Anda di halaman 1dari 1

Pidato bahasa jawa 17 an

Assalamu'alaikum Wr.Wb.

Dhumateng para sesepuh ingkang kula hormati. Bapak-bapak sarwa ibu-ibu
ugi nem-neman ingkang kula hormati. Kula aturaken sembah nuwun dhumateng
Gusti Allah ingkang maringaken kamulyan kamangka kita saged kumpul sami-
sami ing papan mriki.
Ing saben tanggal 17 Agustus kita mboten kesupen dene dinten proklamasi.

Kawula muda tentu tansah kelingan ing wiwit rumiyin, bangsa kita
dijajah bangsa asing saumpaman Bangsa Walanda. Walanda ngidak-idak
Indonesia kirang luwih tiga setengah abad suwene. Rakyat kang sengsara
lahir batas. Anggeni-pun nglawan taksih sipatipun mbelani tlatahipun
piyambak-piyambak. Tentu kemawon tansah kawon amargi mboten
manunggal kaliyan tlatah sane sing salebeting Negara Indonesia.
Sesampunipun ngadakaken Dinten Sumpah Pemuda tanggal 28 Oktober
tahun 1928, bangsa kita netepi janji kang manunggal. Walanda langkung
suave langkung kawon, bangsa kita dipun idak-idak bangsa Jepang.
Rakyat sengsara. Tiga setengah tahun Indonesia dipun jajah Jepang. Para
nem-neman pribumi ingkang gadah ilmu utawi sekolah manunggaling
karep anggenipun ngusahaken dinten kamardikan. Pejuang Indonesia
mireng saking radio bilih Jepang kawon saking sekutu. Kutha Nagasaki Ian
Hirosima dipun bom. Ing tanggal 16 Agustus wonten kadaideyan Rengas
dengklok Ir. Soekarno bilih Drs. Moh. Hatta dipunamanaken. Tanggal 17
dalunipun damel teks teng griyanipun Laksamana Maeda. Tanggal 17
Agustus jam 10.00 WIB mulai Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia.
Pramila kita supados manunggaling karep mbagun bangsa. Para nem-neman
sinau ingkang mempeng mugs sedyanipun kelak.
Cekap semanten rumiyin kula anggenipun ngrayaaken dinten Proklamasi iki.
Menawi wonten lepat sakwetaci kula nyuwun ngapunten.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai