastri elek.
Peringkate mudun malih peringkat 10.

Babak 8 ( Ana omah )

Mamak : “ Lastri….!”

Lastri : “ Inggih Mak. Pripun Rapot kula?”


Mamak : “ Kilo tontonen dewe!”

Lastri : “ Lhah kok rangking kula mandhap tebih nggih Mak?”

Mamak : “ Lha mbuh, kepiye olehmu sinau? Awakmu sinau tenan apa mung dolan wae?”

Lastri : “ Lha kula sampun sinau ta Mak, ngantos mboten tilem.”

Mamak : “ Lha Mamak ki sajane ngerti ta, sampeyan pamit karo mamak tumbas buku malah dolan karo
Fajar. Terus Yu Surati ya crita menyang Mamak yen gaweanmu ming ngandhok ning angkringan nganti
sore. Gek piye yen nilaimu ajur ngene iki?”

Lastri : “ Inggih Mak. Lastri ngaku. Lastri nyuwun sepura nggih Mak. Lastri janji mantun niki Lastri
mboten dolan-dolan malih kalih Fajar. Lastri bakal sinau sing temenan supados dados lare ingkang
sukses.”

Mamak : “ Yawis. Yen Lastri mblelu meneh, Mamak mengko kuciwa. Apa pengin Mamak karo Bapak
kuciwa. Mamak karo Bapak nglarang Lastri dolan iku mung pingin Lastri dadi bocah sing sukses mbesuk.
Ora kok kepiye-piye.”

Lastri : “ Injih Mak. Lastri Janji.” ( Nangis karo nyikep Mamake )

Lastri nyesel. Dheweke nggawe Mamak lan Bapake kuciwa. Dheweke sadar yen sing dilakoni iku
salah lan kurang ajar. Lastri janji yen ora bakal mblelu meneh lan bakal mbanggakne Bapak lan Mamake.
Fajar bocah sing disenengi, malah nggawe pengaruh elek kanggo Lastri. Iwit saiki Lastri bakal berubah.
Lan wis ora nate dolan lan chatingan meneh karo Fajar.

Anda mungkin juga menyukai