Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan, Ibu kepala SMP NEGERI 3 TUBAN, ibu Anik Winarni. Guru Pembina mapel basa
jawa, Ibu Yovi. Lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Mahakwasa ingkang
kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika
kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.

Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Muhammad saw.
Ingkang kita tengga-tengga syafa’atipun benjang ing dinten akhir. Kanthi ucapan Allahhumma sholli
ala syaidina muhammad wa ala ali syaidina muhammad,

Kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. Karesikan lingkungan
wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika
panggenan kangge gesang kita sedaya sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados
pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. Njagi karesikan lingkungan punika salah sijining
upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit. Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan
saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan
sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan
nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing
panggenan ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.

Cekap semanten ingkang saget kula aturaken, umpami wonten klenta klentunipun kula nyuwun
agunging pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai